Siraman iku salah sawijiné rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sadina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing pérangan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan lumrahé wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sadulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.

Uba rampé

besut
 
tumpeng, salah sawijiné sesajèn ing upacara siraman

Uba rampé sing kudu disiyagakaké antarané:

Rantaman Upacara Siraman

besut

Rantaman ing upacara siraman, ya iku:

1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan duwé ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo mantu. Sing masang bleketepe ya iku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Déné tetuwuhan sing dipasang, ya iku: cengkir gadhing, gedhang ratu sawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya pengantèn kekalih énggal éntuk momongan.[1]

2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya ya iku sawisé toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahè calon pengantèn priya. Sing ngirimaké ya iku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.

3. Sungkeman Sadurungé siraman, calon pengantèn sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura lan pangèstu anggoné arép yasa abaléwisma.

4. Dedonga

5. Siraman Sing nyiram sepisanan ya iku bapak calon pengantèn banjur ibu pengantèn lan diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paès. Sawisé iku, banjur calon pengantèn wudlu nganggo banyu sing dipancuraké saka kendhi déning bapak calon pengantèn.

6. Pagas Rikma Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma.

7. Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawèt. Iki duwé pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten swasanané bisa rengèng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibuné, karo nyeyuwun ing ngarsané Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan seneng dèdana. Sing nukoni dhawet ya iku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné (tujuané) dodolan dhawet ya iku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejegé balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan énak rasané, lan bisa ngresiki ganda sawisé dhahar, mula tatacara ngombé dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe. Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng iku saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah kang lantaran bapa biyungé, asalé saka Allah.

8. Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantèn putri motong tumpeng kamulyan banjur diwènèhaké ibu banjur didulangaké pengantèn putri.

9. Dulangan Pengantèn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.

10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.

Sesaji

besut

Sesaji sajeroning acara siraman wujud tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan woh-wohan liyané, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulité, gula klapa, lentéra, kembang telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung warna bubur, kuwé-kuwé legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung.

Upacara adat siraman iki uga bisa tinemu ing rantaman upacara pengantènan adat suku-suku liya ing Nusantara.

Uga delengen

besut

Cathethan sikil

besut
  1. Susunan Acara Siraman Archived 2012-08-16 at the Wayback Machine. (dipunundhuh 27 Juni 2012)