Tentara Nasional Indonesia

(Kaelih saka TNI)
Lambang TNI


Tentara Nasional Indonesia

Kakuwatan perorangan
Umur minimum kanggo lumebu militèr 18 taun
Padunung kang nyukupi syarat umur militèr priya umur 18-49: 129.075.188 (perkiraan taun 2011)
Padunung kang nyukupi kabèh syarat lumebu militèr priya umur 18-49: 107.538.660 (perkiraan taun 2011)
Padunung kang nyukupi umur militèr saben taun priya: 4.445.159 (perkiraan taun 2011)
Métodhe perekrutan sukarila
Blanja militèr taunan
sajeroning IDR Rp 99,6 Trillio (2016)
Persentase saka PDB 0,8% (2016)


Tentara Nasional Indonesia dumadi saka telu angkatan bersenjata, yaiku TNI Angkatan Dharat, TNI Angkatan Laut, lan TNI Angkatan Udara. Saben Angkatan dipanggedhèni déning Kepala Staf Angkatan.

Tentara Nasional Indonesia

Kacabangan militer
Angkatan Darat TNI Angkatan Dharat
Angkatan Laut TNI Angkatan Laut
Angkatan Udara TNI Angkatan Udhara
Liyané
Sajarah TNI
Panglima TNI
Kapangkatan ing TNI
Angkatan Dharat Pangkat ing TNI-AD
Angkatan Laut Pangkat ing TNI-AL
Angkatan Udara Pangkat ing TNI-AU

Sajeroning sajarah, TNI naté digabungaké karo Kapulisèn. Gabungan iki ingaran ABRI (Angkatan Bersenjata Républik Indonésia).

Miturut Katetepan MPR nomer VI/MPR/2000 bab pamisahan TNI lan POLRI sarta Katetepan MPR nomer VII/MPR/2000 bab Peran TNI lan peran POLRI, ing tanggal 30 September 2004 wis disahaké RUU TNI déning DPR RI kang sabanjuré ditapakasmani déning Présidhèn Megawati tanggal 19 Oktober 2004.

TNI dipanggedhèni déning Panglima TNI. Jabatan Panglima TNI wektu iki diwengku déning Marsekal TNI Hadi Tjahjanto kang nggantèkaké Jendral TNI Gatot Nurmantyo.

Sajarah TNI

besut
Artikel utama: Sajarah TNI

Nagara Indonésia nalika madeg wiwitané ora ndarbèni kesatuan wadya. Badan Keamanan Rakyat kang digawé liwat sidang PPKI tanggal 22 Agustus 1945 lan diumumaké déning Présidhèn tanggal 23 Agustus 1945 sakbeneré dudu wadya minangka sawijining organisasi kaprajuritan kang resmi.

BKR, ing tataran punjer utawa laladan, ana ing sangisoré wewenang KNIP lan KNI Laladan, lan ora ana ing ngisoré préntah Présidhèn minangka Panglima paling dhuwur ing Angkatan Perang. BKR uga ora ana ing sangisoré koordinasi Mantri Pertahanan. BKR mung disiapaké kanggo ngreksa kaamanan lokal, supaya ora nuduhaké panganggep yèn Indonésia siyap-siyap miwiti paperangan ngadhepi Sakuthu.

Pungkasané, liwat Dekrit Présidhèn tanggal 5 Oktober 1945 (nganti saiki dipèngeti minangka dina klairan TNI), BKR diowahi dadi Wadya Keamanan Rakyat (TKR). Tanggal 7 Januari 1946, Wadya Keamanan Rakyat ganti jeneng dadi Wadya Keselamatan Rakyat. Sabanjuré, tanggal 24 Januari 1946, diowahi manèh dadi Wadya Républik Indonésia.

Amarga wektu iku ing Indonésia saliyané Wadya Républik Indonésia ana barisan-barisan mawa sanjata liyané, mula sabanjuré ing tanggal 5 Mèi 1947, Présidhèn Soekarno ngetokaké kaputusan kanggo nyawijèkaké Wadya Républik Indonésia lan barisan-barisan mawa sanjata mau dadi Tentara Nasional Indonesia (TNI). Penggabungan iki kadadéan lan diresmèkaké ing tanggal 3 Juni 1947.

