Musée Rodin inggih punika salah satunggaling musèum ingkang wonten ing Paris, Prancis ingkang dipunbikak ing taun 1919, ingkang dipundamel kanggé salah satunggaling wujud pakurmatan dhateng pengrajin patung saking Prancis kanthi nama Auguste Rodin.[1] Musèum punika inggih gadhah kalih sisih, inggih punika wonten ing Hôtel Biron lan taman sakiteripun ing punjering kitha Paris, lan ugi wonten ing sak njawinipun kitha Paris inggih punika wonten ing satunggaling griya ingkang tuwa kagunganipun Rodin, Villa des Brillants wonten ing Meudon (Hauts-de-Seine).[1] Asiling koleksi ingkang wonten ing musèum punika inggih wonten patung cacahipun kirang langkung 6.600, gambar lukisan cacahipun kirang langkung 8.000 gambar, gambar fotografi ingkang sampun tuwa cacahipun udakawis 8.000 iji lan ugi wonten kirang langkung 7.000 objets d'art, lan saben taunipun para wisatawan ingkang sami dolan wonten ing musiyum punika inggih saged ngantos 700.000 wisatawan.[2]

Musée Rodin
Musée Rodin kapernah ing Paris
Musée Rodin
Location within Paris
Dikukuhaké1919
PernahHôtel Biron, 79, rue de Varenne, 75007 Paris, Prancis

Nalika taksih dumunung wonten ing Villa des Brillants, Rodin ngginakaken Hôtel Biron minangka papan kanggé piyambakipun makarya sakin taun 1908 lan salajengipun nyumbangaken sadaya koleksi patungipun (sesarengan kaliyan lukisan karyanipun Vincent van Gogh lan Pierre-Auguste Renoir ingkang dipunpikantuk piyambakipun) dhateng nagara Prancis kanthi sarat bilih pamarèntah kedah ngéwah-éwahi bangunanipun dados satunggaling musiyum ingkang dipundhirikaken kanggé ngurmati asiling karyanipun.[2] Museum Rodin inggih ngewrat sapérangan ageng saking asiling karyanipun Rodin ingkang saé, kalebet karya The Thinker, The Kiss lan The Gates of Hell.[2] Kathah patungipun ingkang dipunketingalaken wonten ing taman musèum ingkang wiyar.[3] Museum Rodin inggih punika kalebet salah satunggaling musiyum ingkang paling saged dipunambah lan dipunsrawungi saking Paris.[3] Kitha punik mapan caket kaliyan halte Metro, Varenne, wonten ing lingkungan punjering kitha lan kanthi beya mlebet ingkang sampun limrah[3]. Taman-taman ing sakiteripun yasan musiyum ugi ngewrat kathah patung-patung ingkang sampun misuwur saged ketata kanthi alami langsung.[3] Déné, ing sak wingkingipun yasan musiyum inggih wonten satunggaling dano alit lan restoran kasual.[4]

Kajawi punika, halte Metro, Varenne, ugi gadhah sapérangan patung Rodin wonten ing pérangan platformipun[4]. Yasan punika dipunlayani wonten ing metro (jalur 13): Varenne utawi Invalides, RER (jalur C): Invalides lan bus: 69, 82, 87, 92.[4]

Museum Rodin ugi gadhah satunggaling ruangan ingkang dipundamel kanggé satunggaling pakurmatan dhateng padamelanipun Camille Claude[2]. Sapérangan lukisan déning Monet, Renoir la Van Gogh ingkang minangka koleksi pribadi saking Rodin inggih ugi dipunketingalaken wonten ing musiyum punika[2]. Koleksi karyanipun Rodin ingkang kapacak wonten ing Museum Rodin punika inggih ugi sanget manéka warna, ingkang minangka wujud kupiyanipun Rodin supados saged dados seniman kanthi ngempalaken sadaya karya-karyanipun.[4]

Paméran besut

Paméran ingkang dipunadani minangka satunggaling pakurmatan dhateng Rodin besut

  • La sculpture dans l’espace, Rodin, Brancusi, Giacometti (dipunadani wiwit sasi Novèmber 2005-Pebruari 2006) kanthi cacahipun tiyang ingkang ningali dumugi 82.000 tiyang.[4]
  • Rodin et les danseuses cambodgiennes, sa dernière passion (dipunadani wiwit sasi Juni 2006-September 2006) kanthi cacahipun tiyang ingkang ningali dumugi 91.000 tiyang.[4]
  • Rodin, les figures d’Eros (dipunadani wiwit sasi Novèmber 2006-Maret 2007) kanthi cacahipun tiyang ingkang ningali saged dumugi 84.000 tiyang.[5]
  • Camille Claudel, une femme, une artiste (dipunadani wiwit sasi April 2008-Juli 2008]] kanthi cacahipun tiyang ingkang ningali saged dumugi 150.000 tiyang.[5]
  • La Passion à l’œuvre, Rodin et Freud, collectionneurs (dipunadani wiwit sasi Oktober 2008 dumugi Pebruari 2009[5]. Pameran punika inggih nggambarraken asiling karyanipun Auguste Rodin ingkang minangka seniman patung lan Sigmund Freud ingkang minangka bapak psikoanalisis, sami paring semangat dhateng masarakat umum kanggé ngempalaken samubarang bandha ingkang antik[5]. Rodin nalika piyambakipu séda ing taun 1917, sampun saged ngempalaken langkung saking 6.000 barang antik, déné Freud gadhah barang antik boten kirang saking 3000 iji bandha antik nalika piyambakipun séda ing taun 1939. Pameran punika inggih nyamektakaken piliyan saking 140 bandha antik lan manéka warna dokumentasi awujud seratan lan ugi fotografi ingkang paring informasi ngengingi koleksi punika.[5]
  • Corps et décors. Rodin et les arts décoratifs, (ingkang dipunadani ing sasi April 2010 dumugi sasi Agustus 2010).[5]

Paméran Kagunan Kontemporer besut

Ing wekdal boten dangu kepengker, paméran kagunan kontemporer ugi dipunadani, kados ingkang sampun naté dipunadani ing taun 1949 nalika wonten pagelaran patung Salon de lajeune wonten ing Musèum Rodin. Sapérangan artis kados ta Anthony Caro, Eugène Dodeigne, Étienne Bossut ugi rawuh wonten ing paméran kagunan kontemporer punika ing musiyum. Lajeng artis Bill Viola, Adel Abdessemed lan Mircea Cantor ugi sampun dipunparingi ulem kanggé dipunpendhet gambaripun wonten ing wujud vidèo layar wonten ing taman kanggé « Nuit des musées ». Ing taun 2010, karya kagunan déning seniman Bèlgi, Wim Delvoye ugi dipunpamèraken saha program vedèo pagelaranipun inggih macak sapérangan artis kados ta Vito Acconci, Sanja Iveković, Marina Abramovic lan Mona Hatoum. Satunggaling paméran Henry Moore ugi dipunadani kanggé wujud pakurmatan dhateng studio lan patung-patung alit wonten ing musèum ingkang lumampah saking tanggal 15 Oktober 2010 dumugi 27 Pebruari 2011.[6]

Koleksi Museum besut

 
Musée Rodin, Paris.

Musèum punika gadhah koleksi ingkang kathah sanget amargi Rodin inggih minangka salah satunggaling seniman kolektor ingkang gadhah koleksi mliginipun saking rupa patung ugi gambar, lukisan, saha poto-poto ingkang sampun lawas ingkang saged dipunketingalaken kanthi permanen kanthi alesan kanggé konservsi[7].

Patung Rodin besut

 
Taman Musèum Rodn

Patung Rodin inggih minangka satunggaling wujud karyaning seniman ingkang milih kanggé medhot sesambungan ing wujud praktek ing masanipun[7]. Déné asiling karyanipun ing antawisipun inggih punika L’Homme kanthi wujud grana ingkang tugel lan medalaken satunggaling offset ing wekdal sapunika, déné asiling patung punika inggih dipunbantah manawi saking artefak Jaman Perunggu tradhisional ingkang dipun-ginakaken kanggé nahan èksprèsi saking badanipun[7]. Kekirangan saking bab lantip punapa botenipun akalipun tiyang dipungambaraken saking karyanipun ingkang irah-irahanipun Le Penseur utawi Adam et Ève, ingkang gadhah ancas kanggé njamin sadaya karyanipun Rodin supdos saged tetep abadi[7].

Patung punika inggih dipunpratandhani déning satunggaling karakter ingkang sanget monumental saking asiling ciptanipun[3]. Balzac, Les Bourgeois de Calais ou Le Penseur saged katingal saking kekiyatanipun sinten kémawon ingkang mirsani[3]. Déné tuladhanipun ingkang paling cetha inggih punika la Porte de l’Enfer ingkang karya punika boten naté rampung déning sinten kémawon lan sampun kaluwihan sapérangan beban unsur ingkang wonten ing sakiteripun topik ingkang paling wigati saking karyanipun Rodin inggih punika, Ugolin, Le Baiser, Le Penseur, Les Trois Ombres[3].

 
Taman Rodin

Lukisan lan gambaripun besut

Asling prodhuksi saking karyanipun Rodin inggih saged dumugi angka 8000 asiling karyanipun ingkang nèmplèk wonten ing sapérangan wekdal kanggé mirsani gambar (inggih punika pemandhangan saking Bèlgi lan Italia, saha arsitekturipun)[8]. Déné asiling pamanggih saha imajinasinipun inggih pikantuk saking pelukis Dante lan Baudelaire, ingkang kathah ngasilaken garapan ingkang katingal radi wudoh lan ugi radi panas utawi ing wujud potrètipun[8].

Asiling fotografi saking Rodin besut

Wonten kirang langkung 8000 asiling poto-poto lawas ingkang wonten ing musèum, nanging radi arang dipunpamèraken kanthi alesan konservasi[2]. Sedaya asiling ceprètan ingkang wujud poto punika inggih minangka asiling kekareman ingkang ageng ingkang dipuntedahaken déning Rodin wonten ing wujud poto ingkang sanget wigati ing wekdal punika[2].

Rodin minangka ingkang damel patung inggih ugi makarya sesarengan kaliyan para juru foto kadosra Eugène Druet, Jacques-Ernest Bulloz, Adolphe Braun, lan sapérangan inggih ugi makarya sesarengan kaliyan Edward Steichen, Stephen Haweis, Henry Coles lan ugi Jean-François Limet, ingkang sampun gadhah satunggaling wujud pictorial ing wekdal sapunika[4]. Asiling karya punika inggih sampun nglangkungi reprodhuksi fotografi ingkang prasaja saking Rodin kanggé damel gambar wujud karya seninipun para seniman sadaya[4].

Koleksi pribadhinipun Rodin besut

Ing wekdal kalih dasa taun kepengker saking gesangipun, Rodin sampun gadhah koleksi pribadi ingkang manéka warna wujudipun, ingkang dipunkempalaken saking samubarang prakawis saking jaman rumiyin, kados ta koin kuna ingkang dipunpikantukaken saking Mesir, Yunani, Roma, lan ugi Timur Tengah ingkang kanthi sakedhik-sakedhik nyerang panggénan-panggénan kanggé gesangipun lan kanggé makarya piyambakipun[4].

Rodin ugi asring ngoleksi lukisan-lukisan ingkang dipunpikantuk saking karyanipun guru agengipun, kalebet Le Père Tanguy, Vincent van Gogh (sasampunipun wekdal pejahipun ingkang kaping kalih), lan ugi karya kanthi irah-irahan Femme nue, karyanipun Auguste Renoir[1]. Piyambakipun inggih asring nglukir karya-karyanipun piyambak kaliyan seniman sanèsipun kados ta Jean-Paul Laurens, Alexandre Falguière, Jules Dalou, Eugène Carrière, Alphonse Legros, Claude Monet, Charles Cottet, Fritz Thaulow, Ignacio Zuloaga, Edvard Munch, John Singer Sargent, utawi Jacques-Émile Blanche. Déné karya-karya punika inggih saged dipuntingali wonten ing musèum[1].

Camille Claudel (1864-1943) besut

Camille Claudel sampun lenggah wonten ing satunggaling papan ingkang wigati wonten ing salebeting pagesanganipun Rodin, ingkang minangka titik sèntimental artistik karyanipun Rodin[8]. Rodin pikantuk kathah èlmu kawruh sadèrèngipun dados modhèl wonten ing kathah asiling karyan-karyanipun, kados ta Fugit amor, La Danaïde[8].

Piyambakipun ugi kathah nggandhèng para tiyang èstri ingkang taksih enèm nalika piyambakipun dados kolborator master sajati ingkang sadayanipun dipun-ginakaken kanggé nggayuh sapérangan asiling karyanipun ingkang lajeng saged misuwur, kados ta karyanipun la Porte de l’Enfer[7]. Awit saking punika, saged dipuntampi kanthi pamanggih ingkang bening bilih kamaripun Camille Claudel lajeng dipundamel Hotèl Biron wonten ing taun 1952[7]. Piyambakipun ugi pikantuk sapérangan sumbangan saking Paul Claudel, sedhèrèkipun Rodin, mliginipun ing abad tengahah, Clotho, lan Vertumnus lan Pomona[7].

Situs Museum kekalih besut

Hôtel Biron ing Paris besut

 
Hôtel Biron ing Paris

Mapan wonten ing sudhut rue de Varenne lan ugi wonten ing Boulevard des Invalides wonten ing arondismen kaping pitu, Paris, Hôtel Biron dipungadhahi déning ingkang gadhah dalem wiwit sepisanan rampung dipunyasa ing taun 1730 dhateng Abraham Peyrenc Moras, panguaosipun Saint-Étienne.[9].

La duchesse du Maine, putrinipun Louis XIV, inggih punika Marsekal Biron inggih ingkang maringaken namanipun kanggé griyanipun ingkang dipunyasa piyambak punika[7]. la Légation Pontificale, l’Ambassade de Russie, utawi encore la Société du Sacré-Cœur de Jésus, inggih satunggaling konggres religius ingkang dipunyasa déning Madeleine Sophie Barat dumugi taun 1905, nalika gréja ingkang dipunyasa dipunpisahaken saking pérangan nagara ingkang sampun kathah dipunicalaken déning ratu Louis XV, ingkang minangka simbul tiyang ingkang umuk ing dunya[7]. Déné hotèlipun sapunika inggih wonten ing kaanan ingkang nguatosaken[9].

Perkawis punika ingkang salajengipun dadosaken kathah seniman kanggé yasa bengkèl saéngga Rodin, Jean Cocteau lan Henn Matisse saged mlebet tilasanipun Hôtel Biron[7].

Ing taun 1911, nagara ingkang numbas yasan punika, déné Rodin mutusaken kanggé nyadé koleksinipun kanthi sarat bilih satunggal musiyum ingkang dipunparingaken dhateng nagara punika dipun-ginakaken kanggé ngluri sadaya karyanipun ingkang wonten ing hotèl[7]. Déné proyek asilipun musiyum punika inggih saged dipunraosaken asilipun ing taun 1919, lan Rodin lajeng séda kalih taun sadèrèngipun saéngga boten saged ndhèrèk nalika musèum punika dipunbikak[7].

Arsitek saking pamaréntah lan kitha Paris, Henri Eustache, Grand Prix de Rome ingkang kaping kalih ing taun 1891 inggih ngawontenaken prosès nitik sujarah sinten ingkang gadhah bengkel tilas Hôtel Biron punika dados biara ingkang lajeng ngéwah-éwahi yasan mau dados satunggaling musèum[7].

Hotèl punika inggih dipunkupengi déning satunggaling laladan ingkang wiyar sanget ingkang madeg wonten ing jantungipun kitha Paris[7]. Satunggaling kapel ingkang sapun tuwa sanget umuripun ingkang dipunyasa ing abad kaping sangalas nalika kathah-kathahipun para jemaat agama wonten lan dipundandosi malih ing taun 2005. Déné ingkang dipundandosi inggih saking ruwang kanggé pameran, lajeng dipundamel satunggaling auditorium ingkang énggal, saha bab tiket lan administrasi musèum[7].

Lan taman ing sakiteripun musèum inggih kathah dipunrawuhi déning para turis lan warga lokal ingkang sami dolan wonten ing sakiteripun musiyum punika[7]. Déné taman musèum punika inggih ngambah tigang hèktar alas taman laladan saking Hôtel Matignon saha taman punika inggih dipunanggep minangka papan ijem swasta ingkang paling ageng wonten ing Paris[9]. Taman musiyum punika inggih ugi dipunhias déning blumbangan lan kafetaria ing sak pinggiripun[9]. Para wistawan inggih sami kathah ingkang kempal wonten ing taman punika punapa malih nalika taksih wonten patung monumental saking Rodin ing lebetipun[9].

Villa Bright ing Meudon besut

Manawi situs saking Hôtel Biron inggih nggambaraken bab kekiyatan saking karyanipun seniman lan ugi nggambaraken manawi seniman inggih kalebet tiyang ingkang lantip sanget pamanggihipun, déné Villa Bright Meudon inggih langkung nengenaken tampilan ingkang langkung pribadi wonten ing pérangan karakteripun Auguste Rodin lan piyambakipun inggih kasarékaken wonten ing situs punika[8].

Tiyang ingkang sepisanan dumunung wonten ing situs punika inggih Rodin lan Rose Beuret saking taun 1893 kanthi nyamektakaken suguhan furnitur lan poto-poto sinten tiyang ingkang sampun naté dalem wonten ing mriku, saéngga kita saged ngraosaken pagesanganipun tokoh ingkang sampun naté dalem wonten ing situs punika.[8]

Ing sak ngandapipun griya punika wonten satungaling taman ingkang éndah lan unik ingkang wonten ing lembah Seine, ingkang dipunsebut minangka Pavilion de l'Alma[9]. Rodin inggih sampun naté mahargyakaken karya-karyanipun wonten ing taman punika wonten ing Pameran Univversal ing taun 1900 lan saged pikantuk arta kanggé saged yasa malih Meudon[9]. Ingkang sepisanan, piyambakipun inggih ngawontenaken lokakya musiyum wonten ing sakiteripun griyanipun, lajeng piyambakipun pindhah dhateng pérangan griya ingkang langkung andhap, inggih punika ing sak wingkingipun château d'Issy ingkang sampun naté kobong ing taun 1871[9].

Paviliun punika inggih dipun-gantos lan dipundandosi malih ing taun 1930 déning satunggaling paméran ageng ing fasad beton bètèng Issy inggih ingkang dipunmbu ngginakaken dekorasi surplomnbe kanggé makamipun seniman lan garwanipun[8].

Ing taman punika, sapunika patung Rodin ingkang wonten sampun dipunatur kanggé dipunketingalaken dhateng masarakat umum[8]. Ing situs punika inggih dipunketingalaken kathah plester asli saking patung perunggu ingkang nyair ingkang misuwur inggih punika saking karyanipun eux du Baiser, du Monument à Victor Hugo, de Balzac, des Bourgeois de Calais ou encore de la Porte de l’Enfer sont ainsi conservés à Meudon[8]. C’est donc à Meudon que le visiteur se rapproche le plus de l’état original de l’œuvre de Rodin[8]. Dadosipun, wonten ing Meudon piyambak padatanipun para wisatawan inggih asring rawuh wonten ing situs punika kanggé ningali kaanan asli saking karyanipun Rodin[8]. Ambanipun Villa Bright wonten ing Meudon punika inggih wiyar sanget lan minangka papan ingkang wigati kanggé nyipta karya-karyanipun, ingkang dipunpandhegani déning seket praktisi ingkang béda-béda ingkang asiling lokakryanipun lajeng dipuntumbas déning Rodin[8].

Cacahipun wistawan besut

Ing musiyum Rodin saben taunipun boten kirang saking 700.000 tiyang ingkang sami rawuh wonten ing papan punika[10]. Manawi dipunétang, wisatawan asing ingkang langkung kathah sami rawuh dhateng musiyum punika tinimbang masarakat lokal[10]. Museum punika inggih kalebet salah satunggaling musèum ingkang paling misuwur wonten ing Prancis lan mapan wonten ing ranking wolu musiyum paling misuwur ing Prancis ing taun 2007[10]. Déné saking pangaribawa tingka internasional, padamelanipun Rodin ingkang sanget misuwur ing dunya punika ingkang nyurung musiyum kanggé tetep nengenaken kawicaksanan saking ranah internasional ingkang akip sanget[10].

Sumbang surungipun ing Nagara Sanèsipun besut

Gladri patung besut

Cathetan suku besut

  1. a b c d Musée Rodin
  2. a b c d e f g "Radio France Internationale - Matisse and Rodin exhibition". Diarsip saka sing asli ing 2021-04-17. Dibukak ing 2013-03-24.
  3. a b c d e f g A visitor's story of the Musée Rodin at night[pranala mati permanèn]
  4. a b c d e f g h i "Over 160 photos taken in the muséum". Diarsip saka sing asli ing 2008-09-17. Dibukak ing 2013-03-24.
  5. a b c d e f Rodin: The B. Gerald Cantor Collection
  6. Photos taken in Hotèl Biron
  7. a b c d e f g h i j k l m n o p Gustave Coquiot, Rodin à l’hôtel Biron et à Meudon, Ollendorff, Paris, 1917
  8. a b c d e f g h i j k l Musée Rodin Archived 2014-05-17 at the Wayback Machine. sur Insecula.com
  9. a b c d e f g h Décret Cithakan:N°93-163 du 2 février 1993 relatif au musée Rodin, JORF Cithakan:N°31 du 6 février 1993, p. 2023–2025, NOR MENB9200456D.
  10. a b c d "Muséostat 2007" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2008-12-03. Dibukak ing 2013-04-07.
  11. Dominique Jamet (dir.), Jean Fosseyeux (dir.) et Christian Pattyn (dir.), Les établissements publics sous tutelle du ministère de la Culture: Histoire administrative, Comité d'histoire du ministère de la Culture et La Documentation française, coll. « Travaux et documents » (Cithakan:N°18), Paris, 2004, 346Cithakan:Nb p. ISBN 2-11-094279-7, « Historique des établissements publics », p. 46.
  12. a b c d e Historique des établissements publics