Joglo Pencu utawa omah adat Kudus, Jawa Tengah yaiku kalebu sawijining tinggalan warisan budaya kang kudu diuri-uri. Ing taun 2016 omah adat iki wis resmi dilebokaké dadi Warisan Budaya Tak Benda Indonésia (WBTB).[1][2] Omah kasebut duwèni watak kas Jawa Pasisir, yaiku egaliter, tinarbuka lan teges. Joglo pencu nduwèni payon gendhèng kang diarani 'payon pencu' ing wangunan kang kebak seni ukir prasaja kas Kabupaten Kudus yaiku bauran gagrag saka Jawa (Hindhu), Persia (Islam), Cina (Cina) lan Éropa (Walanda).[3]

Joglo pencu omah tradhisional Kudus kang katon éndah

Omah iki kira-kira binangun watara taun 1500-an Masèhi nganggo 95% kayu jati asli. Joglo Kudus padha karo Joglo Jepara, nanging Joglo pencu nduwèni béda kang paling katon ing lawang. Joglo Kudus duwé 1 lawang dene Joglo Jepara duwé 3 lawang. Saben pérangan Joglo Pencu duwéni filosofi kang nggambarake sesanti panguripan para padunungé sajroning ngadhepi alam, manungsa lan Gusti. Kaeunikan lan mirungganing omah adat Kudus (Joglo pencu) ora mung ing kaèndahan arsitektur kang kebak tatahan kang prasaja, nanging uga saka jangkepé komponèn susun kang duwèni makna filosofis kang béda.[4][5]

Sujarah

besut

Sujarahé omah adat Joglo pencu ora bisa diuculaké karo sujarahe kabisan natah ing kana, yaiku wiwit lumebuné wong neneka saka Tiongkok jenengé The Ling Sing kang lumebu ing tanah Jawa ing abad 15. Ing Kudus, dhèwèké ngudi karya dadi juru patung. Amarga nduwèni ciri dhéwé-dhéwé, seni tatah kang dirembakakaké dening The Ling Sing iki tinepung kanthi jeneng tatah sungging, kang misuwur kanthi alus lan kaendahane.[6]

Ing jamané, omah tradhisional iki digunakaké minangka simbul kemapanan kanggo sing kagungan. Omah-omah iki akèh ditemokake ing sisih Kulon Kudus, amarga wektu iku ékonomi wewengkon Kudus Kulon luwih maju tinimbang Kudus Wetan. Omah Joglo kas Kudus pancèn wis ana kawit jaman Sunan Kudus, masarakat wis duwé omah mligi. Lumantar Sunan Kudus kang nuntun para pandhèrèk lan masarakat Kudus dadi wong kang nduwèni kapribadèn kang becik, sregep maca Al-Qur’an lan bisa dagang.[7] Nanging wektu iku, wangunan kasebut ora magrong, gedhong Joglo Kudus kang tinepung saiki yaiku karyane Mbah Raga Maya. Nalika jaman Bupati Candranegara III watara taun 1819, Mbah Raga Maya didhawuhi yasa pendhapa kanggo Kabupatèn Kudus. Desain pendapa Kudus saiki digunakaké minangka omah adat Kudus kang ngripta omah adat Kudus yaiku Kyai Telingsing kang kondhang seni ukir kang unik. Nanging omah mau banjur dirembakakaké déning Mbah Raga Maya, kanggo nggawé omah adat kang nduwéni pangaji seni kang dhuwur kaya saiki.[8]

Mbah Raga Maya uga dadi prajurit Pangéran Dipanegara. Nalika semana Pangéran Dipanegara dikecrèk Walanda. Mbah Raga Maya golèk papan kang aman nganti tundhoné tekan ing Dhusun Praka, Winong taun 1800-an. Mbah Raga Maya teka karo kanca-kancané yaiku Mbah Raga Perti, Mbah Raga Jaya, lan Mbah Raga Dadi, uga juru masak Mbok Sumi lan Mbok Rasemi. Saliyané nduwèni ilmu agama kang mumpuni, Mbah Raga Maya uga prigel bab tetukangan. Yasan kang misuwur yaiku Joglo pencu Tumpang Sanga.[9]

Makna Filosofis

besut

Wis sinebutaké ing wedharan sadurungé yèn Joglo pencu ngemot makna filosofis kang dadèkaké omah adat iki samsaya aji, yaiku kaping pisan, wujud lan motif tatahan manut pola kala (kewan kang sikilé akèh), rumeksa gajah, rasukan kembang mlathi (kembang rinoncé), motif naga, woh nanas (honeycomb), motif manuk ponik, lan liya-liyané. Kapindho, tata ruang omah adat kang duwé jaga satru kanthi saka geder utawa tunggal minangka pralambang yèn Allah SWT kuwi Dzat Kang Maha Tunggal. Katelu, gedhongan lan senthong/ruang tamu kang disengkuyung déning patang pilar guru/pilar panyangga. Patang rukun kasebut minangka pralambang kang mènèhi pituduh marang para panganggo omah supaya bisa nyukupi urip saben dinané kanthi ngendhaleni 4 sipat manungsa yaiku amarah, aluwamah, supiah, lan mutmainnah. Pola iki ditemokaké ing gebyok ngarep, sisih kiwa lan tengen lawang, lan pungkasan ing pola dekoratif geometris saka tètès embun kang jangkepi lawang. Balok tumpangsari ing macem-macem wujud (tumpal, mender, pilin). Salah sawijing ciri rancangan omah adat Kudus yaiku tatahan ing sela-sela senthong gedhongan.[10] Kaping papat, pawon ing mburi omah.[11] Kalima, pakiwan minangka pralambang supaya manungsa tansah resik dhiri jasmani lan rohani. Kaping enem, tetuwuhan ing sakiwa tengené pakiwan, antarané: wit belimbing, kang nglambangaké rukun Islam lima; pandhan wangi, minangka pralambang rejeki kang wangi/halal lan kembang mlathi kang apik, wit puring sing nglambangake patrap kang apik lan budi pakarti, lan suci.[11][12]

Bleger

besut
 
Omah Joglo pencu duwé ciri yaiku bauran kabudayan Islam, Hindhu, lan Cina

Wangunan utama yaiku bangunan kang paling suwé binangun ing situs kasebut, lan nduwèni piguna kanggo kegiyatan utama para panganggo omah, tuladhané guneman karo kulawargané, mangan, ngombé lan ngaso. Wangunan utama kalebu Dalem, Jagasatru lan Pawon nduwéni aji lan makna simbulis saliyané dirèng-rèng miturut piguna lan kabutuhan.[13]

Ing jero jogan sisih kidul lan senthong ing sisih Lor. Senthong kaperang dadi 3 perangan yaiku Senthong Tengah utawa Gedhongan, Senthong Kiwa, lan Senthong Tengen. Ana ing ruwangan kasebut ana saka utama jero kang sinebut Saka guru kanthi tumpangsari ing pucuké. Jogan-jogan digawe saka kayu (kayu logadhag) kanthi jubin peil kang dhuwure 50 cm saka kamar Jagasatru lan Pawon.[14]

Lumrahé omah adat Kudus madhep mangidul, sebab sunar srengéngé ésuk kang sepisanan bakal luwih apik yen bisa lumebu omah, supaya kesarasan kang manggon ing omah bakal luwih sehat. Kapindho, nalika mangsa katiga, ngarepan omah ora kena sunar srengéngé langsung, mula tansah kalimput adhem. Katelu, nalika mangsa rendheng, ngarep omah panggah aman saka udan, amarga udan lumrahé tiba saka Lor utawa Kulon. Kaping papat, amarga Gunung Muria dumunung ing sisih Lor, mangku Gunung Muria diyakini bakal ngangèl-angèl dalan uripé.[15]

Rujukan

besut
  1. "Bappeda Kabupaten Kudus - Badan Perencanaan Pembangunan, Penelitian, dan Pengembangan Daerah". bappeda.kuduskab.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  2. Wahyono, T., & Larasati, T. A. (2015). Kajian Warisan Budaya tak Benda (WBTB) Rumah Adat Kudus. Kudus: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
  3. Abdillah, Marzuqi (2017-10-29). "Endahing Arsitèktur Joglo Pencu Kudus (saka Basa Indhonésia)". Media Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  4. Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Destinasi Wisata | Joglo Pèncu (jatengprov.go.id)
  5. "Joglo Pencu Omah Adat Kutha Krètèk (saka Basa Indhonésia)". Kebudayaan Jateng. 2021-06-18. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  6. Rasyid, Shani (2021-06-29). "Nepungi Joglo Pèncu Omah Adat Kudus kang Unik lan Kebak Makna Simbulik (saka Basa Indhonésia)". Merdeka.com. Dibukak ing 2023-02-08.
  7. Syah, MH (2009). Pengaruh Budaya Islam dalam Rumah Tradisional Kudus. Jakarta: UIN Syarif Hidayatullah. kc. 33.
  8. W, Huda (2018-07-01). "Satemené Sapa Panyasa Joglo Pèncu (saka Basa Indhonésia)". Isk News. Dibukak ing 2023-02-08.
  9. Salamah, Khoirunnis (2022-02-14). "Mbah Raga Maya Maéstro Omah Adat Kudus Joglo Pèncu Tumpang Sanga (saka Basa Indhonésia)". Dibukak ing 2023-02-08.
  10. Rasyid, M. (2021, April).
  11. a b Auliya R, Yuda (2020-12-05). "Ngungak Omah Jogle Pèncu Umur 400 Taun kang Isih Dipanggoni ing Kudus (saka Basa Indhonésia)". Muria News. Dibukak ing 2023-02-08.
  12. WBTB, Admin (2016-01-01). "Warisan Budaya Joglo Pèncu". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-08. Dibukak ing 2023-02-08.
  13. Kamila Afliha, Jauharatul (2022-06-01). "Rumah Adat Joglo Pèncu Kudus Sejarah Dan Makna-Makna Keislaman Dalam Arsitektur Rumah Adat Kudus". Musala. 1: 26–49.
  14. Èksistènsi Seni Hias Rumah Tradisional Kudus
  15. Wisata Jawa. (n.d.). Retrieved from Wisata Jawa