Albertus Soegijapranata
Mgr. Albertus Soegijapranata, SJ (Éjaan kang disampurnakaké: Albertus Sugiyapranata; lair 25 Novèmber 1896 – pati 22 Juli 1963 ing umur 66 taun), luwih misuwur mawi jeneng lair Soegiya, yaiku Vikaris Apostolik Semarang, banjur dadi biskop agung.[2] Dhèwèké iku biskop asli saka Indonésia kang nomer siji lan misuwur amarga prinsipé kang pro-nasionalis, kang asring diwastani "100% Katulik, 100% Indonésia".[2][3]
Mgr. Albertus Soegijapranata SJ | |
---|---|
Kauskupan agung | Semarang |
Provinsi | Semarang |
Métropolis | Semarang |
Didhapuk | 1 Agustus 1940 |
Term ended | 22 Juli 1963 |
Sadurungé | Ora ana |
Diterusaké | Justinus Darmojuwono |
Ordo | |
Penobatan | 15 Agustus 1931 |
Penahbisan | 6 Oktober 1940 dening Petrus Willekens |
Detil pribadhi | |
Jeneng lair | Soegija |
Lair | Surakarta, Hindhia-Nèderlan | 25 Novèmber 1896
Pati | 22 Juli 1963 Steyl, Nèderlan | (umur 66)
Taman Makam Pahlawan Giri Tunggal | |
Kabangsan | Indonésia |
Denominasi | Katulik |
Wong tuwa |
|
Sesanti | 100% Katulik, 100% Indonésia[1] |
Soegija lair ing Surakarta, Hindhia-Walanda, saka kulawarga abdi dalem lan garwané.[2] Kulawarga muslim iku banjur pindhah menyang kutha Yogyakarta rikala Soegija isih cilik lan amarga diakoni anak kang pinter, taun 1909 Soegija dijaluk déning Pr. Frans van Lith nggabung karo Kolese Xaverius, yaiku sekolah Yésuit ing Munthilan.[2] Ana ing kana Soegija dadi seneng marang agama Katulik lan dibaptis ing tanggal 24 Dhésèmber 1910.[2] Sawisé lulus saka Xaverius ing taun 1915 lan dadi guru ing kana setaun, Soegija sekolah manèh rong taun ing Seminari ing Munthilan sadurungé mangkat menyang Walanda taun 1919.[2] Dhèwèké nglakoni pendhidhikan calon biarawan ing Sarékat Yésus suwéné rong taun ing Grave.[2] Dhèwèké uga ngrampungaké junioraté ing kana taun 1923.[2] Sawisé telung taun sinau filsafat ing Kolese Berchamnn ing Oudenbosch, dhèwèké dikirim manèh menyang Walanda supaya sekolah téologi ing Maastricht, lan ditahbiské ing tanggal 15 Agustus 1931.[2] Sawisé iku Soegiya nambahaké tembung "Pranata" ing jenengé.[2] Taun 1993 Soegijapranata dikirim manèh menyang Hindhia-Walanda supaya dadi pastor.[2]
Soegijapranata miwiti imané mawi vikaris paroki kanggo Pr. van Driessche ing Paroki Kidul Loji, Yogyakarta, nanging diwènèhi paroki dhéwé sawisé Gréja St. Yoseph ing Bintaran kang dibukak ing taun 1934.[3] Ana ing mangsa iki dhèwèké ngusahakaké supaya bisa munggahaké rasa kekatulikané masarakat Katulik lan negesaké preluné gegandhèngan kang kuwat antarané kulawarga Katulik.[3] Taun 1940 Soegijapranata dikonsekrasikaké mawa vikaris apostolik lan Vikariat Apostolik Semarang, kang nembé diadegaké.[3] Sanajan cacahé wong Katulik saya akèh sawisé dhèwèké dikonsekrasikaké, Soegijapranata kudu ngadhepi alangan.[3] Awal taun 1942 Kakaisaran Jepang mbedhah Hindhia-Walanda lan sasuwéné iku gréja dikuwasani banjur pastor-pastor akèh kang dicekel utawa dipatèni.[3] Soegijapranata bisa ucul saka kadadéan iki lan ngentèkaké mangsa jajahan Jepang.[3]
Babad slira
