Perang Jawa (1741–1743)

Perang ing Jawa

Perang Jawa saka 1741 tumeka 1743 minangka cengkah mawa gaman antaraning gabungan wadyabala Cina lan Jawa lumawan Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) kang kalakon ing Jawa pérangan tengah lan wétan. Sapungkuring Walanda numpes 10.000-nan wong Cina ing Batawi (saiki aran Jakarta), wong-wong kang slamet banjur padha ngungsi menyang Semarang kanthi dilurahi Khe Pandjang. Sanajan wis kaweling yèn kraman bakal kalakon, pangareping militèr VOC aran Bartholomeus Visscher ora ngrèwès marang weling mau lan ora njaluk wadyabala wuwuhan. Ing wusana, Sunan Mataram kala samana kang jejuluk Pakubuwana II milih nyengkuyung para kraman Cina ngiras éthok-éthok ngéwangi Walanda.

Perang Jawa
Titimangsau.1 Fèbruari 1741 tumeka kawitan 1743
PernahJawa
Asil Jayaning Walanda
Péhak kang perang

Para kraman Cina dan Jawa

Flag of the Sultanate of Mataram.svg Kasunanan Kartasura (1741)

Flag of the Netherlands.svg Vereenigde Oostindische Compagnie

Flag of the Sultanate of Mataram.svg Kasunanan Kartasura (1742-1743)
Pangarep

Flag of the Sultanate of Mataram.svg Singseh  #
Flag of the Sultanate of Mataram.svg Khe Pandjang
Flag of the Sultanate of Mataram.svg Pakubuwana II[1] (1741)

Flag of the Sultanate of Mataram.svg Natakusuma  #

Flag of the Netherlands.svg Bartholomeus Visscher
Flag of the Netherlands.svg Hugo Verijsel
Flag of the Sultanate of Mataram.svg Cakraningrat IV

Flag of the Sultanate of Mataram.svg Pakubuwana II (1742–1743)
Kakuwatan
23.500 (pucuk) 3.400 (pucuk)

Sapungkuring rajapati gedhèn ing 1 Fèbruari 1741 ing Pathi, para kraman Cina sumebar menyang saindenging Jawa pérangan tengah. Wong Jawa mèlu ngéwangi wong Cina ngiras éthok-éthok tawur lumawan wong Cina supaya wong Walanda ngira yèn disengkuyung wong Jawa. Lelakon apus-apusan mau banjur konangan, déné wadyabala Cina wis saya nyedhaki Semarang, mula njalari Visscher ketar-ketir. Kasil ngrebut Rembang, Tanjung, lan Jepara, wadyabala gabungan Cina lan Jawa banjur ngepung Semarang ing Juni 1741. Pangéran Cakraningrat IV saka Madura awèh wadyabala pitulungan marang Walanda; mula, saka Madura mangulon wadyabalané numpesi saben wong Cina kang dipapag ing sadalan-dalan, déné kasil nglerem kraman ing Jawa pérangan wétan.

Ing wekasan 1741, upaya pangepung Semarang wusana teluk awit saka wadyabalané Pakubuwana II mlayu ninggal palagan amarga wadyabala Walanda, saha wadyabala pitulungané, duwé gaman geni kang pinunjul. Rampung Walanda ngayahi kampanye militèr ing 1742, Pakubuwana II mutusaké pasrah lan alihan nyengkuyung Walanda. Mangkonoa, sawatara pangéran Jawa nedya mbanjuraké perang. Mula, ing 6 April putusaning Pakubuwana II ora dianggep para kraman. Kaponakaning Pakubuwana II aran Radèn Mas Garendi banjur didhapuk para kraman minangka sesulihé. Nalika Walanda kasil ngrebut bali kabèh kutha ing pasisir lor Jawa, para kraman ngrangsang kutha krajaning Pakubuwana II ing Kartasura. Jalaran iku, dhèwèké saha kulawargané kapeksa ngungsi. Cakraningrat IV kasil ngrebut manèh kutha mau ing Dhésèmber 1742, lan ing kawitan 1743 para kraman Cina kang wekasan wis pasrah bongkokan. Sabubaring perang, Walanda saya temen anggoné nguwasani Jawa lumantar prajanjèn karo Pakubuwana II.

JalaranBesut

Amarga wis suwé dikuya-kuya pangrèh kolonial Walanda, wong ètnis Cina ing Batawi banjur kraman ing 7 Oktober 1740 kang njalari patiné wadyabala Walanda cacah sèket ing Meester Cornelis (saiki aran Jatinegara) lan Tanah Abang.[2] Kraman mau kasil dileremaké Gubernur Jèndral Adriaan Valckenier, kang ngirim wadyabala prajurit cacah 1.800 sarta schutterij (milisi) lan batalyon wajib militèr cacah sawelas menyang Meester Cornelis lan Tanah Abang; jam wengi katrapaké marang kabèh wong Cina ing jero bètèng kutha supaya ora padha bisa sekongkel lumawan Walanda.[2] Ing dina candhaké, wong Cina cacah 10.000-nan saka sakiwa-tengening Tangerang lan Bekasi kaadhang ing sangareping korining bètèng kutha.[3] Valckenier tumuli nganakaké parepatan kabutuh ing 9 Oktober.[4] Kawit dina parepatan mau, Walanda lan golongan ètnis liyané ing Batawi wiwit matèni wong-wong Cina ing kutha mau kang njalari patiné watara wong 10.000-nan ing dalem rong minggu.[5]

Ngarepaké wekasan Oktober 1740, wong-wong kang slamet saka panumpes mau, kang dilurahi Khe Pandjang,[a] mbudidaya ngungsi ngener Banten, nanging padha diadhang wong 3.000-nan wadyabalaning Kasultanan Banten.[5][9] Para kang slamet mau banjur ngungsi mangétan ngener Semarang.[6][10] Kwee Yong Khoo mingangka Litnan Cina saka Bartholomeus Visscher kang minangka kumendhan militèr Walanda ing Jawa weling marang Visscher yèn bakal ana kraman, nanging Visscher ora ngrèwès pangancam mau. Sanajan wong Cina minangka golongan minoritas ing Jawa, dhèwèké padha sekuthon karo wong Jawa kang minangka golongan ètnis mayoritas ing Jawa.[11]

Ngrasuk agama Islam nalika samana minangka tandhaning wong pranakan. Adipati Semarang lan kulawarganing Jayaningrat darah Cina.[12][13]

1741Besut

Cengkah-cengkah kawitanBesut

Ing 1 Fèbruari 1741 ing omahé ing Pathi, Kopral Claas Lutten diprajaya para kraman Cina cacah 37 kang gegaman pedhang, tumbak, lan garu; wong-wong iku banjur padha njarah-rayah omahé.[6] Para kraman mau banjur dioyak wadyabala Jawa utusan Bupati Kudus.[14] Sawatara para kraman kasil oncat, nanging wong siji kasil dicekel banjur dipatèni, déné guluné dikethok banjur sirahé ditancebaké ana ing siji cagak ing punjering Semarang minangka weling tumrap wong-wong kang nedya kraman.[14] Ing sakiwa-tengening Demak lan Grobogan, wong Cina padha ngumpul lan ndhapuk pangarep anyar aran Singseh lan mbudidaya ngadegaké nagara dhéwé.[15] Wadyabala Jawa kang kasil nglerem kraman ngayem-ayemaké Visscher, nanging Yong Khoo awèh pamrayoga supaya Visscher panggah prayitna.[16]

Nalika samana, Visscher dalah wadyabalané mung gunggung wong Walanda cacah 90 lan wong Nusantara cacah 208 tanpa wadyabala pitulungan[b] lan nampa sawatara pamrayoga kang padha kosokbalèn saka Yong Khoo lan pamané kang aran Kaptin Kwee Ang Khoo.[c][11][17] Saperlu ngamanaké kalungguhané, Visscher ngirim panjaluk marang para bupati lan pangarep enggonan supaya padha nyekel lan matèni kabèh wong Cina kang nyubriyani; sanajan sawatara wong mau tumuli nglakoni kanthi nuduhaké sirah cacah telu marang Visscher ing dalem dina-dina candhaké, nanging liyané (kaya ta Sunan Pakubuwana II saka Mataram) tumandang luwih ngati-ati lan kandha yèn ora yakin amarga dirasa panjaluk iku ora ilok.[18]

Ing dalem mangsa nglelimbang kang lumaku saka wekasan 1740 tumeka Juli 1741, Pakubuwana II lan para mantriné padha rembug bab kautamané gabung karo para kraman Cina utawa ngukuhi lan nylametaké wong-wong Walanda kapurih sesambungané karo wong-wong Walanda dadi saya becik.[19] Pakubuwana II banjur sesidheman awèh 2.000 réyal marang Mas Ibrahim supaya miwiti pangrangsang tumrap VOC lan rajadarbéné; sarta mréntah para bangsawan sepuh aran Jayaningrat lan Citrasoma supaya dadi péhak kang ora abot sisih ing cengkah iki dalah ngolèhaké wong Cina padha ngungsi saakèh-akèhé.[19][20] Mertapura saka Grobogan, minangka salah siji kang sora mungsuh Walanda, kajibah manas-manasi wong Cina ing wewengkoné.[21][22] Ing jero kutha krajan, Pakubuwana II ing Kartasura mréntahaké maluyakaké Siti Inggil Kidul (saiki aran Sasana Inggil) ing sakiduling karaton minangka pawadan marang Walanda yèn dhèwèké lagi ora duwé buruh turahan.[22] Sanajan Visscher nampa intèlijèn bab rancanganing Pakubuwana II mau, dhèwèké meksa pracaya amarga Pakubuwana II dienggep setya marang VOC.[20]

Visscher ketar-ketir lan kalah-kalah kawitanBesut

Nalika wadyabala Cina (kang cacah wong 1.000 lan mbebayani dalan gladhagan ngener Semarang) teka ing Tanjung ing April 1741, Visscher njaluk supaya para bupati ngirim wadyabala saperlu ngadhep dhéwéké. Mangkonoa, wadyabala mau padha suthik nganti padha kaduman beras kang apik.[16][23] Rampung Yong Khoo ngirimi beras, wadyabalaning para bupati mau padha mangkat Tanjung lan jejaga ing sajabaning ambah-ambahaning para kraman, banjur padha nglepasi mimis tumuli lunga.[16] Para kraman banjur padha ngejègi pabrik gula ing Tanjung. Ing Grobogan, Mertapura (kang gamané saka komandho militèr Walanda) ngrangsang para kraman Cina. Ing pangrangsang iku para wadyabala Jawa nglepasi mimis marang wong-wong Cina sadurungé Walanda teka.[21] Nalika Walanda teka, Mertapura nuduhaké tatu saka mimis kang ana ing jaran (kang disababaké wadyabalané dhéwé) minangka tandha yèn bubar tawur.[21]

Saperlu nanggulangi paneseg saka para kraman Cina kang saya kuwat, Visscher mréntahaké supaya bètèng kumpeni ing sadawaning pasisir lor padha mburuhaké wadyabala bayaran pribumi non-Jawa kang bisa tinemu saakèh-akèhé;[24] dhèwèké uga mréntahaké para bupati ing Pathi, Jepara, Kudus, lan Cekalsèwu (kang nalika samana pinuju ana ing Semarang saperlu nekani parepatan militèr) supaya padha ngirimi wadyabala kanggo menggak dalan playuning para kraman.[20] Para bupati kang setya marang Pakubuwana II ngirim wadyabala prajurit cacah 540 menyang Tanjung, banjur dhedhemitan budhal Kartasura.[20] Nalika anjog Tanjung, wadyabala mau éthok-éthok tawur, banjur mundur bali Semarang.[25] Nalika Visscher weruh yèn para bupati wis padha lunga, Pakubuwana II kandha yèn para bupati bakal teka manèh mawa wadyabala wuwuhan wong 6.000, lan njaluk Visscher supaya bisa njamin bayaré saka kantor gedhé kumpeni ing Batawi.[26]

Pawarta tumuli sumebar bab para kraman Cina cacah éwon kang nyawiji karo wadyabala Jawa ing Grobogan.[26] Ing 1 Mèi, Visscher diceluk Kaptin Rudolph Carel von Glan minangka pangareping wadyabala. Dhèwèké nakoni Visscher généya ora tumandang apa-apa saperlu ngrampungi kraman.[26] Visscher kanthi nepsu sumaur yèn iku dudu urusané Glan.[26] Ing dina candhaké, bubar ditakon-takoni jaksa Jeronimus Tonnemans Jr., Yong Khoo, lan Ang Khoo, Visscher dadi saya nepsu lan nugelaké meja dadi loro uga mbengoki juru pamrayoga Cinané.[27] Nalika Yong Khoo ngilang sabubaring parepatan mau, Ang Khoo kandha marang Visscher yèn Yong Khoo wis gabung para kraman Cina.[27] Lelakon iku njalari Visscher, kang wis ngubedaké akèh dhuwit marang Yong Khoo, nguntabaké krétané lan bebengokan marang para warga Semarang supaya padha agé-agé ngungsi mumpung isih ana wektu. Pambudidayané panggah nganti dhèwèké nabrak bètèng kutha.[27] Para warga padha ngungsi metu Semarang kanthi grusa-grusu, ninggalaké mriyem cacah wolu kang wis isi mimis ing jaba bètèng kutha.[27]

