Jemuwahan
salat saben dina jumat
Salat Jumat utawa Jemuwahan utawa Jumatan yaiku ngibadah salat kang dilakoni déning pangugem agama Islam kang dilakoni saben dina Jumat kanthi jama'ah. Wektu kang pas kanggo Salat Jum'at yaiku wektu Salat Dzuhur.
|
Hukum Salat Jumat
besutSalat Jumat dadi salah sijiné ngibadah kang kudu dilakoni déning saben muslim (santri:wong lanang kang nganut agama Islam). Bab kang mbahas salat Jumat wis ana ing Kuran lan Kadis :
- Kuran Al Jumu'ah ayat 9 kang artiné:"He wong-wong kang duwé iman, nalikané awakmu diwajibaké nglakoni salat Jumat. Mangka èling ana gusti Allah, tinggalake bab dol-tinuku lan mangkono iku luwih becik kanggo awakmu manawa ngerténi." (QS 62: 9)
- "Sejatiné wong-wong kang ora nglakoni lan ninggal salat jumat Allah bakal nutup atiné kang ninggal salat jumat. Banjur wong-wong iku bakal dadi wong kang sembrana." (HR. Muslim)
- "Saktèmèné Allah duwé niyat ngutus manungsa (santri) kanggo (dadi imam) salat jumat bebarengan, Banjur Allah bakal ngobong omahé wong-wong kang ninggal salat jumat (HR. Muslim)
- "Salat Jumat iku wajib kanggo wong muslim, dilakoni kanthi jama’ah kajaba papat golongan, yaiku buroh rekasa, wong wadon, bocah cilik wong kang lagi loro parah." (HR. Abu Daud lan Al-Hakim, haditsé shahih)
Tata Cara Salat Jumat
besutTata cara salat Jum’at, yaiku :
- Khatib munggah ana ing mimbar manjing wektu (waktu dzuhur), banjur salam lan lungguh.
- Muadzin ngumandangake adan kanggo nyiapake salat kang diwiwiti.
- Khutbah kapisan: Khatib ngadek untuk melaksanakan khutbah yang diwiwiti kanthi wacan hamdalah lan pujian marang Allah sarta maca shalawat marang Rasulullah SAW. Banjur maringi pitutur marang para jama’ah, ngélingaké kanthi swara kang banter, nerusaké préntah lan larangan Allah lan RasulÉ, nyurung supaya tumindak kebajikan sarta medèn-medèni suapaya aja tumindak ala, lan ngélingaké kanthi janji-janji sarta ancaman-ancaman Allah Subhannahu wa Ta'ala. Banjur lungguh sedhéla
- Khutbah kapindho : Khatib miwiti khutbah kapindho kanthi maca hamdalah lan pujian marang Allah. Banjur nerusaké khutbah nganti rampung
- Khatib banjur mudhun saka mimbar. Sabanjuré muadzin ngumandhangaké iqamat kanggo tandha miwiti salat
- Salat jamaah rong rakangat
Prekara-prekara kang dianjurake
besutNalika salat Jumat, saben muslim dianjurake nggatekake prekara-prekara iki:
- Adus, ngganggo pakaén rapi, nganggo wewangén lan siwak.
- Ninggalake transaksi doltinuku nalika adan wis wiwit nywara.
- Cepet-rikat lunga menyang masjid.
- Nglakokake salat sunat ing masjid sadurungé salat Jumat, sasuwéné imam salat durung teka.
- Ngakeh-akehake maca shalawat sarta salam marang Rasulullah SAW nalika wengi Jumat nganti siyang.
- Ngendhegage guneman lan pagawean ora prelu nalikané imam teka.
- Ngakeh-akehake ndedonga, amarga dina Jumat iku dina kang mustajab utawa doane gampang dikobul.
- Wong lanang, dadi wong wadon ora diwajibake salat Jumat.
- Mardika, dadi salat Jumat ora diwajibake marang batur tukon.
- Baligh, dadi salat Jumat ora diwajibake marang bocah cilik.
- Sehat, dadi salat Jumat ora diwajibake marang wong mriang kang ora mampu nekani amarga mriange iku.
- Manggon utawa dhomisili, dadi salat Jumat ora diwajibake marang wong kang lelungan (musafir).
Pranala njaba
besutCathetan sikil
besut- ↑ [Abu Bakar, Al Jazairi (dipunterjemah:Fadhli Bahri, Lc.).2007.Ensiklopedi Muslim. Jakarta:Darul Falah] (kaca 352)