besutSoegija lair tanggal 25 November 1896 ing Surakarta.[2][3][4] Dhèwèké anak kalima, cacahé seduluré ana sanga, jeneng ramané Karijosoedarmo, yaiku abdi dalem ing Susuhunan Surakarta, lan ibuné Soepiah.[4] kulawarga mau kalebu kulawarga muslim abangan, lan simbahé Soegija, Soepa yaiku kyai.[4] Jeneng Soegija dijupuk saka tembung sugih.[4] kulawarga iku banjur pindhah menyang Ngaben, Yogyakarta.[4] Ana ing kana, Karijosoedarmo duwé tugas dadi abdi dalem ing Ngayogyakarta Hadiningrat kanggo Sultan Hamengkubuwana VII, banjur bojoné dadi bakul iwak.[4] kulawarga Soegija kelebu kulawarga kang ora nduwé lan kerep kurang mangan.[4] Soegija anak kang kendel, seneng tukaran, pinter bal-balan lan uga misuwur amarga pinter wiwit cilik. Rikala dhèwèké isih cilik, Soegija pasa bareng karo ramané, miturut ajaran Islam.[3][4]
Soegija miwiti sekolah ing Sekolah Angka Loro ing saceraké Kraton. Ana ing kana, dhèwèké sinau maca lan nulis.[4] Dhèwèké banjur dipindhahaké menyang sekolah ing Wirogunan, Yogyakarta, cedhak karo Pakualam.[4] Rikala taun katelu dhèwèké miwiti sekolah ing Hollands Inlands School ing Lempuyangan. Ing njaba sekolahan dhèwèké sinau gamelan lan nembang bareng wong tuwané.[4] Watara taun 1909 Soegija dijaluk déning Pater Frans van Lith supaya gabung karo sekolah Yésuit ing Munthilan, 30 kilomèter saka Yogyakarta.[4]
Kolese Xaverius
besutTaun 1909 Soegija miwiti sinau ing Kolese Xaverius ing Munthilan, yaiku sekolah asrama kanggo calon guru.[2][4] Sakangkatané dhèwèké ana 54 murid.[4] Bocah-bosah iku nglakoni jadwal kang padhet.[4] Ésuk-ésuk dhèwèké kabèh kudu mèlu wulangan, awané kanggo kagiyatan liya kaya nggarap kebon, lan dolanan sekak.[4] Bocah-bocah Katulik uga diwajibaké supaya sregep ndonga.[4] Sanajan kolese iku ora majibaké muridé dadi Katulik, Soegija ngrasa diincim déning kanca-kancané.[4] Amerga iku, kerep ana tukaran.[4] Rikala Soegija sambat marang guruné, Pater L. Van Rijckevorsel yèn pastor Walanda padha karo bakul Walanda ing kutha, yaiku mung mikiraké dhuwit, romo iku mangsuli yèn dhèwèké kabèh diupah lan mung ngarepaké kang paling apik kanggo murid-muridé.[4] Iki nggawé Soegija dadi luwih ngajèni para guru, lan rikala van Rijckevorsel ngandhani murid liya yèn Soegija ora kepéngén dadi Katulik, bocah-bocah iku ora ngincim Soegija manèh.[4]
Taun sabanjuré Soegija njaluk supaya bisa mèlu wulangan agama Katulik.[5] Miturut dhèwèké, iki supaya bisa nggunakaké kabèh fasilitas sekolah.[5] Guruné, Pater Mertens, ngendika yèn Soegija butuh idin saka wong tuwané sadurungé bisa nggabung.[5] Sanajan wong tuwané ora mangèstoni, Soegija tetep diidinaké mèlu wulangan.[5] Soegija dadi seneng babagan Tritunggal, lan njaluk diterangaké déning guru-guru kang ana ing kono.[5] Van Lith njupuk saka tulisané Thomas Aquinas, éwadéné Mertens ngrembug Tritunggal dhedhasar tulisané Agustinus saka Hippo.[5] Mertens duwé panemu yèn manungsa ora dimaksud tenanan dadi Gusti, amarga kawruhé manungsa ana watesané.[5] Soegija kang saya suwé saya seneng njaluk supaya dibaptis, dhèwèké njupuk saka carita Kristus lan para Dhokter kanggo nuduhi kena apa dhèwèké ora merlokaké pangèstu saka wong tuwa.[5] Para romo nyarujuki lan Soegija dibaptis tanggal 24 Dhésèmber 1910, dhèwèké njupuk jeneng baptis Albertus, dhedhasar jeneng Albertus Magnus.[5] Rikala prèinan Natal, Soegija nyritakaké iki marang kulawargané.[5] Sanajan bapak lan ibuné bisa nampa lan mangèstoni, nanging kulawarga kang liyané ora gelem duwé urusan karo dhèwèké manèh.[5]
