Ular Welang
Ula welang saka Benggala Utara, India
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Elapidae
Génus: Bungarus
Spésies: B. fasciatus
Jeneng binomial
Bungarus fasciatus
Schneider, 1801

Welang (Bungarus fasciatus) yaiku jeneng sajinis ula kang duwé upas anggota suku Elapidae. Biyasa nyebuté minangka ula belang (Ind.) utawa oray belang (Sd.), jeneng kang rodok mbingungaké amarga digunakaké uga kanggo nyebut ula liyané kang serupa lan berkerabat cepak: ula weling (Bungarus candidus).

Kaloro ula iki pancèn mèh padha wujud lan wernané. Jeneng welang lan weling nunjuk marang pola welang ireng-putih (utawa ireng-kuning) kang béda. Ing ula welang, belang irengé wutuh wujud gelang saka punggung nganti weteng; anata ing ula weling belang irengé amung selang-seling warna ing pérangan geger (dorsal), wondené wetengé (ventral) sekabèhané wernané putih. sajeroning basa Inggris, ula welang dikenal minangka Banded Krait. Yènta jeneng ngèlmiahé, Bungarus fasciatus, asal saka tembung basa Telugu (India) bungarum kang artiné "emas", ngrujuk marang belang warna kuning ing awaké[1] , lan tembung basa Latin fasciata ang tegesé ‘berbelang’ (fascia, belang utawa pita).[2]

Pengenalan

besut
 
Lukisan menurut Joseph Ewart (1878) dalam Poisonous Snakes of India

Ula kang ukurané pas-pasan, kanti dawa maksimum kang kacatet 2125 mm; nanging lumrahé ula diwasa namung sakiwa-tengené 1,5 m utawa kurang. Sekitar sepersepuluh saka dawa iku yaiku buntuté, kang pucuké buntek. Wujud awak mèh segitiga, kanti geger kang maujud sudut ing nduwur. Wernané jelas, belang-belang ireng kuning (utawa ireng putih), kurang luwih padha ambané antarané kaloro warna iku. Werna irengé terus nyambung nganti ing sisèh wetengé (deleng gambar no. 6 ing ngisor), kajobo ing sepertiga pérangan ngarep awaké. Ndas amba lan gèpèng kanti pola ing nduwuré kaya anak panah kang wernané ireng (gambar no.2), lan lambé kang wernané kekuningan utawa keputihan kusem.[2][3]

Sisik-sisik dorsal (geger) sajeroning 15 dèrèt ing tengah awak, sisik-sisik vertebral (ing nduwur balung geger) rodok gedhé lan béda wujudé saka sisik-sisik dorsal kang layané, maujud kaya gigir ing duwuré geger (gambar no 5). Sisik-sisik ventral (weteng) 200—234 iji, sisik anal tunggal, lan sisik-sisik subkaudal (ngisor weteng) 23—39 iji, ora berpasangan. Sisik-sisik labial (lambé) nduwur 7 iji, no-3 lan-4 ngemèk mata.[3]

Foto-foto untuk pengenalan

besut

Jinis kang sarupa

besut

Ula weling (Bungarus candidus) duwé wujud awak lan warna kang mèh padha ula welang, nanging lumrahé luwih cilik lan ora duwé varian warna ireng-kuning. Belang irengé namung ing sisih dhuwur lan samping awak (dorsal, geger), lan warna putihé ana bintik-bintik irengé. buntut cilik dawa lan lancip.

Ula srenggala Lycodon subcinctus kang enom duwé wujud lan warna padha ula weling, namung belang irengé luwih amba daripada putihé.

Ula cincin mas (Boiga dendrophila) wernané ireng belang kuning, nanging warna kuningé luwih ciut lan wetengé wernané ireng kabèh.

Pira-pira jinis ula laut wernané belang putih-ireng utawa putih-rodok ireng lan kadang-kadang tinemu munggah marang pasisir, nanging kabèh ula laut gampang dibédakaké karo ula kang ana ing daratan amarga wujud buntuté kang gèpèng kaya dayung.

Penyebaran, habitat lan perilaku

besut
 
Ula welang ing semak-semak.

Ula welang dingertèni nyebar wiwit saka India, Bhutan, Nepal, Bangladesh, Cina pérangan kidul (kalebu Hong Kong, Hainan, lan Makao), Burma, Thailand, Laos, Vietnam, Kamboja, Ujung Malaya, Singapura, lan Indonesia (Sumatra, Jawa, Borneo).[4]

Sebaran ula iki ngambah wewengkon-wewengkon cepak pasisir nganti laladan gunung-gunung kurang-kurangé nganti ketinggian sakiwa-tengené 2.300 m, nanging lumrahé luwih kerep ditemoni ing dataran endèk. Ula welang manggoni wewengkon-wewengkon wates antarané alas dataran endèk kang lembap karo kang luwih garing, alsa-alas pagunungan, semak belukar, rawa-rawa, laladan pertanian, perkebunan lan persawahan. Kerep uga ditemoni cepak pemukiman, dalan gedhé utawa kali.[5]

Pakanané utama yaiku jinis-jinis ula lainé, sanajan ula iki gelem uga mangan warna-warna jinis reptil, kodok, lan kadang-kadang iwak, lan endhog. Ula welang utama aktif golèk pakan ing wayah wengi (nokturnal) ing nduwur lemah (terestrial), lan ing wayah awan umpetan ing ngisor tumpukan kayu utawa watu.[5] Ing India, ula iki dingertèni turu ing suket-suket kang dhuwur, bolongan-bolongan lan uga ing saluran banyu..[1]

Amung sitik kang dingertèni babagan anggoné manak. Ing Burma, sajeroning salah sijiné penggalian, salah sijiné ula wédok tinemu lagi angkrem patang iji, kang sabanjuré netes ing wulan Mèi. Anakané kang entes netes ukurané sakiwa-tengené 298–311 mm.[6]

Dilaporaké yèn ula iki lumrahé lulut lan ora gelem nyokot wong ing wayah awan, nanging agresif ing wayah wengi. Yèn diganggu, racaké ula iki bakal ngumpetaké endasé ing ngisor tumpukan awaké.[2][3]. Ula welang dikategorikaké mbebayani banget amarga upasé kang sifaté matèni, sanajan laporan kematian ing manungsa akibat cokotan ula iki isih endèk.[1][5]

Cathetan sikil

besut
  1. a b c Daniel, J.C. 1992. The Book of Indian Reptiles. Bombay Nat. Hist. Soc. and Oxford Univ. Press. Bombay. pp. 109-110. ISBN 0-19-562168-9
  2. a b c Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 189-191. ISBN 983-812-031-6
  3. a b c Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.38. (Kaunduh 11/11/12)
  4. Bungarus fasciatus pada The Reptile Database Archived 2007-12-22 at the Wayback Machine. (Kaunduh 11/11/12)
  5. a b c David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. p.143-144. ISBN 3-930612-08-9
  6. Evans, G.H. 1906. Breeding of the banded krait (Bungarus fasciatus) in Burma. J. Bombay Nat. Hist. Soc. 16:519-520 seperti dikutip olèh Daniels, J.C. 2002. Book of Indian Reptiles and Amphibians Réferènsi, ser no 28, pg 219.