Kalimantan

pulo
(Kaelih saka Borneo)

Kalimantan iku pulo kang papané ana ing loring Pulo Jawa lan kuloning Pulo Sulawesi. Palemahaning pulo iki kapérang dadi wewengkoning telung nagara Brunei, Indonésia, lan Malaysia.

Kalimantan
Geography
LocationAsia Kidul-Wétan
Coordinates1°00′N 114°00′E / 1.000°N 114.000°E / 1.000; 114.000
ArchipelagoKapuloan Sundha Gedhé
Administration
Brunei
Demographics
Population16 yuta

Pulo iki asring diarani Borneo déning mancanagara mligi Malaysia, kanggo ngarani palemahaning Sarawak lan Sabah, éwadéné diarani Kalimantan déning Indonèsia. Kajaba iku, uga madeg Kasultanan Brunei ana ing pulo iku..

Sajarah awal

besut

Nalika kalaning Indhiya Nèderlan, Kalimantan misuwur minangka Bornéo. Nanging mangkono, iki ora ateges jeneng Kalimantan ora kawentar. Sajeroning layang-layanging Pangéran Tamjidillah saka Kraton Banjar taun 1857 dhateng Résidhèn Walanda ing Banjarmasin, Panjenengané wis nganggo jeneng Pulo Kalimantan, dudu Pulo Bornéo. Iki nuduhaké manawa ana ing kalangan pandunung, jeneng Kalimantan luwih kasuwur tinimbang jeneng Borneo kang dienggo ana ing administrasi pamaréntah kolonial Indhiya Nèderlan. Jeneng Kalimantan wiwit kondhang manèh watara taun 1940.

Rikala abad kaping 18, sapérangan gedhé palemahaning Kalimantan saka Nagara Sambas tekan Nagari Berau wujud kraton-kraton sangisoré Kasultanan Banjar, nanging wusana nyusut dadi sapérangan cilik waé kaya ta wewengkon Kalimantan Kidul saiki amarga prajanjèn kaliyan Walanda. Ing Prajanjèn Karang Intan ing mangsa papréntahan Pangéran Nata Dilaga (Susuhunan Nata Alam) (1808-1825), Kasultanan Banjar masrahaké sapérangan wewengkon taklukanné dhateng Indhiya Nèderlan ing antarané wewengkon Bulungan, Kutai, Pasir, Pagatan lan Kotawaringin. Laladan liyané kang uga wus dipasrahaké dhateng Walanda ya iku Landak, Sambas, Sintang lan Sukadana. Mung wewengkon inti Kasultanan Banjar kang durung tiba ing gegeman Walanda nganti taun 1860. Sabanjuré ing abad kaping 19, Walanda ngakèni madegipun kraton-kraton (laladan dhistrik) kang langsung dipréntah kepala bumiputera kang tundhuk ing sangisosoré kakuwasaan Walanda (Indirect Bestuur).

 
Péta pambagéan pulitik Kalimantan.

Ing abad XIV wewengkon Kalimantan ditaklukaké Gajah Mada. Saben nageri kang wujud sawijining laladan ilèn kali ing mangsa iku dipanggedhèni sawijining wong kanthi gelar Sakai. Majapahit mapanaké wakilé Maharaja Suryanata (1365) kang dadi ratu Nagara Dipa kang kedhudhukané ing Candhi Agung (Amuntai). Ing mangsa tuwuhing agama Islam sapérangan Karajan Hindhu malih dadi Karajan Islam kanthi ciri budaya Malayu. Sadurungé munculé agama Islam kabèh warga Kalimantan dilebokaké ing kategori budaya Dayak kang kapérang saka wong Dayak, Malayu Hindhu lan Jawa Hindhu. Kasultanan Banjar minangka wakil Kasultanan Demak ing Kalimantan marisi sapérangan wewengkon tilas taklukané Majapahit.