Sadina candhaké, Visscher masrahaké panguwasaning militèr marang Glan.[27] Ora watara suwé, ana pawarta yèn Yong Khoo jebul ora gabung para kraman, nanging bubar karampogan lan sawengi ana ing pakuburaning anaké ing Peterongan kanthi rontog atiné.[27] Visscher bali gumreget; dhèwèké bali nyekel komandho militèr ing 4 Mèi lan mréntah kabèh wong supaya bali ing omahé dhéwé-dhéwé.[28] Sawatara dina candhaké, bupati cacah papat (Suradiningrat saka Tuban, Martapura saka Grobogan, Suradimenggala saka Kaliwungu, lan Awangga saka Kendhal) teka ing Semarang lan ngandhakaké yèn wadyabala prajurit cacah 6.000 kang kajanjèkaké pinuju mara.[28]

Sanajan wis kaweling yèn dhèwèké bakal kena bebaya yèn nglawan kumpeni, ing 11 Mei Pakubuwana II meksa njaluk supaya kabèh bupati pasisir janji setya marang dhèwèké.[29] Dhèwèké tumindak kang padha marang para warganing karaton ing 13 Mèi.[29] Mangkonoa, sawatara pangarep kaya ta Pangéran Ngabèi Loringpasar kang minangka calon sesulihing ratu urut loro, Pangéran Tepasana kakanging Pakubuwana II, lan ibuné utawa garwaning Amangkurat nulak ananing révolusi; Kaptin Johannes van Velsen minangka résidhèn ing Kartasura kandha marang Visscher yèn Sunan Pakubuwana II wis kasil dibebujuk supaya ora mbaléla,[30] nanging Pakubuwana II dadi saya yakin yèn dhèwèké bakal gabung para kraman Cina.[30]

Ing 23 Mèi, para kraman Cina watara cacah 1.000 metu saka Tanjung lan mangétan ngrangsang pos Juwana kang dijaga 15 prajurit sarta siji pos liyané ing Rembang.[17][31][32] Sanajan résidhèn Walanda lan wong lima liyané kasil mlayu, Walanda nyathet cacah kurban wong kang gedhé sinartan palapuran yèn kanibalisme uga kalakon.[31] Résidhèn Demak wis ngrungu kabar angin bab lelakon iku lan uga diancam para kraman Cina cacah 3.000 ing jaba bètèng kutha. Dhèwèké banjur njaluk palilah mundur ing Semarang.[17][31] Visscher nganggep yèn Demak wigati kanggo ngukuhi Semarang, mula dhèwèké nulak panjaluké résidhèn Demak lan malah ngirimi wadyabala prajurit Nusantara cacah 80 nganti 100 minangka wadyabala pitulungan.[17][31] Résidhèn Demak wusana kaunduraké ing Semarang lan jejibahan ngukuhi bètèng kaalihaké ing Mertapura.[17] Rembang kasil direbut wadyabala Cina ing 27 Juli, déné Jepara direbut patang dina candhaké.[33]

Pangepunging Semarang lan kalahing WalandaBesut

 
Gambar bumi kang nuduhaké kaanan ing Semarang. Bètèng ing tengah dikepung wadyabala Cina lan Jawa.

Wadyabala Cina saka Tanjung anjog Semarang lan ngepung kutha mau kanthi diéwangi wadyabala kang kawitan kakirim saperlu nglawan wadyabala Cina.[25][31] Visscher wedi wadyabalané ora cukup, mula dhèwèké njaluk wadyabala pitulungan saka Pakubuwana II.[31] Pabukuwana II gelem ngirimi panunggalan artileri, nanging satemené panunggalan mau disedyakaké supaya ngéwangi wadyabala Cina.[31] Wadyabala Cina lan Jawa wis anjog bètèng kutha Semarang, lan ing kawitan Juni Visscher ngirim panglurug walesan cacah 46 wong Éropah lan 146 wong Nusantara lan diéwangi wadyabala Jawa kang dirèh Gubernur Semarang aran Dipati Sastrawijaya. Panglurug dikirim marang wadyabala Cina lan Jawa kang kumpul ing jaba Gumuk Bergota.[17][34] Ing jaba bètèng kutha, wadyabala Jawa sanalika mbaléla sabubaré ngrusak pasokaning artileri, déné wadyabala Nusantara liyané ninggalaké panglurug mau nalika padha adu-arep karo wadyabala Cina.[17] Sapungkuré matèni sawatara wadyabala Cina, wadyabala Walanda bali bètèng.[34]

Ing dina candhaké, Walanda mbeskup kabèh omahing wong Cina, kalebu omahing Ang Khoo.[34] Nalika gaman lan obat mimis ditemu ing omahé, Ang Khoo kandha yèn barang-barang mau minangka turahaning perang sadurungé ing 1718.[34] Ora nggugu Ang Khoo, Walanda mbandha dhèwèké lan Yong Khoo, banjur akon supaya padha karanté lan kakethok guluné; Visscher banjur mréntahaké supaya kabèh wong Cina katrapan paukuman pati.[34] Ing 14 Juni, Visscher akon supaya omah-omahing para wong Cina ing jaba bètèng padha kabubrahaké.[34] Sanajan wong Cina punjul ing cacah, nanging ora padha mbudidaya lumawan.[17]

Ing mangsa saya akèhé kraman kalakon ing Jawa pérangan wétan, kumpeni ditawani Pangéran Cakraningrat IV saka Madura supaya sekuthon kanthi sarat padha nyengkuyung upayané ngadegaké karaton ing laladan mau;[35] Cakraningrat IV kang sadurungé minangka bebanthenging Mataram serik marang Pakubuwana II amarga ora diajak rembug perang, mula dhèwèké sedya nglakoni perang lumawan wadyabalané Pakubuwana II.[36] Awit Walanda sarujuk, Cakraningrat IV megat sesambungané karo Mataram lan mbalèkaké garwané (saduluring Pakubuwana II) ing Kartasura.[37] Ing dalem sasi Juni lan Juli, wadyabala Cakraningrat IV mbudidaya numpes kabèh wong Cina, kawiwitan ing Madura banjur ing sauruting Tuban, Surabaya, Jipang, lan Gresik.[d][38] Ing 12 Juli, kabèh wong Cina ing laladan Surabaya lan Gresik wis padha budhal ngungsi utawa dipatèni.[33]

Ing 9 Juli, Pakubuwana II mréntahaké Pangéran Tepasana lan adhi lanangé supaya katrapan paukuman pati amarga kadakwa minangka telik-sandining Velsen; kulawargané, kalebu anak lananging Tepasana kang isih cilik aran Radèn Mas Garendi, banjur kabuwang adoh.[39] Ora watara suwé, ing Juli, Pakubuwana II kanthi blaka nuduhaké panyengkuyungé marang para kraman Cina kanthi nggelar upaya panempuh.[33][37] Ing 20 Juli, wadyabalané mlebu garningson Walanda ing Kartasura kanthi éthok-éthok ngéwangi nyepakaké pangrangsang marang para wong Cina. Nalika mlebu, wadyabala Jawa banjur nglepasi mimis marang péhak Walanda; sanajan dirangsang dumadakan lan njalari patiné wong telung puluh lima ing pangrangsang kawitan, Walanda kasil bakuh nganti telung minggu.[37][40] Nanging, bareng wadyabala Cina mèlu tawur, garningson iku wusana bubrah, Velsen katrapan ukuman pati, déné wadyabalané kang isih urip kawèwèhan pilihan (utawa kapeksa) mlebu Islam utawa kaukum pati.[33][37] Wadyabala Walanda kang milih mlebu Islam banjur katetak, déné wadyabala Jawa banjur padha nyekeli para bocah lan wadon Walanda minangka bandhanganing perang sapungkuré ngukum pati pangareping Walanda.[41][42] Ing papan liyá, wadyabalaning Khe Pandjang teluk ing Bekasi banjur gabung karo wadyabala prajurit cacah 1.000 kang dirèh Kaptin Ismail nedya ngrebut Tegal.[33]

Ing 25 Juli, sesulihing Visscher aran Abraham Roos (kang wiwit njawat ing wekasan Juni amarga Visscher kaanggap ora pengkuh pikirané) teka ing Semarang mawa wadyabala prajurit cacah 170. Dhèwèké nitèni yèn kumpeni mung nguwasani bètèng, padunungan Éropah, lan pancadan pasisir (beachhead).[34][43] Satekaning Roos, pangrèh Walanda wiwit ngirimi wadyabala pitulungan kang luwih akèh, kang gunggung sithik dhéwé wadyabala prajurit Walanda cacah 1.400 lan prajurit Nusantara cacah 1.600.[43] Ing Novèmber 1741, bètèng kumpeni ing Semarang pinuju dikepung wadyabala prajurit Cina cacah 3.500 lan prajurit Jawa cacah 20.000 kang gegaman mriyem cacah 30, déné kumpeni mung wadyabala prajurit Walanda lan Nusantara cacah 3.400.[31][44] Awit saka punjul ing gaman geni lan réka, Walanda kasil mbléngkrahi wadyabalané Pakubuwana II; upaya pangepung mau wusana wurung lan Walanda banjur nggelar panglurug kang kasil ngrebut bali Jepara.[44]

1742–1743Besut

Bubrahing KartasuraBesut

Ing kawitan 1742, Pakubuwana II pasrah marang Walanda.[e][46] Ing Maret, wong Walanda cacah pitu kang dilurahi Kaptin Johan Andries Baron van Hohendorff teka ing Kartasura saperlu mutusaké sarat pasrahing Pakubuwana II.[46] Sanajan ing kawitan Walanda njaluk Pangéran Loringpasar (minangka pangéran pati kang isih enom), anak lanang pambareping Pangéran Natakusuma, sarta Pangéran Pringgalaya minangka mujangan, Loringpasar disesulih garwaning Amangkurat amarga kang pangéran pati pinuju lara abot tur ora bisa lunga adoh.[46]

Amarga suthik masrahaké anaké marang Walanda, Natakusuma (kang nalika iku pinuju ngepung Semarang) nindakaké pangrangsang apus-apusan marang wadyabala Cina: para kang lara utawa tatu padha dipatèni, déné sawatara prajurit kang isih bregas diolèhaké mlayu ninggal palagan. Pangajabé supaya tandangé iku katon kaya déné setya marang Walanda.[45][47] Dhèwèké banjur mangkat Kartasura saperlu mbudidaya nylametaké anaké, nanging para punggawa Walanda ing kana kongkon dhèwèké supaya njaga dalan ngener Demak.[45][47] Rampung ngulur-ulur wektu, Natakusuma gelem nandangi lan mangkat Semarang.[47] Nanging, nalika anjog Semarang, dhèwèké dicekel pangareping wadyabala kang anyar aran Hugo Verijsel kanthi pangèstu saka Pakubuwana II.[44][47] Verijsel banjur ngerigaké prajurit Walanda cacah 300 lan prajurit Nusantara cacah 500 saperlu mbèrèsi laladan ing sakiwa-tengening Kartasura, nanging padha kaendheg ing Salatiga amarga dirangsang wadyabalaning telung tumenggung; Verijsel banjur mundur Ampèl.[47]

Amarga wis mupakatan karo Walanda, Pakubuwana II ora diakoni para pangéran kang isih tawur lan para kraman Cina ing 6 April.[45][48] Para pangareping para kraman ndhapuk Garendi minangka sunan kang anyar; Garendi banjur nganggo jejuluk Sunan Kuning.[45][48][49] Ing 19 Juni, ana pawarta yèn wadyabalaning Natakusuma, kang nalika iku ing bawahing Kyai Mas Yudanagara, wis budhal Kartasura saperlu njumenengaké Sunan Kuning minangka ratu.[50] Ing 30 Juni, wadyabala mau wis padha anjog Kartasura bebarengan wadyabalaning Khe Pandjang banjur padha ngrangsang kutha iku.[50] Wadyabalaning Pakubuwana II kang cacah 2.000 wong bisa ngukuhi lumawan wadyabala mau, déné Pakubuwana II, kulawargané, lan wong-wong Walanda padha ngungsi sarana jaran lan nyabrangi Bangawan Sala.[51] Pakubuwana II banjur janji bakal masrahaké laladan pasisir lan ngolèhaké Walanda ngangkat patih (utawa mantri utama) yèn Walanda ngéwangi dhèwèké ngrebut bali kalungguhané.[52]

Balining panguwasaning WalandaBesut

Ing kawitan Juli, Verijsel ngerigaké prajurit Ambon cacah 360, kang dilurahi Kraeng Tanate, saperlu ngéwangi ngukuhi Semarang.[53] Ing 21 Juli, Kaptin Gerrit Mom teka saka Sulawesi mawa prajurit cacah 800 minangka wadyabala pitulungan.[53] Mom lan Tanate banjur kinon supaya nelukaké Demak kang dijègi para kraman cacah 4.000 wong ing bawahing Singseh minangka jéndral Cina lan Radèn Suryakusuma minangka jéndral Jawa.[54] Tawur candhaké kalakon ing dalem sawatara dina lan wusana dimenangaké Walanda.[54]

Wadyabala Walanda mbanjuraké pangrangsangé menyang Kudus; ing kutha iku, kinira-kira ana prajurit Cina cacah 2.000 kang wis ngentèni tekaning pitulungan saka Kartasura.[54] Mawa wadyabala wuwuhan kang dilurahi Ngabèhi Secanegara saka Jepara lan Kaptin Hendrik Brule saka Semarang, Mom lan Tanate kasil ngrebut bali kutha mau tanpa tandhing ing 28 Agustus.[54] Awit saka Demak lan Kudus kasil karebut, bupati liyané kang nyengkuyung para kraman wiwit pasrah lan padha dijanjèni Pakubuwana II olèh pangapura.[53][55]

