Muhammad Nashiruddin Al-Albani
Muhammad Nashiruddin Al-Albani ya iku imam Ahlus-Sunat abad iki, kang ngorbanake kabèh uripé kanggo Allah.[1] Dhèwèké ora mung kawentar sawijining ulama ahli hadits, nanging uga salah sawijining kang ana ing barisan para ulama kang éntuk predikat dadi Mujaddid al-Islam.[1]
Muhammad Nashiruddin al-Albani | |
---|---|
Kala | Jaman modhèren |
Tlatah | Ulama Islam |
Aliran | Sunni |
Jeneng
besutDhèwèké ya iku Muhammad Nashiruddin bin Nuh, luwih kawentar kanthi jeneng kuniah Abu 'Abdurrahman.[2]
Lair
besutDhèwèké lair taun 1914 M ing kutha Ashqadar, kutha krajan Albania, ing satengahing kulawarga kang sedherhana banget lan sibuk karo ngèlmu agama, ing Albania.[2]
Kulawarga
besutBapaké ya iku haji Nuh salah sawijining ulama gedhé ing Albania kang naté golèk ngèlmu menyang Istambul, Turki, banjur bali manèh ing Albania saperlu mulangake manèh ilmune lan dakwah. Lingkungan kulawargané kebak kanthi cahya Islam kang ketok kejaga ing saben sisine.[3]
Ijrah
besutNalika Ahmad Zogo dadi ratu Albania, dhèwèké wiwit ngowah-ngowahi aturan sosial kang revolusioner kang ngrusak pondasi-pondasi lingkungan Islami mau. Amarga apa kang ditindhakake déning ratu Ahmad Zogo padha waé karo apa kang dilakokake déning Mustafa Ataturk; ing kono wong wadon kudu nyopot hijabe, saéngga marakake akèh fitnah. Sakawit iku, kaum muslimin kang kuwatir karo agamané, ijrah marang luar nagari, kalebu kulawargané Syaikh Haji Nuh, kang nggawa agama lan kulawargané marang Suriah, kalebu Muhammad Nashiruddin al-Albani cilik.[4]
Pendhidhikan
besutIng Damaskus, Muhammad Nashiruddin cilik nyinaoni Basa Arab ing Madrasah Jam'iyah al-Is'af al-Hairi. Wong kang kapisan mènèhi prabawa kanggo dadi alim ya iku bapaké dhéwé, Haji Nuh, kang dadi salah sawijining ulama Madzhab Hanafi nalika iku. Kanggo sawatara wektu dhèwèké taqlid madzhabi kang diwulangake bapaké. Nanging dhèwèké éntuk hidayah Allah banjur dhèwèké dadi wong kang ora gelem dikekang madzhab tinamtu.[5]
Umur 20 taun, al-Albani wiwit konsèntrasi marang ngèlmu hadits amarga kesengsem marang pembahasan-pembahasan kang ana sajeroning kalawarta al-Manar, sawijining kalawarta kang diterbitke déning Syeikh Muhammad Rasyid Ridha. Kegiatan kapisan ing babagan iki ya iku nyalin sawijining kitab kanthi sesirah "al-Mughnian Hamli al-Asfar fi Takhrij ma fi al-Ishabah min al-Akhbar". Sawijining kitab karya al-Iraqi, wujud takhrij marang hadits-hadits kang ana ing Ihya Ulumuddin al-Ghazali. Kegiatan Syeikh al-Albani sajeroning babagan hadits iki ditentang déning bapaké sinambi ngendika. "Sajatiné ngèlmu hadits ya iku panggawean saka orang-orang bangkrut".[6]
Al-Albani nom dadi sawijining nom-noman kang unggul sajeroning kajian hadits, kang pindhah saka siji majelis pengajian marang majelis liya kanggo golèk ngèlmu.[1]
Kango nguripi sadina-dinane, dhèwèké dadi tukang servis jam, nanging iku mau ora ngalangi dhèwèké kanggo dadi ulama gedhé.[7]
Dadi Guru Besar ing Universitas Islam Madinah
