Mustafa Kemal Atatürk

(Kaelih saka Mustafa Kemal Ataturk)

Mustafa Kemal Atatürk (188110 November 1938), dumugi taun 1934 namanipun punika Gazi Mustafa Kemal Paşa, punika satunggiling perwira militèr lan nagarawan Turki ingkang mimpin révolusi nagari punika. Panjenenganipun ugi wujud pangadeg lan Présidhèn pisanan Républik Turki.

Mustafa Kemal Atatürk
Présidhèn Turki pisanan
Linggih
29 Oktober 1923 – 10 November 1938
Kang sawiséİsmet İnönü
1st Mahamantri Turki
Linggih
3 Mèi 1920 – 24 Januar1 1921
Kang sawiséFevzi Çakmak
Rerincèn dhiri
Lair1881
Selânik (saiki Tesalonika), Kakaisaran Ottoman
Pati10 November 1938
Pura Dolmabahçe, Istanbul, Turki
BangsaTurki
Parté pulitikParté Rakyat Républikan
SisihanLatife Uşaklıgil (1923-1925)
Tandha tangan

Mustafa Kemal mbuktèkaken piyambakipun minangka komandhan militèr ingkang suksès nalika dhines minangka komandhan divisi salebeting Peperangan Gallipoli. Sasampunipun kakalahan Kakaisaran Ottoman ing tangan Wadya Sakuthu, lan rencana-rencana salajengipun kanggé mecah nagari punika, Mustafa Kemal mimpin obahan nasional Turki ingkang salajengipun dados Perang Kamardikan Turki. Kampanye militèripun ingkang suksès ngasilaken kamardikan nagari punika lan kawangunipun Républik Turki. Minangka présidhèn pisanan nagari punika, Mustafa Kemal nepangaken rerangkèn pangénggalan ingkang wiyar ingkang ngupados ngripta satunggiling nagari modhèren ingkang sékulèr lan dhémokratis. Miturut Angger Nami Kulawarga, Majelis Agung Turki maringaken dhumateng Mustafa Kemal nama "Atatürk" (ingkang tegesipun "Bapak" utawi "Leluhur Turki") ing tanggal 24 November 1934.

Wekdal mudha

besut
 
Atatürk ing samak kalawarta Time, 1923

Mustafa miyos taun 1881, ing Selânik Ottoman (sapunika Tesalonika ing Grikenlan), minangka putra satunggiling punggawa alit ingkang salajengipun dados pedagang kayu. Selaras kaliyan kabiasan Turki ing wekdal samanten, piyambakipun dipunparingi asma Mustafa kémawon. Bapanipun, Ali Rıza Efendi, satunggiling punggawa béya cuké, tilar dony analika Mustafa saweg yuswa pitung taun. Mila, Mustafa salajengipun dipunrumat déning ibunipun, Zübeyde Hanım.

Nalika Atatürk yuswa 12 taun, panjenenganipun mlebet sekolah militèr ing Selânik lan Manastır (sapunika Bitola), kekalihipun punjer nasionalisme Yunani ingkang anti-Turki. Mustafa sinau ing sekolah menengah militèr ing Selânik, lan ing mrika namanipun dipuntambahi nama Kemal ("kasampurnan") déning guru matematikanipun minangka pangakenan dhumateng kapinteran akadhemikipun. Mustafa Kemal mlebet dhateng akademi militèr ing Manastır ing taun 1895. Piyambakipun lulus kanthi pangkat lètnan ing taun 1905 lan dipuntugasaken ing Damaskus. Ing Damaskus piyambakipun énggal kémawon nggabung kaliyan satunggiling golongan wewadi alit ingkang kapérang saking perwira-perwira ingkang péngin pangénggalan, ingkang dipunparing nama Vatan ve Hürriyet (Tanah Toya lan Kamardikan), lan dados panentang aktif rézim Ottoman. Ing taun 1907 piyambakipun dipuntugasaken ing Selânik lan nggabung kaliyan Komité Katunggalan lan Kemmajengan ingkang limrah dipunsebut minangka golongan Turki Mudha.

Ing taun 1908 kaum Turki mudha ngrebat kakuwaosan saking Sultan Abdul Hamid II, lan Mustafa Kemal dados tokoh militèr sènior. Ing taun 1911, panjenenganipun tindak dhateng provinsi Libya kanggé tumut nglawan invasi Italia. Ing pérangan sepindhahan saking Perang Balkan Mustafa Kemal kadhampar ing Libya lan boten saged tumut, nanging ing wulan Juli 1913 panjenenganipun kondur dhateng Istanbul lan dipunangkat dados komandhan pertahanan Ottoman ing wewengkon Çanakkale ing pasisir Trakya (Thrace). Ing taun 1914 panjenenganipun dipunangkat dados atasé militèr ing Sofia, sapérangan minangka siasat kanggé nyingkiraken piyambakipun saking ibu kitha lan saking intrik pulitikipun.

Karièr militèr

besut

Nalika Kakaisaran Ottoman terjun dhateng Perang Donya I ing péhak Jerman, Mustafa Kemal dipuntugasaken ing Tekirdağ (ing Seganten Marmara).

Gelibolu (Gallipoli)

besut
 
Atatürk, sawetara Panglima Angkatan Darat (1918).

Panjenenganipun tumujeng dipunpromosikaken dados kolonèl lan dipunparingi jejibahan minangka komandhan divisi ing laladan Gallipoli (basa Turki: "Gelibolu"). Panjenenganipun mainaken peran kritis salebeting peperangan nglawan wadyabala sekuthu Inggris, Prancis lan ANZAC salebeting Peperangan Gallipoli ing wulan April 1915. Ing mriki panjenenganipun kasil nahan wadyabala sekuthu ing Conkbayırı lan ing bukit-bukti Anafarta. Amargi kasuksèsanipun punika, pangkatipun lajeng dipununggahaken dados Brigadhir Jéndral, lan kanthi makaten pikantuk gelar pasha lan pikantuk prabawa ingkang saya wiyar salebetipun upados-upados paperangan. Kanthi prabawa lan pengalaman punika Mustafa Kemal kasil nggulingaken Kakaisaran Ottoman lan ngrebat malih wewengkon-wewengkon ingkang sadèrèngipun sampun dipunpasrahaken dhumateng Yunani sasampunipun Perang ageng punika.

Mustafa Kemal pikantuk pangurmatan saking tilas lawan-lawanipun amargi kakendelanipun salebeting kamenangan. Memorial Mustafa Kemal Atatürk gadhah papan kinurmatan ing Parade ANZAC Parade ing Canberra. Ing tugu pèngetan punika kaserat tetembunganipun:

Para pahlawan ingkang ngesokaken rahipun lan kécalan nyawanipun... kaliyan punika sumaré ing siti saking nagari réncang. Mila saréya kanthi tentrem. Boten wonten bèntenipun antawisipun Johnny lan Mehmet ing pundi panjenenganipun sapunika sumaré sisihan ing nagari kita... Kaliyan, para ibu ingkang ngintun putra-putranipun dhumateng nagari-nagari ingkang tebih, usapana luh panjenengan. Putra-putra panjenengan sapunika sumaré ing haribaan panjenengan ing salebeting katentreman. Sasampunipun kécalan nyawanipun ing nagari punika, putra-putra panjenengan sapunika ugi sampun dados putra-putra kita sadaya.

Taun-taun pungkasan Perang Donya I

besut

Ing taun 1917 lan 1918 Mustafa dipunkintun dhumateng front Kaukasus (Kafkaslar) kanggé perang nglawan wadyabala Ruslan, ingkang kasil dipunmenangaken. Panjenenganipun tumuli dipuntugasaken ing Hejaz (Hicaz), kanggé nindhes Pambrontakan Arab (ingkang dipunsengkuyung déning Karajan Manunggal) ngllawan kakuwaosan Ottoman. Sasampunipun nglepas jabatanipun, pungkasanipun panjenenganipun wangsul kanggé dhines salebeting mbéla Palestina, nanging boten kasil. Ing wulan Oktober 1918 Ottoman pasrah bongkokan dhumateng Sakuthu, lan Mustafa Kemal dados salah satunggiling pamimpin parté ingkang milih kanggé mbéla wewengkon ingkang kirang langkung sami kaliyan ingkang dipunkuwaosi déning Turki sapunika, sauntawis sarujuk kanggé ngunduraken dhiri saking sadaya wewengkon sanèsipun.

Émansipasi Turki

besut
 Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsani Perang Kamardikan Turki .

Sauntawis wadyabala Sakuthu wiwit nglenggahi Kakaisaran Ottoman, kaum révolusionèr Turki wiwit ngatonaken perlawanan. Mustafa Kemal ngorganisir obahan-obahan "Kuva-i Milliye" (Angkatan Nasional) ingkang paling kasil, ingkang salajengipun dados Perang Kamardikan Turki.

Révolusi Mustafa Kemal dipunwiwiti kanthi panugasanipun ing Samsun, lan ing mrika panjenenganipun dipunparingi kakuwaosan dharurat minangka Inspektur Dhivisi Militèr kaping 19. Sasaumpunipun dumugi ing Anatolia, panjenenganipun nafsiraken kakuwaosanipun kanthi bébas, lan ngawontenaken sesambetan sarta ngedalaken préntah-préntah dhumateng para gubernur provinsi lan panglima militèr laladan. Piyambakipun ngèngkèn supados nglawan panjajah. Ing wulan Juni 1919 piyambakipun lan rèncang-rèncang caketipun ngedalaken Dhéklarasi Amasya ingkang nggambaraken alesan wewenang Istanbul boten sah. Para prawira Turki Mudha kanthi pulitis mpromosikaken gagasan bilih papréntahan ing pangasingan kedah dipunyasa ing satunggiling papan ing Anatolia. Préntah Istanbul kanggé ngukum pati Kemal dumuginipun telat. Satunggiling parlemèn énggal, Dhéwan Agung Nasional, dipunyasa ing Ankara wulan April 1920. Dhéwan punika nganugerahaken dhumateng Mustafa Kemal Pasha gelar 'Présidhèn Dhéwan Nasional, nulak papréntahan Sultan ing Istanbul lan nulak Prajanjian Sèvres.

Kanggé katarangan langkung pepak ngenani topik punika, pirsani Panggung Perang

Ing front pulitik, Mustafa Kemal Pasha napakasmani Prajanjian Kars (23 Oktober 1921) kaliyanUni Sovyèt-satunggiling prajanjian persahabatan ingkang isinipun Turki masrahaken kitha Batumi, ingkang sapunika wonten ing Georgia-dhumateng kaum Bolshevik Lenin minangka gentos kadhaulatan dhumateng kitha-kitha Kars lan Ardahan, ingkang dipunrebut déning Ruslan Tsaris salebeting Perang Ruslan-Turki, 1877-1878.

Kanggé katarangan langkung pepak ngenani topik punika, pirsani Tahap perdamaian

Kamenangan Mustafa Kemal Pasha salabetipun Perang Kamardikan Turki njamin kadhaulatan Turki. Panjenenganipun ngeteraken Prajanjian Lausanne, lan kanthi punika Turki pungkasanipun nglabeti mangsa tentrem sasampunipun satunggil dasawarsa ngalami paperangan ingkang ngrisak, sanadyan panjenenganipun ngadhepi oposisi irredentis ing Dhéwan Nasional lan ing papan-papan sanèsipun.

