Salam (tetanduran)
Salam | |
---|---|
Godhong Salam | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Myrtales |
Famili: | Myrtaceae |
Génus: | Syzygium |
Spésies: | S. polyanthum |
Jeneng binomial | |
Syzygium polyanthum (Wight) Walpers |
Salam (jeneng Latin Syzygium polyanthum.[1][2] E. lucidula Miq.,[3] atawa Eugenia polyantha[3]), utawa luwih sok diarani Godhong Salam ya iku salah siji rempah wujud godhong sing bisa digunakaké dadi bumbu masakan.[2] Godhong salam uga bisa kanggo nambani manéka lelara.[2]
Tandhuran Salam kang kalebu godhong rerempahan, racaké kanggo bumbu masak bisa kanggo nambani diare, kencing manis, kolesterol lan liyan-liyané.[4] Pérangan kayu lan oyot uga duwé khasiat obat.[5] Salam ditandur dijukut godhongé kanggo bumbu masak, kulit kayune kanggo bahan pewarna jala atawa anyaman pring. Uwohe bisa dicangkok lan distek.[5]
Jeneng laladan
besutWit Salam iki duwé jeneng liya,[6] ya iku:
Khasiat godhong salam
besutGodhong Salam kanggo usada:
- Kolesterol tinggi [7]
- Kencing Manis (Diabetes Mellitus)[7],
- Godhong Salam 75-100 gr digodhog nganggo banyu 3 gelas nganti separoné.[8] Banyu godhogané didhemké lan disaring, diombe sadina kaping telu, saombenan setengah gelas.[8]
- Dina kapindho, Godhong Salam sing wingi bubar digodhog ditambahi banyu 3 gelas manèh.[8] digodhog manèh nganti separoné.[8] Diombe kaya dina pisanan.[8]
- Dina katelu.[8] Godhong Salamé diganti sing isih anyar digodhog manèh lan diombe kaya dina-dina sadurungé.[8]
- Kaya mangkono saterusé nganti kadar gula normal.[8]
- Blegudreg (Hipertensi)[7]
- Radang lambung/maag (gastritis)[7]
- Mencret[7], 15 lembar Godhong Salam digodhog nganggo rong gelas banyu udakara limalas menit.[2] Sawisé adhem diwènèhi uyah sithik, banjur diombe.[2]
- Mabuk amarga alkohol[5], segegem woh salam dibebeg nganti alus, peres lan saring, banyuné diombe.[2]
- Antioksidan[6]
- Asam urat[9]
- Gatel-gatel, Godhong Salam lan kulit wit utawa oyode, kumbah, banjur digiling nganti alus.[2] Tambahi lenga klapa.[2] Usapaké ing kulit sing gatel.[2]
Kandungan kimia
besutGodhong Salam duwé kandhutan lenga atsiri (seskuiterpen,lakton, fenol), tanin, triterpen, alkaloid, saponin lan flavonoid[6]
Morfologi tuwuhan Salam
besutDhuwuré tekan 25 m, batang bunder, kulit kayu lunyu, oyoté tunggang[10]. Dawané rangkai Godhong 0,5–1 cm. Godhongé ana kang lonjong, elips lan ana kang bunder telur sungsang, pucuké lancip, bongkoté lincip, pinggiré rata, balungé godhong menyirip, godhong pérangan dhuwur warnané ijo tuwa, pérangan ngisoré ijo enom, dawané watara 5–15 cm, ambané 3–8 cm, manawa diremes mambuné wangi [6]. Kembang majemuk kasusun kanti rupa malai kang metu saka pucuking epang, warnané putih, mambuné wangi [6]. Uwohé buah buni, bunder diameteré watara 8–9 mm, uwoh kang esih enom warnané ijo, manawa wis mateng warnané dadi abang tuwa, rasané rada sepet [6]. Wijiné bunder. Diameteré watara 1 cm, warnané soklat [6].
Cathetan suku
besut- ↑ Tropilab dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ a b c d e f g h i [ http://masenchipz.com/khasiat-daun-salam-2 Archived 2011-07-28 at the Wayback Machine.. Masenchipz:Khasiat Daun Salam.](diakses tanggal 7 Maret 2011)
- ↑ a b Salam dan khasiatnya Archived 2011-04-14 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ Khasiat Buah (Daun Salam) Archived 2011-04-23 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ a b c Salam dan khasiatnya Archived 2011-03-03 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ a b c d e f g EFEK ANTIOKSIDAN EKSTRAK ETANOL 70% Archived 2011-01-03 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ a b c d e "Khasiat Daun Salam". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-23. Dibukak ing 2011-04-11.
- ↑ a b c d e f g h Salam Obat Alternatif Untuk Kencing Manis.(diakses tanggal 7 Maret 2011)
- ↑ Salam sebagai obat asem urat dipununduh tanggal 11 April 2011
- ↑ Cara Hidup Archived 2011-04-05 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 10 April 2011