Dandan Kali utawi ugi dipun sebat bècèkan inggih punika salah satunggaling ritual utawi upacara adat ingkang kalebet tradhisi etnis Jawi mliginipun tiyang Jawi ingkang wonten ing Kabupatèn Sléman, Daérah Istiméwa Yogyakarta. Upacara punika dipun wontenaken ing sakiwa tengenipun èrèng Gunung Merapi, mliginipun ing sawetawis dhusun ing wilayah Kabupatèn Sleman, Daérah Istiméwa Yogyakarta, antawisipun; Dhusun Kepuh, Dhusun Manggong, kaliyan Dhusun Pagerjuang. Sedaya dhusun ingkang dados panggènan paleksanan upacara Dandan Kali dumunung wonten ing désa ingkang sami, inggih punika Desa Képuharjo, Kapanéwon Cangkringan, Kabupatèn Sléman, Daérah Istiméwa Yogyakarta.[1][2][3][4][5][6][7][8][9]

Asal-usul

besut

Sebatan “Dandan Kali” asalipun saking panggènan dipun tindakaken upacara, inggih punika ing tlatah aliran lèpèn utawi kali. Lèpèn-lèpèn ingkang biyasanipun dipun dadosaken panggènan upacara inggih punika ingkang wonten ing èrèng- èrèng Gunung Merapi, Kali Géndol, ugi lèpèn-lèpèn ing sacaketipun, kadosta Kali Kretek kaliyan Kali Kebeng. Saking istilahipun, "Dandan Kali" tegesipun ndandosi kali.[1][2][4][6][9]

Kejawi ing èrèng-èrèng Gunung Merapi kaliyan Kali Géndol, masarakat ugi nindakaken upacara punika ing sawetawis penggenan ingkang dipun ggep keramat, salah setunggalipun inggih punika ing pelataran guwa bekas jaman penjajahan dening Kakaisaran Jepang nalika Perang Donya II.[8]

Upacara Dandan Kali punika boten dipun mangertosi kapan sepisanan wontenipun, nanging ingkang jelas Désa Kepuharjo minangka désa pertama ingkang nindakaken tradhisi punika. Natkala semanten Désa Kepuharjo ngalami mangsa ketigen ingkang dawi ngantos 8 sasi. Kanggé nyiasati wargi désa nindakaken ritual utawi upacara mbelèh ménda kaliyan mbekta maneka warni sesajèn dhateng Kali Géndol. Boten let dangu wiwit upacara punika dipun tindakaken, Désa Kepuharjo lajeng kesiram jawah deres ingkang ndadosaken désa kasebat dados salah satunggaling désa ingkang subur.[1][2]

Tata cara

besut

Kados upacara adat umumipun, Dandan Kali ugi nggadhahi paugeran utawi tata cara ingkang kedah dipun tumuti. Salah setunggalipun syarat utami ing upacara Dandan Kali inggih punika panyarta ingkang ngrawuhi kedah tiyang kakung, dene tiyang putri boten dipun idini.[10] Boten dipun mangertosi napa sebabipun wanita dipun larang ndherek, nanging punika sampun dados aturan turun-temurun wonten wargi Désa Kepuharjo anggonipun nindakaken upacara Dandan Kali. Sanadyan wanita dipun larang ndherek upacara Dandan Kali, biyasanipun wanita taksih saged ndherek ing njawi prosesi, kadosta ndamel kaliyan nyiapaken masakan kanggé sesajèn arupi sekul tumpeng utawi persiapan sanesipun.[1][2]

Boten wonten paugeran tartamtu ngéngingi busana ing prosesi upacara Dandan Kali. Sedaya panyarta upacara bebas ngagem busana napa mawon, ingkang wigatos tetep numuti unggah-ungguh. Para priya ingkang ndherek upacara punika namung kedah mbekta sesajèn ingkang sadèrèngipun sampun dipun siapaken dening para wanita, kaliyan ugi mbekta ménda saking saben dusun. Dados gunggungipun ménda ingkang dipun belèh wonten 3 minangka wakil saking 3 dhusun ing Désa Kepuharjo, inggih punika Dusun Kepuh, Dusun Manggong kaliyan Dusun Pagerjuang.[1][2]

