Bujur kadhangkala dinotasèkaké nganggo abjad Yunani λ, nggambaraké lokasi sawijining papan panggonan ing wétan utawa kulon Bumi, saka garis lor-kidul sing karan Meridian Utama. Garis bujur diwènèhaké miturut pangukuran sudut sing berkisar wiwit 0° ing Meridian Utama nganti +180° arah wétan lan −180° arah kulon. Ora kaya lintang sing duwé ekuator minangka posisi awal alami, ora ana posisi awal alami tumrap bujur. Amarga saka iku, sawijining dhasar meridian kudu dipilih. Sanajan kartografer Britania Raya wis suwé migunakaké meridian Observatorium Greenwich ing London, referensi liyané dipigunakaké ing papan sing béda, kalebu Ferro, Roma, Kopenhagen, Yerusalem, Saint Petersburg, Pisa, Paris, Philadelphia, lan Washington, D.C.. Ing taun 1884, Konferensi Meridian Internasional ngadopsi meridian Greenwich minangka Meridian utama universal utawa titik nol bujur.

Peta Bumi, nuduhaké garis-garis ujur, sing katon mlengkung lan vertikal ing proyeksi iki, nanging sakbeneré garis-garis ujur mau minangka setengah saka lingkaran besar bumi.

Sajeroning basa Indonesia bujur ing sisih kulon Meridian dijenengi Bujur Barat (BB), lan bujur ing sisih wétan Meridian dijenengaké Bujur Timur (BT). Jeneng-jeneng iki ora dikenal ing basa Inggris. Bujur Barat lan Bujur TImur minangka garis khayal sing ngubungaké titik Kutub Lor karo Kutub Kidul bumi lan nyatakaké gedhéné sudut antara posisi bujur karo garis Meridian. Garis Meridian dhéwé ya iku bujur 0 derajat.


Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut