Jamasan Pusaka Suralaya
Jamasan Pusaka Suralaya inggih punika upacara adat ngumbah pusaka awujud tumbak kaliyan songsong ingkang katindakaken ing Dhusun Kecémé, Kalurahan Gerbasari, Kapanéwon Samigaluh, Kabupatèn Kulon Praga nalika tanggal 1 wulan Sura manut pananggalan Jawi.[1] Pusaka punika cacah kalih ingkang dumados saking Tumbak Kyai Manggala Murti kaliyan Songsong Kyai Manggala Déwa ingkang kekalihipun tilaraning leluhur saking Kraton Ngayogyakarta.[2] Ancas kawontenaken Jamasan Pusaka Suralaya inggih punika supados bebrayan ing Suralaya pikantuk kawilujengan kaliyan tinebih saking sambikala, saha utaminipun kagem wujud sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos.[3]
Sajarah
besutIng jaman Kasultanan Mataram, wayahipun Hanyakrawati, Radèn Mas Rangsang pikantuk wangsit kagem nindakaken semèdi wonten ing Kaéndran, pucuk Suralaya. Nalika semèdi, panjenenganipun pikantuk wangsit malih manawi panjenenganipun bakal nguwasani sakathahing tanah Jawi. Ing tembé, panjenenganipun jumeneng nata minangka Ratu Mataram kanthi sesebatan Sultan Agung Hanyakrakusuma.[3][4] Sumerep menawi pratapan Kaéndran naté dados papan semèdining ratu saking Mataram, bebrayan ing Dhusun Kecémé ngadani slametan tuwin tirakatan nalika 1 Sura supados pikantuk kawilujengan kaliyan tinebih saking sambikala, saha utaminipun kagem wujud sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos. Kajawi punika, acara punika minangka pèngetan lelabuhaning Sultan Agung nalika manggèn ing saubenging Suralaya.[3]
Kanthi wonten gegayutanipun kaliyan Kasultanan Mataram, Kraton Ngayogyakarta–minangka salah satunggal panerusing Mataram–Hamengkubuwana IX peparing pusaka Tumbak Kyai Manggala Murti kaliyan Songsong Kyai Manggala Déwa dhumateng Dhusun Kecémé nalika warsa 1986 ingkang ancasipun kagem tetulak bebaya ing Suralaya.[5][6] Acara slametan tuwin tirakatan nalika 1 Sura lajeng kawewahan acara kagem njamasi kalih pusaka.[3]
Reroncèning acara
besutSadèrèngipun kaleksanakaken Jamasan Pusaka Suralaya, pinten-pinten dinten sadèrèngipun, para warga reresik lingkungan Dhusun Kecémé, Sendhang Kawidodarèn, kaliyan Gedhong Pusaka.[3]
Slametan kaliyan tirakatan
besutNalika malem 1 Sura, warga cacah 40 ngawontenaken slametan wonten ing Gedhong Pusaka ingkang dipun pimpin déning modin désa. Ubarampé ingkang dipun anggé ing slametan punika dumados saking tumpeng, sekul golong, ingkung, lentho, osèngan, srundèng, janganan, kaliyan jejenangan. Juru kunci Gedhong Pusaka lajeng ngandharaken kajatipun amrih kagiyatan anggènipun njamasi pusaka bénjing boten wonten alangan satunggal punapa. Sasampunipun slametan, para warga sami nindakaken tirakatan dumugi wanci énjing.[3][7]
Arak-arakan
besutNalika wanci énjing, juru kunci, bregada, kaliyan dhomas ngarak kalih pusakanipun saking griyanipun Kepala Dhusun Kecémé dumugi Sendhang Kawidodarèn, lajeng mandheg ing Reca Punakawan saperlu nindakaken pasrah panampi antawising Pak Camat kaliyan juru kunci (abdi dalem saking kraton). Arak-arakan punika kairingan sajèn gunungan wulu-wetu ingkang dumados saking jejanganan kaliyan woh-wohan saking Désa Gerbasari. Sawetawis punika, kagunan Jathilan ugi ngiringi kirabipun, lajeng sedaya kémawon tindak dhumateng Sendhang Kawidodarèn.[3][8]
