Mush'áb bin Umayr
Mush'áb bin Umayr yaiku sahabat Rasul saka suku Kurès, padha kaya Muhammad.[1]
|
Lair
besutMush'áb bin Umayr lair duwé duwé rupa kang gagah lan nyenegake. Mush'áb bin Umayr lair saka kulawarga kang serba cukup lan dimanjakake déning wong tuwané kang marakake dhèwèké dadi omongan gadhis-gadhis Mekah.[1] Ibuke yaiku Khunas Binti Malik, wong kang duwé kepribaden lan pendirian kan kuwat, mula dhèwèké dadi wong wadon kan tansah diwedeni.[2]
Mush'áb bin Umayr lan Islam
besutKeislamane Mush'ab bin Umair wiwit nalika dhèwèké krungu dakwah Muhammad kang ngaku dadi Rasulullah lan ngajak manungsa kanggo ngibadah marang Allah. Sakbubare krung manawa Rasulullah asring nganakake pertemuan karo para sahabat ing umahe Arqam bin Abil Arqam ing Bukit Shafa, dhèwèké banjur mèlu majelis kang ing sakjerone tansah diwacakake ayat-ayat Kuran. Wahyu kang nalika iku diwaca déning Rasulullah dirungokake Mush'ab nganti lumebu atine lan dadi dalan hidayah Allah kanggo dhèwèké.[3]
Kanggo pirang wektu, Mush'ab ngumpetake keislamane. Ing sawijining dina ana wong kang ndeleng Mush'ab dadi wong kang wis mèlu ajarane Muhammad lan ngandakake iki déning ibune. Bar iku dhèwèké tansah dicoba keimanane, wiwit saka dikunjara ing papan terpencil, ping pindho ijrah ing Habsyi, nganti Ibune ngusir amarga ora sudi manèh nganggep Musháb anaké. Iki uga ndadèkaké Mush'ab metu saka panguripan mewah saka wong tuwané. Mush'ab luwih milih purip miskin lan sengsara, klambi kang kasar lan bodhol, sadina mangan lan pirang-pirang dina keluwen amarga tresnane marang Allah.[4]
Sawijining dina, wong-wong Muslim lungguh ing saubenge Rasulullah SAW, nalika ndeleng Mush'ab, wong-wong iku nundukake sirahé lan merem. Sebagiyane nangis amarga iba karo Mush'ab. Nanging Rasulullah SAW ndeleng Mush'ab karo pandelengan kang kebak tresno lan syukur. Sinambi mesem, Rasululluah ngendika: "Biyèn aku ndeleng Mush'ab iki ora ana kang bisa ngimbangi ing éntuke olèh kasenengan saka wong tuwané, lan saiki banjur ditinggalake demi tresnane marang Allah lan Rasul."[4]
Sakbubare peristiwa baiat Aqabah ke 1 ing taun ke 11 kenabian,Mush'ab dadi duta pertamane Rasul kang diutus dakwah ing masarakat Madinah kanggo ngajarake Kuran lan babagan ngenani kawruh Islam. Amarga sipat cerdas, sabar, zuhud, jujur, lan temen-temene ati, dhèwèké kasil njupuk ati penduduk Madinah saéngga padha berbondong-bondong lumebu Islam. Amarga iku dhèwèké kaloka Muqri’ul Madinah (Nara sumber Madinah). Lan sakawit iku saben ana wong kang ngajarake Kuran diarani “Mush’ab”. Bnajur ing mangsa haji taun berikute Mush’ab kasil ngajak punjul 70 kaum Muslimin tumuju Mekah ing sabanjuré ana perjanjian Aqabah 2. Sakawit iku Mush’ab ora tau absen mèlu perang karo Rasulullah.[4]
Mush'ab lan Perang Uhud
besutIng perang Uhudnglawan kaum musyrik, Mush'ab éntuk kehormatan saka Rasulullah SAW kanggo nggawa bendera kaum Muslimin. Perang iki banget dahsyate nganti akèh sahabat kang palastra, uga Mush'ab. Sakbubare perang, Rasulullah SAW lan para sahabat teka ing papan pertempuran mau kanggo ngucapake perpisahan karo para syuhada. Nalika nemoni jisime Mush'ab, Khabbah Ibnul 'Urrat ngendika: "Kita ijrah ing dalan Allah karo Rasulullah SAW lan ngarepake ridho Allah nganti wis mesti pahala ing sisih Allah. Ing antarané dhéwé ana kang wis berlalu sadurungé ngrasakake pahala ing donya iki, Kalebu Mush'ab bin Umair kang palastra ing Uhud iki." Ora ana selembar kain kanggo nutupi saliyané burdah. Andai burdah mau diwènèhake ing sirahé, sikile kebuka. Sakwalike manawa ditutupke ing sikile, sirahé kang kebuka. Mula Rassulullah ngendika:"Tutup sapérangan sirahé, lan sikile ditutup nganggo suket kizir."[4]
Diriwayatke saka Sa’ad bin Ibrahim, manawa dhèwèké naté krung bapaké ngendika, “Abdurrahman bin Auf diparingi panganan, banjur dhèwèké nangis sinambi ngomong, ‘Hamzah kebunuh lan ora tinemu apa kang bisa kanggo ngafani kajaba siji pakean. Mush’ab bin Umair ug kebunuh lan ora tinemu apa kang bisa kanggo ngafani kajaba siji pakean’. Nalika Mush’ab kebunuh, Rasulullah SAW ngawehake bendera iku marang Ali bin Abu Thalib lan penggedhe-penggedhe kaum muslim.”[5]