Turangga Séta punika mujudaken kagunan warisan budaya saking leluhur désa ingkang sampun dados pérangan bebrayan ing Kabupatèn Boyalali, Propinsi Jawa Tengah.[1] Miturut cak-cakanipun, kagunan menika saged dipunwastani jaran képang punapa jaranan. Naming kémawon Turangga Séta anggadhahi kaunikanipun piyambak.[2] Turangga Séta sampun mlebet wonten warisan budaya takbenda Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan kawit taun 2016.[3]

Sawijining pambeksa jaler ingkang nembé ngilo nyiyagakaken ing pentas Turangga Séta

Dandanan saha Kostum

besut

Dandanan utawi tata rias panggung ingkang dipun pamèraken kalebet tata rias tradhisional gagrag Surakarta. Wondéné piranti-piranti dandanan tasih nganggé piranti tradhisional kadosta blush, mbag lan piih. Nanging, kanggé abrit-abrit pipi ingkang dipun ginakaken inggih punika sinwit utawi bahan dhasar kanggé cet témbok ingkang sampun dipun olah langkung rumiyin supados wos lisah ingkang wonten ing sinwit sampun suda. Pamilihing dandanan puniki kanggé ngatonaken watak tradhisional ingkang mligi. Mbag kadamel saking jelantah utawi asil ngobong lampu lisah ingkang werninipun cemeng kacampur kalih Vaseline pethak. Minangka gantosipun potlot alis déné pidih, inggih punika tugelan penjalin ingkang wujudipun kados potlot ingkang dipun ginakaken kanggé natah mbag dados garis-garis cemeng. Kumis boten kagambar nanging kadamel saking képangan rikma asli utawa sintetik. Wujudipun kumis kados claprang, ngetonggèng, ngelèr geni utawi kepel. Kumis kajait kawat ingkang dipun wungkus wonten tengah kawat ingkang panjangipun 50 cm.[4]

Kostum beksan Turangga Séta nedahaken pangraos prajurit ingkang gagah santosa kanthi warni sarwa abrit. Warni abrit wonten kabudayan tradhisional Jawi gadhah teges wani utawi kesatriya. Setèlan kostum ingkang dipun rasukaken kadosta:

  • Wig (rikma pasangan)
  • Jamang (makutha)
  • Kumis
  • Kaos cemeng lengen panjang
  • Kacé (panutup jaja)
  • Rapèk (kain panutup planangan)
  • Lancingan (celana sangandhap dhengkul)
  • Kelat bahu (asesori lengen)
  • Polès (gelang tangan)
  • Klinthing suku
  • Jaran képang (properti)
  • Tumbak mawi gendéra (properti)

Lampah

besut

1. Sandi telik (nyelip ing wingking jaran)

2. Jaran saker-trecet (jaran kaangkat lan digeter)

3. Tranjal kelit

4. Songgrok (jaran dsurung menyang sisih tengen ndhuwur)

6. Ngebrug katon

7. Nyongklang lajeng Mandheg jengngkeng

8. Sembahyang kaping sekawan

9. Uler kaping kalih

10. Ngebrug Mumbul kaping sekawan

11. Sirik dhukir (katon miring, mubeng ndhukir majeng ngiwa)

12. Njrunthul, Majeng lamba – racik (dhingkluk), mundur lamba – racik (dhangak)

13. Onclang

14. Angon jaran (mboh, 8 kiwa – 8 tengen), murugi drum

15. Laku telu, jaran ngabitké - tranjal

16. Lincek-lincek mubeng

17. Tendangan 1,2 Mbabat-mbabit -- Nindakaké miring

18. Laku telu mancal

19. Numpak mubeng

20. Sorogan majeng ndhingkluk, ndhanak

21. Nujah bodho

22. Bedhal23. Jaran nglumba (wirama mubeng)

24. Bedhal

25. Sodoran

26. Mbedhal–los

Tinetepaken dados WBTB

besut

Beksan Turangga Séta, beksan asli lèrèng Merapi - Merbabu, dipuntetepaken minangka warisan budaya nasional déning Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Kanthi makaten dipun ajab saged dados kasembadan kanggé nglestantunaken seni saha tradhisi budaya lokal.[5] Beksan Turangga Séta ingkang tegesipun jaran putih nyriyosaken perang prajurit Pangéran Dipanegara lumawan bregada Walandi wonten lembah Merapi-Merbabu ingkang dados salah satunggaling laladan basis perlawanan. Dipun cariyosaken manawi gagahipun para prajurit ingkang sami perang nitih jaran putih damel kejotipun rakyat. Kanggé mèngeti acara puniki, kalihan masarakat lajeng dipun wujudaken ing beksan.[6]

Beksan Turangga Séta ing Dhusun Salam, Désa Samiran, Kapanéwon Sela, Kabupatèn Boyalali. Beksan puniki minangka pengrembakan saking beksan sadèrèngipun, inggih punika Réyog Mardi Utama sah beksan Turangga Kencana wonten Désa Samiran.[7][8] Beksan Turangga Séta dipun péntasaken déning 17 pambeksa jaler. Satunggal pambeksai tumindak minangka komendhan utama kanthi cara ingkang bènten, déné 16 pambeksa tumindak minangka prajurit ingkang nganggé sandhangan seragam. Obah-obahipun ingkang wonten ing Beksan Turangga Séta punika sregep lan obah ingkang dipun pameraken nalika beksan punika mujudaken wujud obah nalika nitih jaran, mlajar, tarung kalihan adu kadigdayan. Beksan Turangga Séta nemahi jaman kuncaranipun ing taun 2005-2011 kalihan dado perintis kagunan prajurit se-Kabupatèn Boyalali.[9]

Utusan Budaya

besut

Kabupatèn Boyalali lumantar pamong prajanipun dadosaken beksan Turangga Séta punika minangka piranti diplomasi kangge nepangaken kathahing budaya Indhonésia, mliginipun Jawi.[10][11] Sakathaing 18 murid tatar SMA/SMK ingkang kapiji dados Duta Seni Boyolali badhe kautus dhateng tigang nagari ing wewengkon Éropa dangunipun 10 dinten. Sasanèsipun nepungaken budaya lokal Boyalali dhateng manca nagari, para utusan kasebat uga dipun ajab saged dados generasi emas Boyalali ing tembe.[12] Ing nagari Austria kalihan Céko ugi dipun pentasaken beksan Turangga Séta saking Boyalali ingkang mapan wonten pinggir-pinggir margi utama kitha Praha sarta Wina. Para pambeksa kasil nglipur para warga lokal ingkang gumun sanget dhateng beksan ingkang migunakaken jaranan sarta kairing ricikan gamelan.[13]

Ritual

besut

Kagunan Turangga Séta, Désa Samiran, Kapanéwon Sela, Kabupatèn Boyalali minangka salah satunggaling wujud seni ritual ingkang dipun tindakaken ing saben acara sedhekah désa kalihan sedhekah gunung. Sedhekah désa Samiran kalihan sedhekah gunung dipun laksanakaken saben wulan Rejeb sepisan ingkang dipun wontenaken ing Pucak Kawah Gunung Merapi. Wujud-pawujudanipun dipun andharaken kanthi cara sedhekah lumantar manéka warni bahan pangan ingkang asalipun saking bahan baku ingkang dipun damel saking dhusun Salam, Samiran, inggih punika ingkang sampun dipun olah cumawis saji saha ingkang taksih bahan baken saking palawija Sela.[14] Sarta mliginipun sedhekah gunung, sasampunipun péntas Turangga Séta, kalajengaken acara jangkar sirah kebo, ingkang dipun arak déning sedaya para paraga ritual, warga Sela lan para pambeksa Turangga Séta, tumuju kawah Gunung Merapi ingkang dipun padhégani déning sesepuh désa Sela.[15]

Rujukan

besut
  1. Holt, Claire (2000). Melacak Jejak Perkembangan Seni di Indonesia. Bandung: Art Line. kc. 127. ISBN 9799577365.
  2. Suharji, Soemaryatmi (2015). Sosiologi Seni. Surakarta: ISI Press. kc. 31–32. ISBN 9786027424227.
  3. Mileneno, Muhammad Fazer (2022-12-14). "Turangga Séta Bayalali Kagunan Kaprajuritan Lokal saka Lembah Merapi-Merbabu (saking Basa Indhonésia)". Dibukak ing 2023-02-14.
  4. Prihantoro, Eko Wahyu (2017). "Turangga Séta Tunggul Wulung Penciptaan Tari Rakyat Untuk Duta Seni dan Misi Kebudayaan Kabupaten Boyolali". Tobong. I: 86–98.
  5. David Kaplan, 2000: 112-113
  6. Agus, Agus (2016-10-26). "Turangga Séta Katetepaken daos Warisan Budaya Nasional (saking Basa Indhonésia)". KR Jogja. Dibukak ing 2023-02-14.
  7. Radhia, Hanifati Alifa (2016-04-02). "Dinamika Seni Pertunjukan Jarang Kepang". Kajian Seni. 2: 164–177.
  8. Kiswanto (2019-05-01). "Transformasi Multipel dalam Pengembangan Seni Kuda Kepang". Dance & Theathre Review. 2: 1–16.
  9. WBTB, Admin (2016-01-01). "Warisan Budaya Turangga Séta Bayalali". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-14. Dibukak ing 2023-02-14.
  10. Sukari, Bambang (2016). Kearifan Lokal Dalam Membangun Ketahanan Pangan Petani di Desa Lencoh, Selo, Boyolali, Jawa Tengah. Yogyakarta: Balai Pelestari Nilai Budaya. kc. 11.
  11. Damono, Sapardi Djoko (2014). Alih Wahana. Tangerang: Editum. kc. 16.
  12. Danar, Danar. "Siyagakaken Generasi Emas Murid SMA/SMK Bayalali Kautus Dhateng Eropa (saking Basa Indhonésia)". Dibukak ing 2017-07-16.
  13. Yandip, Dev (2017-07-21). "Turangga Séta Lipur Padunung Kitha Praha (saking Basa Indhonésia)". Provinsi Jawa Tengah. Dibukak ing 2023-02-14.
  14. Sumaryono (2007). Restorasi Seni Tari dan Transformasi Budaya. Yogyakarta: eLKAPHI. kc. 3.
  15. Haryadi, Rochmad (2022-11-03). "Turangga Seto Pertunjukan dan Simbol Ritual di Desa Samiran Kecamatan Selo Kabupaten Boyolali". Eduscotech. 3: 112–118.

Pranala jawi

besut