Kubah Shakhrah
Kubah Shakhrah (Arab: مسجد قبة الصخرة, translit.: Qubbat As-Sakhrah, Ibrani: כיפת הסלע, translit.: Kipat Hasela, Turki: Kubbetüs Sahra, Inggris: Dome of the Rock) iku papan suci Islam lan marka tanah utama kang dumunung ing tengah-tengah sajeroning témbok komplèks Al-Karam asy-Syarif, komplèks iki dumunung ing jero témbok Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan). Kubah Shakhrah iki rampung diyasa taun 691, andadèkak’e yasan Islam tuwa dhéwé kang isih ana ing donya.[1]
Kubah Shakhrah dudu siji masjid, suwaliké, minangka siji komplèks papan dumunungé watu gedhé pangggonan Nabi Muhammad munggah sajeroning prastawa Isra lan Mi'raj. Qubbat As-Sakhrah dumunung ing Baitulmuqaddis ing kawasan Al-Karam asy-Syarif. Qubbat As-Sakhrah iku dudu Masjidil Aksa amarga Masjidil Aksa iku jeneng kabeh kompleks yaiku Kubah Sakhrah iku, Masjid Al Jami' al-Aqsa, lsp. Qubbat Al-Sakhrah kerep diluputpangerteni minangka Masjid Omar kang dadi papan Saidina Umar Al-Khatab salat nalika rawuh ing Baitulmuqaddis.
Wigatiné tumrap agama
besutKubah Shakhrah, salah siji yasan ing komplèk Bukit Omah Suci (yasan utama liyané ya iku Masjidil Aksa, iku siji saka papan suci tumrap umat Islam sawisé Mekah lan Madinah. Wigatiné papan iki amarga anané Shakhrah ing jeroné. Miturut kaprecayan Islam, watu iki minangka titik nalika Muhammad ngayahi Mi'raj munggah menyang langit dikanthèni Malaékat Jibril.
Papan iki uga dadi papan suci tumrap umat Yahudi kang dedonga madhep arah watu iki..
Sajarah
besutKubah Shakhrah diyasa antara taun 687 nganti taun 691 déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan, khalifah Umayyah. Sajarah Qubbat Al-Sakhrah wis ngiewati rupa-rupa jaman, ya iku jaman Islam, jaman Perang Salib, jaman Mandat Karajan Manunggal lan jaman pendhudhukan Israèl.
Isra lan Mi'raj
besutWatu gedhe ing njeron masjid yaiku papane Kanjeng Nabi munggah ninggalake orbit bumi tumuju Sidratul muntaha ing Isra' Mi'raj. Kedadeyan iku sawise Kanjeng Nabi tindak saka Masjidil Karam, Mekah kanthi nitih Buraq lan didherekake Jibril.
Penaklukan Baitul Maqdis
besutNalika Sayyidina Umar lumebu lemah suci al-Aqsha ing taun 638 M, panjenengane kaget amarga wong-wong Rum wis nggunakake papan iku minangka papan kanggo ngguwang uwuh. Banjur Sang Khalifah trenyuh lan nganggo astane dhewe wiwit ngresiki wewengkon iku. Saliyane iku, Sayyidina Umar uga njaluk pertimbangane Ka'ab al Akhbar (tilas rabi Yahudi kang wis ngrasuk Islam) ing ngendi panjenengane kudu nggawe mihrab.
Pungkasane amarga kabeh wewengkon kalebu wewengkon Al-Aqsha, mula Sayyidina Umar milih papan kang paling becik yaiku ing ngarepe watu Nabi Ya'qub, banjur panjenengane nugasake supaya diwangun mesjid kayu ing sisih kidul kompleks ing papan Masjid al-Qibli saiki ngadeg. Kanthi iku, Sayyidina Umar wis mbalekake papan suci pinuju kemurnian ngibadah jaman kepungkur, kang wis ditinggalake ya iku agama Yahudi lan Kristen.
Perang Salib
besutSajeroning Perang Salib, Kubah Shakhrah diserahaké marang Augustinian, kang banjur ngowahi dadi gréja, lan Masjidil Aksa dadi kraton Baldwin I taun 1104. Ordho Bait Allah, kang pecaya yèn Qubbat As-Sakhrah minangka lokasi Bait Salomo, ngadegaké markasé ing Masjidil Aksa cedhak Qubbat As-Sakhrah ing abad angka 12.
Wacan
besut- M. Irfan Zidny, M.A. ; MASJIDIL AQSHA Pusat Para Nabi dan Awal Mi'raj Rasul; Penerbit Antar Kota, Jakarta, 1986
- Dan Bahat; CARTA's HISTORICAL ATLAS OF JERUSALEM A Brief Illustrated Survey; Carta, The Israèl Map & Publishing Co. Ltd; Jerusalem; revised and expanded 1976.
- Biblical Archaeology Review; Was the Temple Mount Once a Cemetry; May/June 1985 vol.XI No. 3
Rujukan
besut- ↑ Rizwi Faizer (1998). "The Shape of the Holy: Early Islamic Jerusalem". Rizwi's Bibliography for Medieval Islam. Diarsip saka sing asli ing 2002-02-10. Dibukak ing 2010-08-10.