Orchidaceae
ꦄꦁꦒꦿꦺꦏ꧀
Lukisan Ernst Haeckel, Kunstformen der Natur
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Orchidaceae
Juss.
Subfamilia

.

Suku anggrèk-anggrèkan utawa Orchidaceae iku suku tetuwuhan ngembang kanthi anggota jinis paling akèh. Jinis-jinisé kasebar wiyar saka laladan tropika teles tekan wewengkon sirkumpolar, sanadyan sapérangan gedhé anggotané tinemu ing laladan tropika. Akèh-akèhé anggota suku iki urip minangka epifit, mligi kang asalé saka laladan tropika. Anggrèk ing laladan iklim sedheng lumrahé utip ing lemah lan minangka umbi minangka cara adhaptasi marang usum adhem. Organ-organé kang lumrahé kandel lan "ndaging" (sukulen) marakaké tahan ngadhepi tekanan sumadyaning banyu. Anggrèk epifit bisa urip saka embun lan udara lembab.

Anggota wigati kang kaloka manungsa ya iku anggrèk hias sarta panili.

Ciri-ciri botani

besut

Anggota suku iki lumrahé duwé organ-organ kang sukulen utawa "ndaging": kandel kanthi kandhutan banyu kang dhuwur. Mila bisa urip ing kaanan banyu sithik. Banyu diantuki saka udan, embun, utawa uwab banyu ing udara. Nanging, sanadyan mangkono, anggrèk ora tinemu ing laladan ara-ara amarya pangoyotané ora intensif. Anggrèk seneng cahya srengéngé nanging ora langsung saéngga anggrèk biyasa tinemu ing alam minangka tetuwuhan njogan alas utawa ing sangisoring naungan. Minangka tetuwuhan hias, anggrèk tahan ing njeron ruwang.

Oyoté serabut, ora jero. Jinis-jinis epifit ngembangaké oyot sukulen lan nèmplèk ing watangé wit papané tuwuh. Ing kulit oyot sok tinemu jamur oyot (mikoriza) kang simbiosis karo anggrèk.

Watang anggrèk ros-rosan. Anggrèk kang urip ing lemah ("anggrèk lemah") watangé cendhak lan lumrahé mèmper umbi. Sauntara iku, anggrèk epifit watangétuwuh apik, asring saya kandel lan kareksa lapisan lilin kanggo nyegah panguapan kang kakèhen. Tuwuhing watang bisa asifat "saya dawa" (monopodial) utawa "saya amba" (simpodial), gumantung genusé.

Godhong anggrèk lumrahé oval dawa kanthi balung godhong uga dawa, kas godhong monokotil. Godhongé bisa uga saya kandel lan duwé fungsi minangka panyimpen banyu.

Kembang anggrèk wanguné kas lan dadi panyiri kang mbédakaké saka anggota suku liya. Kembang-kembang anggrèk kasusun majemuk, mijil saka gagang kembang kang dawa, mijil saka kelèk godhong. Kembangé simetri bilateral. Helaian Kelopak kembang (sepal) lumrahé warnané mèmper karo makutha kembang (saéngga ingaran tepal). Sak helai makutha kembang kamodifikasi minangka kaya "ilat" kang ngreksa sawijining struktur aksesoris kang nggawa benang sari lan putik. Benang sari duwé gagang cendhak banget kanthi loro kepala sari wangun cakram cilik (ingaran "pollinia") lan kareksa déning struktur cilik kang kudu dibukak déning gegremet panyerbuk (utawa manungsa kanggo panili) lan nggawa serbuk sari nuju cangkem putik. Tanpa direwangi organisme panyerbuk, ora bakal dumadi panyerbukan.

Woh anggrèk wanguné kapsul kang wernané ijo, yèn wis tuwa lan mateng dadi garing lan kabukak ing pinggir. Wijiné cilik banget tur enthèng, saéngga gampang kagawa angin. Wiji anggrek ora nduwé jaringan panyimpen cadangan pangan; malah embrioné durung mateng sampurna. Wiji bakal thukul yèn tiba ing medium kang selaras lan terus tuwuh nganti mateng.

Pamanfaatan

besut

Anggrèk kaloka minangka tetuwuhan hias populèr kang dijupuk kembangé. Kembang anggrèk éndah banget lan variasiné mèh ora winates. Anggrèk biyasa didol minangka tetuwuhan pot utawa minangka kembang potong. Indonésia duwé akèh jinis anggrèk, mligi anggrèk epifit kang urip ing wit-witan alas saka Sumatra tekan Papua. Anggrèk bulan iku kembang pesona bangsa Indonésia. Anggrèk uga dadi kembang nasional Singapura lan Thailand.

Anggrèk asring dipigunaaké minangka simbul saka rasa tresna, kaméwahan, lan kaéndahan suwéné maabad-abad. Bangsa Yunani migunakaké anggrèk minangka simbul kajantanan, sauntara bangsa Tiongkok ing jaman biyèn percaya yèn anggrèk iku tetuwuhan kang ngetokaké ganda arum saka awaké Kaisar Tiongkok.

Ing pertengahan jaman, anggrèk duwé peran wigati ing pangembangan tèhnik pangobatan migunakaké tetuwuhan. Panggunaané uga mawiyar nganti dadi bahan ramu-ramuan lan malah naté dipracaya minangka bahan baku utama panggawéyan ramuan ramuan katresnan ing mangsa tartamtu. Nalika anggrèk mijil ing impèning wong, iki dipracaya minangka simbul representasi saka kabutuhan kang jero marang kalembutan, romantisme, lan kasetyan ing sawijining gegayutan. Akiré, ing wiwitaning abad kaping 18, kegiyatan ngolèksi anggrèk wiwit dadi kagiyatan kang akèh dilakoni ing saindenging donya, mligi amarga kaéndahan tetuwuhan iki.

Panili (Vanilla planifolia) uga wujud anggota suku anggrèk-anggrèkan. Tetuwuhan iki dimanfaataké wohé. Kanggo ngasilaké woh, panili kudu "dikawinké" déning manungsa, amarga gegremet ora bisa urip ing sanjabaning laladan asalé, sanadyan saiki usaha-usaha nuju pamanfaatan gegremet wiwit dilakoni.

Jinis-jinis anggrèk hias

besut

Panyebutan jinis anggrèk hias biyasa disebutaké kanthi jeneng genusé waé amarga akèh banget hibrida antarspesies lan antargenus kang wis gigawé. Akibaté, pananduran anggrèk nduwé sawijining aturan mirunggan kang rada "nyimpang" saka aturan pananduran botani biyasa.

Ing ngisor iki jeneng-jeneng gènus anggrèk hias populèr:

Pranala njaba

besut