Babagan ménda ingkang dipun ginakaken kanggé upacara Dandan Kali punika ugi nggadhahi aturan piyambak. Ménda-ménda ingkang angsal dipun belèh ing upacara Dandan Kali kedah saking ménda Jawi kaliyan boten saged saking jinis ménda sanesipun. Kejawi punika, ménda Jawi ingkang dados sesajèn kedah lanang, sanes wadon. Miturut kapitadosan wargi Désa Kepuharjo, menawi nyembelih ménda sanesipun ménda Jawi utawi mbelèh ménda wadon kanggé upacara Dandan Kali, badhe kedadosan bencana kaliyan bebaya.[1][2]

Tujuan

besut

Kados ingkang sampun dipun andharaken, upacara Dandan Kali nggadhahi tujuan kanggé nyuwun berkah mliginipun kanggé nyuwun jawah.[11] Adhedhasar tradhisi wargi Désa Kepuharjo, upacara Dandan Kali sampun nuwuhaken kesuburan ing désa, mila upacara punika taksih kedah dipun laksanakaken. Sasanesipun punika, upacara Dandan Kali ugi nggadhahi ancas minangka wujud raos syukur wargi Désa Kepuharjo dumateng Ingkang Maha Kuwaos awit sedayaning berkah kaliyan rejeki ingkang sampun dipun angsal. Upacara punika ugi minangka wujud pakurmatan dumateng arwah moyang utawi leluhur ingkang dipun pitados sampun ngayomi wargi ngantos sapunika.[5] Miturut Mardi Wiyono (maestro), masarakat pitados menawi manungsa sampun séda, sejatinipun namung raganipun ingkang ical, déné arwahipun taksih gesang.[1][2]

Upacara Dandan Kali ugi nggadhahi tujuan umum, inggih punika nyuwun kaslametan kanggé sedaya wargi Désa Kepuharjo. Kaslametan ingkang dipun maksud ugi wiyar sanget, antawisipun; kaslametan tumrap wargi ingkang nyambut damel ing sakiwa tengenipun tebing utawi èrèng Gunung Merapi, keslametan kanggé tani supados dipun sukani jawah ingkang ndadosaken lahan tetanèn dados subur saengga saged nuwuhaken tetuwuhan kaliyan nambah kasil panèn, masarakat saged ngginakaken sedaya sumber daya kanggé nyukupi kebetahanipun saben dinten, kaliyan kasaenan sanesipun.[1]

Kejawi punika, kanthi ringkes upacara Dandan Kali nggadhahi fungsi sanesipun, ing antawisipun; pangolahan sumber toya,[12] norma sosial, kontrol sosial, média sosial kaliyan pangelompokan sosial.[9]

Palaksanan

besut

Upacara Dandan Kali dipun wontenaken miturut pranata mangsa wonten ing Mangsa Kapat,[13] mliginipun enjang-enjang ing dinten Jumuwah Kliwon,[14][15] biyasanipun sawentawis jam 07.00 WIB. Kagiyatan-kagiyatan ingkang dipun tindakaken wonten ing upacara Dandan Kali inggih punika;[9]

  1. Nyumet menyan ing belik ingkang dipun anggep keramat.
  2. Tirakatan (maos donga dumateng leluhur).
  3. Kenduri (ndhahar sesarengan) ing dalemipun Dhukuh.

