Konsili Vatikan II
Konsili Ékumènis Vatikan II | |
---|---|
Satunggiling prosèsi para Kardinal nalika mlebet dhumateng Basilika Santo Petrus ing Roma, mbikak Konsili Vatikan II. Lukisan karya Franklin McMahon. | |
Wekdal | 1962–1965 |
Dipunakeni déning | Gréja Katulik Roma |
Konsili sadèrèngipun | Konsili Vatikan I |
Konsili sasampunipun | dèrèng wonten |
Dipunimpunaken déning | Paus Yohanes XXIII |
Dipunpimpin déning | Paus Yohanes XXIII, Paus Paulus VI |
Peserta | dumugi 2540 biskop |
Topik pambasan | Gréja salebetipun donya modhèren, ékumènisme |
Dhokumèn | 4 Konstitusi:
9 dhékrit:
3 pranyatan:
|
Pratélan kronologis konsili ékumènis |
Konsili Ékumènis Vatikan II (1962-1965), inggih punika satunggiling Konsili Ékumènis angka 21 saking Gréja Katulik Roma ingkang dipunbikak déning Paus Yohanes XXIII nalika tanggal 11 Oktober 1962 lan dipuntutup déning Paus Paulus VI tanggal 8 Dhésèmber 1965. Pambikaan Konsili punika dipunrawuhi déning dumugi 2540 biskop Gréja Katulik Roma sadonya (utawi ugi dipunsebat para Bapa Konsili), 29 pangamat saking 17 Gréja sanès, lan para undhangan ingkang sanès Katulik.
Salaminipun mangsa Konsili punika, dipunwontenaken sekawan périodhe sidhang ing pundi gunggung Biskop ingkang rawuh langkung kathah lan asalipun saking langkung kathah nagari tinimbang konsili-konsili sadèrèngipun. Gunggung dhokumèn ingkang dipunasilaken ugi langkung kathah lan dhampak prabawaipun dhumateng kagesangan Gréja Katulik langkung ageng saking prastawa pundi kémawon sasampunipun jaman réformasi nalika abad XVI.
Latar Wingking
besutSalaminipun taun 1950an, studi téyologi lan biblikal Roma Katulik milai nglebeti pambaruan wiwit sasampunipun Konsili Vatikan I dumugi nglebeti abad kalih dasa. Liberalisme punika mijil saking para téolog kados déné Yves Congar, Karl Rahner, lan John Courtney Murray ingkang ngupados cara kanggé ngintegrasikaken pengalaman manungsa modhèren kanthi dhogma Kristiani, tokoh sanèsipun inggih punika Joseph Ratzinger (sapunika Paus Benediktus XVI) lan Henri de Lubac ingkang ugi minginaken pangertosan ingkang langkung akurat babagan Injil lan nganggep para Bapa Gréja awalipun minangka sumber pambaruan.
Ing wekdal ingkang sami, para biskop sadonya ngadhepi tantangan ingkang ageng sanget saking éwah-éwahan pulitik, sosial, ékonomi, lan tèhnik. Sapérangan biskop ngusulaken éwah-éwahan salebetipun struktur lan praktèk gréjawi kanggé ngadhepi tantangan-tantangan wau. Ing antawisipun pangusul punika ingkang paling kaorganisasi inggih punika golongan biskop Walandi lan Jerman ingkang dipuntepangi minangka para Biskop Rhine.
Konsili Vatikan I sampun rampung mèh satunggal abad sadèrèngipun kanthi prématur amargi pecahipun perang Prancis-Prussia. Salebetipun konsili punika, isu-isu prakawis pastoral lan dhogma boten saged dipunrembag akibat perang kasebat, lan nampung sempat ngasilaken satunggiling dhogma prakawis Infabilitas Paus.
Paus Yohanes XXIII salajengipun kanthi boten kadugi mutusaken kanggé ngimpunaken Konsili namung salebetipun wekdal kirang saking tigang wulan sasampunipun pangangkatanipun nalika taun 1959. Salebetipun satunggiling dhialog prakawis konsili, panjenenganipun dipunwawancarai kénging menapa konsili punika perlu dipunlampahaken. Paus dipunlapuraken mbikak satunggiling jendhéla lan ngandika, "Kula kepéngin mbikak jendhéla Gréja saéngga kita saged mirsani medal lan tiyang ingkang wonten ing njawi saged mirsani mlebet." Panjenenganipun ngundang ugi gréja-gréja Kristen sanèsipun kanggé ngintunaken pangamat dhumateng Konsili wau. Undangan punika dipunsambet saé déning kalih gréja Protèstan lan Ortodoks. Gréja Ortodoks Ruslan ing ngandhèap kakuwatosan dhumateng Pamaréntahan Kuminis Sovyèt, nyambet undangan kasebat namung nalika sampun dipunyakinaken bilih Konsili punika badhé asifat apulitik.
Sidhang-sidhang
besutCecawis Konsili, ingkang mbetahaken wekdal langkung saking kalih taun, dipunleksanakaken déning 10 Komisi Khusus, dipunbiyantu déning tiyang-tiyang saking médhia massa lan Christian Unity, sarta satunggiling Komisi Séntral minangka koordhinator sadaya. Golongan punika kathah-kathahipun kapérang saking anggota Kuria Romawi. Komisi ngasilaken 987 proposal konstitusi lan dhékrit (dipuntepangi minangka schemata utawi Skema) ingkang dipuntujokaken kanggé dipunsuwunaken pasarujukan Konsili. Ing awalipun dipunajengaken bilih ing tembé wingking nalika Konsili kaleksanan, badhé dipunbentuk satunggiling Komisi énggal ingkang badhé nglajengaken pedamelan Komisi Cecawis punika. Nanging makaten, sadaya Skéma ingkang sampun dipunsiapaken punika boten dipunsarujuki sakedhik kémawon déning anggota Konsili lan lajeng damel Skéma ingkang énggal.
Sidhang-sidhang Umum Konsili dipunleksanakaken ing mangsa palastra salaminipun sekawan taun salajengipun (salebetipun 4 sidhang) inggih punika ing taun 1962 dumugi taun 1965. Ing njawi mangsa sidhang, Komisi-Komisi Khusus Konsili dipunbentuk kanggé ngrembag lan mriksa asil-asil makarya para biskop lan nyawisaken sidhang salajengipun. Sidhang dipunleksanakaken salebetipun Basa Latin ing Basilika Santo Petrus, ing pundi pirembagan lan pendhapat dipunnyatakaken minangka "wadi". Asil Konsili satemenipun dipunkerjakaken salebetipun pepanggihan-pepanggihan komisi sanèsipun (mungkin dipunleksanakaken salebetipun basa sanès), sarta salebetipun pepanggihan informal lan pepanggihan sosial sanèsipun ing njawi konsili ingkang saleresipun.
Kathahipun 2.908 priya (dipunanggep minangka para Bapa Konsili) kacathet gadhah hak swantun salebetipun Konsili wau. Para Bapa Konsili punika kalebet sadaya Biskop lan para Superior saking Ordho-Ordho Réligius priya. Kathahipun 2.540 tiyang mundhut pérangan salebetipun Sidhang Pambikaan, saéngga ndadosaken minangka pepanggihan Konsili paling ageng ing salaminipun sajarah gréja. Gunggung ingkang rawuh variasi ing saben Sidhangipun antawis 2.100 dumugi langkung saking 2.300 tiyang. Minangka tambahan, sapérangan periti (Latin kanggé para "ahli") ugi rawuh minangka konsultan téyologi. Golongan periti punika salajengipun gadhah prabawa ingkang ageng sainget sairing kaliyan lelampahan Konsili. Kathahipun 17 gréja-gréja Ortodoks lan dhénominasi Protèstan ugi ngintunaken pangamat-pangamatipun.
Sidhang Sepindhah (Mangsa Gugur 1962)
besutSidhang Kaping Kalih (Mungsa Gugur 1963)
besutSidhang Kaping Tiga (Mangsa Gugur 1964)
besutSidhang Kaping Sekawan (Mangsa Gugur 1965)
besutAsil Konsili
besutIkhtisar Dhokumèn Konsili Vatikan II
besutKonsili Vatikan II ngasilaken 16 Dhokumèn, kapérang saking 4 Konstitusi, 9 Dhékrit, lan 3 Pranyatan:
# | Nami Dhokumèn | Jinis | Perkawis | Dipunumumaken nalika |
---|---|---|---|---|
1 | Sacrosanctum Concilium | Konstitusi | Liturgi Suci | Sidhang II (4 Dhésèmber 1963) |
2 | Inter Mirifica | Dhékrit | Updos-upados Komunikasi Sosial | Sidhang II (4 Dhésèmber 1963) |
3 | Lumen Gentium | Konstitusi Dhogmatis | Gréja | Sidhang III (21 November 1964) |
4 | Orientalium Ecclesiarum | Dhekrit | Gréja-Gréja Wétan Katulik | Sidhang III (21 November 1964) |
5 | Unitatis Redintegratio | Dhekrit | Èkumènisme | Sidhang III (21 November 1964) |
6 | Christus Dominus | Dhekrit | Tugas Pastoral para Biskop salebetipun Gréja | Sidhang IV (28 Oktober 1965) |
7 | Perfectæ Caritatis | Dhekrit | Pambaruan lan Panyelarasan Gesang Réligius | Sidhang IV (28 Oktober 1965) |
8 | Optatam Totius | Dhekrit | Pambinaan Imam | Sidhang IV (28 Oktober 1965) |
9 | Gravissimum Educationis | Pranyatan | Pendhidhikan Kristen | Sidhang IV (28 Oktober 1965) |
10 | Nostra Ætate | Pranyatan | Gegandhèngan Gréja kaliyan Agami-agami sanès Kristiani | Sidhang IV (28 Oktober 1965) |
11 | Dei Verbum | Konstitusi Dhogmatis | Wahyu Ilahi | Sidhang IV (18 November 1965) |
12 | Apostolicam Actuositatem | Dhekrit | Karasulan Awam | Sidhang IV (18 November 1965) |
13 | Dignitatis Humanæ | Pranyatan | Kabébasan Agami | Sidhang IV (7 Dhésèmber 1965) |
14 | Ad Gentes | Dhekrit | Kagiyatan Misionèr Gréja | Sidhang IV (7 Dhésèmber 1965) |
15 | Presbyterorum Ordinis | Dhekrit | Pangladosan lan Kagesangan para Imam | Sidhang IV (7 Dhésèmber 1965) |
16 | Gaudium et Spes | Konstitusi Pastoral | Gréja ing Donya Diwasa punika | Sidhang IV (7 Dhésèmber 1965) |
Pranala njawi Dhokumèn-dhokumèn Vatikan II salebetipun basa Indonésia Archived 2007-02-02 at the Wayback Machine.
Gréja
besutLiturgi
besutInjil lan Wahyu Ilahi
besutPara Biskop
besutKritik dhumateng Konsili saking lebet badan Gréja Katulik
besutPranala njawi
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Second Vatican Council. |
- Dokumen Konsili Vatikan II dalam Basa Indonesia Archived 2007-02-02 at the Wayback Machine.
Naskah Vatikan
besut- Vatican II Texts from the Vatican
- Overview of the Decrees of the Council
- Vatican II Texts from the Eternal Word Television Network
- Vatican II Texts from Christus Rex
Komentar
besut- Leo Darrach, The Development of the Mass since 1960 Archived 2006-06-16 at the Wayback Machine.
- Xavier Rynne, The New Yorker, 25 Desember 1965, "Letter from Vatican City"
- Reasons for the Second Vatican Council[pranala mati permanèn]
- Why was Vatican II needed? Why we need it today.
- What did the Second Vatican Council do for us?
- After the Council: Living Vatican II Archived 2006-07-12 at the Wayback Machine.
- Open Windows: Why Vatican II Was Necessary Archived 2006-07-20 at the Wayback Machine.
- What Did the Second Vatican Council Do For Us? Fr. Ian Ker, Oxford[pranala mati permanèn]
- Vatican II through the eyes of the pre-eminent English-speaking Council Father
- To Whose Competence Does It Belong to Interpret Vatican II?[pranala mati permanèn]
- The Spirit of Vatican II, Jubilee Optimism, and the Oath against Modernism Archived 2006-07-11 at the Wayback Machine.
- The Neo-Modernist Rupture in the Council and in the New Rites, Part I[pranala mati permanèn]
- Part II: The Incommutability of Ecclesiastical Tradition[pranala mati permanèn]
- Vatican II and the Correlation-Causation Fallacy
- Making the True Vatican II Our Own
- What are Roman Catholics to think of Vatican II? On the doctrinal authority of the pastoral council. By Fr. Raymond Taouk.