Sandhangan (basa krama: rasukan) utawa panganggo (basa krama: ageman) iku kabutuhan pokok manungsa saliyané panganan lan papan padunungan (omah). Manungsa mbutuhaké sandhangan kanggo nglindhungi lan nutupi awaké. Nanging sairing karo perkembangan kauripan manungsa, sandhangan uga minangka simbul status, kalungguhan, utawa kalungguhan kang nganggo. Perkembangan lan jinis-jinis sandhangan gumantung marang adat-istiadat, kabiasaan, lan budaya kang duwé ciri kas dhéwé-dhéwé. Sandhangan uga ngundhakaké kaamanan sajeroning ngayahi kagiyatan mbebayani kaya ta hiking lan masak, amarga mènèhi penghalang antara kulit lan lingkungan. Sandhangan uga mènèhi penghalang higienis, njaga toksin saka badan lan mbatesi panularan kuman.

Bocah cilik kang nganggo sandhangan mangsa adhem.
Gambar Sketsa Gaun

Sandhangan iku umum dipadhakaké karo busana utawa ing basa Indonésia: pakaian. Sejatiné sandhangan iku tegesé klambi, utawa makna kang luwih wiyar yaiku kabèh kang dianggo ing pérangan tengah raga, dadi yèn ing sandhangan adat Jawa uga kalebu sabuk, epek, timang, benik lan wiron.

Sandhangan utawa busana dadi salah sijining kabutuhan utama manungsa. Manungsa merlokake busana kanggo nutupi ragané, mligi pérangan raga kang wajib ditutup.

Sajarah

besut
 
Rasukan sajeroning sajarah parkembangan

Sandhangan kang digawé lan dianggo manungsa iku, miturut perkembangané pancèn suwé banget, awit digawé miturut kabutuhan lan kabudayan manungsa dhéwé. Awaké dhéwé banget ngerti dhéwé yèn manungsa kang kapisanan iku, yaiku bapa Adam lan ibu Hawa diandapaké ana ing alam donyaiku ora nganggo sandhangan siji waé, mula saka iku bapa Adam lan ibu Kawa banjur gawé sandhangan amarga dicocokaké karo kaanan alam ing jaman semana, mung gawé sandhangan nganggo kulit kayu lan kulit kéwan kang ana. Banjur jaman tamsaya maju lan manungsa uga duwé kabudayan, mula saka iku banjur padha gawé sandhangan miturut kaanan alam lan kaanan budaya saben laladan lan nagarané.

Fungsi

besut

Salah siji ancas kang utama sandhangan yaiku kanggo njaga supaya ngrasa nyaman. Ing iklim panas busana nyadiakaké tutupan saka cahya srengéngé utawa dhampak liyané, déné ing iklim adhem sipat insulasi termal lumrahé luwih wigati.

Sandhangan nglindhungi pérangan awak kang ora katon. Sandhangan minangka perlindungan saka unsur-unsur kang ngrusak, kalebu udan, salju lan angin utawa kondhisi cuaca liyané, sarta saka srengéngé. Sandhangan uga ngurangi tingkat risiko sajeroning kagiyatan, kaya nalika nyambut gawé utawa ulah raga. Sandhangan kadhang-kadhang dianggo minangka perlindungan saka bebaya lingkungan tinamtu, kaya gegremet, bahan kimia mbebayani, sanjata, lan kontak karo zat abrasif. Suwaliké, sandhangan bisa nglindhungi lingkungan saka panganggo sandhangan, kaya ta nganggo masker. Sandhangan iku akèh pingunané, kaya ta wis disebautake ing dhuwur mau. Mila wong jaman saiki duwé warna-warna sandhangan lan kabilang unik-unik.

Aspek budaya

besut

Prabédan jinis kelamin

besut

Ing sawatara budaya, prabédan sandhangan antara kaloro jinis kelamin dianggep patut kanggo lanang lan wadon. Prabédan sajeroning gaya, warna lan kain.

Ing masarakat kulon, rok, gaun lan sepatu hak dhuwur lumrahé dianggep sandhangan wong wadon, déné dasi lumrahé dianggep sandhangan priya. Celana tau dianggep mung sandhangan mligi lanang, nanging wektu iki dianggo déning lanang lan wadon.

Jinis sandhangan

besut

Klambi

besut

Klambi iku kain kanggo nutupi awak pérangan ndhuwur. Klambi akèh jinisé, ana klambi tradhisional lan modhèren. Jinising klambi tradhisional kaya ta ulos (Sumatra Lor), suri-suri (Sumatra Lor), anak daro lan marapulé (Sumatra Lor), Tapis (Lampung), èwèr (Papua Kulon), manawou (Papua Wétan) lan liya-liyané.

Klambi kang diarani klambi modhèren iku ana kang saka klambi tradhisional kang wis diowahi, lan uga ana klambi saka budaya liyan, kaya saka Éropah, Jepang uga Cina.

Pranala njaba

besut