Kasultanan Banjar mérang wewengkon Kalimantan dadi wewengkon-wewengkon Kutha Raja, Nagara Agung, Manca Nagara lan Pesisiran. Kutha Martapura kutha krajan Kasultanan Banjar minangka ring sepisanan wujud wewengkon Kutha Raja. Ring kapindho laladan njaban kutha Martapura (Laladan Banjar) iku wewengkon Nagara Agung (laladan inti kraton Banjar). Ring katelu ing njaban laladan Banjar ingaran laladan Manca Nagara ya iku kawasan kulon tekan laladan Kotawaringin lan ing wétan tekan laladan Pasir. Ring paling njaba ya iku wewengkon ing sisih kulon Kotawaringin tekan nagari Sambas ingaran Pasisir Barat, ewadéné Pasisir Wétan iku kawasan ing sisih lor laladan Pasir tekan wewengkon Berau-Bulungan.

Asal-muasal jeneng

besut
  • Sepisan Borneo saka tembung Kasultanan Brunei Darussalam sung sadurungé wujud kraton gedhé lan wiyar (njangkep Serawak lan sabagéan Sabah amarga sabagéan Sabah iki duwèkané kasultanan Sulu-Mindanao. Para pedagang Portugis nyebut Borneo lan digunakaké déning wong-wong Éropah. Nanging penduduk asli nyebut minangka pulo Klemantan.
  • Kapindo miturut Crowfurd ing Descriptive Dictionary of the Indian Island (1856), tembung Kalimantan iku jeneng sejinis pelem saéngga pulo Kalimantan iku pulo pelem nanging panjenengané nambahaké yèn tembung iku mambu dongèng lan ora populèr.
  • Katelu miturut Dr. B. Ch. Chhabra ing jurnal M.B.R.A.S vol XV part 3 hlm 79 nyebutaké kabiyasaan bangsa India kuna nyebutaké jeneng papan selaras asil bumi kaya jewawut ing basa sanksekerta yawa saéngga pulo iku ingaran yawadwipa kang kaloka minangka Pulo Jawa saéngga kanthi dhasar analogi mau pulo iku kang kanthi jeneng Sansekerta Amra-dwipa utawa pulo pelem.
  • Kapapat miturut C.Hose lan Mac Dougall nyebutaké yèn tembung Kalimantan asalé saka 6 golongan suku-suku setempat ya iku Dayak Laut (Iban), Kayan, Kenya, Klemantan, Munut, lan Punan. Ing karangané, Natural Man, a Record from Borneo (1926), C Hose njelasaké yèn Klemantan iku jeneng anyar kang digunakaké déning bangsa Malayu.
  • Kalima miturut W.H Treacher ing British Borneo ing jurnal M.B.R.A.S (1889), pelem liyar ora kaloka ing Kalimantan lor. Apa manèh Borneo ora naté kaloka minangka pulo kang ngasilaké pelem malah mungel waé saka sebutan Sago Island (pulo Sagu) amarga tembung Lamantah iku jeneng asli sagu mentah.
  • Kaenem miturut Prof. Dr. Slamet Muljana ing bukuné Sriwijaya (LKIS 2006), tembung Kalimantan dudu tembung melayu asli nanging tembung silihan kaya déné tembung malaya, melayu kang asalé saka India (malaya ateges gunung). Kalimantan utawa Klemantan asalé saka basa Sanksekerta, Kalamanthana ya iku pulo kang udharané panas banget utawa ngobong (kal[a]: usum, wektu lan manthan[a]: ngobong). Amarga vokal a ing kala lan manthana miturut kabiyasaan ora diucapaké, mila Kalamanthana diucap Kalmantan kang sabanjuré ingaran penduduk asli Klemantan utawa Quallamontan kang pungkasané diturunaké dadi Kalimantan.

Administrasi

besut

Kalimantan dipérang dadi patang provinsi:

Mangsa Républik Indonésia Sarékat

besut
 
Pangéran Muhammad Noor

Sawisé njupuk alih Kalimantan saka tanganné Jepang, NICA meksa kaum Federal Kalimantan supaya rikat ngedegaké Nagara Kalimantan nyusul Nagara Indonésia Wétan kang wis ngadeg. Mula banjur diwangun Dhéwan Kalimantan Kulon tanggal 28 Oktober 1946, kang dadi Laladan Istiméwa Kalimantan Kulon ing tanggal 27 Mèi 1947; kanthi Kepala Laladan, Sultan Hamid II saka Kasultanan Pontianak kanthi pangkat Mayor Jendral. Wewengkoné kapérang saka 13 kraton minangka swapraja.

Dhéwan Dayak Gedhé diwangun tanggal 7 Dhésèmber 1946, lan sabanjuré tanggal 8 Januari 1947 diwangun Dhéwan Pagatan, Dhéwan Pulo Laut lan Dhéwan Cantung Sampanahan kang banjur nggabung dadi Fèdherasi Kalimantan Kidul-Wétan. Banjur tanggal 18 Fèbruari 1947 diwangun Dhéwan Pasir lan Fèdherasi Kalimantan Wétan, kang pungkasané ing tanggal 26 Agustus 1947 nggabung dadi Dhéwan Kalimantan Wétan. Sabanjuré Laladan Kalimantan Wétan dadi Laladan Istiméwa Kalimantan Wétan kanthi Kepala Laladan, Aji Sultan Parikesit saka Kasultanan Kutai kang pangkaté Kolonél. Laladan Banjar kang wis kajepit laladan fèdheral pungkasané diwangun Dhéwan Banjar tanggal 14 Januari 1948.

Gubernur Kalimantan ing papréntahan Pamaréntah RI ing Yogyakarta, ya iku Pangéran Muhammad Noor, ngirim Cilik Riwut lan Hasan Basry ing misi perjuwangan mempertahankan kamardikan kanggo ngadhepi kekuwatan NICA. Ing tanggal 17 Mèi 1949, Lètkol Hasan Basry minangka Gubernur Wadya ALRI Wewengkon IV Pertahanan Kalimantan mroklamirké sawijining Proklamasi Kalimantan kang isiné yèn "Laladan Kalimantan Kidul" (laladan-laladan sanjaban Laladan Istiméwa Kalimantan Kulon lan Laladan Istiméwa Kalimantan Wétan) tetep minangka pérangan ora kapisahaké saka Nagara Républik Indonésia kang wis diproklamasikké tanggal 17 Agustus 1945. Pamaréntah Gubernur Militér iki wujud upaya tandhingan dhateng kawanguné Dhéwan Banjar kang diyasa Walanda.

Ing mangsa Républik Indonésia Sarékat, Kalimantan dipérang dari limang laladan ya iku:

  1. Laladan Istiméwa Kalimantan Kulon
  2. Laladan Istiméwa Kalimantan Wétan
  3. Dayak Gedhé
  4. Laladan Banjar
  5. Fèdherasi Kalimantan Kidul-Wétan

Résidhèn lan Gubernur

besut

Pratélan jeneng-jeneng résidhèn Inggris lan Walanda kanggo wewengkon Bornéo-Walanda:

Wiwit taun 1938, Bornéo-Walanda (Kalimantan) wujud siji kasatuan laladan administratif sangisoré gubernur, kang duwé kedhudhukan ing Banjarmasin:

Taun 1957 Kalimantan dipérang dadi 3 provinsi, ya iku Kalimantan Kidul, Kalimantan Wétan, Kalimantan Kulon. Sabanjuré taun 1958, kawangun provinsi Kalimantan Tengah minangka pamekaran saka Kalimantan Kidul.

Jeneng liya

besut
 
Pasar Lima ing Banjarmasin, Kalimantan Kidul
  • "Waruna Pura"
  • "Tanjungpura" (Bakulapura) artiné pulo kang akèh duwé tanjung (bakula).
  • "Tanjung Nagara" iku sebutan kanggo pulo Bornéo déning Karajan Majapahit, minangka salah siji laladan saka wolung taklukan Karajan Majapahit.
  • "Hujung Lemah" utawa "Ujung Lemah" iku sebutan pulo Kalimantan ing Hikayat Banjar lan Hikayat Raja-ratu Pasai, katoné iki jeneng kang dipigunaaké déning penduduk Sumatra lan sekitaré kanggo nyebut pulo Kalimantan.
  • "Pulo Kencana" iku sebutan pulo Kalimantan ing Ramalan Prabu Jayabaya saka Majapahit ngenani bakal dikuwasani Tlatah Jawa déning bangsa Jepang kang teka saka arah pulo Kencana (Kalimantan).
  • "Jaba Daje" artiné "Jawa ing Lor (saka Pulo Madura) sebutan suku Madura dhateng pulo Kalimantan.

Kalimantan ing jeneng

besut
  • Sarékat Kalimantan, fusi saka Persatuan Pemuda Marabahan kanthi organisasi nom-noman lokal ing Kalimantan Kidul.
  • Kalimantan Raya, layang kabar kang diterbitaké ing Banjarmasin déning A.A Hamidhan tanggal 5 Maret 1942.
  • Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo, laladan Kidul lan Wétan Kalimantan ya iku Kalimantan Kidul, Kalimantan Tengah lan Kalimantan Wétan, kang dipréntah sawijining Résidhèn tekan taun 1942 kang kutha krajané ing Banjarmasin.

Karajan kang naté ana

besut

Pratélan kraton-kraton lan sabagéan isih èksis ing Pulo Kalimantan, ing antarané ya iku:

Période sajarah Kalimantan

besut

Jarak kutha-kutha

besut
Kutha-kutha Banjarmasin Samarinda Palangkaraya Pontianak Kuching Kutha Kinabalu
Banjarmasin[1] 0 km 615 km 191 km 1.249,65 km 1.691,65 km 2.767,65 km
Banjarbaru[2] 35 km - - - - -
Batulicin - - - - - -
Balikpapan 500 km 115 km - - - -
Samarinda[3][4] 615 km (196 mil)[5] 0 km - - - -
Tenggarong - - - - - -
Bontang 760 km 110 km - - - -
Tarakan 1.190 km 575 - - - -
Nunukan 1.423 km 808 km - - - -
Kuala Kapuas 46 km - 142 km - - -
Palangka Raya[6] 191 km - 0 km - - -
Sampit[7] 418 km - 227 km - - -
Pontianak 1.249,65 km - - 0 km - -
Singkawang - - - 147 Km[8] - -
Entikong 1.599,65 km - - 350 km - -
Nangabadau - - - - - -
Kuching 1.691,65 km - - 442 Km[9] 0 km -
Serian 1.627,65 km - - - 64 km[10]
Sibu 1.977,65 km - - - - -
Bintulu 2.167,65 km - - - - -
Miri 2.357,65 km - - - - -
Bandar Seri Begawan - - - - - -
Kota Kinabalu 2.767,65 km - - - - 0 km
Sandakan 3.057,65 km - - - - 290 Km
Tawau 3.307,65 km - - - - -

Cathetan suku

besut
  1. Peta Ruas Jalan Kalsel [pranala mati permanèn]
  2. Profil Laladan Kalimantan Selatan - Struktur, Luas, dan Jarak ke Kutha krajan Propinsi
  3. Profil Laladan Kalimantan Timur - Struktur, Luas, dan Jarak ke Kutha krajan Propinsi
  4. Peta Ruas Jalan Kaltim [pranala mati permanèn]
  5. "JARAK SAMARINDA DENGAN KOTA-KOTA LAINNYA". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-10. Dibukak ing 2012-09-09.
  6. Profil Laladan Kalimantan Tengah - Struktur, Luas, dan Jarak ke Kutha krajan Propinsi
  7. ACROSS KALIMANTAN TO SAMPIT
  8. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-04-18. Dibukak ing 2012-09-09.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  9. DAMRI PONTIANAK - KUCHING PERLU LEBIH MENDENGAR
  10. Serian Healthy City