Kagesangan sasampunipun perang lan pambaruan

besut

Konsolidhasi pulitik

besut

Mustafa Kemal migunakaken sapérangan taun salajengipun kanggé ngonsolidhasikaken kakuwaosanipun ing Turki lan nglembagakaken manéka pambaruan pulitik, ékonomi lan sosial ingkang mawiyar. Pambaruan-pambaruan punika njalari munculipun oposisi ing lingkungan Parté Rakyat Républikan ("Cumhuriyet Halk Fırkası" ing basa Turki) ingkang dipundegaken déning Mustafa Kemal tanggal 9 September 1923. Salajengipun Mustafa Kemal mréntahaken Jendral Kazım Karabekir supados ngedegaken Parté Républikan Progresif (basa Turki: "Terakkiperver Cumhuriyet Fırkası") minangka oposisi ing Dhéwan Nasional Turki. Parté punika nentang sosialisme nagara saking Parté Rakyat Républikan lan ngusulaken liberalisme. Nanging pérangan dangu sasampunipun, parté punika dipunpundhut alih déning tiyang-tiyang ingkang dipunanggep Ataturk minangka fundhamentalis. Ing taun 1925, sapérangan minangka tanggapan dhumateng provokasi saking Syekh Said, dipunwedalaken Undhang-undhang kanggé Njaga Katertiban, ingkang maringaken kakuwoasan dhumateng Ataturk kanggé mbibaraken golongan-golongan subvèrsif. Parté Républikan Progresif tumuli dipunbibaraken kanthi undhang-undhang énggal punika, satunggiling tindakan ingkang dipunanggep perlu kanggé njaga nagari Turki. Nanging, tindakan punika njalari kathah tiyang Turki dados kuciwa dhumateng Ataturk, lan nganggep tindakanipun minangka tindakan satunggiling dhiktator.

Tanggal 11 Agustus 1930 Mustafa Kemal mutusaken kanggé sepindhah malih nyobi obahan dhémokrasi. Panjenenganipun nudhuh Ali Fethi Okyar madegaken parté ingkang énggal. Ing serat Mustafa Kemal dhumateng Ali Fethi Okyar, panjenenganipun negesaken laisisme. Awalipun Parté Républik Liberal kasil menang ing saindhenging nagari. Nanging sepindhah malih parté oposisi dados kiyat sanget salebeting perlawananipun dhumateng upados pambaruan Atatürk, khususipun ing prakawis peranan agami salebeting kagesangan mayarakat. Pungkasanipun Ali Fethi Okyar mbisak parténipun piyambak lan Mustafa Kemal boten naté kasil ndhémokratisaken sistem parlementer. Panjenenganipun sok-sok ngadhepi pihak oposisi kanthi atos salebeting upados nggayuh tujuan mliginipun kanggé ndhémokratisaken Turki. Salah satunggil kritikipun ingkang tetep wonten dumugi sepriki inggih punika bilih Ataturk boten mromosikaken dhémokrasi, nanging kados ingkang dipuncathet déning panulis biografinipun, "Ing antawis kalih perang, dhémokrasi boten saged bertahan ing kathah masarakat ingkang langkung sugih lan ingkang langkung kadhidhik. Otoritarianisme Ataturk ingkang dipuncerahaken nilar ruangan ingkang cekap kanggé kagesangan privat ingkang bébas. Ing wekdal gesangipun, kita boten saged ngantu-antu langkung kathah malih."[1]

Pambaruan kabudayan

besut
 
Atatürk nepangaken alfabèt Turki ingkang énggal dhumateng rakyat Kayseri (20 September 1928).

Mustafa Kemal nganggep fez (mawi basa Turki "fes"), ingkang awalipun dipuntepangaken Sultan Mahmud II minangka angger-angger ngagem rasukan ing Kakaisaran Ottoman taun 1826) minangka lambang feodalisme lan mila dipunlarang. Panjenenganipun nyuwun supados priyantun Turki ngagem rasukan tiyang Éropah. Sanadyan Islam nglarang sanget unjukan ingkang ngandhut alkohol, panjenenganipun nggalakaken prodhuksi lebet nagari lan ngedegaken indhustri minuman keras kangunanipun nagara. Panjenenganipun remen dhumateng minuman keras nasional, rakı, lan kathah sanget anggènipun ngunjuk.

Réferènsi

besut

  1. Andrew Mango, Ataturk. kaca 536

Pranala njawi

besut
Didhisiki déning:
-
Mahamantri Turki Diganti déning:
Fevzi Çakmak
Didhisiki déning:
-
Présidhèn Turki Diganti déning:
İsmet İnönü

Cithakan:Mahamantri Turki