Ganyong
Ganyong | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Liliopsida |
Ordho: | Zingiberales |
Famili: | Cannaceae |
Génus: | Canna |
Spésies: | C. discolor |
Jeneng binomial | |
Canna discolor Lindl. |
Ganyong utawa lémbong[1] (Canna discolor L. syn. C. edulis, suku kana-kanaan utawa Cannaceae) iku sajinis tetuwuhan kang kagolong pala-kependhem lan ngasilaké uwi sing cukup populèr.[2] Tuwuhan iki urip ana ing ara-ara kanthi umbar-umbaran, nanging bisa uga di budidya.[2]
Uwi ganyong ngandhut pathi, sanadyan ora akèh kaya ketéla rambat.[2] Uwi ganyong iku bisa digodhog lan dadi panganan sing rasané khas kenyal tur rada legi.[2] Saliyané digodhog, ganyong iku ing padésan laladan Pathi lan Blora biyasa digawé glepung, dadi bahan dhasar kanggo gawé jajanan garing utawa jajanan sabangsa gethuk (ongol-ongol).[2] Nanging saiki ganyong wis langka ing désa-désa, amarga ora ana sing mbudidaya lan ora ana sing gawé jajanan nganggo bahan saka glepung ganyong.[2]
Deskripsi
besutGanyong kalebu tuwuhan kang cukup poténsial kanggo sumber karbohidrat.[3] Ganyong uga bisa dadi tuwuhan kang dadi bahan dhasar indhustri.[3] Ganyong kang duwé jeneng latin Canna edulis Kerr kalebu tuwuhan herba kang asalé saka Amérika Selatan.[3] Rhizoma utawa umbi ganyong yèn wis diwasa bisa dipangan kanthi diolah dhisik utawa dijupuk patiné.[3]
Nalika panén umbi, gumantung ing laladan kang dianggo nandur.[3] Ing dhataran cendhèk, ganyong wis bisa dipanén nalika umur 6-8 sasi, nanging ing laladan kang udan saben tauné, wektu panen luwih suwé ya iku nalika umuré 15-18 sasi.[3] Umbi kang wis tuwa bisa ditandhani yèn godhong utawa wit ganyong wis malih dadi warna kuning.[3]
Ganyong kalebu tuwuhan umbi-umbian kang diarani tuwuhan dwi taunan utawa dua mangsa. Sawisé iku godhongé garing lan tuwuhan iku bakal ilang.[3] Nanging yèn wayah udan tunas ganyong bakal thukul saka pucuk-pucuk umbi utawa rhizoma.[3]
Ganyong lumrahé dijupuk umbiné, mulané diarani tuwuhan umbi.[3] Umbi ganyong ngadhut akèh karbohidrat.[3][3] Umbi iki sajatiné rhizoma kang wujud wit kang thukul ing lemah.[3]
Werna wit lan godhongé gumantung karo varietasé, semana uga warna sisik uwiné.[3] Ganyong duwé dhuwur nganti 3 méter. Dhuwur iki diukur wiwit pucuk tuwuhan nganti sandhuwuré rhizoma utawa umbi.[3]
Morfologi
besutGanyong kalebu tuwuhan rumpun lan tuwuhan herba.[2] Kabèh pérangan wite vegetatif ya iku wit, godhong, lan kelopak kembang kaya-kaya ana liline.[2] Tuwuhan iki tetep awerna ijo nalika uripé.[2] Yèn wis tuwa wit lan godhongé bakal garing lan kaya-kaya mati.[2] Nanging tuwuhan iki ora mati awit yèn wayah udan rimpang utawa uwin bakal nukulake tunas lan urip manèh.[2] Tuwuhan ganyong dhuwuré 0,9-1,8 mèter.[2] Ing Queensland dhuwuré ganyong ngasi 2,7 mèter.[2] Nanging ing Jawa dhuwure kang umum kurang-luwih 1,35-1,8 mèter.[2]
Godhong
besutGodhong ganyong amba lan dhapuré elip dawa lan ing bonggol godhongé rada lincip. Dawané godhong kurang luwih 15–60 cm lan ambané 7–20 cm. Ing pérangan tengah godhong ana balung daun kang kandel banget. Werna godhongé warna-warna, ana kang ijo nganti ijo tuwa. Ana uga godhong kang ana garis-garis ungu utawa ungu kabéh. Pelepah ganyong uga ana kang rupané ungu lan ijo.
Woh
besutTuwuhan ganyong uga duwé woh nanging ora sampurna lan ora mbentuk. Woh ganyong dumadi saka telung ruangan kang isiné wiji kang rupané ireng kang cacahé 5 wiji saben ruang.
Umbi
besutTuwuhan ganyong duwé umbi kang gedhé lan dhiaméteré kurang luwih 5-8,75 cm lan dawané 10–15 cm. Sisik umbi wernané ungu utawa coklat. Dhapuré umbi warna-warna.
Varietas
besutIng Indonésia ana loro kultivar utawa variétas ganyong ya iku ganyong abang lan ganyong putih.[4] Ganyong abang wernané wit, pelepah lan godhongé abang rada ungu.[5] Yèn ganyong putih wit, godhong lan pelepahé nduwé warna ijo lan sisik uwiné awerna coklat.
Ganyong abang
besut- Gagangé luwih gedhé[4]
- Rada ora tahan yèn kurang banyu[4]
- Angel ngasilaké wiji[4]
- Uwi luwih gedhé lan kadar patiné luwih sithik[4]
- Lumrahé dipangan kanthi digodhog[4]
Ganyong putih
besutHabitat
besutGanyong asalé saka Amérika Selatan, nanging ganyong wis bisa thukul nyebar saka Sabang nganti Merauké.[3] Habitat kang paling akèh ya iku ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan Bali.[3] Tuwuhan iki lumrahé dadi usaha sampingan para panduduk.[3] Ganyong ditandur dadi tuwuhan sela bareng karo jagung sawisé panén pari gogo.[3] Uwi ganyong kang wis dipanén bisa digawé glepung.[3] Glepung iki bisa diolah utawa didol.[3] Miturut Nikolai Ivanovich Vavilov, salah sawijiné ahli botani saka bekas Uni Soviet, asal-muasal ganyong ya iku saka Amérika Selatan, ya iku ing laladan Peru, Bolivia, lan Equador.[7]
Kasil Olahan
besutGanyong bisa dipangan kanthi cara digodhog lan kanggo jajanan ngombé tèh utawa kopi.[7] Ganyong uga bisa diolah dadi pati utawa glepung ganyong.[7] Kajaba iku uga bisa digawé jenang, kripik, lan bolu.[7] Uwine kang isih enom, ing Amérika Selatan lumrahé kena kanggo sayuran lan uga dadi camilan.[7] Pucuk lan gagang godhong kang isih enom bisa kanggo pakan ternak.[7] Kembang ganyong uga duwé warna kang éndah kang bisa dadi tuwuhan hias.[7]
Uga delengen
besutPranala njaba
besut- Deptan:Ganyong Archived 2010-12-29 at the Wayback Machine.
- Direktorat Budidaya Kacang-kacangan dan umbi-umbian
Cathetan suku
besut- ↑ (Indonesia), Balai Bahasa Yogyakarta; Kanisius., Penerbit (2011). Kamus basa Jawa = Bausastra Jawa (édhisi ka-Ed. 2). Deresan, Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 9789792128581. OCLC 774024212.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n eprints.uns.ac.id Archived 2014-07-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u deptan.go.id Archived 2010-12-29 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f lipi.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
- ↑ [agribisnis.deptan.go.id/xplore/view.php?file.../D3tanamanganyong.pdf agribisnis.deptan.go.id](dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e http://forum.detik.com/showthread.php?t=145873[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g tabloidnova.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)