Tumpeng Megana inggih punika salah satunggaling jinis sesajèn ingkang awujud tumpeng (sekul pethak ingkang dipundamel kados gunungan) saha kapacak kacang ingkang sampun dipunmagsak. Kacang kala wau dipuntata mlingker dumugi pucuking tumpeng. Wonten ing pucuk tumpeng kapacak brambang saha lombok abrit ingkang kekalihipun dipunsunduki dados satunggal nganggé biting. Wonten ing sisih tengen saha kéring tumpeng kapacak janganan saha lawuh ingkang sampun dipunmagsak.
Tegesipun tembung megana inggih punika janganan ingkang maujud saking tembung andhahan jangan ingkang tegesipun lelawuhan ingkang dipundanel nganggé ampas utawi duduh. Janganan saged negwrat teges ingkang béda-béda. Tegesipun janganan ingkang kaping sapisan inggih punika, sayuran, inggih punika gegodhongan ingkang saged dipunjangan. Kaping kalih, tegesipun inggih punika gudhangan, kuluban. Ingkang kaping tiga tegesipun inggih punika barang mas-inten ingkang dipunjangan. Nanging saking sadaya tegesipun janganan inggih ngewrat satunggal teges ingkang sami inggih punika sayuran.[1] Tembung megana maujud saking kreta basa mergane bisa ana. Tegesipun inggih punika minangka wujud saking sadaya ingkang wonten ing alam dunya punika, bilih sadaya ingkang wonten ing dunya punika saking ciptaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Tumpeng megana punika wujud tumpeng ing tengahipun, déné ing sak pinggiring tumpeng wonten caruban janganan. Maneka warna janganan ingkang dipuncampur ing antawisipun bayem, thokolan utawi kecambah, saha kangkung.[1]

Tumpeng Megana

Uborampe besut

Jinising janganan ingkang dados ubarampé wonten ing tumpeng megana ing antawisipun kacang, wortel, lobis, ron mlinjo, thokolan, godhong bayem, saha godhong tela. Jinising lawuh ingkang dados ubarampé wonten ing tumpeng megana inggih punika tempe gorèng, ayam goreng, iwak asin, saha tigan ayam ingkang sampun dipunmangsak.[2]

Makna Simbolik besut

Saking sadaya uborampe ingkang dados pelengkapipun tumpeng megana, sadaya gadhah makna simbolik ingkang béda - béda.[3]

  1. Bayem, maujud sakiing tembung ayem tegesipun, tiyang ingkang gadhah damel punika badhé langkung ayem lan pikantuk raos tentrem.
  2. Thokolan, saking tembung thukul, tegesipun tumbuh. Makna simbolikipun inggih minangka wenih ingkang badhé nuwuhaken taneman énggal. Bilih ancasipun, gesang satunggaling tiyang punika badhé lestari tumekeng wuri kanthi thukulipun swasana pagesanagn ingkang énggal.
  3. Kangkung, inggih punika tuwuhan ingkang saged urip ing kalih papan, ing dharat saha ing toya. Makna simbolikipun ngginakaken kangkung inggih punika supados manungsa punika saged langkung kiyat nalika nglampahi gesang ing bebrayan, sadaya pacoban saged dipuntindakaken kanthi manah ingkang wiyar, saha saged luwes ing pundi kémawon papanipun.
  4. Gereh pethek utawi iwak asin inggih punika kéwan ingkang urip kanthi kelompok-kelompok ing laut. Iwak asin anggènipun urip boten naté piyambakan ing kelompokipun. Maknanipun gereh pethek inggih supados manugsa punika saged gesang tembayatan kanthi gotong-royong, tulung tinulung ing masarakatipun. Amargi kanthi tulung tinulung saha gotong royong punika minangka sumber kekiyatan. Dados, kanthi gotong royong sadaya prakawis ingkang wonten saged dipunrampungaken kanthi rampung awit saking wontenipun surung pambiyantu saking tiyang sanès.
  5. Urap, minangka bumbu ingkang dipuncampuraken ing janganan dipundamel saking parutan klapa. Maknanipun inggih kados wit kambil ingkang sadaya bageyanipun saged migunani dhateng tiyang kathah, saking pucuking godhong kambil, batangipun, wohipun, dumugi oyotipun saged dipun-ginakaken déning sadaya tiyang.

Uga delengen besut

Cathetan suku besut

  1. a b staff.uny.ac.id/sites/default/files/TUMPENG RUWATAN DAN FALSAFAH HIDUP JAWA.pdf TUMPENG RUWATAN DAN FALSAFAH HIDUP JAWA (dipunundhuh tanggal 31 Dhésèmber 2012)
  2. [1] Archived 2012-05-20 at the Wayback Machine. The Legend of this Ceremony and the Offerings (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)
  3. [2] Archived 2013-03-10 at the Wayback Machine. Serial Primbon 106 Selamatan Kandungan (2) (dipunundhuh tanggal 2 Januari 2013)