Olahan Viètnam

Masakan Viètnam inggih punika cara masak lan ngidangakén panganan miturut tiyang Vietnam. Bumbu utami ing masakan Vietnam inggih punika kècap iwak kasil fermentasi ingkang dipunsebathoa]], ing antawis menumis, menggoreng, mengukus, lan merebus.

Masakan Viètnam

Sayuran méntah kados ta godong sélada, méntimun, sérta sayuran rémpah (rau thơm) kados ta godong kétumbar dipunsajiakén ing inggil méja ing kahanann ségèr. Sayuran rèmpah, godong sélada, utawi kulit lumpia saking tepung béras (bánh tráng) dipundamél kanggé bungkus lauk sadèrèngipun dimadhang. ing inggil méja, saben tiyang dipunsediaken piring alit mliginipun kanggé saus penyedap kados ta nước chấm ingkang dipundamel saking campuran kecap iwak kaliyan bawang putih, cabai, gula, cuka, lan jeruk nipis.

Makanan pokok ing Vietnam inggih punika sekul saking phở. panganan ingkang jangkep kanggé tiyang Vietnam kapérang saking nasi, sayuran, iwak utawi daging, lan sup. Daging ingkang asring dipunmasak dados lauk pauk inggih punika panganan laut, iwak toya tawar, daging ayam, daging sapi, daging babi, lan daging kambing. Bumbu lan rempah ingkang asring dipun-ginakaken ing masak inggih punika ebi, cabai, jahe, lengkuas, serai, bawang merah, jeruk nipis, godong ketumbar, saus hoisin, lan saus tiram.

Laladan asal

besut

Secara garis ageng, masakan Vietnam saged kapérang dados tiga laladan asal. Masakan Vietnam lor ingkang kawates kaliyan Tiongkok sanget dipunprabawai masakan Tionghoa. panganan Vietnam Tengah dipunprabawai tradisi masakan pura ingkang nyajiaken panganan ing porsi alit. Vietnam kidul inggih punika laladan tetanèn ingkang subur kaliyan mayoritas penduduk inggih punika tani. panganan ing Vietnam kidul dipunsajiaken ing porsi ageng[1], langking legi, lan dipunmasak kaliyan langkung kathah bawang putih.

Merica lan jahe punika bumbu utami kanggé masakan Vietnam lor[1] yang punika panggènan asal masakan kados ta phở lan bánh cuốn. Daging sapi langkung kathah dipunengge ing panganan asal Vietnam lor. manawi panganan laut langkung kathah dipunengge ing masakan Vietnam kidul. titikan kas masakan Vietnam Tengah inggih punika bumbu ingkang langkung kathah lan langkung pedes. Makanan Vietnam Tengah ingkang derektradisi jamuan makan pura nyajiaken panganan ing porsi alit lan jinis panganan ingkang langkung kathah.[1] Vietnam Tengah punika panggènan asal saking panganan kados ta bún bò Huế, cao lau (kwetiau kaliyan tauge lan daging babi), lan bánh khoai (lumpia kaisi urang, daging babi, ndok, lan sayuran). ing Vietnam kidul ingkang beriklim tropis, tiyang asring masak kaliyan santen lan bumbu kunyit. panganan saking Vietnam kidul ing antawisipun inggih punika kari lan bánh xèo isi daging babi utawi daging pitik. tiyang Kamboja ingkang kapabgaruh masakan India nepangaken kari ing Vietnam.[2] kasilipun wujud kari Vietnam ingkang boten sami kari saking India.

Sajarah

besut

sami Buddhisme saking Tiongkok, tiyang Vietnam nepang masakan vegetarian ingkang ngginakaken kacang kedelai lan pinten-pinten jinis sayuran. Semasa pendudukan Tiongkok ing Vietnam ingkang kalangsung langkung saking sewu taun, masakan Vietnam angsal prabawa kiat saking masakan Cina. saking tiyang Tiongkok, tiyang Vietnam sinau damel mi, tahu, lumpia (chả giò), masakan tumis, lan cara madhang kaliayan sumpit.[3] ing mangsa pendudukan Tiongkok, tiyang Mongolia ugi nepangaken daging sapi ing masakan Vietnam. tiyang Laos dateng nepangaken cabai, serai, lan terasi.

Semasa Vietnam dados koloni Prancis, budaya kuliner Vietnam diperkaya kaliyan pinten-pinten tèhnik masak saking masakan Prancis. ing antawisipun tiyang Vietnam nepang tèhnik sauté (nggoreng kaliyan kedhik lemak utawi lenga) lan damel kaldu bening saking koki Prancis. Kaldu bening punika dipun-ginakaken ing damel kuah phở yingkang sapunika sampun dados panganan nasional Vietnam. saking tiyang Prancis, tiyang Vietnam ugi sinau tèhnik damel roti kados ta baguette, café au lait, lan es krim.[3]

Penyajian Masakan

besut

tuyang Vietnam madang kapig tiga sadinten. panganan kanggé tiyang Vietnam punika sekul lan lauk pauk. manawi dèrèng madang sekul, tiyangg Vietnam "dèrèng madang". tiyang Vietnam "sampun madang " manawi namung madang sekul dipuntambag sakedhik kecap iwak (nước mắm).[3]

madang injing limrahipun punika sanget prasaja, kados ta phở, bubur sekul (cháo) kaliyan sekedik lauk wujud panganan laut utawi daging. Bubur ayam (cháo gà) punika ugi panganan injing ingkang populèr ing Vietnam. Roti baguette punika kanca kanggé ngunjuk kopi kanggé tiyang Vietnam. bènten kaliyan tiyang Vietnam kidul ingkang madang phở kados ta panganan injing. ing Hanoi, tiyang madang phở tanpa nepang wekdal, injing, siyang, utawi ndalu.

MAdangsiang dipunsajikan wiwit tabuh 11.00 injing.[2] ing jaman sapunika, tiyang Vietnam limrahipun wangsul ing griya kanggé madang siyang kaliyan kulawarga. nanging sapunika, tiyang Vietnam asring madang ing kafe utawi rumah makan.[2]

Masakan saking Sekul lan Ketan

besut
  • Cháo (bubur dari beras), cháo gà (bubur ayam)
  • Cơm chiên (nasi goreng)
  • Cơm gà (nasi ayam)
  • Cơm gà rau thơm: sekul ayam kaliyan godong mint.
  • Cơm trứng (nasi dengan telur ayam)
  • Cơm tấm: nasi saking beras pecah kaliyan lauk babi panggang.
  • Bánh chưng: masakan istimewa saking beras ketan kanggé karaméan Tết.
  • Xôi: berbagai jinis beras ketan ingkang ditanak kaliyan pinten-pinten bahan, asin utawi legi.

Cathetan suku

besut
  1. a b c Nguyen, Andrea; Andrea Quynhgiao Nguyen, Bruce Cost (2006). Into the Vietnamese Kitchen: Treasyde Foodways Modern Flavors. Ten Speed Press. ISBN 1-5800-8665-9.
  2. a b c Ray, Nick; Wendy Yanagihara (2005). Vietnam. Lonely Planit. kc. 64. ISBN 1-7405-9677-3.
  3. a b c Sterling, Richard; Tinh My Hoang (2000). Vietnam. Lonely Planit. ISBN 1-8645-0028-X.

Pranala njaba

besut