Ula cecak
Ular Cecak | |
---|---|
Ular cecak, Lycodon capucinus dari Darmaga, Bogor | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Reptilia |
Ordho: | Squamata |
Subordho: | Serpentes |
Famili: | Colubridae |
Génus: | Lycodon |
Spésies: | L. capucinus |
Jeneng binomial | |
Lycodon capucinus Boie in F. Boie, 1827 | |
Sinonim | |
Lycodon hebe Daudin, 1803; |
Ula cecak utawa kerep uga sinebut ula omah ya iku sajinis ula cilik saka suku Colubridae. Dijenengeni mangkono amarga ula iki kerep ditemoni ing sajeroning omah, ing kiwa-tengené pawon utawa lemari, langgo mburu cecek kang dadi kesenengané. Jeneng ngèlmiahé ya iku Lycodon capucinus lan sajeroning basa Inggris dikenal minangka common wolf-snake, ngrujuk ing untu kang dawa mèh padha siyung asu ing pérangan ngarep cangkemé (basa Gerika: lycos, asu; don, untu).
Pengenalan
besutUla kang awaké cilik kang ramping lan gesit, dawa total maksimal mèh nganti 60 cm. David lan Vogel (1997) nyebutaké dawa maksimal sakiwa-tengené 550 mm, kanti kisaran ukuran kéwan diwasa lumrahé antarané 450–500 mm.[1]
Geger (dorsal) wernané coklat utawa coklat rodok keunguan, kanti sapérangan sisik pojok putih mbentuk pola belang (utawa jala) samar-samar kaya ta bekas cèt kang kehapus. Ndas warnané coklat kurma, kanti warna putih utawa keputih-putihan ing lamé nduwur lan ing tengkuk, kadang-kadang kanti sitik warna kuning wlirang. Weteng (ventral) wernané putih utawa kekuningan.[2]
Sisik-sisik dorsal sajeroning 17 deret ing tengah awak lan 15 deret ing cepaké buntut. Sisik-sisik ventral 178–224 iji, sisik anal sepasang utawa berbelah, sisik subkaudal (ing ngisor buntut) 57 nganti 80 pasang. Sisik-sisik supralabial (lambé nduwur) jumlahe 9 iji, no. 3 nganti 5 utawa no. 4–5 ngemèk mata. Ing nduwur lambé, ing atarané sisik postnasal (irung) lan orbit (mata) ana rong sisik, ya iku sisik loreal (pipi) lan preokular. Sisik loreal dawa lan ngemèk sisik internasal, preokular ngemèk perisai frontal.[2]
Èkologi lan panyebaran
besutUla cecak kerep ditemoni lumebu ana ig omah, pawon utawa yasan liyané, kerep uga tinemu ana ing lingkungan perkotaan. Ula kang aktif ing wayah wengi (nokturnal) iki luwih kerep lumaku ana ing nduwur lemah (terestrial), sanajan pinter uga mènèk wit-witan (arboreal), jurang, lan témbok omah. Ing wayah awan, ula cecak luwih milih turu nggelung ing ing panggonan umpetané ing ngisor tumpukan kayu, watu, bolongan jurang, utawa ing pojok pojok omah.[1][3]
Trep karo jenenge, mangsa mangsa kesenengané ya iku pira-pira jinis cecak; nanging dèwèké uga mangan kadal utawa tikus cilik. Ula cecak dadi diwasa nalika umuré sakiwa-tengené rong taun.[3] Ula wédok ngendog nganti sakiwa-tengené 11 iji.[1]
Ula cecak nyebar wiwit saka Burma ing kulon, Cina pérangan lor, nganti Hong Kong ing pérangan wétan. marang kidul: Thailand, Vietnam, Laos, Kamboja, lan Ujung Malaya nganti Singapura. Uga Kepuloan Andaman, Maladewa, Indonesia, Filipina, nganti kepuloan Cook ing Samudera Pasifik (Australia).
Ing Indonesia ula iki kacathet ditemoni ing Sumatra, Kalimantan, Jawa, Bali, Sumbawa, Sumba, Komodo, Flores, Lomblen, Alor, Sawu, Roti, Timor, Wetar, Babar, Kalao, Selayar, Buton, lan Sulawesi.[4][5]
Cathetan liyané
besutUla cecak agresif lan bakal nyokot yèn keganggu utawa entes dicekel. Cokotané lumayan nglarani, mligi amarga nanané siyung ing cangkem ngisor lan nduwur. Sanajan mangkono ula iki ora duwé upas, sehingga bekas cokotané amung ngakibatakaké rasa perih lan sithik ana getihé.
Sawisé diengu lan dibiasakaké ula iki bakal bisa dadi lulut. Ula iki cukup mangas, lan bisa ngentèkaké 2 nganti 3 cecek sajeroning sadina.
Ula cecak sadurungé dianggep anak jinis saka ula omah Lycodon aulicus (Linn. 1758), nanging saiki dipertimbangaké minangka jinis kang dhéwé.[1][6] (Gr. aulicus, manggoni omah).
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. pp. 95-96. ISBN 3-930612-08-9
- ↑ a b Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.69.
- ↑ a b Daniel, J.C. 1992. The Book of Indian Reptiles. Bombay Nat. His. Soc. and Oxford Univ. Press. Bombay. pp. 89–90. ISBN 0-19-562168-9
- ↑ Lycodon capucinus padha The Reptile Database Archived 2007-12-22 at the Wayback Machine.
- ↑ Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 99-100. ISBN 983-812-031-6
- ↑ Taylor, E.H. and R.E. Elbel. 1958. Contribution to the herpetology of Thailand. Univ. Kansas Sci. Bull. 38 (2):1033–1189.