Tumpeng Sèwu

upacara adat saka Banyuwangi, Jawa Wétan

Tumpeng Sèwu ya iku upacara slametan kang katindakaké setaun sepisan ing Désa Kemirèn, Kabupatèn Banyuwangi, Jawa Wétan.[1] Upacara iki dianakaké ing lurunging désa nalika minggu kapisan sasi Besar, mliginé nalika malem Senèn utawa Jumuwah. Ancasé dianakaké Tumpeng Sèwu ya iku kanggo wujud atur panuwun marang leluhur Désa Kemirèn ya iku Buyut Cili kang sampun njaga désa amrih adoh saka kasangsaran lan bebaya, saha utamané kanggo wujud sukur marang Gusti kang Maha Kuwaos.[2][3][4]

Sajarah

besut

Ing nguni, Désa Kemirèn sadurungé mung arupa alas. Buyut Cili dianggep kang mbabad alas iki lan nandur sawenèh wit-witan, kaya ta kemiri, durèn, lan arèn kang mangkonoa désa iki ingaran Kemirèn.[3] Saliyané wit-witan iku, ing Kemirèn uga tinanduran pari, kacang brol, jagung, lan sapanunggalané. Tiyang sepuh adat Désa Kemirèn ngendika menawa wong-wong pisanan kang ndunungi désa iki yèn sawah utawa keboné kena dipanèn, dhèwèké padha bakal slametan nganggo pecel pitik. Kemirèn saya suwé saya akèh kang ndunungi. Mula, anggoné para warga slametan beda-beda dinané. Ing désa bagéan lor nganakaké slametan nalika malem Senèn, senajan désa bagéan kidul nganakakéné nalika malem Jumuwah. Jalaran saka iku, pamaréntah Désa Kemirèn nduwé panemu amrih slametan iki bisa dianakaké bebarengan. Sakabèhing warga lan perangkat désa nyarujuki menawa upacara slametané bakal dianakaké ing siji dina nalika minggu kapisan ing sasi Besar. Kasilé slametan iki ingaran Tumpeng Sèwu jalaran kepala kulawarga Désa Kemirèn kang slametan cacahé dadi ngancik 1.000 KK punjul.[2] Nalika slametan, saben kepala kulawarga kudu nggawa saorané siji utawa rong tumpeng mawa ubarampé lan lawuh pecel pitik.[5]

Tata cara

besut

Upacara adat iki dileksanakaké sadina wutuh. Sadurungé slametan, para warga nindakaké sawenèh kagiyatan kang dumadi saka mépé kasur, nyekar kuburané Buyut Cili, lomba lan arak-arakan barong, sarta Tumpeng Sèwu.[2][3][6]

Mépé kasur

besut

Nalika jam 9 isuk, para warga padha mépé kasur ing lataré dhéwé-dhéwé. Kasuré iki nduwèni werna kang mligi, ya iku werna abang lan ireng kang surasané wani lan langgeng saha tentrem uripé sawiji kulawarga. Nalika mépé, masarakat uga padha ndedonga sinambi nyiprataké banyu kembang menyang lataré kang dipitayani bakal ngadohaké saka lelara lan prahara.[2][3][7]

Nyekar

besut

Nalika jam 12 awan, bebrayan ing Kemirèn padha nyekar menyang makam Buyut Cili. Piyambaké iku kang mbabad alas utawa mbukak Désa Kemirèn. Buyut Cili dipitayani bisa ngleboni awaké wong-wong saperlu peparing wewarah utawa nalika nduwé panjaluk marang bebrayan ing Kemirèn. Yèn wewarah utawa panjaluké ora digagas, kacilakan bakal tumeka ing Kemirèn. Sajèn kang dianggo nalika sujarah dumadi saka pitik kampung duduh lembarang, sega gurih, lan ramesan.[3][7]

Arak-arakan barong

besut

Nalika jam 2 tekan 5 sore, ana kagiyatan arak-arakan barong lan lomba-lomba, kaya ta lomba mbeksa, lomba nginang, lan lomba jajanan. Slametan banjur diwiwiti bakda Mahrib sawisé rampung anggoné arak-arakan barong. Sajèn kang dianggo nalika arak-arakan dumadi saka tumpeng srakat, sega golong, parabungkil, jenang abang lan putih, jangan tawon, lan jajan pasar.[2][3]

Tumpeng Sèwu

besut

Nalika arep adan Mahrib, para warga ngempakaké oncor ing ngarep omah kanggo pepadhanging lurung kang dianggo papan slametan. Kajaba iku, ancasé ngempakaké oncor bisa disurasani amrih rasa pasedulurané para warga tetep ana utawa ora pedhot karo tangga teparoné lan warga liyané. Sajèné dumadi saka sega tumpeng, pecel pitik, lan parabungkil.[2][3] Pecel pitik iku olah-olahan pitik kampung bakar mawi parutan klapa.[8]

Sawisé salat Mahrib, para warga ngrungokaké kyai ing masjid paring donga lumantar corong masjid sarta para warga mèlu ngucapaké dongané kyai mau ing lurung omah. Donga iku ngemot pangajab supaya para warga Désa Kemirèn ora kena pageblug, tansah pikantuk kaslametan nalika arep ngayahi sawijining pagawéyan, uga nyuwun tulung marang Gusti Allah amrih tetanduran ing sawah ora bakal kena ama. Sabanjuré donga, para warga mangan tumpeng bareng-bareng ing pinggir lurung kang dipadhangi karo oncor. Kang mèlu upacara Tumpeng Sèwu dudu bebrayan Désa Kemirèn waé, nanging uga ana bebrayan saka désa utawa wewengkon liya. Malahan upacara iki bisa narik akèh kawigatèné wong plesiran kang cacahé bisa nganti éwunan.[2][3][9][10]

Rujukan

besut
  1. Arifianto, Hermawan (4 Juli 2022). "Tradisi Tumpeng Sewu, Selamatan Desa Menyantap Pecel Pitik Khas Banyuwangi". Liputan6.com. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  2. a b c d e f g Hazhan; Andriyanto, Octo Dendy (2021). "Tradisi Tumpeng Sewu di Desa Kemiren Kecamatan Glagah Kabupaten Banyuwangi". Baradha. 18 (2): 7-13.
  3. a b c d e f g h Kiranawati, Titi M.; dkk (2021). "Identifikasi dan Filosofi Hidangan Tradisi Tumpeng Sewu Suku Osing di Desa Kemiren Kecamatan Glagah Kabupaten Banyuwangi". Seminar Nasional Kepariwisataan #2. 2 (1): 46-49.
  4. Rahadi, Fernan (5 Agustus 2019). "Bersilaturahim pada Festival Tumpeng Sewu Banyuwangi". Republika Online. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  5. Fanian, Ardani (3 Juli 2022). "Ritual Tumpeng Sewu, Selamatan Desa Santap Kuliner Pecel Pitik". detikJatim. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  6. Setyaningrum, Puspasari (29 Juni 2022). "Mepe Kasur, Tradisi Suku Osing Kemiren Banyuwangi Jelang Idul Adha". KOMPAS.com. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  7. a b Danugroho, Agus (Dhésèmber 2022). "Komodifikasi dan Penguatan Ketahanan Budaya: Studi Pada Tradisi Tumpeng Sewu di Desa Kemiren, Kabupaten Banyuwangi". Salus Cultura: Jurnal Pembangunan Manusia dan Kebudayaan. 2 (2): 96. doi:10.55480/saluscultura.v2i2.63. ISSN 2807-5447. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-06. Dibukak ing 2023-02-06.
  8. Husdinariyanto, Novi. "Tradisi tumpeng sewu Banyuwangi ritual bersih desa". ANTARA News Jawa Timur. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  9. Rachmawati, Ira (25 Agustus 2017). I Made Asdhiana (èd.). "Tumpeng Sewu Banyuwangi, Ritual Adat dan Atraksi Wisata". KOMPAS.com. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.
  10. "Tradisi Tumpeng Sewu Banyuwangi, Makan Tumpeng Pecel Pitik Sembari Rajut Kerukunan". Pemerintah Kabupaten Banyuwangi. 9 Agustus 2019. Dibukak ing 6 Fèbruari 2023.