Kanthong semar

(Kaelih saka Kantong semar)
Kanthong semar
Kanthong Semar jinis Nepenthes edwardsiana
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Caryophyllales
Famili: Nepenthaceae
Dumort. (1829)
Génus: Nepenthes
L. (1753)

Kanthong semar (Nepenthes sp.) ya iku salah siji saka enem genera tuwuhan kang mangan daging (karnivora) kang kalebu ing familia Nepenthaceae, uripé ing Indonésia lan nagara-nagara liya.[1] Gerena liya ing familia iki ya iku Dionaea kang ditemoni ing Amérikah Sarékat mligi ing praja Carolina. Ing donya iki ana 70 spésiès Nepenthes, 40% ing antarané ana ing pulo Kalimantan lan namung 10% kang urip ing njaba Asean.[1] Kantong semar dudu kembang lan dudu woh-wohan nanging sawijining godhong kang ngalami modifikasi.[1]

Kanthong semar kaloka minangka tuwuhan karnivora. Lumrahé kanthong semar mangan gegremet kang ana ing saubengé godhongé.[2] Kanthong semar duwé cuwèran ing pérangan godhongé kanggo narik perhatian lan njebak gegremet kanggo dipangan.[3] Kanthong semar duwé godhong kang dhapuré kaya piala. Pérangan godhongé iki bisa ngetoaké nektar kanggo narik gegremet, saéngga gegremet kang menclok ing godhong kanthong semar kang lunyu bisa kepleset lan tiba ing njero cuwèran kang ana ing njero godhong. Cuwèran iki bisa nguraiaké lan nglarutaké gegremet, banjur diserep déning awak kantong semar.[4]

Kanthong semar pisanan diwanuhaké déning J.P Breyne ing taun 1689.[5] Ing Indonésia kanthong semar duwé jeneng kang béda-béda ing saben laladan. Masarakat Riau njenengi periuk monyet, ing Jambi ingaran kanthi kantong beruk, ing Bangka ingaran ketakung, ing Jawa Barat kaloka kanthi jeneng sorok ratu mantri. Ing Kalimantan Suku Dayak Katingan njenengi ketupat napu, Suku Daya Bakumpai njenengi telep ujung, lan Suku Daya Tunjung njenegi selo bengongong kang artiné susuh gegremet.[5]

Karakteristik

besut

Kanthong semar minangka tuwuhan kang mrambat lan njulur. Godhongé dhapuré watara oval lan lanset, jinisé tunggal ora ana eriné lan dawa cawangé watara 5 – 10 cm.[1] Pérangan pucuk godhongé (apex) ndawa, dhapuré kaya cacing utawa pecut (ingaran tendril) dawané watara 15 sampai 30 cm, lan sabanjuré tendril iki duwé wujud kaya kanthong kanthi tudung kang dhapuré kaya tutup kuali.[1]

Wujud kanthong semar lumrahé tergantung karo jinisé. Jinis Nephentes ampullaria kanthongé dhapuré kaya kuali kang dawané watara 10 cm lan dhiamèteré 8 cm.[1] Minangka jinis Nephentes gracillima luwih padha kaya tabung utawa trompet kang dawané 20 cm lan dhiamèteré kurang luwih 8 cm.[1] Amarga relatif abot kanggo panyanggané, lumrahé pucuk godhongé mentiyung nganti lemah. Ing pérangan njaba kanthong semar ana loro garis vèrtikal kang dhapuré kaya eri.[1]

Tuwuhan kanthong semar ngetoaké klanjer nektar kang ana ing ngisor tutup lan ing njero kanthong. Klanjer iki fungsiné kanggo narik perhatian gegremet utawa kéwan liyané kang nyedhaki tuwuhan iki lan sabanjuré bakal dipangan.[1] Ing témbok kanthong ana wulu-wulu. Gegremet-gegremet kang menclok ing pinggiran kanthong semar bisa kepleset lan lumebu ing njero cuwèran kang ana ing njero kanthong.[1]

Kéwan kang bisa dipangan déning kanthong semar saliyané gegremet ing antarané temangga, yuyu, kodhok, manuk, lan tikus.[1]

Habitat

besut

Kanthong semar lumrahé urip ing lemah kang garing, nanging uga ana kang bisa urip ing lemah kang subur.[5] Kanthong semar uga ana kang bisa urip ing lemah kang ngandhut wlirang (solfatra) lan lemah kang ora akèh kandhutan nitrogené.[1] Kanthong semar urip ing panggonan kebuka, kang ora akèh unsur harané lan duwé kelembaban udara kang cukup dhuwur. Kanthong semar urip ing alas tropis dhataran cendhèk, alas pagunungan, alas gambut, alas kerangas, gunung kapur, lan padang savana.[5] Didhasaraké minangka panggonan uripé, kanthong semar dibagi dadi 3 (telu) golongan ya iku kanthong semar dhataran cendhèk, menengah lan dhataran dhuwur.[5]

 
Nepenthes gymnamphora 1

Manfaat

besut

Ana akèh manfaat kanthong semar saliyané kanggo tuwuhan hias, ing antarané ya iku:

  1. Kanggo indikator iklim. Nalika ing sawijing laladan urip Nepenthes gymnamphora, artiné laladan iku tingkat curah udané cukup dhuwur, kalembaban ing ndhuwuré 75 %, lemahé uga ora akèh kandhutan unsur hara.[6]
  2. Kanthong semar bisa dadi tuwuhan obat amarga cuwèran saka kanthongé kang isih ketutup bisa kanggo obat watuk. Banyu godhogan oyot lan cuwèran kang ana ing njero kanthong kang isih ketutup uga bisa kanggo obat lara weteng, nyegah ngompol, lara amarga kobong, lan nambani lara mata.[6]
  3. Kanthong semar jinis Nepenthes gymnamphora bisa dadi sumber banyu kang bisa diombe amarga pH-ne nétral (6-7) kanthi keadhaan kanthong kang isih ketutup, amarga kanthong kang wis kebuka wis kena kontaminasi jisim gegremet kang lumebu ing njeroné, pH-ne dadi 3 lan rasané kecut.[6]
  4. Ana uga masarakat (kaya ing Pulo Belitung) migunakaké kanthong semar dadi pengganti tali. Watang saka kanthong semar iki bisa digunakaké dadi pengganti tali kanggo nalèni barang-barang, umpamané kanggo nalèni kayu kang digoleki ing alas.[6]

Galèri

besut

Pranala njaba

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e f g h i j k l Kantong Semar Tanduran kang mangan Daging Archived 2012-07-31 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 01 Oktober 2012) ;
  2. Kantong Semar Raksasa, Mampu Memangsa Tikus Archived 2012-07-27 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  3. Ciri-ciri tumbuhan Kaktus, Kantong Semar dan Bunga Teratai Archived 2012-09-05 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  4. Ciri khusus Kantong Semar Archived 2012-10-01 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  5. a b c d e Kantong Semar Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 30 September 2012) ;
  6. a b c d Nepenthes utawa Kanthong semar Archived 2011-12-30 at the Wayback Machine. (Kaundhuh tanggal 07 Oktober 2012) ;