Natal

riyayané umat Kristen

Natal, saka basa Portugis kang tegesé wiyosan, iku dina riyadi umat Kristen. Ing dina iki kang mesthi tiba ing tanggal 25 Dhésèmber, wiyosané Gusti Yesus di-èngeti. Sanadyan para nimpuna saiki iki sarujuk yèn Gusti Yesus bokmanawa sajatiné ora miyos ing dina iki, dina wiyosané tetep dirayakaké ing tanggal iki. Iki dibuktèkaké kanthi carita anané para pangon kang lagi angon kéwané. Ing wulan Dhésèmber-Januari, ing laladan Wétan Tengah iku usum adhem, saéngga mokal banget kanggo angon kéwan ing wektu-wektu iku.

Natal
Kisah Natal nyebatake kalahiran Yesus ing sawijining kandang ana Betlehem.
DipèngetiMayoritas umat Kristen
JinisKristen
AncasMerayakan kelahiran Yesus (Isa Almasih)
Karaméankabaktian gréja,kumpul kulawarga, lan wenehi adiah
Tanggal25 Dhésèmber (sapanjuru donya)
6 Januari (Armenia)
7 Januari (Ortodoks Wétan lan Katolik)
GegayutanAdven; Kalahiran Yesus, Epifani

Sajeroning tradhisi kulon, pèngetan Natal uga ngandhut aspèk non-agamawi. Sapérangan gedhé tradhisi Natal asalé saka tradhisi pra-Kristen kulon kang diserep sajeroning tradhisi Kristiani. Kajaba iku, pèngetan Natal sajeroning tradhisi kulon (kang saya madonya) ditengeri kanthi ijolan bebungah antarané kanca lan anggota kulawarga sarta tekané Santa Claus utawa Sinterklas.

Wong Telu Ahli Nujum Nuwèni Gusti Yesus

Ing nagara-nagara kang nganggo basa Arab, dina riyaya iki diarani Idul Milad.

Mula bukané pèngetan dina Natal

besut

Pèngetan dina wiyosan Yesus ora tau dadi préntah Kristus kanggo ditindakaké. Carita saka Prajanjian Anyar ora tau nyebutaké anané riyaya dina wiyosan Yesus dilalokaké déning gréja awal.

Tanggal

besut

Wis bisa dipesthèkaké tanggal 25 Dhésèmber dudu tanggal wiyosané Yesus. Perkara iki dipesthèkaké dhedhasar kasunyatan yèn ing wengi mau para pangon isih njaga wedhusé ing pasuketan. (Lukas 2:8). Nalika wulan Désèmber ora mungel para pangon isih bisa angon wedhus-wedhusé ing pasuketan amarga ing wektu iku wis wayahé usum adhem dadi wis ora ana suket kang tuwuh manèh.

Ing tradhisi Romawi pra-Kristen, pèngetan kanggo déwa tetanèn Saturnus tiba ing sawijining minggu ing wulan Désèmber kanthi puncak pèngetané ing dina titik balik usum adhem (winter solstice) kang tiba tanggal 25 Dhésèmber sajeroning kalèndher Julius. Pèngetan kang diarani Saturnalia mau wujud tradhisi sosial utama kanggo bangsa Romawi. Supaya wong-wong Romawi bisa nganut agama Kristen tanpa ninggal tradhisiné dhéwé, Paus Julius I mutusaké nalika taun 350 yèn wiyosané Yesus dipèngeti ing tanggal kang padha.

Panemu liya nélakaké yèn dina Natal ditetepkaké tiba tanggal 25 Désèmber nalika abad kaping 4 déning kaisar Kristen pisanan Romawi, Konstantin I. Tanggal 25 Dhésèmber mau dipilih minangka Natal amarga bebarengan karo wiyosané Déwa Srengéngé (Natalis Solis Invicti utawa Sol Invictus utawa Saturnalia) kang disembah déning bangsa Romawi. Riyaya Saturnalia dhéwé dilakokaké déning wong Romawi kuna kanggo nyuwun supaya srengéngé bali marang padhangé kang anget (Posisi bumi ing wulan Désèmber ngadoh saka srengéngé, nanging srengéngé katoné kang ngadoh saka bumi).

Mula, loro aliran Kristen kang ora ngriyayakaké tradhisi Natal, ya iku aliran Advent lan Saksi-Saksi Yehuwa. Saksi-Saksi Yehuwa ora ngriyayakaké Natal wiwit taun 1926 nalika ngerti yèn Natal duwé asal-usul Kafir, miturut buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pawarta Karajan Allah, 1993, kaca 198-200.

Sanajan kapan dina natal iku isih dadi pasulayan, agama Kristen mainstream sepakat kanggo ngukuhaké dina natal tiba saben tanggal 25 Dhésèmber sajeroning kalèndher Grégorius iki didhasari marang kasadharan yèn panetepan dina riyaya liturgis liya kaya déné paskah lan jemuwah agung ora diantuki mawa panyerakan tanggal pesthi nanging mung wujud panyelenggaraan manèh acara-acara mau sajeroning setaun liturgi, ing ngendi kang paling wigati dudu pasé tanggalé nanging èsènsi utawa inti saka saben pèngetan mau kanggo diwujudaké saka dina kadina.

Taun kalèndher Masèhi diripta nalika abad kaping 6 déning sawijining biarawan kang jenengé Dionysius Exignus. Taun Masehi kang kita pigunakaké saiki diarani uga anno Domini (Taun Gusti).

Dianysius Exignus bisa ngawruhi yèn Gusti Yesus diwiyosaké nalika taun 1 SM amarga panjenengané njupuk data saka cathetan sajarah kang nelakaké yèn nalika taun 754 kalèndher Romawi iku taun kaping 15 saka papréntahan Kaisar Tiberius kaya déné kang katulis ing Lukas 3:1-2. Kajaba iku panjenengané uga njupuk data saka Lukas 2:1-2 kang nelakaké yèn Kirenius (Gubenur saka Siria) pisanan nganakaké program sensus.

Sanajan mangkono isih uga wong kang ora percaya, sebab miturut sajarawan Yahudi kang jenengé Flavius Josephus, nata Herodes tilar donya nalika taun 4 sadurungé Masehi saéngga konsekuensiné tanggal miyos Yesus kudu dimunduraké patang taun. Nanging téyori iki uga ora bener, sebab panjenengané nganalisa taun mau dhedhasar anané grahana rembulan taun nalika Herodes tilar donya kang dumadi ing Yerusalem tanggal 13 Maret taun 4 sadurungé Masehi, nanging para èlmuwan saiki wis mbuktèkaké yèn grahana rembulan mau dumadi dudu ing tanggal mau nanging tanggal 9 Januari taun 1 SM.

Dina Natal

besut

Ing dina riyadi Natal wiyosané Gusti Yesus ing Bethlehem, sawijining désa cilik sakiduling Yerusalem, di-èngeti. Miturut Injil Prajanjian Anyar, nalika iku Kaisar Agustus dhawuh ing kawulané kabèh ing praja Romawi supaya padha mulih ing désané dhéwé-dhéwé amarga kersa nganakaké sensus. Banjur Santo Yusup lan Dèwi Maria, wong tuwané Gusti Yesus tindak ing Bethlehem. Amarga ing kono ora ana panginepan, loro-loroné banjur saré ing sawijining kandhang kéwan. Banjur Gusti Yesus diwiyosaké ing kono.

Wiyosané Gusti Yesus ing jero Kitab Suci

besut

Carita wiyosané Gusti Yesus kaserat ing Injil kitab Matius (1:18-25) lan Lukas (2:1-21).

Ing sajeroning Al-Qur'an, kitab suci umat Selam, wiyosané Gusti Yesus utawa Nabi Isa uga kaserat ing Sura kaping 19, Surat Maryam.

Uga pirsanana

besut

Pranala njaba

besut

Project Gutenberg