Sasampunipun wargi makempal wonten ing panggènan upacara, salajengipun dipun laksanakaken prosesi mbelèh ménda ingkang sampun dipun bekta saha dipun cawisaken kaliyan saben dhusun. Sasanesipun prosesi mbelèh ménda, sawetawis wargi nyiapaken rempah-rempah kaliyan pirantos masak sanesipun kanggé masak daging ménda ingkang dipun belèh. Dhaharan ingkang biyasanipun dipun sedhiyakaken inggih punika gulé ménda utawi istilahipun ing basa Jawi dipun arani bècèkan - punika asalipun sebatan "bècèkan".[1][16]

Masarakat Désa Kepuharjo pitados menawi donga-donga salebeting upacara Dandan Kali bakal mbekta pangarep-arep masarakat dumateng Gusti Allah ingkang bakal dipun kabulaken, kaliyan menawi boten kaleksanan, masarakat Désa Kepuharjo pitados menawi bakal wonten bencana utawi bebaya. Pramila masarakat Désa Kepuharjo taksih nglestantunaken upacara Dandan Kali, kejawi tradhisi Dandan Kali punika minangka warisan leluhur ingkang kedah dipun lestantunaken.[1]

Rujukan

besut
  1. a b c d e f g h i j Direktorat Jenderal Kebudayaan, Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2018, (Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia, 2018) hal. 192-193
  2. a b c d e f g "Dandan Kali » Perpustakaan Digital Budaya Indonesia". budaya-indonesia.org. Dibukak ing 2019-04-05.
  3. "Uparaca Dandan Kali Di Yogyakarta". ResearchGate (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-04-05.
  4. a b "Ritual Adat Dandan Kali - Informasi Budaya Jawa Ritual Adat Dandan Kali". Informasi Budaya Jawa (ing basa Indonesia). 2019-02-25. Dibukak ing 2019-04-05.
  5. a b Depriani, Trisna (2011-01-24). "Uparaca Dandan Kali Di Yogyakarta" (ing basa Indonesia). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  6. a b "Dinas Kebudayaan Provinsi DIY". tasteofjogja.org. Dibukak ing 2019-04-05.[pranala mati permanèn]
  7. "Tradisi Dandan Kali Getuk". www.antarafoto.com. Dibukak ing 2019-04-05.
  8. a b Aloysius Jarot Nugroho, Kendurian Dandan di Pelataran Gua Jepang, dalam https://news.okezone.com/view/2017/07/14/1/39877/kendurian-dandan-di-pelataran-gua-jepang/1 diakses pada 5 April 2019.
  9. a b c d Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia (Kemendikbud RI), "Dandan Kali", Pencatatan Warisan Budaya Takbenda Indonesia dalam https://warisanbudaya.kemdikbud.go.id/?newdetail&detailCatat=122 Archived 2023-02-07 at the Wayback Machine. diakses pada 5 April 2019.
  10. Sihono, Samento (2022-10-21). "Tradisi Becekan Dandan Kali di Sungai Gendol, Sembelih 4 kambing, ini suasananya - Harian Merapi". Tradisi Becekan Dandan Kali di Sungai Gendol, Sembelih 4 kambing, ini suasananya - Harian Merapi (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-07.
  11. "Warga Kepuharjo Pertahankan Tradisi 'Becekan' di Tengah Pandemi". krjogja.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-02-07.
  12. Rohmah, Fitriyani Nur (2013). Potensi dan Strategi Pengelolaan Mata Air untuk Memenuhi Kebutuhan Air Domestik Desa Umbulharjo dan Kepuharjo Kecamatan Cangkringan (Thesis). Universitas Gadjah Mada.
  13. "Mohon Hujan Pada Sang Maujud Agung • Radar Jogja". Radar Jogja (ing basa Indonesia). 2019-09-28. Dibukak ing 2023-02-08.
  14. Yanto, Jurnalis: Jatmika H. Kusmargana, Redaktur: Muhsin Efri (2021-10-03). "Uniknya Tradisi Becekan Dandan Kali Warga Lereng Merapi". Cendana News (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-07.
  15. Depari, Catharina (2015-02-13). "Kearifan Lokal dalam Penataan Ruang Kawasan Bencana Vulkanik Studi Kasus: Desa Kepuharjo Cangkringan". Tata Loka. Volume 17 Nomor 1: 21–36. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)
  16. "Upacara Dandankali, Kepuharjo, Cangkringan". budaya.jogjaprov.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-07.

Pranala jaba

besut

Pendaftaran Warisan Budaya Takbenda, Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia Archived 2023-02-07 at the Wayback Machine.