Basa Melayu Kuna

Basa Malayu Kuna iku basa sing lumebu ing grumbulan basa Austronésia lan dianggep salah sawijining wujud wiwitan (proto) kanggo basa Malayu. Manut sawatara cathetan, basa Malayu Kuna (MK) naté digunakaké ing antarané abad angka 7 nganti abad angka 13, ya iku ing jaman panguwasaning Wangsa Syailendra ing Jawa lan Karajan Sriwijaya. Ananing basa iki dingertèni saka prasasti lan wilahan logam (ana sing wujud emas lan ana uga tembaga) sing katemon ing Nusantara sisih kulon, kaya ta Pulo Sumatera lan saubengé, Pulo Jawa, lan Pulo Luzon, Filipina.

Tembung-tembung ing basa iki akèh kecipratan basa Sanskerta, sing nuduhaké kabudayan India sing sumrambah lan nyawiji ing urip padinan. Basa Sanskerta nganti tekan sapréné nyumbang tetembungan Basa Malayu. Aksara sing digunakaké manèka warna, wiwit aksara Pallawa, aksara Kawi utawa aksara Pasca-Pallawa[1].

Sumber-sumber basa Malayu Kuno

besut

Sumber-sumber basa Malayu kuna tinemu ing prasasti-prasasti iki:

Ciri-ciri

besut

Katon banget yèn basa Malayu Kuna akèh kecipratan saka basa Sanskerta liwat tembung-tembuh sesulih saka basa iku, sarta uniné konsonan aspiratif kaya ta bh, ch, th, ph, dh, kh, h (Conto: sukhatchitta). Nanging, reroncèning ukara jelas asipat Malayu utawa Austronesia, kaya ta anané imbuhan (suffix). Imbuhan-imbuhan ik bisa katlacak karo wujud imbuhan basa Malayu Klasik utawa basa Indonésia[7], seperti awalan mar- (> ber- dalam basa Malayu Klasik), ni- (> di-), nipar- (> diper-), maN- (> meN-), angka (> ter-), dan maangka (> ter-).

Pronomina pribadi, kaya déné basa Indonésia, uga kapérang saka pronomina mardika (independen) lan èkliktik (genitif)[8]: 1s = aku,-ku/-nku, 2p = kamu, mamu, 3s = iya, nya, 3p (hormat) = sida,-da,-nda, 2p (divinum) = kita,-ta/-nta.

Rong dhialek wis dinuga déning Aichelle ing taun 1942 lan A. Teeuw wiwit 1959[9]: Dhialèk prasasti Sumatera: ni-/var- dan dhialèk luar Sumatera di-/bar-.

Cathetan suku

besut
  1. a b Kozok, Uli, (2006), Kitab Undang-Undang Tanjung Tanah: Naskah Malayu yang Tertua, Jakarta: Yayasan Obor Indonésia, ISBN 979-461-603-6.
  2. "Situs Kabupatèn Batang, diakses 7 Juni 2007". Diarsip saka sing asli ing 2008-03-27. Dibukak ing 2012-09-13.
  3. Coedes, George, (1930), Les inscriptions malaises de Çrivijaya, BEFEO.
  4. a b c d e "Situs "The History of Pasuruan Regency"". Diarsip saka sing asli ing 2007-09-27. Dibukak ing 2012-09-13.
  5. Muljana, Slamet, 1981, Kuntala, Sriwijaya Dan Suwarnabhumi, Jakarta: Yayasan Idayu, hlm. 223.
  6. Casparis, J. G. de., (1992), Karajan Malayu dan Adityawarman, Seminar Sajarah Malayu Kuno, Jambi, 7-8 Dhésèmber 1992. Jambi: Pamaréntah Laladan Tingkat I Jambi bekerjasama dengan Kantor Wewengkon Departemen Wiyata dan Kebudayaan Jambi, hlm. 235-256.
  7. Mahdi W. 2005. Old Malay. Dalam: Adelaar K.A. & Himmelmann N. (penyunting) The Austronesian languages of Asia and Madagascar. Routledge. Hal. 197.
  8. Mahdi W. 2005. ibid.. Hal. 196.
  9. Mahdi W. 2005. ibid.. Hal. 183.

Pustaka

besut
  • Mahdi W. 2005. Old Malay. Dalam: Adelaar K.A. & Himmelmann N. The Austronesian languages of Asia and Madagascar. Hal. 182–200.