Jati dhiri TNI

besut

Miturut UU TNI pasal 2, Jati dhiri Tentara Nasional Indonesia iku minangka:

  1. Wadya Rakyat, yaiku wadya kang anggotané asal saka warga nagara Indonésia
  2. Wadya Pejuang, yaiku wadya kang berjuang njejegaké Nagara Kesatuan Républik Indonésia lan ora kenal pasrah sajeroning ngayahi tugasé
  3. Wadya Nasional, yaiku wadya kabangsan Indonésia kang ngayahi tugas kanggo kapentingan nagara ing sadhuwuré kapentingan laladan, suku, ras, lan golongan agama
  4. Wadya Profesional, yaiku wadya kang kalatih, kadidik, diperlengkapi kanthi apik, ora mèlu pulitik praktis, ora nidakaké bisnis, lan dijamin kasejahteraané, sarta nuruti kawicaksanan pulitik nagara kang nganut prinsip dhémokrasi, supremasi sipil, hak asasi manungsa, katentuan kukum nasional, lan kukum internasional kang wis di ratifikasi.

Tugas TNI

besut
 
Tentara Nasional Indonesia

Sarujuk karo UU TNI Pasal 7 ayat (1), Tugas pokok TNI yaiku njejegaké kadhaulatan nagara, mempertahanaké kautuhan wewengkon Nagara Kesatuan Républik Indonésia kang dhedhasar Pancasila lan UUD 45, sarta nglindhungi kabèh bangsa lan tumpah darah Indonésia saka ancaman lan gangguan tumrap kautuhan bangsa lan nagara. Tugas pokok mau ditindakaké kanthi:

  1. operasi militèr perang
  2. operasi militèr saliyané perang, yaiku antarané kanggo:
    1. ngatasi obahan separatis kang mawa sanjata
    2. ngatasi pamberontakan kang mawa sanjata
    3. ngatasi aksi terorisme
    4. ngamanaké wewengkon tapel wates nagara
    5. ngamanaké objek vital nasional kang sifaté strategis
    6. nindakaké tugas perdamaian donya sarujuk karo kawicaksanan pulitik jaban rangkah
    7. ngamanaké Présidhèn lan Wakil Présidhèn sarta keluargané
    8. memberdayakaké wewengkon pertahanan lan kakuatan pendukungé kanthi dini miturut sistem pertahanan semesta
    9. mbantu tugas papréntahan ing laladan
    10. mbantu Kapulisèn Nagara Républik Indonésia sajeroning tugas kaamanan lan katertiban masarakat kang diatur déning undhang-undhang
    11. mbantu ngamanaké tamu nagara tingkat kepala nagara lan perwakilan pamaréntah manca kang lagi ana ing Indonésia
    12. mbantu nanggulangi akibat bencana alam, pangungsèn, lan bantuan kamanungsan
    13. mbantu kagiyatan pencarian lan pitulungan sajeroning kadadéan kacilakan (search and rescue)
    14. mbantu pamaréntah sajeroning pangamanan pelayaran lan penerbangan saka pambajakan, parompakan, lan panyelundupan.

Kakuwatan Bersenjata Indonésia

besut

Ing ngisor iki data bab kakuwatan angkatan bersenjata Indonésia:

Cacahing prajurit: 361.823
Angkatan Dharat Angkatan Laut Angkatan Udara
Cacahing prajurit: 276.953 Cacahing prajurit: 57.197 Cacahing prajurit: 27.673
Kakuwatan Pusat

Kakuwatan Kawewengkonan

  • Komando Laladan Militer: 11
  • Komando Resor Militer: 39
  • Komando Distrik Militer: 267
  • Batalion: 96

Kakuwatan Badan Pelaksana Pusat

  • Rèsimèn Zeni Konstruksi: 1
  • Skadron Penerbang TNI AD: 2
  • Lima batalion liyané
Sistem Senjata Armada Terpadu

Kekuatan Kawewengkonan

  • Armada Kulon
  • Armada Wétan
  • Pangkalan Utama Angkatan Laut:
    • Kelas A: 7
    • Kelas B: 24
    • Kelas C: 19
    • Kelas mirunggan: 3
Skuadron Udara
  • Skadron tempur: 7
  • Skadron angkut: 5
  • Skadron intai: 1
  • Skadron hèlikopter: 3
  • Skadron latih: 2

Pangkalan Udara

  • Pangkalan udara: 41
  • Detasemen: 8
  • Pos angkatan udara: 80

Pasukan Khas

  • 3 wing

Ékan Radar

  • 17 ékan radar pertahanan udara

(Sumber: Harian Koran Tempo tanggal 14 Fèbruari 2006)

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut