Kalkun
Kalamangsa: Early Miocene to Recent
Wild Turkey, Meleagris gallopavo
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Gray, 1840
Subfamili: Meleagridinae
Génus: Meleagris
Linnaeus, 1758
Species

M. gallopavo
M. ocellata

Meleagris gallopavo

Kalkun utawa kalkul ya iku aran rong golongan manuk saka kulawarga Galliformes génus Meleagris. Kalkun wadon wujudé cilik lan duweni warna wulu kurang apik dibandingke karo kalkun lanang. Sajeroning ana ing alam saubengé, kalkun gampang lan misuwur saka suwiwiné kang dawané nganti 1,5-1,8 mèter. Jinising kalkun saka Amérika Lor kaebut M. gallopavo lan kalkun saka Amérika Tengah mau M. ocellata. kalkun kang dadi sato kéwan kanggo di jupuk dagingé kagolong ing kulawarga spésies M. gallopavo kang misuwur karan jeneng kalkun alasan (Wild Turkey). Kulawarga spésies M. ocellata ya iku kasil kekawinan saka suku Maya. Sajeroning pakembangan jaman kalkun-kalun sato kéwan lan dijupuk dagingé asalé saka kalkun suku Maya.Ananging iwak kalkun luwih ulet ketimbang iwak pithik. Semana uga kalkun suku maya duwé kapinteran lan luwih nurut tinimbang kalkun alasan saka Amérika Lor.Kalkun alasan ya iku dadi kéwan ajakan (buruan) ing Amérika Lor, lan ora kaya kalkun nagari, kalkuné luwih gesit lan pinter mabur.

Dasanama kalkun

besut
 
Kalkun Lanang

Sepisanan kalkun tinemu an ing tlatah Amérika, ing wong orang Éropa salah ngenali kanggo manuk Afrika Numida meleagris lan misuwur karann jeneng "pitik turki" Karana dikirim saka Éropa Tengah ngelewatiTurki. Ing basa Inggris, kalkun misuwur karan jeneng "Turkey" nganti srepéné. Kalkun kagolong génus Meleagrising basa basa Yunani kang artiné "unggas saka Guinea".

Kalkun ya iku ejaan saka basa Indonésia kanggo basa Walanda "kalkoen" kang dijupuk saka jeneng kutha Kalikut ing India.Lan pitik Walanda duwé sesebutan utawa jeneng basa Melayu kanggo kalkun. ing basa Dhènemarken lan Nurwègen, kalkun uga mau karan jeneng kalkun, utawa kalkon (basa Swèdhen), Kalkuun (basa Jerman hilir), kalkkuna (basa Finlan), lan kalakuna ing basa Papiamento.

Kekawinan

besut

Kalkun duwé kapinteran kang aneh ing nglakoni kekawinan. Semana uga ora nan kalkun lanang, kalkun wadon bisa ngasilaké endhog kang norman lan bisa nètes. Anak kalkun kang isih cilik lan lara-laranan bisa dadi ciri kalkun lanang.Kaanan kaya mengkene ana ing kulawara kalkun bisa nganggu inkubasi endhog ing kandhang.[1]

Fosil kalkun

besut

Sak banjuré jinis-jinis kalkun saiki wis jarang (langka/cures).Kulawarga Meleagridinae asalé saka jaman Miosen lan duwé katurunan génus Rhegminornis (jaman Miosen awal) lan Proagriocharis (jaman Miosen akir/Pliosen awal). Fosil kalkun kang genusé ora bisa dijelentrehake nanging memper karo Meleagris lan di awalé saka jaman Miosen akir.

Pratélan kalkun kang tinemu saka fosilé:

  • Meleagris sp. (jaman Pliosen awal)
  • Meleagris leopoldi (jaman Pliosen akir)
  • Meleagris progenes (jaman Pliosen akir)
  • Meleagris sp. (jaman Pliosen akir)
  • Meleagris anza (jaman Pleistosen awal)
  • Meleagris californica (jaman Pleistosen akir)
  • Meleagris crassipes (jaman Pleistosen akir)

Pratélan pustaka

besut
  • Olson, Storrs L. (1985): Section VIII.H.4.d. Meleagridinae. In: Farner, D.S.; King, J.R. & Parkes, Kenneth C. (eds.): Avian Biology 8: 118-119. Academic Press, New York.

Pranala njaba

besut

Cathetan suku

besut
  1. Savage, Thomas F. (September 12, 2005). "A Guide to the Recognition of Parthenogenesis in Incubated Turkey Eggs". Oregon State University. Dibukak ing 2011-04-18.