Pulo Sibèrut

pulo ing Indonésia

Pulo Siberut inggih punika salah satunggaling pulo ing Indonésia ingkang langkung jembar ambaning laladanipun.[1] Pulo Sibérut inggih pulo paling ageng wonten ing Kapuloan Mentawai.[2] Pulo punika ugi kalabet pulo ingkang paling lèr posisinipun wonten ing Kapuloan Mentawai, inggih mapan udakawis 150 kilimeter wonten sisih kilenipun pulo Sumatra, ing Samodra Hindia.[2] Pendhuhuk ing dumunung ing pulo Siberut inggih saking Suku Mentawai.[2] Separo péranganing pulo punika sampun dipuntemtokaken dados Taman Nasional Siberut nalika taun 1993.[2] Sapérangan ageng wewengkon pulo Siberut inggih katutup déning hutan hujan, nanging alas ing mriki ugi dados papan komersil kanggé pembalakan alasan.[2]

Sibérut
Geography
LocationAsia Tenggara
Coordinates1°23′S 98°54′E / 1.383°S 98.900°E / -1.383; 98.900
ArchipelagoKapuloan Mentawai
Area4,030 km2 (1.556 sq mi)
Administration
Indonésia
Demographics
Population30-35.000
Pop. density7,5 /km2 (19,4 /sq mi)

Koordhinat: 1°23′S 98°54′E / 1.383°S 98.900°E / -1.383; 98.900

Pulo Sibérut

Pulo-pulo alit ingkang mapan ing sakitering pulo sibérut ing antawisipun Pulo Karamajet lan Masokut ingkang dumunung ing Selat Bungalaut wonten ing sisih kidul pulo Siberut.[2]

Pulo Siberut dados misuwur saking wontenipun kéwan-kewanipun utawi primatanipun, ing antawisipun kados ta bilou (Hylobates klossii), langur buntut babi (Simias concolor), langur Mentawai (Presbytis potenziani) lan beruk Pulo Pagai (Macaca pagensis).[3]

Pulo Siberut rumiyin kalebet wewengkon ingkang kénging akibat saking tsunami Lindhu Samodra Hindia 2004,nanging boten dipunmangertosi kanthi cetha sepinten kathahipun kurban ingkang lampus wonten ing tsunami punika. Wonten lapuran ingkang nyebataken bilih amargi prastawa lindhu punika Pulo Siberut tambah dhuwuripun kirang langkung kalih mèter.

Pulo Siberut, Sumatra Barat

Géografi

besut

Pulo Siberut taksih kalebet gugusan kapuloan Mentawai, provinsi Sumatra Barat.[3] Pulo Siberut dumunung udakawis 100–155 km wonten ing sisih kilèn kitha Padang, ingkang kapedhot kaliya Selat Mentawai.[3] Pulo Siberut miterat administratipipun kalebet papréntahan Kabupatèn Padang Pariaman, provinsi Sumatra Barat.[4] Pulo Siberut sajatosipun kapérang dados kalih kacamatan, inggih punika Siberut Utara lan Siberut Selatan.[4] Pusat papréntahan Siberut Utara wonten ing Muara Sikabaluan.[4] Déné pusat papréntahan Siberut Selatan wonten ing Muara Siberut.[4]

Pulo Siberut gadhah ékosistem ingkang inggil.[3] Wonten kathah jinising flora lan fauna ingkang kasebar wonten ing salebeting alas ing pulo punika.[3] Déné ambanipun alas ing pulo punika saged dumugi 60%, ingkang katutup déning mapinten-pinten jinisng alas, kados ta hutan primer Dipterocarpaceae, hutan primer campuran, rawa, hutan pasisir, dan hutan mangrove.[3] Pulo Siberut ambanipun inggih kirang langkung 25 miles (40 km) lan dawanipun kirang langkung 70 miles (110 km).[1] Laladan daratan ing Pulo Siberut inggih kalebet dataran andhap, déné pérangan ingkang radi inggih laladanipun inggih wonten ing sisih kilèn pulo punika, kirang langkung minggahipun 1.260 feet (384 m).[1] Ing Pulo Siberut kalebet wewengkon tropis ingkang kathah jawah, lan iklimipun anget lan teles (lembab).[1] Laladan ing sakitering pasisir inggih andhap lan kathah rawanipun.[1] Taneman ingkang kathah dipuntandur wonten ing laladan pasisir kados ta, mangrove (bakau), lan wit palem.[1]

 
Masarakat Suku Mentawai ing Pulo Siberut

Pendhudhuk

besut

Pendhudhuk ingkang dumunung ing Pulo Siberut inggih saking masarakat asli Suku Mentawai.[5] Pendhudhuk saking suku Mentawai punika mapan ing Désa Madobak, Ugai, lan Matotonan.[5] Caraning gesang masarakat asli suku Mentawai punika taksih nengenaken budaya lan tradisi asli tilaranipun simbah buyutipun wiwit jaman rumiyin.[5] Manawi badhé wisata dhateng katiga laladan punika, transportasi ingkang saged dipun-ginakaken inggih nyebrang kalen lan ngliwati dalan ciut kanthi alur Muara Siberut-Rokdok-Madobak-Ugai-Matonan]].[5] Déné dangunipun dumugi 5-6 jam.[5]

Pakaryan ingkang paling utami ing masarakat Pulo Siberut inggih tani.[1] Déné tuwuhan ingkang kathah dipuntandur kados ta sagu, gendhis, tembakau (tembakau), tela, kenthang, mrica, kacang polong, pelem, lan nanas.[1] Ing laladan pasisir, tuwuhan ingkang dipuntanem inggih kacang.[1] Kajawi punika masarakat ugi gadhah pakaryan dados warigaluh.[1] Pramila, ing Pulo Siberut dipunsamektakaken ugi wista nyelem, lan mancing.[1] Industri ingkang kathah dipunasilaken saking masarakat Pulo Siberut inggih ukiran kayu, tenun, kopra lan produksi sabut, lan anyaman kranjang.[1]

Sapérangan ageng masarakat Pulo Siberut inggih Muslim déné agami Islam ingkang dados kapitadosanipun suku Mentawai, lan sakedhik saking masarakat ingkang agaminipun Kristen.[1]

Papan Ingkang Wigati

besut

Laladan kampung lan pelabuhan ingkang paling wigati ing Pulo Siberut inggih Muarasiberut ingkang dados jembatanipun masarakat ingkang badhé tindak ing laladan Sigep, Simansih, lan Taileleo.[1] Déné masarakat Pulo Siberut tansah pinaringan informasi kaliyan papréntahan pusat ing Pulo Sumatra liwat Teluk Bayur ing sisih kilèn Sumatra, caket Padang.[1]

Obyek Wisata

besut

Obyek-obyek wisata ingkang wonten ing Pulo Siberut ing antawisipun inggih [5]:

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o [1](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  2. a b c d e f Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet 1
  3. a b c d e f [2] Archived 2012-01-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  4. a b c d [3](dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)
  5. a b c d e f [4] Archived 2014-12-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 Oktober 2012)