Soe Hok Gie (lair ing Jakarta, 17 Dhésèmber 1942 – tilar donya ing Gunung Semeru, 16 Dhésèmber 1969 nalika umur 26 taun) iku aktivis Indonésia, mahasiswa Fakultas Sastra Universitas Indonésia Jurusan Sajarah taun 1962–1969, demonstran, penulis, lan anggota MAPALA UI.[1] Jênêng Soe Hok Gie iku dialèk Hokkian saka jeneng Su Fu-yi ing basa Mandarin (Hanzi: 蘇福義). Leluhuré Soe Hok Gie asalé saka provinsi Hainan, Républik Rakyat Cina. Dhèwèké kondhang amarga srêgêp nulis ing manéka mèdia massa lan buku cathêtan padinané ditêrbitaké dadi buku.

Soe Hok Gie
Soe Hok Gie ing Pucuk Pangrango, 1967
Lair(1942-12-17)17 Dhésèmber 1942
Jakarta, Indonésia
Pati16 Dhésèmber 1969(1969-12-16) (umur 26)
Semeru, Jawa Wétan, Indonésia
Jakarta, Indonésia
6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°E / -6.17203; 106.819037Koordhinat: 6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°E / -6.17203; 106.819037
BangsaIndonésia
Alma materUniversitas Indonésia, Kolese Kanisius
Karya kondhangSoe Hok Gie: Catatan Seorang Demonstran, Soe Hok Gie Sekali Lagi, Orang-Orang di Persimpangan Jalan, Di Bawah Lentera Merah
Wong tuwaSalam Sutrawan (Soe Lie Piet) (ayah)
DulurArief Budiman (Soe Hok Djin) (kakak)
Soe Hok Gie
Cina Padatan 蘇福義
Cina Prasaja 苏福义

Pêndhidhikan

besut

Dilairaké saka kulawarga Tionghoa Indonésia, duwé bapak tukang nulis novèl. Mula iku wiwit cilik wis cedhak karo sastra, jagad tulis, lan buku. Tuladhané nalika isih Sêkolah Dasar dhèwèké wis maca karya-karya sastra abot kaya karangané Pramoedya Ananta Toer.[1] Nalika SD dhèwèké tunggal sêkolahan karo kangmasé, Soe Hok Djie (Arief Budiman). Nalika SMP dhèwèké nêrusaké ing SMP Strada, kangmasé ing Kanisius. Soe Hok Gie banjur nêrusaké pêndhidhikan SMA ing Kolese Kanisius jurusan Sastra. Ing jurusan iki dhèwèké wiwit kenal lan seneng ngèlmu Sajarah. Saka iku uga dhèwèké kenal pulitik. Sawisé lulus SMA, dhèwèké nerusaké menyang Universitas Indonésia jurusan Sajarah.

Urip Padinan

besut

Soe Hok Gie kalêbu wong kang seneng maca. Nalika SD wis maca tulisan-tulisané Pramoedya Ananta Toer, nalika umur 14 wis maca tulisané Mahatma Gandhi lan Rabindranath Tagore.[2] Dhèwèké uga sênêng nulis. Sabên dina dhèwèké nulis ing buku cathêtan padinan, saliyané iku dhèwèké kêrêp nulis artikel ing kalawarti lan koran. Amarga tulisan-tulisané, dhèwèké uga kondhang dadi salah sawijining aktivis mahasiswa taun 1965.

Karyane

besut

Geguritan

besut

Soe Hok Gie uga seneng nganggit geguritan. Gêguritan karyané kasêbar ing kalawarti, koran, lan buku cathêtan padinané. Gêguritan karyané ya iku:

  • Mandalawangi – Pangrango. Kaserat taun 1966.
  • Sebuah Tanya. Kasêrat taun 1969.
  • Pesan. Kasêrat taun 1973.

Saliyané gêguritan ing dhuwur isih ana gêguritan liyané kang ora ana irah-irahané.

  • Orang-Orang di Persimpangan Kiri Jalan

Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1997 saka skripsi S1ne babagan pemberontakan PKI Madiun.

  • Di Bawah Lentera Merah

Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1999 saka skripsi sarjana mudane babagan Sarekat Islam Semarang.

Artikel

besut

Soe Hok Gie kerep nulis artikel ing koran-koran nasional, kaya ta Kompas, Harian Kami, Sinar Harapan, Mahasiswa Indonésia, dan Indonesia Raya. Artikel-artikel iku nalika taun 2005 diterbitake dadi buku déning Gagas Media kanthi irah-irahan Zaman Peralihan

Karya Babagan Gie

besut

Soe Hok Gie ora nggawe filem, nanging ana filem kang nyritakake Soe Hok Gie, irah-irahane Gie. Film iki karangane Riri Riza nalika taun 2005 kanthi Nicholas Saputra kang dadi tokoh mligi.

  • John Maxwell nulis buku biografi Soe Hok Gie kanthi judhul Soe Hok Gie - A Biography of A Young Indonésian Intellectual (Australian National University, 1997).
  • Soe Hok Gie: Catatan Seorang Demonstran

Buku iki diterbitake LP3ES taun 2005 saka cathetan padinane.

  • Soe Hok-Gie...Sekali Lagi: Buku Pista dan Cinta di Alam Bangsanya

Karyane Rudy Badil, Luki Sutrisno Bekti, lan Nessy Luntungan R. Diterbitake Kepustakaan Populer Gramedia (KPG) nalika taun 2009.

Pranala njaba

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b Biografi Soe Hok Gie
  2. "Misteri Hidup Soe Hok Gie". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-13. Dibukak ing 2012-06-20.