Basa baku (uga karan dhialèk baku utawa dhialèk kabakokaké) iku varian basa kang dianggo déning wong-wong sajeroning wacana umum.[1] Utawa, basa baku iku varian basa kang ngalami pambakonan. Sarana lelakon iku, basa ditata saperlu digawé paramasastrané lan bausastrané lan ditulisaké tumrap pustaka-pustaka rujukan mangkono.[1] Lumrahé, varian basa kang dibakokaké iku dhialèk enggon-enggonan kang dicaturaké ing laladan punjering padagangan lan pamaréntahan awit tumuwuh kabutuhan marang basa kanggo kaperlon kang ngungkuli kabutuhan basa enggon-enggonan. Basa baku kena plurisèntris[2] (contoné basa Arab, Inggris, Jerman, Parsi, Serbo-Kroasia, Prancis, Portugis, lan Spanyol)[3] utawa monosèntris (contoné basa Islan, Itali,[4] Jepang,[5] lan Ruslan[5]).[6] Basa tulis baku kala-kala ditembungaké sarana tembung Jerman Schriftsprache.

Sipat

besut

Siji-sijiné sarat varian basa bisa dadi baku iku manawa varian iku kerep dianggo ing papan-papan umum utawa ing wacana umum.[1] Panyiptaning basa baku prèskriptif lumantar kabutuhan marang katunggalan nasional (budaya, pulitik, lan sosial) saéngga butuh varian basa kang dibakokaké lan dhedhasar kasarujukan.[butuh sitiran] Basa baku adaté nonjolaké:

  • Bausastra kang diakoni (éjaan lan kosatembung baku)
  • Paramasastra kang diakoni
  • Pangucap baku (tuturan dhidhikan)
  • Bebadan basa kang nemtokaké aturaning panganggoning basa; contoné Académie française utawa Real Academia Española
  • Status (légal) mawa undhang-undhang (racaké minangka basa resmi)
  • Panganggo ing papan umum kang tumama (ing pangadilan, bebadan lègislatif, sekolah)
  • Kanon sastra
  • Tuturan sarwa guna[7]
  • Turutan kang kaloka lan tinampa ing masarakat[7]
  • Cacah jiwa[7]
  • Tuturan kang dianggo ing siyaran lan médhia pawarta

Rujukan

besut
  1. a b c Finegan, Edward (2007). Language: Its Structure and Use (édhisi ka-5th). Boston, MA, USA: Thomson Wadsworth. kc. 14. ISBN 978-1-4130-3055-6.
  2. Clyne 1992
  3. Kordić, Snježana (2014). Lengua y Nacionalismo [Language and Nationalism] . Madrid: Euphonía Ediciones. kc. 79–151. ISBN 978-84-936668-8-0. OL 16814702W. Diarsip saka sing asli ing 2016-03-04. Dibukak ing 2016-08-12.
  4. Italian language Archived 2016-09-11 at the Wayback Machine.. language-capitals.com
  5. a b Clyne 1992, p. 3.
  6. Daneš, František (1988). "Herausbildung und Reform von Standardsprachen" [Development and Reform of Standard Languages]. Ing Ammon, Ulrich; Dittmar, Norbert; Mattheier, Klaus J (èd.). Sociolinguistics: An International Handbook of the Science of Language and Society II. Handbücher zur Sprach-und Kommunikationswissenschaft 3.2. Berlin & New York: Mouton de Gruyter. kc. 1507. ISBN 3-11-011645-6. OCLC 639109991.
  7. a b c Vahid, Ranjbar (2008). The standard language of Kurdish. Iran: Naqd-hall.