Jamasan
besutIng pinggir sendhang, tumbakipun dipun bikak wrangkanipun (panutup) dalah kapayungan kaliyan Songsong Kyai Manggala Déwa. Dupa Hio dipun bakar ngantos ambetipun sumebar ing sendhang ingkang dipun pitadosi kagem nulak kawontenan ingkang ngganggu kalancaran upacara. Juru kunci saking Gedhong Pusaka miwiti jamasan kanthi cara ngolèsi wilah tumbak mawi jeruk nipis, lajeng dipun gebyur kaliyan toya sendhang ingkang cinampur kembang setaman. Panjamasanipun dipun ambali malih déning Kepala Désa kaliyan Kepala Camat.[3]
Sasampunipun jamasan, wilah tumbak kaliyan cekelanipun dipun lap mawi kain mori. Lajeng kekalih pusaka wau–tumbak kaliyan songsongipun–kaolèsi minyak cendhana saha tumbakipun dipun tutupi mawi wrangkanipun ing Gedhong Pusaka. Ing pungkasanipun, Tumbak Kyai Manggala Murti kaliyan Songsong Kyai Manggala Déwa sinimpen ing griyanipun Kepala Dhusun Kecémé.[3]
Toya tilas jamasan ing sendhang dipun pitadosi gadhah kasiat, pramila para warga sami kruyukan nalika mendhet toyanipun. Kasiatipun dipun pitadosi saged nambani lelara punapa kémawon. Kajawi punika, para warga ugi sami kruyukan mendhet sajèn gunungan wulu-wetu ingkang dipun andum. Bab punika dipun pitadosi bakal pikantuk berkat saking Gusti.[3][9][10]
Rujukan
besut- ↑ Darmawan, Reza Kurnia (1 Agustus 2022). "Mengapa Bulan Suro Identik dengan Kirab dan Jamasan Pusaka? Ini Penjelasan Budayawan". KOMPAS.com. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Desca, Andreas. Muhammad Fatoni (èd.). "Warga di Sekitar Puncak Suroloyo Kulonprogo Gelar Prosesi Jamasan Pusaka dan Kirab Budaya". TribunJogja. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ a b c d e f g h i j "Jamasan Pusaka Suroloyo". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-17. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Zebua, Dani Julius (23 Maret 2018). I Made Asdhiana (èd.). "Berteman Hening di Puncak Suroloyo". KOMPAS.com. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Zebua, Dani Julius (31 Juli 2022). Teuku Muhammad Valdy Arief (èd.). "Jamasan Pusaka di Puncak Suroloyo Kembali Menyedot Kehadiran Warga dari Berbagai Daerah". KOMPAS.com. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Kusumo, Rizky (10 Fèbruari 2022). "Pesona Puncak Suroloyo, Singgasana Para Dewa di Kulon Progo". Good News From Indonesia. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Sarbini; Hapsari, Indri Shaila (Sèptèmber 2020). "Strategi Pelestarian Tradisi Jamasan Pusaka Suroloyo Sebagai Aset Budaya Tradisional di Kulon Progo Yogyakarta". Kepariwisataan. 14 (3): 185–194. doi:10.47256/kji.v14i3.33. ISSN 2716-2664.
- ↑ Desca, Andreas (1 Sèptèmber 2019). Gaya Lufityani (èd.). "Melihat Sakralnya Jamasan Pusaka Peninggalan Sri Sultan Hamengku Buwono IX di Puncak Suroloyo". TribunJogja.com. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ Danar (26 Sèptèmber 2016). "2 Oktober, Jamasan Pusaka Suroloyo". Kedaulatan Rakyat. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.
- ↑ "Jamasan Pusaka Suroloyo". Dinas Pariwisata Kulon Progo. 11 Juli 2021. Dibukak ing 17 Fèbruari 2023.