Serunai punika piranti musik tradhisional Minang ingkang anggènipun ngginakaken kanthi cara dipun-sebul. Ing tanah Minang piyambak, piranti musik Serunai kawéntar kanthi nama Puput Serunai [1].

Shehnai utawi serunai

Latar wingking besut

Asal mula serunai utawi puput serunai saking nama shehnai, piranti musik saking Lembah Kasmir ing dhataran India Utara [2]. Piranti musik shehnai kalebet pangembangan saking pungi ingkang dipun-ginakaken ing musik para pemikat ula tradhisional India. Sasampunipun dipuntepangi kanthi wiyar ing dhataran inggil Minangkabau (wewengkon Sumatra Barat sapunika) serunai dados kondhang minangka piranti musik sebul tradhisional Minang. Piranti punika kawéntar kanthi rata ing Sumatra Barat, mliginipu ing dhataran inggil kados ing tlatah Kabupatèn Agam, Kabupatèn Tanah Datar, lan Lima Puluh Kota. Kajawi punika ugi kawéntar ing sedawaning pasisir pasisir Sumatra Barat. Serunai punika awit dangu sampun dipuntepangaken ing Indonesia déning para imigran saking Minang. Ugi sampun dipuntepangi minangka piranti musik tradhisional ing Malaysia lan masarakat Banjar ing Kalimantan kanthi nama ingkang sami.

Kaginaan besut

Serunai utawi puput serunai padatanipun kaginakaken kanggé acara-acara adat kados ta upacara nikahan, perhelatan penghulu (batagak penghulu) lan sanès-sanèsipun [1]. Sadèrèngipun puput serunai punika asring dipunsebul kanthi individu nalika manen pari utawi nalika nyambut damel ing saben. Musik serunai ugi kawéntar kanggé ngiring pagelaran pencak silat Minang. Wonten ing pertunjukan punika serunai saged kanthi solo (piyambakan) lan saged ugi dipungabung kaliyan piranti musik tradhisional sanèsipun kados ta talempong, gendhang, lan sanèsipun [1] ingkang saged ngasilaken kombinasi swantun lan irama tradhisional khas Minang. Serunai dipun-ginakaken sesarengan kaliyan wayang kulit, nobat, gendhang keling, menora lan ugi gendhang silat [3].

Desain lan pendamelan serunai besut

Bahan kanggé damel puput serunai tradhisional Minang punika kados ta batang pari, kayu utawi pring, tandhuk sapi utawi ron klapa. Ing pérangan nata swantunipun dipundamel saking kayu capo ringkik utawi saking pring talang ingkang agengipun sejempol. Capo ringkik punika jinising tuwuhan perdu ingkang gadhah lapisan kayu atos nanging ugi wonten pérangan ingkang empuk saéngga gampil dipunbolongi. Kayu kanthi dawa 20 cm mau dipundamel bolongan kanthi selisih jarak 2,5 cm ingkang ginanipun kanggé maringi béda nada inggil lan nada ingkang andhap. Padatanipun nada ing piranti musik tradhisional Minang kalebet puput serunai inggih punika nada pentatonis "do-re-mi-fa-sol".

Puput punika pérangan ingkang dipunsebul ing serunai padatanipun dipundamel saking kayu utawi pring talang, saged ugi batang pari ingkang tuwa. Pérangan punika dipunsambungaken kaliyan pérangan penyambung ingkang ginanipun minangka pangkal puput serunai punika. Dawanipun kirang langkung 5 cm lan kadamel saking kayu ingkang atos. Penyambung punika dipunbolong kanggé saluran udara ingkang sinambung kaliyan poros awak lan poros corong. Ing pérangan wingking pérangan punika ugi awujud corong kanthi diamèter 2 cm.

Cathetan suku besut

  1. a b c [1], (id) Serunai - karya leluhur dari tanah Minang (dipun-akses tanggal 07 Januari 2013).
  2. Ranade, Ashok Damodar (2006). Music contexts: a concise dictionary of Hindustani Music. Bibliophile South Asia. ISBN 81-85002-63-0.
  3. [2] Archived 2012-05-27 at the Wayback Machine., (id) Kesenian (dipun-akses tanggal 07 Januari 2013).