Muhammad Jamil Jambek

Muhammad Jamil Jambek alias Syekh Muhammad Djamil Djambek iku salah sawijining ngulama Islam ing babagan ngèlmu falak utawa ngèlmu palintangan kang kawentar saka Tanah Minangkabau. Panjenengané lair ing Kutha Bukittinggi, Sumatera Kulon ing surya 2 Fèbruari 1862 Masèhi meneri 13 Sya'ban 1279 Hijriah.[1]

Syekh
Muhammad Jamil Jambek
Ulama Minangkabau Guru Ummat.jpg
Rerincèn dhiri
Lair(1860-Cithakan:NOMORBULAN-02)2 Fèbruari 1860
Indonésia Bukittinggi, Sumatra Kulon, Indonesia
PatiDhésèmber 30, 1947(1947-12-30) (umur 87)
Indonésia Bukittinggi, Sumatra Kulon, Indonesia
BangsaIndonesia
AnakSaadoeddin Djambek
M. Dahlan Djambek
A. Gaffar Djambek
Djamilah Djambek
Naimah Djambek
Abdul Madjid Djambek
Zainal Abidin Djambek
M. Zain Djambek
AlmamaterArab Saudi
ProfésiDewan Pertimbangan Agung
AgamaIslam

RiwayatBesut

Muhammad Jamil Jambek lair saka campuran suku Minangkabau lan Betawi. Ibuné alihan menyang Minangkabau jalaran laki kalawan Muhammad Salèh Datuk Maliko (bapaké) kang minangka kepala nagari Kurai, Bukittinggi. Syekh Jambek bisa sinebut minangka turun priyayi sabab minangka anak saka tokoh adat lan nagari.[2] Ora akèh sumber tulisan kang nyebutaké kapriyé jaman ciliké Muhammad Jamil Jambek.

WiyataBesut

Jalaran kalebu anak priyayi Minangkabau, nalika umur pitung taun panjenengané olèh kalodhangan dilebokaké déning wong tuwané menyang pawiyatan duwèké pamaréntah Walanda ing Bukittinggi nganti tamat lan antuk ijazah. Sawisé tamat, Muhammad Jamil Jambèk ora nerusaké pawiyatan resmi, dhèwèké malah kagawa kanca-kancané nyinaoni ngèlmu santhèt kang disinanoni saka wong Batak lan Minangkabau dhéwé. Saliyané nglakoni nyandhu, main, lan ngadu jago, malah naté maling, dhèwèké nalika isih enom kalebu ndableg lan menangan.[1][2] Ing 1896 nailka ngancik umur sangang taun, panjenengané wiwit nyinaoni ngèlmu agama marang ngulama-ngulama saka Mekah, Arab Saudi, kang salah sijiné ya iku Syekh Ahmad Khotib.[3]

Syekh Ahmad Khotib iku ngulama saka Minangkabau kang wis dadi imam ana ing Masjidil Haram jaman semana. Wiyata kang diwulangaké déning Syekh Ahmad Khotib bisa mrabawani Muhammad Jamil Jambèk. Saka Syekh Ahmad Khotib uga kang ndadèkaké Muhammad Jamil Jambek tobat saka pratingkahé nyinaoni ngèlmu santhèt. Panjenengané sinau ngèlmu falak saka Syekh Tahèr nganti dadi juru falak kang kaloka ing Mekah.[3]

Sawisé 10 taun ana ing Mekah lan nguwasani ngèlmu falak, Syekh Jambek mutusaké bali menyang Indonésia. Saka sesrawungané karo wong saka manéka nagara, panjenengané bisa nguwasani sawenèh basa manca kaya ta basa Indhi, Urdhu, Jerman, lan Arab. Sajeroning lelaku bali, panjenengané pethukan karo Syekh Jalaluddin Azhary, sawijining guru nalika ing Mekah. Syekh Jambek naté ngadani lelakon mubeng-mubeng Malaya (saiki Malaysia) kanggo njembaraké wawasan agama lan ngrembakané Islam ing Tanah Melayu.[2]

Dhakwah lumantar SesorahBesut

Syekh Jambek ora mung nguwasani babagan fikih (ukum) lan falak, nanging uga nguwasani cara sesorah. Syekh Jambek dadi wong kapisan kang mulang kanthi cara sesorah ing bebrayan Minangkabau. Cara anyar iku bisa diarani rada nylenèh ing jaman samana, sabab cara mulang agama ing jaman semana lumrahé kanthi ngaji kitab Jawi utawa halaqah bareng guru. Saliyané iku, santri utawa murid kang nggolèki guru menyang langgar, dudu sawaliké. Tinimbang cara mulang kang wis ana sadurungé, cara mulang Syekh Jambek dianggep nggawé para murid luwih mayar anggoné mangertèni ngèlmu kang diwulangaké sabab panjenengané medharaké katrangan kang gamblang nalika sesorah, tur Syekh Jambek kang nekani para muridé menyang dhusun.[4]

PulitikBesut

Saliyané ing donya wiyata, Syekh Jambek uga naté ambyur ing donya pulitik. Panjenengan ambyur ing donya pulitik amarga anané paugeran Goeroe Ordonantie. Paugeran iku ginawa déning Dr. de Vries saka kantor Advisieur Inlandsche Zaken kang diripta déning pamaréntah kolonial Walanda ing1905 kanggo majibaké para guru kang mulang agama kudu nduwé idi saka pamaréntah. Paugeran mau kanggo ngawasi laku-cara pawiyatan Islam ing Indonésia. Paugeran kasebut kober kawalih ing 1925 kanthi mung majibaké para guru agama lapur marang gubermen.[5]

RujukanBesut

  1. a b Langgam, Redhaksi (2020-04-27). "Syekh Muhammad Djamil Djambek Ahli Ngèlmu Falak Perintis Dhakwah Tablig". Langgam. Dibukak ing 2021-07-25.
  2. a b c Anwar, Syaiful (2020-04-23). "Syaikh Muhammad Jamil Jambek Tokoh Pawiyatan Islam". Berita Sumbar. Dibukak ing 2021-07-25.
  3. a b Suryatiningsih, Suryatiningsih (2021-06-20). "Syekh Muhammad Djamil Jambek Ulama lan Ahli Ngèlmu Falak saka Minangkabau". Portal Jogja. Dibukak ing 2021-07-25.
  4. Zuraya, Nidia (2012-08-02). "Syekh Djamil djambek Palopor Gagrag Anyar Islam Tanah Minang". Republika. Dibukak ing 2021-07-25.
  5. Zuraya, Nidia (2012-08-02). "Syekh Djamil Djambek Palopor Gagrag Anyar Islam Tanah Minang". Republika. Dibukak ing 2021-07-25.