Kabupatèn Kudus

kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia
(Kaelih saka Kabupaten Kudus)
Kabupatèn Kudus
Lambang Kudus
Sesanti: “SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional)”[1]
Dina Dadi: 23 September 1549 M
Kutha krajan:Kudus
Bupati: H. MUSTOFA
Wakil Bupati:
Jembar
 -Total:

425,17 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

9 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-750.000 jiwa
+/-/ km²
Suku Bangsa:wong Jawa
Agama:Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia

Kabupatèn Kudus iku kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia. Kutha krajané yaiku Kutha Kudus kang dumunung ing jalur pasisir lor wétan Jawa Tengah, yaiku ing antarané (Semarang-Surabaya). Kabupatèn iki wewatesan karo dengan Kabupatèn Pathi ing sisih wétan, Kabupatèn Grobogan lan Kabupatèn Demak ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Jepara ing sisih kulon. Kudus kaloka minangka kutha pengasil rokok krètèk gedhé dhéwé ing Jawa Tengah. Kajaba iku Kudus uga minangka kutha santri, lan dadi punjering perkembangan agama Islam ing abad tengahan. Bab iki bisa dideleng saka anané 3 makam wali/ sunan, yaiku Sunan Kudus, Sunan Muria lan Sunan Kedu.

Sajarah

besut
  • Dumadiné Kutha Kudus

Dumadiné kutha kudus ora adoh saka perané Sunan Kudus. Jalaran ngèlmu lan kaprigelané, Sunan Kudus diwènèhi wewenang, mandégani jamaah Kaji, jalaran iku Sunan Kudus olèh gelar “Amir Haji” kang tegesé wong kang nguwasani urusan para Jama’ah Kaji. Panjenengané tau dumunung ing Baitul Maqdis saperlu sinau babagan agama Islam. Rikala semana ing kono lagi ana wabah lelara, saingga akèh wong kang mati. Jalaran pangudiné Ja’far Shoddiq, wabah mau bisa dibrantas. Jalaran lelabuhané, Amir ing Palèstina mènèhi Ijazah Wewengkon, yaiku wewenang nguwasani salah sawijiné papan ing Palestina. Kang katulis ing watu kang katulis kanthi aksara Arab kuna, nganti saiki isih wutuh ing ndhuwur Mihrab Masjid Menara Kudus.

  • Lelabuhané Sunan Kudus
 
Masjid Menara Kudus

Sunan Kudus ngajokaké panjaluk marang Amir Palèstina kang uga ara-araé, supaya wewenang salah sawijiné papan dipindah ing Pulo Jawa. Panyuwunan mau diwujudaké lan Ja’far Shoddiq mulih menyang Jawa. Ja’far Shoddiq yasa masjid ing laladan Kudus nalika taun 1956 H utawa 1548 M kanthi jeneng Al Manar utawa Masjid Al Aqsho, niru jeneng Masjid ing Yérusalem yaiku Masjidil Aqsho. Kutha Yerusalem uga diarani Baitul Maqdis utawa Al-Quds. Saka tembung Al-Quds mau banjur diarani Kudus, sateruse digunakaké jeneng kutha Kudus nganti saiki. Sadurungé diarani Loaram, jeneng iki dinggo minangka jeneng désa Loram nganti saiki. Masjid kang diwangun Sunan Kudus mau kaloka minangka jeneng masjid Menara ing Kauman Kulon. Kawitané Sunan Kudus mapan ing laladan iku, cacahé kaum muslimin sansaya nambah saingga laladan ing sautara Masjid diarani Kauman, kang tegesé papan panggonan kaum muslimin.

  • Carita Rakyat

Ana carita rakyat ing kudus ngenani apa jalarane bebrayan Kudus nganti saiki ora nyembelih sapi? Sadurungé ana kaum Islam, laladan Kudus lan saubengé kalebu laladan Pusat Agama Hindhu. Rikala semana nalika Sunan Kudus ngelak, tau ditulungi pandhita Hindhu kanthi mènèhi susu sapi. Jalaran iku minangka rasa panuwun, Sunan Kudus wektu iku nglarang nyembelih sapi amarga ing agama Hindhu, sapi kalebu kéwan kang diajeni utawa dimuliakan.

  • Dina Dumadiné Kutha Kudus

Dina dumadiné kutha Kudus dikukuhaké tanggal 23 September 1549 M lan diatur ing Peraturan Laladan (PERDA) No. 11 taun 1990 ngenani Hari Jadi Kudus kang di babar tanggal 6 Juli 1990 yaiku ing era Bupati Kolonel Soedarsono. Dina dumadiné kutha Kudus dirayakaké kanthi parade, upacara, tasyakuran lan kagiyatan ing Al Aqsa / Masjid Menara kang diterusaké kanthi ritual keagamaan kaya ta doa bareng lan tahlil.

Géografi

besut
 
Peta Kudus

Kabupatèn Kudus yaiku salah sawijiné Kabupatèn ing Jawa Tengah kang mapan ing sautara patang kabupatén yaiku: Sisih lor jèjèran karo kabupatèn Jepara lan Pati, sisih kulon jèjèran karo Kabupatèn Demak lan Jepara, sisih kidul jèjèran karo Kabupatèn Grobogan lan Pati, Sisih wétan jèjèran karo kabupatèn Pati. Kabupatèn kudus mapan ing 6 51'-7 16' Lintang Selatan lan 110 36'-110 50' Bujur Timur. Jarak paling adoh saka wétan tekan kulon yaiku 16 km lan saka lor tekan kidul kidul nganti 22 km. Dideleng saka tipografiné, Kabupatèn Kudus duwé ketinggian terendah 5 mèter ning ndhuwur lumah laut ing Undaan lan ketinggian tertinggi 1600 mèter diatas lumah laut ing Dawe. Jinisé lemah ing Kabupatèn Kudus akèh-akèhe yaiku aluvial coklat nganti 32,12 persèn saka jembar lemah ing Kabupatèn Kudus. Akèh-akèhe lemah ing Kudus duwé kamiringan 0-2 drajat lan kedalaman efektif punjul 90 cm. Kelerengan 0-8%: Undaan (Désa Undaan Kidul, Undaan Lor, Undaan Tengah), Kacamatan Kaliwungu (Désa Blimbing Kidul, Désa Sidorekso, Désa Kaliwungu) Gebog, Dawe (Désa Margorejo, Désa Samirejo, Désa Karangrejo, Désa Cendono), Jekulo (Désa Jekulo)

  • Kelerengan 8-15%: sapérangan Jekulo, Dawe pérangan kidul, Gebog (Désa Gribig) lan Mejobo (Désa Jepang)
  • Kelerengan 15-25%: Dawe (Désa Kajar) lan Gunung Patiayam pérangan timur
  • Kelerengan 25-45%: Gunung Patiayam pérangan lor, Gebog (Désa Padurenan)
  • Kelerengan > 45%: Dawe (désa Ternadi), Gebog (Désa Rahtawu, Désa Menawan) lan laladan Pucuk Muria pérangan Kidul.

Kaanan mangsa ing Kabupatèn Kudus rata-rata kadayan déning iklim tropis basah. Curah hujan ing Kabupatèn Kudus relatif ing ngisor rata-rata nganti 2000 mm/taun. Temperatur paling dhuwur nganti 33 drajat celcius lan paling ngisor nganti 26 drajat celcius kanthi témperatur rata-rata sautara 29 drajat celcius lan kelembaban rata-rata bulanan antaranè 72%-83%. Anginè yaiku angin kulon lan angin wétan sipaté lembab kanthi kelembaban sautara 88%, kecepatan angin minimum 5 km/jam lan kecepatan angin maksimum bisa nganti 50 km/jam.

Papréntahan

besut

Kabupatèn Kudus ketata saking 9 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kudus yaiku:

Dhémografi

besut

Cacahing kang ndunungi Kabupatèn Kudus ing taun 2010 ana gunggung 764.606 jiwa, dumadi saka 379.020 jiwa lanang lan 385.586 jiwa wadon. Yèn dideleng saka panyebarané kacamatan kang paling akèh gunggung kang ndunungi yaiku Kacamatan Jekula, Kacamatan Jati, Kacamatan Dawé lan kang paling sithik yaiku kacamatan Bae. Kapadhetan kang ndunungi sajeroning kurun wektu limang taun (2006 – 2010) kapara ngalami mundhak sairing karo mundhaking gunggung kang ndunungi. Ing taun 2010 kacathet ana 1.798 jiwa saben kilomèter pasagi. Déné sebaran kang ndunungi isih durung warata, Kacamatan Kota minangka kacamatan kang paling padhet yaiku 8.738 jiwa per km2. Undaan paling arang kang ndunungi yaiku 961 jiwa per km2.

Panganan lan Plesiran

besut

Panganan kas

besut

Plesiran

besut

Omah Daharan (Wandhe)

besut

Deleng uga

besut

Cathetan suku

besut

Pranala njaba

besut