Untung Surapati
Untung Suropati (lair ing Bali, 1660 – tilar donya ing Bangil, Jawa Wétan, 5 Dhésèmber 1706 kanthi yuswa 45/46 taun) ya iku pahlawan nasional Indonésia ing Pulo Jawa. Panjenengané diresmèkaké dadi pahlawan nasional Indonésia adhedasar S.K. Presiden No. 106/TK/1975 tanggal 3 November 1975[1].
Untung Suropati | |
---|---|
Lair | 1660 Gelgel,Bali |
Pati | Dhésèmber 05, 1706 (yuswa 45–46) Bangil, Mataram |
Jalaran pati | Shot |
Jawa Wétan | |
Pakaryan | Pajuang Pulo Jawa |
Asal-Usul
besutUntung Suropati, jeneng asliné ora dingertèni. Miturut Babad Tanah Jawi, asalé dhèwèké saka Bali sing tinemu déning Kapten van Beber, perwira VOC sing ditugasaké ing Makasar. Kaptèn van Beber banjur ngedol karo perwira VOC liya ing Batavia kang asma Moor. Awit duwé batur tukon anyar, pasugihané Moor saya akèh. Bocah cilik iku dianggep duwé kauntungan banjur dijenengi si Untung[1]. Nalika umur 20 taun, dhèwèké dilebokaké kunjara déning Moor amarga wani nikahi anaké kang asma Suzane. Dhèwèké nanging bisa lumayu saka kunjara karo kanca-kancané lan dadi buronan.[1]
Olèh Jeneng Surapati
besutTaun 1683 Sultan Ageng Tirtayasa ratu Banten dikalahaké déning VOC. Putrané kang aran Pangeran Purbaya minggat ing Gunung Gedhé. Dhèwèké nyerah nanging kudu dipethuk déning perwira VOC pribumi[2].
Kaptèn Ruys (pamimpin bètèng Tanjungpura) kasil nemu Untung lan kanca-kancané. Dhèwèké ditawani makarya dadi wadya VOC tinimbang dadi buronan. Untung banjur mèlu latihan ketentaraan, diwènèhi pangkat letnan, lan ditugasi methuk Pangeran Purbaya.[2]
Untung nemoni Pangeran Purbaya amarga arep digawa menyang Tanjungpura. Uga teka prajurit Vaandrig Kuffeler sing ora ngajeni marang Pangeran Purbaya. Untung ora trima banjur ngrusak prajurit Kuffeler ing kali Cikalong, 28 Januari 1684.[2]
Pangeran Purbaya tetep nyerah ing Tanjungpura, nanging sisihané kang asma Gusik Kusuma njaluk supaya Untung ngeteraké dhèweké bali menyang Kartasura. Untung banjur dadi buronan VOC manèh. Dhèwèké uga wis tau ngalahaké prajurit Jacob Couper sing tau ngoyak dhèweké ing désa Rajapalah.[2]
Nalika ngliwati Cirebon, Untung gelut karo Radèn Surapati anak angkat sultan. Sawisé diadhili, kabukti yèn sing salah Suropati. Suropati banjur diukum mati. Awit kadadéan iku jeneng Surapati diwenehaké Untung déning Sultan Cirebon[2].
Patiné Kapten Tack
besutUntung alias Suropati teka ing Kartasura ngaterake Radèn Ayu Gusik Kusuma marang bapaké, ya iku Patih Nerangkusuma. Nerangkusuma iku tokoh anti VOC sing sregep ngandhani Amangkurat II supaya mungkiri prajanjèn karo bangsa Walanda. Narangkusuma uga nikahake Gusik lan Suropati[1].
Kapten François Tack (perwira VOC senior sing mèlu ing penumpasan Trunajaya lan Sultan Ageng Tirtayasa) teka ing Kartasura wulan Fèbruari 1686, dhèwèké nangkep Suropati. Amangkurat II sing wis dikandhani Nerangkusuma, ethok-ethok ngrewangi VOC[2].
Paperangan banjur kadadéan ing ngarep karaton. Pasukan VOC kalah. 75 wong Walanda tiwas, Kapten Tack uga tiwas ing tangané Untung Suropati. Wadya Walanda sing isih urip padha minggat[2].
Oleh gelar Tumenggung Wiranagara
besutAmangkurat II yèn polahe dhèwèké, ngapusi VOC kebongkar. Mula dhèwèké ngrestoni Suropati lan Nerangkusuma ngrebut Pasuruan. Ing kana, Sunggajaya, sing banjur minggat menyang Surabaya. Bupati Surabaya sing aran Adipati Jangrana ora mbales ulahé Suropati amarga dhèwèké wis tepung karo Suropati ing Kartasura[1].
Untung Suropati banjur diangkat dadi bupati Pasuruan kang olèh gelar Tumenggung Wiranagara.
Taun 1690 Amangkurat II èthok-èthok ngirim prajurit kanggo ngrebut Pasuruan. Nanging gagal amarga kabèh mau mung ethok-ethok kanggo ngapusi VOC[1].
Patine Untung Suropati
besutSakpaninggale Amangkurat II taun 1703, ana kadadéan rebutan takhta Kartasura antarané Amangkurat III karo Pangeran Puger. Taun 1704 Pangeran Puger kanthi pitulungan saka VOC dhèwèké diangkat dadi Pakubuwana I. Taun 1705 Amangkurat III diusir saka Kartasura banjur lumayu ing Pasuruan[1].
September 1706 gabungan prajurit VOC, Kartasura, Madura, lan Surabaya dipanggedhèni Mayor Goovert Knole nyerang Pasuruan. Paperangan ing bètèng Bangil akhire niwasaké Untung Suropati alias Wiranagara tanggal 17 Oktober 1706. Dhèwèké pesen supaya sedane dirahasiakake[1]. Pasarean Suropati digawé rata karo lemah. Perjuangane banjur diterusaké anak-anaké.
18 Juni 1707 Herman de Wilde mimpin èkspèdhisi mburu Amangkurat III. Dhèwèké nemu pasareane Suropati lan banjur dibongkar, jinazahe diobong lan awune dibuwang ing sagara.
Rujukan
besutKapustakan
besut- Abdul Muis. 1999. Surapati. cet. 11. Jakarta: Balai Pustaka
- Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
- M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Pranala njaba
besut- Artikel di bagian Pustakaloka - "Tenggelamnya Sebuah Roman", KOMPAS, 16 Agustus 2003