Pyxis (/[unsupported input]ˈpɪkss/; Grikenlan: box) inggih punika satunggaling rasi lintang ingkang alit, lemes, lan ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul.[1] Pyxis inggih nama Latin saking kompas pelaut (kedahipun boten bingung kaliyan konstélasi Circinus, ingkang minangka gambaran saking kompas draftman. Pyxis saestu saged dipuntingali saking garis lintang 53 paralel lor utawi 53 drajat lor, kanthi wekdal ingkang saé piyambak kanggé ningali rasi lintang punika inggih ing wekdal dalu ing langit sasi Januari ngantos Maret. Pyxis dipuntepangaken sepisanan déning Nicolas Louis de Lacaille ing abad kaping 18. Lan piyambakipun nyebat rasi punika Pyxis Nautica, nanging namanipun lajeng dipuncekak dados Pyxis. Konstelasi punika papanipun caket kaliyan kontelasi wujudipun ingkang sepisanan ingkang sampun sepuh inggih punika kontelasi Argo Navis (kapal Argo), lan ing abad kaping 19, astronom John Herschel paring pamanggih kanggé ngantos nama Pxis dados Malus, nanging pamanggih punika boten dipundhukung.

PYXIS

Peta Pyxis
CekakanPyx
GenitifPyxidis
Asensio rekta9
Deklinasi−30
Area221 derajad pesagi (#65th)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
10
Lintang
mawa planèt
4
Lintang padhang0
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangα Pyx (3.68m)
Lintang paling cedhakGliese 318 ( tc)
Obyèk MessierNone
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Hydra
Puppis
Vela
Antlia
Katon antara lintang +50° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi March.
'

Sajarah

besut

Astronom Prancis, Nicolas Louis de Lacaille, sepisanan ngandharaken konstelasi punika kanthi nama la Boussole (kompas pelaut) lan pating desain déning Bayer dhateng sedasa lintang - lintang ingkang sapunika dipunparingi nama Alpha to Lambda Pyxidis.

Lintang - lintang

besut

Pyxis mapan wonten ing caket stern ingkang dipun-ginakaken déning Argo Navis, satunggaling konstelasi ageng ingakng lajeng dipunperang dados kontelaso - konstelasi ingkang alit inggih punika konstelasi Carina, Puppis lan Vela déning Lacaille. Konstelasi Pyxis gadhah area ingkang ambanipun kirang langkung 221 drajat pesagi lan ngewrat tigang lintang ingakgn dipunmangertosi dados planit - planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang ing antawisipun +50° lan -90°, lan wekdal ingkang saé piyambak kanggé ningali rasi lintang punika inggih jam 9 dalu ing sasi Maret. Pyxis boten ngewrat kathah lintang ingkang padhangipun langkung saking 4 magnitudo. Lintang ingkang padhang piyambak ingkang wonten ing konstelasi punika inggih Alpha Pyxidis, ingkang gadhah magnitudo 3,68 lan badhé langkung caket dhateng magnitudo 3 manawi boten wonten lebu ingkang nutupi ing antawisipun lintang - lintang. Alpha Pyxidis inggih punika lintang raksasa variabel biru ingkang panas ingkang tebihipun 845 taun cahya. Lintang ingkang paling dipuncathet wonten ing konstelasi punika inggih lintang T Pyxidis, satunggaling lintang variabel katalisme utawi recurrent nova.[2] Lintang punika dipunsusun saking satunggaling white dwarf lan lintan pendhukung ingkang mapan wonten ing jarak kirang langkung 6.000 taun cahya saking bumi. Lintang punika sampun naté njeblug ing taun 1890, 1902, 1920, 1944, lan 1967, mila jeblugan sanèsipun kedahipun langkung padhang malih amargi lintang punika sampun naté njeblug lan kathah ènergi ingkang dipunakumulasi wonten ing white dwarf. Lintang ingakng ingkang padhang piyambak nomer kalih inggih punika beta Pyxidis, satunggaling lintang binar ingakng tebihipun kirang langkung 390 taun cahya ingkagn katingal dhateng raksasa kelas G. Gamma Pyxidis, inggih lintang ingkang padhang piyambak nomer tiga, ingakgn punika ugi wujudipun raksasa ingkang komposisinipun kados srengéngé. Lintang punika mapan wonten ing tebih kirang langkung 209 taun cahya saking sistem galaksi Bimasekti.

Pyxis ugi kalebet wonten ing konstelasi kullawraga Heavenly Waters, sesarengan kaliyan galaksi Delphinus, Equuleus, Eridanus, Piscis Austrinus, Carina, Puppis, Vela lan Columba. Konstelasi ingkang wonten ing sakitering Pyxis inggih punika konstelasi Hydra, Puppis, Vela, lan Antlia.

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. Pyxis Archived 2012-05-04 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 14 Pebruari 2013)
  2. Motz & Nathanson 1988, kc. 383–84.
  • Inglis, Mike (2004). Astronomy of the Milky Way: Observer's Guide to the Southern Sky. Springer. ISBN 1852337427.
  • Andersen, J.; Popper, D. M. (1975). "The G-type eclipsing binary TY Pyxidis". Astronomy and Astrophysics. 39: 131–34. Bibcode:1975A&A....39..131A.
  • Anglada-Escude, Guillem; Boss, Alan P.; Weinberger, Alycia J.; Thompson, Ian B.; Butler, R. Paul; Vogt, Steven S.; Rivera, Eugenio J. (2012). "Astrometry and radial velocities of the planit host M dwarf Gliese 317: new trigonometric distance, metallicity and upper limit to the mass of Gliese 317 b" (PDF). The Astrophysical Journal. 764 (1): 37A. arXiv:1111.2623. Bibcode:2012ApJ...746...37A. doi:10.1088/0004-637X/746/1/37.</ref>

. Steve O'Meara's Herschel 400 Observing Guide]. Cambridge University Press. ISBN 0521858933. {{cite book}}: Check |url= value (pitulung); line feed character in |url= at position 219 (pitulung)

  • Russell, Henry Norris (1922). "The new international symbols for the constellations". Popular Astronomy. 30: 469. Bibcode:1922PA.....30..469R. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  • Sion, Edward M. (2009). "1.The White Dwarfs Within 20 Parsecs of the Sun: Kinematics and Statistics". The Astronomical Journal. 138 (6): 1681. doi:10.1088/0004-6256/138/6/1681.
  • Tabur, V.; Bedding, T. R. (2009). "Long-term photometry and periods for 261 nearby pulsating M giants". Monthly Notices of the Royal Astronomical Society. 400 (4): 1945–61. doi:10.1111/j.1365-2966.2009.15588.x.
  • Wagman, Morton (2003). Lost Stars: Lost, Missing and Troublesome Stars from the Catalogues of Johannes Bayer, Nicholas Louis de Lacaille, John Flamsteed, and Sundry Others. Blacksburg, VA: The McDonald & Woodward Publishing Company. ISBN 978-0-939923-78-6.

Cithakan:Pratélan rasi lintang