Ganja
Cannabis (Ganja) | |
---|---|
Godhong Ganja | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Urticales |
Famili: | Cannabaceae |
Génus: | Cannabis |
Spésies: | C. sativa |
Jeneng binomial | |
Cannabis sativa Linnaeus | |
Subspecies | |
C. sativa L. subsp. sativaC. sativa L. subsp. indica |
Ganja (Cannabis sativa syn. Cannabis indica)[1] iku tuwuhan budidaya pangasil serat, nanging luwih ditepungi amarga kandhutan dat narkotika ing wijiné, tetrahidrokanabinol (THC, tetra-hydro-cannabinol) sing bisa gawé panganggoné ngalami euforia (rasa seneng sing dawa tanpa sebab). Tuwuhan ganja racaké digawé dadi rokok mariyuana.
Ganja kalebu tuwuhan herba kang jejeg.[1] Uripé setaun langsung panèn, dhuwuré lumrahé 1-1,5 m.[1] Ganja duwé pang. Nalika enom rambuté akèh.[1] Godhong ganja thukul ing pangkal gagang.[1] Godhong ganja duwé gagang dawa, stipula bébas lan dhapuré kaya benang utawa kaya tombak.[1]
Dasanama
besutGinje jawa (Jawa), ganja, bakong, on mangat, ata pulo, gelek (Acèh).[1]
Habitat
besutGanja urip ing panggonan kang duwé iklim tropis kang lembab.[1] Tujuwané kanggo mrodhuksi résin narkotik. Serat kang optimal bisa diasilaké nalika ganja urip ing tlatah kang suhuné 15-27 drajat celcius.[1] Ganja thukul paling akèh ing Acèh.[1]
Réprodhuksi
besutGanja bisa ditangkaraké wijiné.[1] Wiji nukulaké cambah ing temperatur asor nanging ora sangisoré 1 drajat celcius.[1] Temperatur lemah 10-12 drajat celcius paling apik kanggo urip ganja.[1] Yèn nganggo cara vegetatif bisa kanthi cara stèk.[1] Nanging ana biokimia lan morfologi kang béda antarané ganja kang thukul saka wiji lan kang ditangkaraké kanthi cara vegetatif.[1]
Kena ing guna
besutGanja duwé akèh mupangat.[2]
- ngaktifké sistem sèl[2]
- nyehatké jiwa lan raga, kanggo tamba lelara[2]
- èfèktif kanggo ngundhakaké kinerja polo tengen[2]
- èfèktif kanggo panlitèn lan pangkajian IPTEK[2]
- kanggo ngundhakaké ènergi alam ngisor sadhar[2]
Nanging yèn nganggo ganja kanthi dosis kang luwih bisa mbebayani kanggo kaséhatan lan bisa njalari ketagihan.[2]
Cathetan sikil
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |