Yono Daryono (lair ing Tegal, Jawa Tengah, 25 Maret 1955; umur 69 taun) ya iku sawijiné tokoh téater ing Kutha Tegal, Jawa Tengah. Dhèké nulis rikala isih kelas loro SMA kang karyané awujud sajak, artikel, lan carita cekak kang diemot ing sawenèh ariwarta utawa kalawarta kaya ta Gadis, Kartini, Suara Karya, Jayakarta, Sinar Harapan, Mutiara, Merdeka, Suara Merdeka, Wawasan, Kalawarta Sastra Horison, lan liya-liyané.[1][2][3][4][5]

Yono Daryono
Yono Daryono
Lair (1955-03-25) Maret 25, 1955 (umur 69)
Indhonésia Tegal, Jawa Tengah, Indonésia
PakaryanDramawan

Saliyané sajak lan cerkak, dhèwèké uga nulis lakon sandiwara, ing antarané Umar Khatob (1982), Roro Mendut (1983), Masih Muda (1983), Ronggeng-Ronggeng (1986), Mandor (1987), Braen (1987), Adipati Anom (menang ing sayembara panulisan lakon drama sa-Jawa Tengah,1988), Palagan Kurusetra (1991), Opera Gajah Atawa Abrahah (2003), Opera Sebayu (2006), Sunan Panggung (2007), Opera Brandal Mas Cilik (2008), lan liya-liyané.

Pethilan saka lakon sandiwara Ronggeng-Ronggeng sing salah sawijiné karyané, lumebu ing antologi Horison Sastra Indonésia (2002). Uga, lakon Sunan Panggung dipèntasake ing Kutha Tegal, 9 Fèbruari 2008, lan Taman Budaya Surakarta, 11 April 2008. Yono uga kawentar jalaran dadi salah sijiné paraga ing sinétron Tukang Bubur Naik Haji, kang diputer ing setasiyun télévisi RCTI.

Lelakon

besut

Darbol -paraban akrabé Yono Daryono- akèh makarya ana ing kagiyatan seni ing kutha klairané, Tegal. Taun 1978 bareng karo Eko Tunas, YY Haryo Guritno, lan Wowok Legowo sarta kanca-kanca liyané, dhèwèké ngadegaké Téater RSPD. Ing taun 1981 dhèwèké ngadegaké Studi Group Sastra Tegal (SGST), awujud forum kajian sastra lan téater. Nganti saiki dhèwèké isih manggon ing Kutha Tegal. Sawisé pènsiyun saka penggawéyané minangka punggawa nagari sipil ing Kantor Humas Kutha Tegal, dhèwèké isih dipercaya ngurusi Radio Sebayu Pro FM, lan dadi korèspondén RCTI. Darbol uga naté dadi dosèn luwar biyasa ing Fakultas Ilmu Keguruan lan Ilmu Pendhidhikan Universitas Pancasakti Tegal, jurusan Bahasa lan Sastra, uga mata kuliyah Sandiwara.

Ing Téater RSPD dhèwèké wis akèh nggarap lakon-lakon sandiwara lan ora mung kagelar ing kutha Tegal, nanging uga ing kutha liyané, ing antarané Pekalongan, Semarang, Surakarta, Banyumas, Cirebon, Jakarta, lan Kutha Padang, Sumatra Kulon ana ing adicara Temu Téater Nasional taun 1986, semana uga ing Surakarta nalika adicara Pertemon Téater Nasional (1993). Wis bola-bali, Téater RSPD kagelar ing Taman Ismail Marzuki Jakarta, ing taun 1986 kanthi lakon Roro Mendut. Pentas ana Pastojak ing taun 1997 karo N Riantiarno. Nalika dadi sutradara sandiwara, Yono naté éntuk pangaji dadi sutradara paling apik ing Jawa Tengah taun 1986.

Minangka sastrawan kang asring nulis carita cekak, dhèwèké naté macakaké karya-karyané ing Taman Budaya Jawa Tengah Surakarta lan Bèngkèl Téater Rendra, Dhépok. Pirang-pirang karyané sing awujud geguritan lumebu antologi, antarané Antologi Puisi Jawa Tengah (1994), Dari Negeri Poci 1 (Pustaka Sastra 1994). Carita cekaké kang didadèkaké lakon sandiwara, Seh Malang Sumirang, diemot ana ing koran Harian Suara Merdeka (1 Juli 2007), lan éntuk tumanggap sing apik saka sawenèh bebrayan minangka carita cekak sufi kang dipetungaké.

Saliyané ing sastra lan téater, dhèwèké uga nekuni jagaté filem. Lulusan Kursus Sinematografi Yayasan Citra Jakarta 1991 iki, uwis kaping pirang-pirang dadi paraga filem lan sinétron. Sinétron sing dhèwèke mèlu dadi paraga, naté lumebu nominasi minangka Paraga Utama Paling Apik ing Fèstival Sinetron taun 1995 kanthi sesirah Jejak Sang Guru, sing diarahké déning Imam Tantowi. Filem paling anyar judhulé Turah. Ing filem sing nganggo basa Tegal iku, Yono uga mèlu dadi paraga. Malah filem iku éntuk bebungah ana ing sawenèh Festival Film ing mancanegara. Yono Daryono, uga mèlu main ana ing sinétron garapané Ucik Supra, ya iku Tukang Bubur Naik Haji, kang dibyawarakaké ing setasiyun télévisi RCTI.

Lumakuné ing kesenian

besut
  • Ngadekaké Teater RSPD bareng karo Eko Tunas, Wowok Legowo, lan YY Haryo Guritno (1978).
  • Dadi sutradara ing paméntasan Teater RSPD (1978—saiki).
  • Ngadekaké Studi Grup Sastra dan Teater Tegal (1978).
  • Dadi salah sijiné panyarta ing Temu Teater Nasional di Padang, Sumatra Kulon (1986).
  • Ngrintis ngadeké Dewan Kesenian Kota Tegal.
  • Dipracaya dadi salah sijiné pengurus Dewan Kesenian Kesenian Jawa Tengah.
  • Kursus Sinematografi Yayasan Citra Jakarta (1991).
  • Nganggit carita cekak, esai, gurit, lan naskah drama (1978—sekarang).
  • Juru arah ing film-film cendhak.
  • Nyengkuyung anané adicara festival a la carte bareng Luluk Purwanto ing Tegal (2004)
  • Ngrintis Konggres Bahasa Tegal I (2006)
  • Mentasaké saperang sandiwara sing ngatutaké wong akèh mengeti Dina Dadi Kutha Tegal (2002—2009).
  • Dadi salah sijiné paraga ing sinétron Tukang Bubur Naik Haji ing RCTI.

Lakon drama

besut
  • Umar Khatob (1982)
  • Roro Mendut (1983)
  • Masih Muda (1983)
  • Ronggeng-Ronggeng (1986)
  • Mandor (1987)
  • Braen (1987)
  • Adipati (1988)
  • Palagan Kurusetra (1991)
  • Opera Gajah Atawa Abrahah (2003)
  • Opera Sebayu (2006)
  • Sunan Panggung (2007)
  • Opera Brandal Mas Cilik (2008)
  • Antologi Puisi Jawa Tengah (1994).
  • Dari Negeri Poci 1 (Pustaka Sastra, 1994).

Filem

besut

Pangaji

besut
  • Nominator paraga baku priya paling apik Festival Sinetron taun 1995 lumantar sesirah Jejak Sang Guru, karya Imam Tantowi
  • Sing menang panulisan naskah sandiwara se-Jateng sing sesirah Adipati Anom (1988).
  • Pangaji Pakarti Seni saka Walikota Tegal (2008)

Rujukan

besut
  1. Suara Merdeka:Yono Daryono, dari Sastra Rambah Sinetron Archived 2017-04-19 at the Wayback Machine., diwaca 19 April 2017
  2. SuaraRakyat Tegal:Koran Suara Rakyat Dimata Yono Daryono (Aktor Sinetron Asal Kota Tegal) Archived 2017-04-19 at the Wayback Machine., diwaca 19 April 2017
  3. Film Indonésia:Yono Daryono Archived 2017-04-19 at the Wayback Machine., diwaca 19 April 2017
  4. LetterBoxd:Yono Daryono, diwaca 19 April 2017
  5. Radar Tegal:Jempol Sung! Mang Damin Luncurkan Buku Berbahasa Tegal Aja Kadiran Archived 2017-04-19 at the Wayback Machine., diwaca 19 April 2017

Pranala njaba

besut