Syafruddin Prawiranegara
Mr. Syafruddin Prawiranagara, utawa uga ditulis Sjafruddin Prawiranagara (lair ing Serang, Banten, 28 Fèbruari 1911 – pati ing Jakarta, 15 Fèbruari 1989 ing umur 77 taun) ya iku pejuang ing mangsa kamardikan Républik Indonésia sing uga naté njabat minangka Présidhèn/Ketua PDRI (Pamaréntah Darurat Républik Indonésia) nalika papréntahan Républik Indonésia ing Yogyakarta tiba ing tangan Walanda nalika Agresi Militer Walanda II tanggal 19 Dhésèmber 1948 [1].
Mangsa mudha lan pendhidhikan
besutTokoh sing lair ing Anyar Kidul sing duwé jeneng cilik "Kuding" iki duwé keturunan Sunda Banten lan Minangkabau. Buyuté, Sutan Alam Intan, isih keturunan raja Pagaruyung ii Sumatera Barat, sing diguwak ing Banten amarga mèlu-mèlu Perang Padri. Panjenengané nikah karo putri bangsawan Banten, nglairaké eyangé sing sabanjuré duwé anak jenengé R. Arsyad Prawiraatmadja. Bapaké Syafruddin kerja minangka jaksa, nanging cedhak banget karo rakyat, lan amarga iku dibuang déning Walanda ing Jawa Timur [2].
Syafruddin nglakoni pendhidhikan ELS ing taun 1925, dilanjutaké MULO ing Madiun nalika taun 1928, lan AMS ing Bandung nalika taun 1931. Pendhidhikan sing paling dhuwur dijipuk ing Rechtshogeschool (Sekolah Tinggi Hukum) ing Jakarta (saiki Fakultas Hukum Universitas Indonésia) nalika taun 1939, lan kasil éntuk gelar Meester in de Rechten (saiki pada karo Magister Hukum).
Rujukan
besut- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2005-03-17. Dibukak ing 2012-09-25.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ http://sejarah.kompasiana.com/2012/11/06/mrsyafruddin-prawiranagara-tak-ada-pdri-tak-ada-nkri-501093.html[pranala mati permanèn]
Sumber
besut- Pusat Data & Analisis Tempo Apa & Siapa '85/86 Archived 2005-03-17 at the Wayback Machine.
Pranala njaba
besut- Mr. Syafruddin Prawiranagara sang pemimpin yang terlupakan
- Syafruddin Prawiranagara akan diusulkan jadi pahlawan nasional
Didhisiki déning: Surachman Tjokrodisurjo |
{{{jabatan}}} 1946–1947 |
Diganti déning: A. A. Maramis |
Didhisiki déning: Lukman Hakim |
{{{jabatan}}} 1949–1950 |
Diganti déning: Lukman Hakim |
Didhisiki déning: Lukman Hakim |
{{{jabatan}}} 1950–1951 |
Diganti déning: Jusuf Wibisono |
Didhisiki déning: Mohammad Natsir |
{{{jabatan}}} 1948–1949 |
Diganti déning: Samsuddin |