Basa Jawa Mataraman

Basa Jawa Mataraman utawa basa Mataraman Jaba yaiku carabasa Jawa sing digunakaké ing tilas Karésidhènan Madiyun lan Kadhiri, ing Kutha lan Kabupatèn Madiyun, Ngawi, Magetan, Panaraga, Pacitan, Nganjuk, Kutha lan Kabupatèn Kadhiri, Trenggalèk, Tulungagung, Kutha lan Kabupatèn Blitar, lan sabagéyan Jombang—kabèh ing wilayah Propinsi Jawa Wétan, sing bisa diarani "Mataraman".[1] Sing paling katon saka carabasa Jawa iki yaiku nggunakaké basa sing isih katon alus sanadyan ora saalus kaya babrayan Mataraman Jero ing Ngayogyakarta lan Surakarta.[2]

Basa Jawa Mataraman
ꦧꦱꦗꦮꦩꦠꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀
Dituturaké ing Madhiun, Ngawi, Magetan, Nganjuk, Kadhiri, Panaraga, Pacitan, Trenggalèk, Tulungagung, Blitar
Wilayah Indhonésia Jawa Wétan, Indonésia
Gunggung panutur 9,4 yuta
Rumpun basa
Sistem tulisan * Aksara Latin
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Ciri utama carabasa Mataraman yaiku ana bédané playu laras (Ind: intonasi) karo playu laras Basa Jawa baku sing asring mènèhi pamênêt ing wanda kapisan, kaya ta "Byuh-byuh, uayuné cah iki."[3]

Pameranging laladan kabudayan

besut

Têmbung "Mataraman" nuduhaké laladan budaya ing Jawa Wetan sing kalebu tilas Karésidhènan Madiyun lan Kadhiri amarga wilayah kasebut sadurungé dikuwasani déning Kasultanan Mataram. Wilayah kasebut kapérang dadi loro, yaiku Mataraman Kulon (kalebu Pacitan, Ngawi, Magetan, lan Panaraga) lan Mataraman Wétan (kalebu Nganjuk, Trenggalèk, Tulungagung, Kadhiri, Blitar, lan Madiyun). Pakênthêling budaya parisaba (Ind: konsentrasi budaya sosial) Mataraman luwih gampang ditemokaké ing Mataraman Kulon tinimbang Mataraman Wétan.[4]

Swarawidya

besut

Basa Jawa Mataraman—utamané ing bageyan carabasa (Ind: subdialek) Mataraman Wétan—duwé swara sing béda yèn dibandhingaké karo bageyan carabasa Mataraman Kulon lan carabasa Surakarta, amarga tembung "putih" asring diucapaké [putíh] saliyané uga ana "mulih" [molíh]. Iki dibedhèk amarga dhèwèké uga duwé pangaribawa (Ind: pengaruh) sathithik saka carabasa Jawa Surabaya/Malang.[5]

Tetembungan

besut
Dhialèk Mataraman Dhialèk / basa standar liyané Basa Indonésia
awit/wiwit mulai
bar mari (Surabaya), rampung (Yogyakarta) selesai
barakan sebaya, sekelas dalam suatu jenjang (sama-sama kelas II/V/VIII/XI)
bedhèk, jedhèk tebak
bocah lanang arèk (Surabaya), laré (Using) anak
cengoh bodho, longor (Surabaya) bodoh
hèci pia-pia (Semarang), oté-oté (Surabaya), wèci (Malang) bakwan
ider menawarkan barang, berjualan
jingklong lemud nyamuk
keblondrok menyesal setelah membeli suatu barang karena harga yang ditawarkan terlalu mahal
kemlinthi kemaki sombong
kèt, kaèt, sangka kawit, saka dari, semenjak
kiter kejar
lémpoh kesel lelah
mau, maeng, engkè tadi
mbècèk syukuran sebelum acara pernikahan
mbesuk, ngéndhangi methuk (Yogyakarta) menjenguk
mblithuki mbujuki (Surabaya) berbohong
mbok ibu, bu, buné ibu, bunda
mboyak babah (Surabaya) biarkan
men nemen, banget sangat ... sekali
murus sakit perut, diare, mencret
nasang tersangkut
nggajak keren, necis
ngengkag berjalan cepat dengan gerakan goyang
nylènthèt membolos
pakpuh/bupuh pakdhé/budhé (Surabaya) paman/bibi
papag jemput
pèmèyan jemuran
sangkèk saking, terlalu
ujug-ujug teka-teka (Yogyakarta) tiba-tiba
umbar, tog jar (Surabaya), bèn membiarkan
wayer kipas angin

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. E.M., Uhlenbeck (1964). A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura. The Hague: Martinus Nijhoff. OCLC 469418172.
  2. Budi, Arifina (2016-12-27). "Ini Keunikan yang Hanya Dimiliki Masyarakat Jawa Timur". Good News From Indonesia. Dibukak ing 2020-01-28.
  3. Paryono, Yani (2014). Sistem Kata Ulang Bahasa Jawa Subdialek Madiun. doi:10.31503/madah.v5i2.515.
  4. Satrya, I Dewa Gde (2016-08-16). "Belajar Nilai dari Keluarga Jawa Mataraman". Universitas Ciputra. Dibukak ing 2020-01-28.
  5. Ningsih, Faridha Sadik Purwita (2013). "Pemetaan Bahasa Jawa Dialek Mataraman di Kecamatan Puncu, Kabupaten Kediri, Jawa Timur". Universitas Muhammadiyah Malang: hlm. 3.[pranala mati permanèn]

Pranala njaba

besut