Sekuthoning para kraman Cina lan Jawa, kang wiwit ambyar, panggah ngukuhi Kartasura nganti Dhésèmber 1742, nanging banjur padha katundhung saka kutha iku jalaran pangrangsanging Cakraningrat IV.[f][52][56][49] Sanajan wong Jawa bisa mlayu tanpa alangan, wong Cina mung bisa mlayu menyang sakiwa-tengening Prambanan awit saka ananing "tawur rancangan" ing Asem.[55] Rong sasi candhaké, wong-wong Cina kang diampingi pangarep Jawa aran Pakunegara mbudidaya kukuh, nanging teluk lan kapeksa mlayu menyang pèrènging gumuk ing sauruting pasisir kidul.[55] Pambiwara bab pangapura banjur kagiyaraké, déné Singseh pasrah ing Surabaya.[g][55]

TemahanBesut

Sanajan Walanda mulihaké kalungguhané ing kawitan 1743, Pakubuwana II kapeksa napakasmani siji prajanjèn.[57] Dhèwèké kudu masrahaké pangareping kraman cacah loro tur ngalihaké karatoné menyang laladan Sala.[58] Prajanjèn mau ngatur yèn Pakubuwana II kudu masrahaké pasisir lor Jawa, Madura, lan Jawa pérangan wétan marang Walanda. Aliya saka iku, Pakubuwana II kudu mbayar 8.600 ton métrik beras minangka bulu bekti saben taun lan nglarang wong Jawa lelayaran ing sajabaning Jawa, Madura, lan Bali.[57][49] Pakubuwana II séda ing 1749; dhèwèké kaanggep minangka pangarep kang ora kasuwur tur bisa kukuh mung amarga pangayoming Walanda.[52] Pasulayan panggah ana antaraning wong-wong karaton sapungkuré Pakubuwana II, kang temahané nyigar laladan Mataram dadi rong karaton, ya iku Kasunanan Surakarta bawahing Pakubuwana III lan Kasultanan Ngayogyakarta bawahing Mangkubumi.[52]

Pangéran Cakraningrat IV ora kaduman laladan utawa panguwasa kang kajanjèkaké tur kasebrataké ing Madura.[57] Cakraningrat IV ngrasa kacidra banjur gabung ing kraman liya ing 1745; amarga anak lanangé pasrah marang Walanda, Cakraningrat IV mlayu menyang Banjarmasin ing Kalimantan, nanging kacekel lan kabuwang ing Pongol Kayun (Kaap de Goede Hoop) ing 1746.[59]

Sanajan wis akèh nguwasani laladan pasisir, VOC "wis sayah banget".[52] Miturut Merle Calvin Ricklefs, Sultan Ngayogyakarta kang anyar aran Mangkubumi banjur dadi "mungsuh kang mbebayani dhéwé" tumrap pangrèh kolonial Walanda ing abad angka 18.[52]

Pangrèh Joko Widodo lan Menteri Dalam Negeri Tjahjo Kumolo ngadegaké siji monumèn kanggo ngéling-éling para kurban tumpesan ing Batawi ing 1740 lan wong Jawa dalah wong Cina kang tawur lumawan Walanda ing perang Jawa. Monumèn kang diadegaké ing Taman Budaya Cina Indonesia, Taman Mini Indonesia Indah iku aran Monumen Perjuangan Laskar Cina lan Jawa Melawan VOC 1740–1743.[60]

Uga delengenBesut

CathetanBesut

  1. Sawatara sumber piridan nganggo jeneng kaya ta Khe Pandjang, Que Pandjang, Si Pandjang, utawa Sie Pan Djiang,[6][7][8] Setiono kandha yèn jenengé kang asli iku Oie Panko.[6]
  2. Nalika iku, wadyabala Khe Pandjang isih ana ing Bekasi, ing antaraning Batawi lan Semarang, déné ing Sulawesi Kidul pinuju ana perang. Mula, sesambunganing Visscher karo bètèng-bètèng gedhé Walanda ing Batawi lan Sulawesi Kidul pedhot.[11]
  3. Sanajan minangka pamaning Que Yonko, Que Anko ingaran sengit marang Que Yonko.[16]
  4. Sumber-sumber piridan ora nerangkané bab gunggung kurban pati, sanajan ing Gresik diwatara cacahé kurban ana 400 wong.[37][38]
  5. Miturut Stamford Raffles, minangka wong lelana lan juru kawidyan saka Britis ing Hindia, Pakubuwana II bokmanawa wedi marang piwalesing Walanda utawa kuwating militèr Cina.[45]
  6. Cakraningrat IV ing kawitan mbudidaya ngadegaké karatoné dhéwé lan péngin supaya Pakubuwana II katrapan paukuman pati minangka conto "ratu kang tanpa iman", nanging banjur mulihaké panguwasaning karaton marang Pakubuwana II amarga Walanda ngancam perang.[45][52] Nanging, sesambungan leloroné saya ora apik.[52]
  7. Sapungkuré kacekel, Singseh kabuwang ing Ceylon (saiki Sri Lanka) lan ing kana dhèwèké urip nganti tumeka patiné.[45]

PiridanBesut

Cathetan sor
  1. M.C. Ricklefs (2008-09-11). A History of Modern Indonesia Since C.1200. Palgrave Macmillan. pp. 114–. ISBN 978-1-137-05201-8.
  2. a b Setiono 2008, kk. 111–113.
  3. Dharmowijono 2009, k. 298.
  4. Setiono 2008, k. 114.
  5. a b Setiono 2008, kk. 114–116, 119.
  6. a b c d Setiono 2008, k. 135.
  7. Raffles 1830, k. 235.
  8. Dharmowijono 2009, k. 301.
  9. Ricklefs 1983, k. 270.
  10. Ricklefs 1983, k. 27.
  11. a b c Setiono 2008, kk. 136–137.
  12. Willem G. J. Remmelink (1990). Emperor Pakubuwana II, Priyayi & Company and the Chinese War. W.G.J. Remmelink. p. 136.
  13. Willem G. J. Remmelink (1994). The Chinese war and the collapse of the Javanese state, 1725-1743. KITLV Press. p. 136. ISBN 978-90-6718-067-2.
  14. a b Setiono 2008, k. 136.
  15. Raffles 1830, kk. 235–236.
  16. a b c d Setiono 2008, k. 137.
  17. a b c d e f g h Ricklefs 1983, k. 272.
  18. Setiono 2008, kk. 137–138.
  19. a b Ricklefs 1983, k. 274.
  20. a b c d Setiono 2008, k. 139.
  21. a b c Raffles 1830, k. 239.
  22. a b Ricklefs 1983, k. 275.
  23. Ricklefs 1983, k. 271.
  24. Ricklefs 1983, k. 241.
  25. a b Raffles 1830, k. 240.
  26. a b c d Setiono 2008, k. 140.
  27. a b c d e f Setiono 2008, k. 141.
  28. a b Setiono 2008, k. 142.
  29. a b Setiono 2008, k. 143.
  30. a b Setiono 2008, k. 144.
  31. a b c d e f g h Setiono 2008, k. 145.
  32. Hall 1981, k. 357.
  33. a b c d e Setiono 2008, k. 147.
  34. a b c d e f g Setiono 2008, k. 146.
  35. Setiono 2008, k. 148.
  36. Ricklefs 1983, kk. 278–280.
  37. a b c d e Raffles 1830, k. 241.
  38. a b Setiono 2008, k. 149.
  39. Ricklefs 1983, k. 288.
  40. Ricklefs 1983, k. 280.
  41. Thomas Stamford Raffles (1817). The History of Java. pp. 218–.
  42. The History of Java. 1817. pp. 218–.
  43. a b Ricklefs 1983, k. 273.
  44. a b c Ricklefs 1983, k. 281.
  45. a b c d e f g Raffles 1830, k. 242.
  46. a b c Setiono 2008, k. 150.
  47. a b c d e Setiono 2008, k. 151.
  48. a b Setiono 2008, k. 156.
  49. a b c Hall 1981, k. 358.
  50. a b Setiono 2008, k. 152.
  51. Setiono 2008, k. 153.
  52. a b c d e f g h Ricklefs 1983, k. 282.
  53. a b c Setiono 2008, k. 154.
  54. a b c d Setiono 2008, k. 155.
  55. a b c d Raffles 1830, k. 244.
  56. Setiono 2008, k. 157.
  57. a b c Setiono 2008, k. 161.
  58. Raffles 1830, k. 245.
  59. Setiono 2008, kk. 161–162.
  60. Hasanul Rizqa (2016-03-03). "Monumen Laskar Tionghoa dan Kisah Geger Cina 1742". Republika. Dibukak ing 2017-07-04.
Kapustakan