Nilem
Nilem | |
---|---|
Nilem, Osteochilus vittatus, saking Mandalamekar, Jatiwaras, Tasikmalaya | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Cypriniformes |
Famili: | Cyprinidae |
Génus: | Osteochilus |
Spésies: | O. vittatus |
Jeneng binomial | |
Osteochilus vittatus (Valenciennes, 1842) |
Nilem, nilem mangut, utawi melem (Osteochilus vittatus) punika satunggaling ulam toya tawa anggota suku Cyprinidae. Ulam ingkang asifat hèrbivor punika nyébar wonten ing Asia Tenggara: Tonkin, Siam (Thailand), Ujung Malaya, Kalimantan, Sumatra, lan Jawa. Ulam nilem kelebet ulam budidaya kanggé dipun-konsumsi mliginipun wonten ing Jawa. Ulam nilem punika kathah dipun-budidaya amargi ulam punika gampil dipunternakaken wonten ing kondisi variasi toya ingkang wiyar.Sapunika ulam nilem ugi dipun-introduksi dhateng tlaga ing Sulawesi [1].
Ulam nilem punika gadhah cita rasa ingkang spesifik lan gurih katandhing ulam toya tawar sanèsipun amargi ulam punika ngandhut sodium glutamat ing dagingipun ingkang kadhapur alami awit saking pakulinan mangan pakan alami phito lan zoo plankton mliginipun ganggang [2].
Deskripsi
besutUlam kanthi ukuran sedeng total dawanipun dumugi 260 mm. Dhuwuring awak saking wiwitan sirip dorsal 3-3,7 berbanding dawa standar (tanpa sirip buntut). Dawaning kepala 4,1-4,5 berbanding dawa standar. Moncong bentukipun bulat tumpul, kanthi tutuk ingkang berkerinyut lan saged nyembul. Sungut maksilar kirang langkung sami kaliyan dawanipun diameter mata, sungut rostral langkung cendhak. Wiwit sirip dorsal sejajar kaliyan gurat sisih kaping 8 utawi kaping 9 kapisah kaliyan ubun-ubun déning 10-12 sisik. Sirip dorsal kanthi III jari-jari keras (eri) lan 10-13 jari-jari lunak; jari-jari sisih ngajeng wujudipun dawa kirang langkung sami kaliyan dawaning kepala. Rumus sirip dhadha I.13-16; sirip perut I.8; dan sirip dubur III.5. Gurat sisih 33-34.
Mupangat
besutPadatanipun ulam nilem punika dipun-budidaya ing Pulo Jawa, mliginipun wonten ing Jawa Kulon. Ulam punika dipunremeni awit ednog-endogipun ingkang gadhah raos ingkang écho. Nanging sapunika produksi ulam nilem punika mandhap, déné padatanipun ulam nilem dipunpiara minangka produk sampingan saking kolam-kolam kanggé miara iwak mas, nila, utawi gurami [3].
Satunggaling percobaan ingkang dipunlampahi wonten ing Tlaga Maninjau, Sumatra Barat pikantuk kasil bilih ulam ingkang boten dipunsukani panganan punika mangan fitoplankton ingkang wonten ing tlaga. Awit saking punika ulam punika saged kanggé ngresiki toya tlaga.[4]
Ulam nilem mangan samubarang jinis fitoplankton ingkang kagolong suku Bacillariophyceae, Chlorophyceae, Cyanophyceae, lan Desmidiaceae.[5]
Cathetan suku
besut- ↑ [1][pranala mati permanèn], Kemampuan reproduktif ikan nilem (dipun-akses tanggal 20 November 2012).
- ↑ [2] Archived 2012-07-19 at the Wayback Machine., Teknologi Budidaya ikan nilem (dipun-akses tanggal 20 November 2012).
- ↑ Subagja, J., R. Gustiano, & L. Winarlin. 2007. Pelestarian Ikan Nilem (Osteochilus hasselti C.V.) Melalui Teknologi Pembenihannya[pranala mati permanèn]. Makalah Lokakarya Nasional Pengelolaan dan Perlindungan Sumberdaya Genetik di Indonesia.
- ↑ Syandri, H. 2004. Penggunaan Ikan Nilem (Osteochilus haselti CV) dan Ikan Tawes (Puntius javanicus CV) Sebagai Agen Hayati Pembersih Perairan Danau Maninjau, Sumatera Barat Archived 2009-11-04 at the Wayback Machine.. Jurnal Natur Indonesia 6 (2): 87-90.
- ↑ Taofiqurohman, A., I. Nurruhwati, Z. Hasan. 2007. Studi Kebiasaan Makanan Ikan (Food Habit) Ikan Nilem (Osteochilus hasselti) di Tarogong, Kabupaten Garut. Archived 2012-02-02 at the Wayback Machine. Lembaga Penelitian Universitas Pajajaran.