Jéngkol

(Kaelih saka Jèngkol)
Jéngkol
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Mimosoideae
Génus: Archidendron
Spesies

Archidendron pauciflorum (Benth.) I.C.Nielsen

Jéngkol (jeneng èlmiah: Archidendron pauciflorum) ya iku wit kang racaké tukul ana ing wewengkon Asia Tenggara.[1] Jéngkol ngasilaké ambu kang ora énak pada kaya peté,[2] nanging luwih nyengat.[3] Jéngkol wijiné empuk, tekstur iku kang gawé jéngkol disenengi wong akèh.[3] Kang marakaké jéngkol duwé ambu kang ora énak iku amarga kandhutan asem amino kang ana ing woh jéngkol mau.[2] Asam amino iku mau didominasi asem amino kang duwé kandhutan unsur sulfur utawa jeneng kang umum wlirang.[2]

Lumrahé jéngkol ing Indonésia diasilaké ing wewengkon Lampung.[4]

Jeneng liya

besut

Wong-wong ing Malaysia nyebuté jéngkol iku jering, wong-wong Myanmar nyebuté da nyin thee lan wong-wong ing Thailand Kidul nyebuté luk-nieng utawa luk neang.[5]

Secara populèr wong-wong Indonésia uga ana kang nyebut jéngkol "kancing levis", amarga dhapuré kang bunder diasosiasikan kaya benik jins Levi's.[3]

Panganan

besut
 
Nasi uduk didhahar karo semur jèngkol, iwak empal, lan krechek.

Wiji jéngkol bisa dipangan langsung utawa dimasak. Lumrahé dimasak semur, lan dingertèni wong-wong Sundha kanthi jeneng ati macan utawa "hati macan".[3]

Kajaba disemur, wiji jéngkol uga bisa digawé dadi keripik kaya ta emping saka mlinjo, kanthi cara digencèt nganti gèpèng, digaringaké lan digorèng nganggo lenga panas.[3]

Kandhutane Jéngkol

besut

Kandhutan asem jéngkolat kang ana ing wiji jéngkol warna-warna.[6] Kandungan asem jéngkolat gumantung karo varietas lan umur wiji jéngkol.[6] Cacahé antarané 1 – 2 % saka aboté wiji jéngkol.[6]

Jéngkol nyatané duwé manfaat kang akèh.[1] Miturut panelitèn kang wis katindakaké, jéngkol uga akèh kandhutan karbohidrat, protéin, vitamin A, vitamin B, vitamin C, fosfor, kalsium, alkaloid, lenga atsiri, steroid, glikosida, tanin, lan saponin.[1] Khusus kanggo vitamin C kandungané ana 80 mg saka 100 gram wiji jéngkol.[1] Kanggo angka kecukupan gizi kang kaprayogakaké saben dinané ya iku 75 mg kanggo wong wadon lan 90 mg kanggo wong lanang.[1]

Jéngkol uga dadi sumber protéin kang apik ya iku 23,3 g saben 100 g jéngkol.[1] Kadar protéiné ngluwihi saka témpé kang mung 18,3 g saben 100 g.[1] Zat besi kang ana ing jéngkol antarané 4,7 g saben 100 g.[1] Jéngkol uga apik kanggo balung amarga jéngkol duwé kandhutan kalsium, ya iku 140 mg saben 100 g.[1]

Bebaya

besut

Ambuné jéngkol iku salah sijiné efèk nègatif kanggo kang mangan, nanging sebeneré bisa dikurangi kanthi cara dikom/direndem utawa digodhog.[3] Ambuné pas kencing bisa dikurangi yèn mbilas dilakokaké sadurungé lan sawisé nguyuh (kencing) kanthi jumlah kang akèh.[3]

Bebaya kang disebabaké jéngkol kejaba ambuné, uga bisa njalari lelara jéngkolen.[6] Sebabé asem jéngkolat bisa ndadèkaké gangguan kaséhatan,[6] ya iku dadiné kristal asem jéngkolat kang bisa nyumpel saluran air seni.[6] Saya suwé kristal kang iku mau saya akèh lan suwé-suwé bisa ndadèkaké infèksi.[6]

Asam jéngkolat uga bisa njalari wurung.[7] Faktor kang njalari wurung amarga kakèhan asem jéngkolat.[7]

Kejaba saka iku jéngkol ana agama Islam uga hukumé mubah.[6]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i Jengkol, Bau tapi Ada Manfaatnya Loh[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
  2. a b c Jengkol, Meski Bau, Bergizi Tinggi Archived 2020-08-14 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
  3. a b c d e f g Selasa,06 Oktober 2009 Manfaat Jengkol[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
  4. Harga Jengkol Melonjak Gara-gara Cuaca copyright @2011 Detik.com (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
  5. sosarsenic.net
  6. a b c d e f g h Jengkol yang Berbahaya Copyright © 2008-2010 Halal Guide (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)
  7. a b Keracunan Jengjok Copyright © 2006-2010 PIOGAMA UGM[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 30 Maret 2011)

Pranala njaba

besut