Kodhok

(Kaelih saka Kodok)
Kodhok
Kalamangsa: Jura-Saiki
Dendropsophus microcephalus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Amphibia
Ordho: Anura
Merrem, 1820
Subordo

Archaeobatrachia
Mesobatrachia
Neobatrachia
-
Pratélan suku-suku kodhok

Kodhok (basa Inggris: frog) lan bangkong (b. Inggris: toad) (anaké ingaran percil) iku kéwan amfibi kang paling ditepungi wong ing Indonésia.[1]Amphi kang artiné rangkep loro lan Bios artiné urip utawa kéwan kang duwé balung mburi (vèrtebrata) bisa uripé ana ing loro alam, saéngga kodhok uga bisa ngalamimetamorfosis yaiku semangsa urip ing banyu nggunakaké kepet/ingsan.[1] Ambegan nganggo ingsan uga langi karo kepet buntuté.[1] Ing mangsa diwasa kodhok bisa ambegan karo paru-paru lan lumaku nganggo sikil ana ing lemah.[1] Kulawarga kéwan iki kagolong kodhok kang ora duwé buntut (anura) lang bangsa (apoda) uga kagolong amfibi kang duwé buntut lan sikil yaiku kabèh kalebu ing suku salamander (caudata/urodela).[1] Bocah-bocah lumrahé seneng karo kodhok amarga wanguné lucu, kerep mlumpat-mlumpat, ora tau nyokot lan ora mbebayani.[1] Mung wong diwasa kang kerep rumangsa jijik utawa wedi kang ora ana alasané marang kodhok.[1]

Awaké kodhok cendhèk, lemu utawa kuru, gegeré rada wungkuk, sikilé papat lan ora ana buntuté (anura: a ora, ura buntut).[1] Kodhok lumrahé duwé kulit alus, lembab, kanthi sikil mburi kang dawa.[1] Suwaliké bangkong kulité kasar mawa bintil-bintil nganti mbingkul-mbingkul, asring garing, lan sikil mburiné asring mung cendhak waé, saéngga akèh-akèhé kurang pinter mlumpat adoh.[1]

Punah

besut

Présidhèn Perkumpulan Kebun Binatang se-Asia Tenggara (SEAZA) Drs Jansen Manansang M.Sc nerangaké yèn kurang luwuh 10 èwu nganti 600 èwu spésies kodhok cures.[2] Kaanan iki mrelokaké rékomendasi kanggo anané upaya konsérvasi amphibia ing Indonésia.[2]

Indonésia duwé spesiés kodhok kang paling akèh ing Asia lan nomer loro sadonya sawisé Brasil.[2] Nanging spésies kodhok ing Indonésia uga akèh kang cures.[2]

Ana spésies kodhok kang wis angél tinemu, kaya ta kodhok sawah kang urip ing sawah.[2] Kodhok sawah akèh kang mati amarga akèh pari kang disemprot péstisida saéngga kodhok padha keracunan lan ora gelem urip ing sawah.[2]

Saliayané iku éfék pemanasan global kang marakaké inféksi jamur clyrid uga ing méh kabéh tlatah ing donya uga ndadékaké satwa mligi amphibia dadi cures.[2]

Panalitén Global Amphibian Assessment nerangaké yèn saka 5.918 spésies amphibi, 35 spésies dipestéké cures, 1.896 spésies ing kondisi kang kritis lan 2604 spésies méh cures.[2]

Spesies anyar

besut

Ing Panama tinemu spésies kodhok anyar.[3] Ana rong spésies anyar kang tinemu.[3] Kodhok kang sikilé ngglembung iki duwé jeneng ilmiah Pristimantis educatoris.[3] Para paneliti kang ketuané herpetologis saka University of Maryland, Amérikah Sarékat Karen Lips nemu spésies anyar iki ing El Cope, yaiku sawijining laladan ing njeroné Taman Nasional Omar Torrijos, Panama.[3] Kodhok iki ukura awaké cilik banget.[3] Dawane mung 0,8 nganti 1,6 inci utawa 2 nganti 4 centiméter.[3] Werna matané gabungan antarané warna abang lan kuning rada oranyé.[3]

Ana manèh spésies anyar kang tinemu ing Cerro Piña, Provinsi Darien, Panama, yaiku tapal wates Kolombia.[3] Kodhok spésies anyar iki duwé jeneng ilmiah Pristimantis adnus.[3] Padha kaya kodhok kang tinemu sepisanan mau, kodhok iki uga duwé ukuran awak kang cilik, dawané 0,8 inci utawa rong centimeter.[3] Kulité awerna ijo kanthi motif garis-garis klawu.[3]

Saliyané iku ana uga spésies-spésies anyar kang tinemu nalika ékspédisi kang dipanggedhèni déning herpetologis saka Konservasi Internasional lan Ahli Ornitologi saka Ecotropico Foundation ing pagunungan Kolombia laladan Tacarcuna Darien, ing tapal wates Panama.[3] Spésies anyar iki kurang luwih ana 10 spesiés, kalebu kodhok kang kulité ana eriné lan ana telu variétas kodhok kang kulité transparan kang tinemu ing kawasan pagunungan ing Kolumbia.[3]

Ing wektu kurang luwih 3 minggu, para ilmuwan ngidéntifikasi kira-kira 60 spésies amfibi, 20 réptil lan 120 spésies manuk kang jarang tinemu.[3]

Saka 60 amfibi kang wis tinemu, ana spésies anyar kang bisa kagolongaké dadi telung kelas yaiku Nymphargus, Cochranella, lan Centrolene.[3] Kodhok beracun saka famili Dendrobatidae (gènus Colostethus, Ranitomeya, lan Anomaloglossus)yaiku kodhok saka jinis Atelopus kang cacahé siji, lan kodhok saka spésies kodhok hujan saka gènus Pristimantis lan siji salamander jinis Bolitoglossa.[4]

Murup

besut

Para panaliti nemu yèn ana spésies kodhok kang awaké bisa murup.[5] Spesies iki trakhir tinemu ing India kurang luwih seabad kapungkur.[5] Saka kaanan iki bisa disimpulaké yèn kéwan iki bisa urip sajeroning krisis global kang njalari akèh kéwan amfibi kang mati.[6] Robin Moore, ahli ngenani kéwan amfibi ing Conservation International, nerangaké yèn kéwan iki ulet lan bisa tahan karo lelara kang mbebayani.[5] Panyebabé bisa amarga daya tahan génetiké utawa spésies kang bisa murup iki pancén duwé baktéri kang bisa nglawan lelara.[5]

Ing India, katemokaké limang spésies kang duwé keragaman hayati Ghats Barat.[5] Tuladhané spésies Chalazodes Bubble-nest frog, kang bisa murup.[5] Kamangka spésies iki terakhir katemokaké ing taun padha 1874.[5] SD Biju saka University of Delhi nerangaké yèn kodhok iki urip ing sangisoré alang-alang nalika wayah awan.[5]

Jinise kodhok

besut

Sapérangan jinis kodhok kang umum antarané:

Kodhok alas:

Ing ngisor iki sapérangan jinis kodhok kang statusé kritis lan kaancam ing Indonésia.

Pranala njaba

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j http://berita.liputan6.com(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h http://www.antaranews.com(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o http://www.tempointeraktif.com(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)
  4. http://sains.kompas.com(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)
  5. a b c d e f g h http://www.republika.co.id(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)
  6. http://www.greenradio.fm Archived 2012-01-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 Mèi 2011)

Gladri

besut