besutSaka kauletane Al-Albani lan saka taufik saka Allah, karya tulise dhèwèké wiwit diterbitake sajeroning pirang-pirang disiplin ngèlmu, kaya ta fikih, akidah lan liya-liyané, luwih-luwih ngèlmu hadits kang pancen wis dadi spesifikasine dhèwèké. Iku mau minangka ambané ngèlmu kang wis diwènèhake saka Allah kanggo dhèwèké wujud seserepan kang shahih, ngèlmu kang amba, lan kajian kang jero ing babagan hadits. Katambahan manèh manhaje dhèwèké kang lurus, kang ndadèkaké al-Qur'an lan as-Sunat dadi dhasar ing kabèh hal. Kabèh mau ndadèkaké Al-Albani dadi rujukan ahli ngèlmu lan kanthi rikat kautaman kang ana ing dhèwèké kaloka wong-wong. Mula nalika Universitas Islam Madinah wiwit dirintis, kang dipelopori déning Syaikh al-Allamah Muhammad bin Ibrahim Alu asy-Syaikh, kang nalika iku dadi Mufti Umum Karajan Saudi Arabia, Syaikh al-Albani langsung dadi pilian kanggo dadi guru besar Babagan Studi Hadits.[4]
Ing panggonane mulang, dhèwèké tansah ulet, tenanan, lan ikhlas, nganti asring dhèwèké nalika ngaso, mèlu lungguh ing satengahing mahasiswa ing dhuwur pasir kanggo njawab pitakonan lan dhiskusi karo mahasiswane.[1]
Dhèwèké wong kang andhap asor, saéngga asring mobile dhèwèké kebak déning murid-muride kang kepéngin njupuk faedah saka dhèwèké.[4]
Ing antarané kasenengan lan berkah kang ana ing Universitas Islam Madinah ya iku metodologi kuliah kang ana ijroning sub-disiplin "Ilmu Isnad." Dhèwèké mulang iki kanthi métodhe milih hadits saka Shahih Muslim upamané, banjur ditulis ing papan tulis lengkap kanthi sanad. Banjur dhèwèké ngawa kitab-kitab biografi rawi-rawi hadits, banjur dijelasake marang mahasiswane babagan metodologi kritik rawi lan metodologi takhrij hadits.[1]
Nalika Al-albani ninggal Universitas Islam Madinah kanggo dumunung ing Yordania, metodologi piwulangan mau isih tansah dilakokake déning dhosen kang ngganti dhèwèké.[1]
Dadi Imam Para Ulama Ahli Hadits Abad Iki
besutSaking akèhé karya tulis lan kasil-kasil studine dhèwèké sajeroning dhisiplin ngèlmu hadits; kang kawentar kanthi kesimpulan-kesimpulan kang detil lan cermat, ndadèkaké dhèwèké rujukan ulama-ulama saka nagara Islam liya kang padha teka saperlu njupuk faidah saka berkah ilmune dhèwèké.[4]
Prestasi
besut- Dhèwèké kapilih dadi anggota dewan kajian hadits kang digawé déning Mesir lan Suriah, kanggo mimpin komite publikasi kitab-kitab sunat.[1]
- Dadi guru besar babagan studi hadits ing Universitas Islam Madinah lan banjur dadi anggota dewan rektor ing universitas mau, kalamangsa 1381-1383 H.[1]
- Nate disuwun kanggo dadi guru besar ing Universitas as-Salafiyah, India, nanging ora disanggupi.[4]
- Dhèwèké naté disuwun déning Mantri Wakaf Saudi Arabia, Syaikh Hasan 'Abdullah Alu asy-Syaikh, kanggo dadi guru besar ngèlmu hadits ing Universitas Makkah al-Mukarramah.[4]
- Déning Raja Khalid bin 'Abdul-Aziz, ratu Saudi Arabia, dhèwèké kepilih manèh dadi anggota dewan rektor Universitas Islam Madinah kalamangsa 1395-1398 H.[1]
- Kapustakan azh-Zhahiriyah, ing Damaskus, nggawe ruwang dhéwé mirunggan kanggo Syaikh supaya nglancarake sinau lan penelitiane.[4]
- Entuk pangaji-aji saka kraton Saudi Arabia wujud King Faisal Fundation tanggal 14 Dzulkaidah 1419 H.[2]
Pengalaman Penjara
besutSyeikh al-Albani naté dikunjara ping pindho. Kaping kapisan suwéné sakwulan lan kaping pindho suwéné 6 wulan amarga dhèwèké dakwah marang sunat lan merangi bid'ah saéngga wong-wong kang drengki marang dhèwèké tansah nyebarake fitnah.[5]
Pujian Saka Ulama
besut- Sikap hormat Syaikh al-Allamah Muhammad Amin asy-Syinqithi-kang kawentar dadi ahli tapsir kang ora ana tandhingane ing jamane-kang ora lumrah marang Syaikh al-Albani, nalika dhèwèké mriksani Syaikh al-Albani liwat padahal dhèwèké lagi mulang ing Masjid Nabawi, dhèwèké banjur ngadeg kanggo ngucapake salam kanggo Syaikh al-Albani.[1]
- Pujian al-Allamah Muhibbuddin al-Khathib rahimahullah; Ing antarané para dai marang as-Sunat, kang ngentèkaké uripé demi makarya keras kanggo nguripake ya iku Abu 'Abdurrahman Muhammad Nashiruddin bin Nuh Najati al-Albani.”[4]
- Syaikh Muhammad bin Ibrahim Alu asy-Syaikh rahimahullah, naté nyebut al-Albani kanthi pujian; Dhèwèké ya iku ahli Sunat, kang mbela kebenaran lan musuh saka kang mèlu kaluputan.”[1]
- Pujian Syaikh 'Abdul-Aziz bin Baz rahimahullah; Aku ora tau weruh sawijining ulama ing sangisore longan langit iki, ing abad modhèren iki kaya al-Allamah Muhammad Nashiruddin al-Albani.”[8]
- Pujian Syaikh Muhammad bin Shalih al-'Utsaimin rahimahullah; “Sing tak ngerteni saka Syaikh, saka ketemune aku lan dhèwèké manawa dheweketeguh klawan ngamalake as-Sunat lan merangi bid'ah, ing sajeroning akidah utawa amaliyah. Lan saka telaahku marang karya tulis dhèwèké, aku mangerteni manawa dhèwèké duwé ngèlmu kang amba sajeroning hadits, riwayat utawa dirayat. Lan Allah menehake manfaat kang akèh saka karya tulise dhèwèké saka segi ngèlmu utawa metodologi.”[8]
Karya Tulis
besutKarya tulise dhèwèké kang wis dicithak akèhé ora kurang saka 218 kang wujud ta'lif utawa takhrij. Malah ana kang awujud manuskrip.Karya Tulise ya iku:
- Adab az-Zafaf.
- Al-Ayat al-Bayyinat fi Adami Sima'i al-Amwat.
- Al-Ajwibah an-Nafi'ah 'An As'ilah Lajnah Masjid al-Jami'ah.
- Ahkam al-Jana'iz.
- Irwa' al-Ghalil fi Takhrij Ahadits Manar as-Sabil.
- Tadzhir as-Sajid min Ittikhadz al-Qubur Masajid.
- Tahrim Piranti ath-Tharb.
- Shifah Shalati an-Nabi Shallallahu 'alaihi wa sallam min at-Takbir Ila at-Taslim.
- Silsilah al-Ahadits adh-Dha'ifah wa al-Maudhu'ah.
- Silsilah al-Ahadits ash-Shahihah.
- At-Tawassul Anwa'uhu wa Ahkamuhu, lan liya-liyané.[4]
Nalika arep ditekani ajal, dhèwèké wasiat supaya kabèh pabukon pribadine dihibahke marang Universitas Islam Madinah.[1]
Tilar Donya
besutDhèwèké tilar donya dina Setu, 22 Jumadil-Akhir 1420 H utawa tanggal 1 Oktober 1999 ing Yoradania.[5]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l [1] Archived 2011-09-04 at the Wayback Machine. Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ a b c [2] Archived 2011-09-11 at the Wayback Machine. Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ [3] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ a b c d e f g h i [4] Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ a b c [5][pranala mati permanèn] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ [6] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ [7] Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ↑ a b [8] Archived 2011-05-21 at the Wayback Machine. Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)