Pangéran Dipanegara
Bendara Pangéran Harya Dipanagara utawa ꦢꦶꦦꦟꦼꦓꦫ utawa ing basa Indonésia Pangéran Dipanegara (Ngayogyakarta, 11 Novèmber 1785-Makassar, 8 Januari 1855) iku pahlawan nasional Républik Indonésia. Pasaréyané dumunung ana ing Ujung Pandang.
ꦢꦶꦦꦟꦼꦓꦫ Dipanagara | |
---|---|
Lair | Kasultanan Ngayogyakarta | 11 Novèmber 1785
Surud | 8 Januari 1855 Makassar, Indhiya Nèderlan | (umur 69)
Astana | Makassar, Indonésia |
Garini | Kedhaton Ratnaningsih Ratnaningrum |
Putra | 17 kakung lan 5 putri |
Wangsa | Hamengkubuwana |
Bapa | Hamengkubuwana III |
Ibu | R.A. Mangkarawati |
Asal-usul Dipanagara
besutDipanagara iku putra Dalem pambarep Ngarsa Dalem Hamengkubuwana III kang jumeneng nata ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Miyos tanggal 11 Novèmber 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R. A. Mangkarawati kang asalé saka laladan Pacitan. Pangéran Dipanagara gadhah asma timur Bendara Radèn Mas Antawirya.
Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Dipanagara nulak kersaning ingkang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang ngersakaké Dipanagara nglintir keprabon utawa jumeneng nata. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Wusana dhampar keprabon banjur kalintiraké marang adhiné kang miyos saka garwa padmi, yaiku GRM Ibnu Jarot, kang jumeneng nata Sultan Hamengkubuwana IV. Panjenengané gadhah garwa telu yaiku: Bendara Radèn Ayu Antawirya, Radèn Ayu Ratnaningsih, lan Radèn Ayu Ratnaningrum.
Dipanagara luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak kalawan kawula saéngga luwih remen lenggah ing Tegalreja, dalemé éyang buyut putri, garwa pramèswari saka Sultan HB I asma Kangjeng Ratu Ageng Tegalreja, tinimbang urip ana ing kraton. Pangramané marang kraton diwiwiti nalika jumenengé Sultan Hamengkubuwana V (1822) yaiku nalika Dipanagara kalebu salah sijining anggota para wali Dalem kang ngamping-ampingi Ngarsa Dalem, nalika semono isih yuswa 3 taun, déné papréntahané sadina-dina diasta déning Patih Danureja IV bareng karo Résidhèn Walanda. Cara dadi wali kang kaya mangkono iku ora disarujuki déning Dipanagara.
Riwayat Perjuangan
besutPerang Dipanagara miwiti nalika Walanda masang pathok ing lemah kagungané Dipanagara ana désa Tegalrejo. Wektu iku, panjenengané pancèn wis ora kersa karo tumindaké Walanda kang ora ngajèni adat istiadat lan meres para kawula kanthi pajeg.
Tumindaké Dipanagara kang nentang Walanda kanthi terang-terangan, olèh simpati lan panjurung saka para kawula. Kanthi panyaruwé saka Pangéran Mangkubumi, ingkang uwa, Dipanagara nyingkir saka Tegalreja, lan gawé pesanggrahan ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu iku, Dipanagara nyatakaké yèn pangramané iku minangka prang sabil, prang ngadhepi kaum kapir. Gregeté "perang sabil" kang dikobaraké déning Dipanagara nggawa prabawa nganti tekan wewengkon Pacitan lan Kedu. Salah sawijining ngulama ing Surakarta, yaiku Kyai Maja, mèlu dadi barisané Dipanagara ing Guwa Selarong.
Sajeroning perang iki kapitunan kang kudu disandhang Walanda ora kurang saka 15.000 wadya lan 20 yuta gulden.
Manéka cara terus direkadaya déning Walanda kanggo nyekel Dipanagara, malah nganggo nganakaké sayembara mawa bebungah 50.000 gulden kang bakal diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nyekel Dipanagara. Nganti pungkasané Dipanagara kapilut lan kalakon dipikut ing taun 1830.
Dicekel lan dibuwang
besut- 16 Fèbruari 1830 Pangéran Dipanagara lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purwareja. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangéran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu rawuhé Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.
- 28 Maret 1830 Dipanagara nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké parembugan lan ndesek Dipanagara supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Dipanagara. Nanging Walanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina iku uga Dipanagara ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhong Karésidhènan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.
- 11 April 1830 tekan Batavia lan ditawan ing Stadhuis (saiki gedhong Museum Fatahillah), sawatara nunggu kaputusan saka Gubernur Jenderal Van den Bosch.
- 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangéran Dipanagara, Radèn Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pendhèrèk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.
- 3 Mèi 1830 Dipanagara lan rombongan dibudhalaké nganggo kapal Pollux menyang Manado lan ditawan ing Bèntèng Amsterdam.
- 1834 dipindhahaké menyang Bèntèng Rotterdam ing Makassar, Sulawesi Kidul.
- 8 Januari 1855 Dipanagara séda lan disarèkaké ing kampung Jawa, Makassar.[1]
Sajeroning perjuangan, Pangéran Dipanagara dibantu déning putrané kang asma Bagus Singlon utawa Ki Sodewo. Ki Sodewo ngayahi paperangan ing wewengkon Kulon Praga lan Bagelen.
Ki Sodewo duwé ibu kang asmané Citrowati, kang séda ing sajeroning serangan Walanda. Ki Sodewo cilik utawa Bagus Singlon tuwuh diwasa sajeroning asuhan Ki Tembi, tangan tengené Pangéran Dipanagara. Bagus Singlon utawa Radèn Mas Singlon utawa Ki Sodewo sawisé rumaja banjur nyusul bapaké ing papan palagan. Saora-orané Pangéran Dipanagara duwé 17 putra lan 5 putri, kang kabèh saiki nyebar ing saindhenging Indonésia, kalebu ing Jawa, Sulawesi lan Maluku.
Rujukan
besut- ↑ Makam Pangeran Dipanagara ing Makassar Archived 2009-07-26 at the Wayback Machine..
Wacan
besut- Sajarah Perjuangan Pangeran Dipanagara, déning Dr.Purwadi.M.Hum lan Megandaru W.Kawuryan.S.IP., Penerbit Tunas Harapan Yogyakarta, Cithakan I taun 2005,ISBN 979-1117-85-3
Deleng uga
besutPranala njaba
besut- Sebelum Dibuang ke Manado, Pangeran Dipanagara Ditahan di Museum Sejarah, Kompas
- Portal Nasional Républik Indonésia:Makam Pangeran Dipanagara Archived 2009-07-26 at the Wayback Machine.
- Pangeran Dipanagara (1785-1855) Pejuang Berhati Bersih[pranala mati permanèn] url diakses 9 April 2008.
Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |