Soekiman Wirjosandjojo
Soekiman Wirjosandjojo (ejaan ingkang énggal: Sukiman Wiryosanjoyo) (Surakarta, Jawa Tengah, 1898-1974) inggih punika Mahamantri Indonésia kaping enem ingkang njabat wiwit 27 April 1951 - 3 April 1952.[1][2] Panjenenganipun kalebet tokoh pulitik lan pejuang kamardikan Indonésia ingkang ugi dados tokoh Masyumi (Majelis Syuro Muslimin Indonésia).[2] Panjenenganipun miyos ing Sewu, Sala taun 1898, saking kulawarga ingkang tangat ngagami. Sasampunipun gadhah yuswa ingkang cekap, panjenenganipun mlebet dhateng ELS, lajeng nglajengaken dhateng Stovia (Sekolah Dhokter) ing Jakarta.[2] Nalika yuswa 29 taun panjenenganipun lulus saking Universitas Amsterdam kanthi mendhet babagan kasehatan.[2] Sadangunipun ngudi ngèlmu ing nagari Walanda, panjenenganipun ugi sinau babagan sosial, pulitik, lan kabudayan.[2] Amargi kawasisanipun, panjenenganipun kapilih dados pangarsanipun Perhimpunan Indonésia (1925).[2]
Soekiman Wirjosandjojo | |
| |
Mahamantri Indonésia ke-6
| |
---|---|
Mangsa jabatan 26 April 1951 – 1 April 1952 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Mohammad Natsir |
Diganti déning | Wilopo |
Mangsa jabatan 26 April 1951 – 1 April 1952 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Abdul Halim |
Diganti déning | Sri Sultan Hamengkubuwono IX |
Mangsa jabatan 29 Januari 1948 – 4 Agustus 1949 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Mohammad Roem |
Diganti déning | Wongsonegoro |
Miyos | 1898 Surakarta, |
Tilar donya | 1974 |
Kabangsan | Indonésia |
Partai pulitik | Masyumi |
Profèsi | Pulitikus |
Agami | Islam |
Nalika taun 1926 panjenenganipun kondur dhateng Indonésia lan mbikak prakték dhokter ing Yogyakarta.[2] Panjenenganipun ugi terjun dhateng jagad perjuangan lan mlebet dhateng Parté Serikat Islam (PSI) ingkang dipunpandhégani déning H.O.S. Tjokroaminoto - H. Agus Salim lan njabat dados bendhahara ngantos enem taun dangunipun.[2] Sesarengan kaliyan H. Agus Salim, panjenenganipun nggantos parté kasebat dados Parté Sarekat Islam Indonésia (PSII).[2] Parté punika kalebet parté ingkang paling sepuh ing Indonésia.[2]
Cathetan suku
besutDhaptar pustaka
besut- Kami perkenalkan (ing basa Indonesia). Kementerian Penerangan. 1952.
- Anderson, Benedict Richard O'Gorman (2006). Java in a Time of Revolution: Occupation and Resistance, 1944-1946 (ing basa Inggris). Equinox Publishing. ISBN 978-979-3780-14-6.
- Feith, Herbert (2006). The Decline of Constitutional Democracy in Indonesia (ing basa Inggris). Equinox Publishing. ISBN 978-979-3780-45-0.
- Fogg, Kevin W. (2019). Indonesia's Islamic Revolution (ing basa Inggris). Cambridge University Press. ISBN 978-1-108-48787-0.
- Formichi, Chiara (2012). Islam and the Making of the Nation: Kartosuwiryo and Political Islam in 20th Century Indonesia (ing basa Inggris). BRILL. ISBN 978-90-04-26046-7.
- Ibrahim, Muchtaruddin (1982). Dr. Sukiman Wirjosandjojo: hasil karya dan pengabdiannya (PDF) (ing basa Indonesia). Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
- Latif, Yudi (2008). Indonesian Muslim Intelligentsia and Power (ing basa Inggris). Institute of Southeast Asian Studies. ISBN 978-981-230-472-8.
- Lucius, Robert E. (2003). "A House Divided: The Decline and Fall of Masyumi (1950-1956)" (PDF) (ing basa Inggris). Naval Postgraduate School. Dibukak ing 6 April 2022.
- Madinier, Remy (2015). Islam and Politics in Indonesia: The Masyumi Party between Democracy and Integralism (ing basa Inggris). NUS Press. ISBN 978-9971-69-843-0.
- Poeze, Harry A.; Dijk, Cornelis; Meulen, Inge van der (2014). Di negeri penjajah: orang Indonesia di negeri Belanda, 1600-1950 (ing basa Indonesia). KPG bekerja sama dengan KITLV-Jakarta dan Universitas Leiden. ISBN 978-979-9107-49-7.
- Thuỷ, Phạm Văn (2019). Beyond Political Skin: Colonial to National Economies in Indonesia and Vietnam (1910s-1960s) (ing basa Inggris). Springer. ISBN 978-981-13-3711-6.
Pranala njawi
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |