Istana Fontainebleau
Pura Fontainebleau utawi Château de Fontainebleau inggih punika salah satunggalipun pura ingkang wonten ing Prancis.[1] Tebihipun watawis 40 mil saking Kutha Paris.[2] Pura Fontainebleau sampun dipun-ginakaken raja-raja Prancis awit abad angka 12.[1] Pura punika mapan ing satengahing wana Fontainebleau ingkang wiyaripun 17 hèktar.[1] Sadèrèngipun dipunéwahi, pura punika mapan ing wana ingkang wiyar ing Île-de-France, salajengipun dipunéwahi lan dipunwiyaraken malih déning François I ing abad angka 16.[1] François I gadhah pikajeng badhé damel pura kasebat saéngga mémper kados pura-pura ing Kutha Roma.[1]
Pura Fontainebleau | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | ii, vi |
Rujukan | 160 |
Tlatah UNESCO | Éropah |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1981 (Sési 5th) |
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Prancis" nor "Template:Location map Prancis" exists. |
Pura Fontainebleau ingkang asring sinebat Pura Italianate punika dipunkupengi taman ageng.[3] Wangunan punika nggabungaken seni arsitèktur Renaisans lan tradisi artistik Prancis.[3] Pura lan taman Fontainebleau sampun kadhaptar minangka situs warisan donya UNESCO awit taun 1981.[3]
Arsitèktur lan dhékorasi Pura Fontainebleau kalebet karya ageng artistik Prancis-Éropah.[4] Dipundamel kanthi pambiyantu seniman saking Italia, ingkang nepangaken éstetika rénaisans dhateng Prancis.[4] Pura punika dados salah satunggaling situs paling wigati lan merbawani ing Prancis.[4] Pambangunan pura karajan dipunwiwiti saking pamaréntahan François I.[4] Modhifikasi pura salajengipun dipunterasaken ing abad angka 19.[4] Wonten ing wekdal samangké Pura Fontainebleau kapérang dados gangsal latar lan dipunkupengi taman lan wangunan sanès ingkang dipuntata kanthi saé.[4]
Sajarah
besutWangunan punika dipunyasa antawisipun taun 1528 ngantos 1540 kanthi pangawasan arsitèk Gilles le Breton, ingkang nyepeng tanggel jawab damel wangunan Pengadhilan Oval, sapunika mapan ing sawétaning kompléks pura.[4] Awit taun 1533-1540 Rosso Fiorentino damel dhékorasi lukisan témbok lan mléster.[4] Francesco Primaticcio nyepeng tanggel jawab kanggé pangecoran prunggu ingkang wonten ing pura punika.[4]
Taun 1530 Rosso Fiorentino (1494-1540) seniman saking Florentine, Perino del Vaga (1501-1547) saking Roma, lan tukang lukis Francesco Primaticcio (1504-1570) saking Mantua dugi dhateng Prancis.[5] Kanthi arahan Rosso Fiorentino, para seniman punika yasa wangunan tambahan ing kompléks pura wujud wangunan sekolah Fontainebleau.[5] Tigang seniman punika damel karya wangunan kanthi tambahan seni lukis lan dhékorasi interior ing Pura Fontainebleau.[5]
François I nyuwun pambiyantunipun seniman Italia kados Leonardo da Vinci lan Benvenuto Cellini kanggé ndamel éndahing pura Fontainebleau.[6] Benvenuto Cellini damel reca Diane, Vénus lan Jupiter.[6] Tukang lukis Italia Rosso Fiorentino lan Primatice (1504-1570) rawuh ing Prancis kanggé ndamel rerenggan kamar ing pura punika.[6] Tembok-témbok ing sacaketipun monumen dipuntambahi rerenggan wujud tokoh/paraga-paraga mitologi.[6] Galéri Castle lan Galéri François I, dipunparingi pamanis (rerenggan) kanthi lukisan karyanipun Rosso Fiorentino ingkang nggambar Déwa Olympus.[6] Pamanis permadani lan karpèt karyanipun Primatice ugi dipunpasang ing Pura Fontainebleau.[6]
Sasampunipun Rosso Fiorentino tilar donya taun 1540, Francesco Primaticcio dados sesulihipun Rosso minangka pandheganing proyék Pura Fontainebleau.[5] Kanthi arahan saking Primaticcio, modhél interior pura dipuntambahi manéka tambahan kados warni-warni ingkang padhang, lan ing témbok dipunpajang gambar-gambar lukisan tokoh.[5]
Primaticcio lajeng nimbali seniman Niccolò dell'Abbate (1512-1571) saking Modena kanggé mbiyantu padamelanipun.[5] Nicollo paring pambiyantu wujud nambahi dhékorasi ing Galéri François I, Gladri d'Ulysse, lan Salle de Bal.[5] Nicollo nambahaken dhékorasi kanggé gendhung Gladri François dipunatur kanthi arsitèktur lan pajangan lukisan.[5] Modhél gladri dipunparingi pamanis wujud lukisan naratif, dipuntambah reca, lan dhékorasi sanèsipun ingkang taksih wonten ngantos samangke.[5]
Taun 1540-an, satunggaling golongan seniman ingkang dipunpandhégani Primaticcio damel téknik céthak énggal kanggé damel karya lukisan minangka pamanis pura Fontainebleau.[5] Ing golongan punika wonten tukang lukis Antonio Fantuzzi saking Bologna lan tukang lukis saking Prancis Jean Mignon, lan tukang ngukir Leon Davent.[5] Awit saking panjurung para seniman kalawau damel karya céthak lukis lan dhékorasi, Pura Fontainebleau saged nilaraken karya seni ingkang kathah.[5]
Wekdal Prancis dipunpandhégani Raja Napoléon (1769-1821), panjenenganipun maréntahaken supados sedaya piranti Pura Fontainebleau dipun-gantos piranti énggal.[7] Bab punika dipunsebabaken pura punika badhé dados papan jumenengan Raja Napoléon déning Paus taun 1804.[7] Pura Fontainebleau ugi dados papan klangenaning Raja Napoléon.[7] Panjenenganipun damel singgasana raja dados saé kanthi pamanis wujud karpet lan dhékorasi ingkang éndah.[7] Raja Napoleon ndadosaken pura punika minangka pralambanging kaagunganipun raja.[8]
Taun 1944 Pura Fontainebleau dipun-ginakaken basis koordinasi Sakuthu Komandho Inggris kanggé pambebasan Éropah.[9]
Konstruksi
besutPura Fontainebleau dipunyasa lan dipunkembangaken saking satunggaling wangunan bètèng.[10] Bab punika dipunbuktékaken saking piagam ingkang dipunserat déning Louis VII taun 1137.[10] Saking satunggaling bukti wujud serat/layang saking Charles VII tanggal 1431 nedahaken bilih Pura Fontainebleau dipunyasa ing kawitaning abad kaping gangsal welas.[10]
Wekdal taun 1528, François I ngrobohaken sapérangan ageng saking wangunan bètèng lan dipunéwahi, lajeng dipundamel fondhasi énggal ingkang sapunika dados wangunan Oval.[10] Salajengipun dipunyasa galéri, menara, taman, lan kolam.[10] Sasampunipun pura dados lajeng dipunparingi pamanis (rerenggan) wujud lukisan lan ukiran karya seniman gaya rénaisans saking Italia.[10] Manéka piranti antik, lukisan, reca, lan seni kanthi kwalitas saé lajeng dipuntambahaken ing pura punika.[10]
Wangunan ing Kompléks Pura Fontainebleau
besutGaléri François I
besutGaléri François I dados satunggaling wangunan renaisans misuwur ing Prancis.[11] Galéri François I dipunyasa taun 1528.[10] Wangunan galéri François I dipunrancang déning Rosso Primaticcio saking Italia.[12] Kanthi rancangan arsitèk Rosso dipunasilaken galéri kanthi pajangan lukisan lan panél kayu ingkang mujudaken modhél arsitèktur "à la française".[12] Lukisan karya Fiorentino dipunkombinasikaken kaliyan lukisan semèn, ukiran lan kajeng kanthi pikajeng damel gaya dhékoratif.[13] Ing galéri punika dipunpajang lukisan ingkang nggambaraken Déwa Olympus.[13] Sanèsipun lukisan Olympus, dipunpajang kalih welas lukisan naratif, réliéf, reca, lan ukir-ukiran.[13]
Musiyum Napoléon I
besutIng musiyum ingkang manggén ing kompléks Pura Fontainebleau punika dipunsimpen piranti-piranti tilaranipun kaisar lan kulawarginipun.[12] Piranti tilaran kaisar kados furnitur, seni lukisan, reca, gaman, ageman, kramik lan dhokumén sajarah.[14] Kanggé damel musiyum punika, Napoléon nelasaken arta kalih welas yuta franc sadangunipun sedasa taun.[15] Wekdal Révolusi Prancis wangunan punika risak lan dipunyasa malih tanggal 20 April 1814.[15]
Kapél Triniti
besutIng wangunan punika dipunpajang lukisan Henri IV karyanipun Martin Fréminet.[12] Taun 1725 ing kapél punika dipunwontenaken pahargyan palakraminipun Louis XV kaliyan Marie Leszczinska.[12] Taun 1810 Raja Napoleon III dipunbaptis ing kapél punika.[12] Taun 1605 Raja Henri IV nambahaken kubah ing wangunan punika.[16] Karya lukisan ingkang kawitan dipunpajang taun 1608.[16] Ing kubah kapél dipuntambahi manéka pamanis wujud dhékorasi, céthakan saking semén, lan dipuncat.[16] Wonten ing mimbar kapél wonten karya lukis ingkang nggambaraken: Madhepipun Allah dhateng Nuh ingkang nitih kapal, gambar-gambar malaékat, Yésus Kristus ing penghakiman ingkang pungkasan, lukisan malaékat jibril, wolung raja-raja Israèl lan Yahudi, para leluhur lan nabi.[16]
Apartemén Napoléon I
besutApartemén punika dipunjangkepi kamar lan lukisan ingkang misuwur sasampunipun panjenenganipun mandhap keprabon (boten dados raja malih) ing taun 1814.[12] Sanèsipun punika, wangunan Apartemén Napoléon ugi taksih njagi karya dhékorasi tilaranipun Louis XVI.[17] Dhékorasi ruwangan dipuntambahi pamanis lan dhékorasi sanès déning Simon Frederick Moench taun 1811.[17] Ruwangan punika ugi dipunjangkepi karpét tenunan ing taun 1809.[17]
Ruwang de l'abdication
besutSatunggaling ruwang ing pura ingkang dipunyasa taun 1808.[18] April 1814 Napoléon napak asmani serat mandhap saking kalungguhan raja Prancis ing wangunan punika.[18] Piranti ruwangan tilaran Napoléon taksih dipunjagi ing ngriki ngantos dumugi sapunika.[18]
Wangunan Ballroom
besutDipunwangun ing mangsa pamaréntahanipun François I lan purna wekdal jaman Henri II.[12] Ing wangunan punika dipunpajang lukisan karyanipun Primaticcio lan Nicollo dell'Abate, sarta ubin lan langit-langit ingkang dipunripta Louis Philippe.[12]
Wangunan Ratu Boudoir
besutWangunan punika dados tandha kamajenganipun arsitèktur Prancis abad-18.[12] Dhékorasi wangunan punika dipunripta Marie-Antoinette.[12]
Wangunan Dhéwan
besutWangunan punika dipundhékor lan dipunpajang lukisan déning Carl Van Loo lan Jean Baptiste Pierre.[12]
Wangunan Throne
besutWangunan punika dados papan saré Raja Henri IV lan Louis XVI.[12]
Wangunan Pengadilan
besutWangunan karya arsitèk Primaticcio punika dipunyasa ing taun 1750.[12] Wangunan Pengadilan dipunyasa ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV lan Louis XIV.[12] Wangunan punika dipunjangkepi kolam ulam.[12]
Wangunan Oval
besutWangunan Oval dipunyasa ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV.[12] Wangunan punika dipunjangkepi kubah ageng ing taun 1601.[12] Raja Louis XIII dipunbaptis ing Gedhung Oval taun 1601.[12] Wangunan Oval dipunyasa kanthi arsitèktur gaya rénaisans.[10]
Musiyum Cina
besutMuseum punika dipunyasa taun 1863 kanggé Ratu Eugenie.[12] Musiyum Cina ngempalaken manéka warni koléksi saking Cina klangenanipun Ratu Eugenie.[12] Musiyum Cina punika dipunrénovasi taun 1984.[12]
Sesawangan Pura Fontainebleau
besutCathetan suku
besut- ↑ a b c d e castles.org. "Fontainebleau". castles.org. Diarsip saka sing asli ing 5 April 2013. Dibukak ing 6 April 2013.
- ↑ buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. Dibukak ing 13 April 2013.
- ↑ a b c france.fr. "The Palace of Fontainebleau". france.fr. Dibukak ing 6 April 2013.
- ↑ a b c d e f g h i whc.unesco.org. "Palace and Park of Fontainebleau". whc.unesco.org. Dibukak ing 8 April 2013.
- ↑ a b c d e f g h i j k l metmuseum.org. "Fontainebleau". metmuseum.org. Dibukak ing 11April.
{{cite web}}
: Check date values in:|accessdate=
(pitulung); Unknown parameter|accessyear=
ignored (|access-date=
suggested) (pitulung) - ↑ a b c d e f georgianindex.net. "Fontainebleau". georgianindex.net. Diarsip saka sing asli ing 2 February 2013. Dibukak ing 8 April 2013.
- ↑ a b c d castles.org. "Fontainebleau". castles.org. Diarsip saka sing asli ing 2013-04-05. Dibukak ing 11April.
{{cite web}}
: Check date values in:|accessdate=
(pitulung); Unknown parameter|accessyear=
ignored (|access-date=
suggested) (pitulung) - ↑ buffaloah.com. "Fontainebleau". buffaloah.com. Dibukak ing 13 April 2013.
- ↑ buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. Dibukak ing 13 April 2013.
- ↑ a b c d e f g h i (ing basa Prancis)la-seine-et-marne.com. "Construction d'une résidence royale ". la-seine-et-marne.com. Diarsip saka sing asli ing 19 January 2013. Dibukak ing 17 April 2013.
- ↑ panoramadelart.com. "Galerie François Ier". panoramadelart.com. Diarsip saka sing asli ing 30 October 2013. Dibukak ing 15 April 2013.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v bonjourlafrance.com. "France Tourist Attractions - Fontainebleau Castle and Forest". bonjourlafrance.com. Dibukak ing 11 April 2013.
- ↑ a b c artble.com. "Galerie of Francois I". artble.com. Dibukak ing 15 April 2013.
- ↑ (ing basa Prancis)lankaart.orgmusee-chateau-fontainebleau.fr. "Le musée Napoléon Ier (1986)". musee-chateau-fontainebleau.fr. Diarsip saka sing asli ing 8 February 2013. Dibukak ing 15 April 2013.
- ↑ a b (ing basa Prancis)la-seine-et-marne.com. "Fontainebleau Le Château". la-seine-et-marne.com. Diarsip saka sing asli ing 19 January 2013. Dibukak ing 17 April 2013.
- ↑ a b c d archivesdefrance.culture.gouv.fr. "Martin Fréminet : décor de la chapelle de la Trinité". archivesdefrance.culture.gouv.fr. Dibukak ing 15 April 2013.
- ↑ a b c (ing basa Prancis)lankaart.org. "Fontainebleau - Napoléon et l'Empire". lankaart.org. Dibukak ing 15 April 2013.
- ↑ a b c (ing basa Prancis)lankaart.org. "Salon de l'abdication, Fontainebleau". lankaart.org. Diarsip saka sing asli ing 25 July 2013. Dibukak ing 17 April 2013.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Palace of Fontainebleau. |
Pranala njawi
besut- (ing basa Prancis)Site Resmi Istana Fontainebleau