Laos
Alpinia galanga
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Zingiberales
Famili: Zingiberaceae
Subfamili: Alpinioideae
Tribe: Alpinieae
Génus: Alpinia
Spésies: A. galanga
Jeneng binomial
Alpinia galanga
(L.) Willd.
Alpinia galanga (Laos].

Laos (Basa Indonesia: lengkuas), iku salah sawijining oyot kang akèh gunané. Bisa kanggo tamba utawa sedhep-sedhepan masakan. Ing masakan Thailand laos dadi sedhep-sedhepan paling utama, uga ing Indonésia. Lumrahé laos dimasak karo sop-sopan utawa janganan liyané. Wujudé kaya jaé nanging ambuné kaya jeruk-jerukan lan rada nyabun.

Pitik gorèng uga ana kang dimasak nganggo bumbu laos lan rasané uga énak.

Morfologi

besut

Oyot wujud rimpang gedhé lan kandel, ndaging, awangun silindris, dhiameter watara 2–4 cm, lan cawang-cawang. Pérangan njaba wernané coklat rada abang utawa kuning semu ijo pucet, duwé sisik-sisik wernané putih utawa semu abang, atos meling-meling, éwadéné pérangan njeroné awerna putih. Daging rimpang kang wis tuwa seraté kasar. Yèn digaringaké, rimpang malih dadi rada semu ijo, lan seraté dadi atos lan wulet.

Watangé jejeg, kasusun déning plepah-plepah godhong kang dadi siji mbentuk watang semu, awerna ijo rada putih. Watang enom metu minangka thukulan saka pangkal watang tuwa.

Godhong tunggal awerna ijo, mawa gagang cendhak kasusun selang-seling. Godhong ing sisih ngisor lan ndhuwur lumrahé luwih cilik tinimbang kang ing tengah. Wangun godhong lanset dawa lan pucuké lancip, pangkal tumpul mawa pinggiran godhong rata. Balungan godhong nyirip, dawané godhong watara 20– 60 cm, lan ambané 4 – 15 cm. Plepah godhong kira-kira 15 – 30 cm, mawa alur lan wernané ijo.

Kembang wujud kembang majemuk awangun loncèng, ambuné wangi, awerna putih semu ijo utawa putih semu kuning. Ukuran kembang kurang luwih 10–30 cm x 5–7 cm. Gunggung kembang ing pérangan ngisor tandhan luwih akèh tinimbang ing pérangan ndhuwur, dawa lambé kembang 2,5 cm, awerna putih kanthi garis miring warna jambon ing saben sisih. Makutha kembang kang isih kuncup, ing pérangan pucuké awerna putih, éwadéné pangkalé awerna ijo.

Wohé wujud woh buni, wangun bulet, atos. Nalika enom wernané ijo-kuning, sawisé tuwa malih dadi ireng semu coklat, kanthi dhiameter ± 1 cm. Ana uga kang wohé warna abang.

Wiji cilik-cilik, wangun lonjong ,lan wernané ireng.

Anatomi

besut

Kadhar lenga atsiri ora kurang saka 0,5% v/b. Èpidèrmis kapérang saka siji lapisan cilik rada pipih. Dhindhing awerna kuning semu coklat, kutikula cetha. Kortèks parènkimatik, jaringan kortèks pérangan njaba kapérang saka sapérangan lapis sèl kanthi dhindhing tipis awerna kuning semu coklat, jaringan kortèks pérangan njero kapérang saka sèl parènkim gedhé, dhindhing sèl tipis, ora ana wernané, sok sok mawa noktah alus, kang isiné butir pathi. Ing parèkim kasebar idioblas kang isiné lenga lan dat samak, awerna coklat enom utawa tuwa kang kanthi panambahan wesi (III) klorida LP warna malih dadi semu ireng. Butir pathi tunggal, wangun lonjong utawa bulet endhog, lamela ora cetha, dawané butir 8 μm – 60 μm, lumrahé 25 μm – 50 μm.

Èndodèrmis kapérang saka sèl kang luwih cilik saka sèl parènkim, dhindhing sèl tipis, ora isi pathi. Berkas pambuluh kolateral, kasebar sajeroning parènkim, dikupengi srabut. Srabut cilik dawa, dhindhing sèl kandel, ora mawa lignin, amba lumèn 20 μm-40 μm, mawa noktah. Xilèm lumrahé wujud pambuluh jala, pambuluh noktah lan pambuluh tangga, amba 20 μm – 60 μm, ora mawa lignin. Floèm sithik lan ora cetha.

Fisiologi

besut
Fotosintesis

Fotosintesis ing laos padha karo prosès fotosintesis ing tetuwuhan lumrahé. Ing endi prosès fotositesis iku sawijining prosès biokimia kang dilakokaké tetuwuhan kanggo ngasilaké panganan kanthi mupangataké ènèrgi cahya. Tetuwuhan migunakaké karbon dioksida lan banyu kanggo ngasilaké gula lan oksigèn kang diperlokaké minangka panganané. Ènèrgi kanggo nglakokaké prosès iki asalé saka fotosintesis.

Réaksi fotosintesisé kaya mangkéné:

12H2O + 6CO2 + cahya → C6H12O6 (glukosa) + 6O2 + 6H2O

Fotosintesis diwiwiti nalika cahya ngionisasi molekul klorofil ing fotosistem II, njalari ngeculaké [èlèktron] kang bakal ditransfer sadawané ranté transpor èlèktron. Ènèrgi saka èlèktron iki minangka fotofosforilasi kang ngasilaké ATP, ékan pangijolan ènèrgi sajeroning sèl. Réaksi iki njalari fotosistem II ngalami dhéfisit utawa kakurangan èlèktron kang kudu énggal diganti. Ing tetuwuhan kekurangan èlèktron iki dicukupi déning èlèktron saka asil ionisasi banyu kang dumadi bebarengan karo ionisasi klorofil. Asil ionisasi banyu iki ya iku èlèktron lan oksigèn.

Ing wektu kang padha karo ionisasi fotosistem II, cahya uga ngionisasi fotosistem I, ngeculaké èlèktron kang ditransfer sadawané ranté transpor èlèktron kang akiré ngrédhuksi NADP dadi NADPH. ATP lan NADPH kang diasilaké sajeroning prosès fotosintesis micu manéka prosès biokimia. Ing tetuwuhan prosès biokimia kang kapicu ya iku siklus Calvin ing endi karbon dioksida diowahi dadi ribulosa (lan banjur dadi gula kaya déné glukosa). Réaksi iki diarani réaksi peteng amarga ora gumantung marang ana orané cahya saéngga bisa dumadi sanajan sajeroning kaanan peteng (tanpa cahya).

Rèspirasi

Réaksi rèspirasi kalebu sajeroning réaksi katabolisme kang mecah molekul-molekul gula dadi molekul-molekul anorganik wujud CO2 lan H2O. Rèspirasi utawa ambegan duwé fungsi kanggo ngéntukaké ènèrgi saka bahan-bahan organik liwat prosès pamecahan gula kang diarani prosès glikolisis. Senyawa gula ing tetuwuhan diéntuk saka prosès fotosintesis. Butiran amilum kang kasimpen sajeroning manéka jaringan lan organ panyimpen cadhangan panganan bakal diowahi manèh sajeroning wangun glukosa fosfat ing njero sitoplasma sèl. Akiré senyawa glukosa fosfat mau bakal dipecah dadi piruvat lan lumebu sajeroning siklus Krebs. Sakwéné glikolisis lumaku lan sajeroning siklus Krebs bakal diasilaké gas CO2 kang bakal diwetokaké saka sèl. Gas mau bakal kadhifusi bakal kakumpul sajeroning gronggongan-gronggongan antar sèl lan yèn tekanan wis cukup bakal diwetokaké.

Réaksiné ya iku:

C6H12O6 (glukosa) + 6O2 → 6H2O + 6CO2 + ATP Glukosa kang diasilaké ing prosès fotosintesis bisa minangka mbentuk senyawa organik liya kaya déné selulosa lan bisa uga digunakaké minangka bahan bakar. Prosès iki lumaku liwat rèspirasi sélulèr kang dumadi ing tetuwuhan. Ing rèspirasi, gula (glukosa) lan senyawa liya bakal ngalami réaksi karo oksigèn kanggo ngasilaké karbon dioksida, banyu, lan ènèrgi kimia.

Kandhutan lan mupangat

besut

Laos ngandhut lenga atsiri ing antarané: galangol, galangin, alpinen kamfer, lan methyl-cinnamate. Laos duwé kasiyat minangka anti jamur, anti bakteri, ngangetaké awak, ngresikaké getih, nambah nafsu mangan, nggampangaké pambuwangan angin saka njero awak, ngèncèraké dhahak, ngarumaké lan ngrangsang otot.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut

Cithakan:Bumbon crakèn