Soegija banjur nerusaké anggoné sinau ing Xaverius.[5] Miturut Pater G. Budi Subanar, dhosèn ngèlmu téologi ing Univèrsitas Sanata Dharma, ana ing mangsa iki salah siji guru ngajaraké préntah kaping papat saka Angger-Angger Sepuluh Préntahing Gusti yaiku kudu ngurmati bapak lan ibu kandhung lan kabèh mbah-mbahé, iki mènèhi teges nasionalis marang siswa.[5] Ana ing kalodhangan iki, Xaverius ditekani déning misionaris Kapusin kang nggawé Soegija mikir-mikir kanggo dadi pastor, kang banjur bisa ditampa déning wong tuwané.[5] Taun 1915 Soegija lulus saka Xaverius, banjur dadi guru ing kana setaun.[5] Taun 1916 dhèwèké ing seminari Xaverius; ana rong bocah asli Jawa kang lumebu seminari taun iku.[5] Soegia lulus taun 1919, sawisé sinau basa Prancis, Latin, Yunani lan sastra.[5]
Dalan Pinuju Imamat
besutTaun 1919 Soegija lan murid liyané lunga menyang Uden, Walanda kanggo nerusaké sinauné, dhèwèké kabèh mangkat saka Tanjung Priok ing Batavia.[6] Ing Uden Soegija prelu setaun kanggo sinau basa Latin lan Yunani.[6] Dhèwèké lan kanca sekapalé kudu manut karo adaté Walanda.[6] Ana ing tanggal 27 September 1920 Soegija miwiti mangsa novisiat supayané bisa nggabung marang Sarékat Yésus; kanca-kancané nembé miwiti taun sabanjuré.[6] Rikala nglakoni mangsa novisiaté ing Mariëndaal ing Grave, Soegija dipisah saka kapentingan donya lan kabèh wektuné dianggo mèdhitasi.[6] Dhèwèké ngrampungaké novisiat ing tanggal 22 September 1922 lan didadèkaké anggota Yésuit; Soegija njupuk sumpah supaya ajeg ora duwé, murni lan tangat.[6]
Sawisé nggabung ing Sarékat Yésus, Soegija prelu wektu setaun ing Mariëndaal minangka yuniorat. Wiwit taun 1923 dhèwèké sinau filsafat ing Kolese Berchmann ing Oudenbosch. Ana ing mangsa iki dhèwèké nulis babagan agama Katulik.[6] Ana ing layang kang tanggalé 11 Agustus 1923 dhèwèké nulis yèn wong Jawa durung bisa mbédakaké antarané wong Katulik lan Protèstan, lan yèn cara kang paling apik kanggo nambah cacahé wong Katulik yaiku karo kerja lan bukti kang nyata, dudu mung nyemayani.[6] Dhèwèké uga nerjemahaké asilé Kongrès Ékaristi kaping 27, kang dianakaké ing Amsterdam taun 1924, kanggo kalawarti basa Jawa Swaratana; ana uga tulisané kang diamot ing St. Claverbond, Berichten uit Java.[6] Soegija lulus saka Berchmann taun 1926, banjur siyap-siyap balik menyang Hindhia-Walanda.[6]
Soegija tekan ing Munthilan September 1926 lan dadi guru agama, basa Jawa lan aljabar ing Kolese Xaverius.[6] Ora akèh kang dingertèni babagan Soegija dadi guru ing Munthilan.[6] Miturut cathetan saka sekolah, cara mulangé Soegija arep padha karo karo cara mulangé van Lith, yaiku njelasaké konsèp agama miturut istilah kang ana ing tradhisi Jawa.[6] Soegija uga ngawasi kagiyatan gamelan.[6] Rikala ana ing Xaverius Soegija dadi rédhaktur Swaratama, kang akèh diwaca alumni Xaverius.[6] Minangka rédhaktur dhèwèké nulis résènsi babagan pirang-pirang topik, kelebu serangan marang paham kuminisme lan mbahas kamiskinan.[6]
Sawisé rong taun ing Xaverius, ing Agustus 1928 Soegija mbalik menyang Walanda lan sinau téologi ing Maastricht.[6] Dhèwèké uga lelungan rikala sinau.[6] Tanggal 3 September 1929 dhèwèké lan patang Yésuit keturunan Asia liya mèlu Pater Jèndral Wlodzimierz Ledóchowski ing patemon karo Paus Pius XI ing Vatikan, paus iku ngendika yèn para Yésuit Asia iku bakal dadi balung mburi kanggo agama Katulik ing negeriné dhéwé-dhéwé.[6] Soegija didadèkaké diaken sasi Mèi 1931 banjur ditahbiské déning Biskop Roermond Laurentius Schrijnen rikala 15 Agustus 1931, rikala isih dadi murid téologi.[6] Sawisé ditahbisaké, Soegija nambahaké tembung pranata kang tegesé donga utawa pangarep-arep ing mburi jenengé.[6] Dhèwèké ngrampungaké wulangan téologi taun 1932 lan taun 1933 nglakoni mangsa tersiat ing Drogen, Bèlgi.[6] Taun iku dhèwèké nulis autobiografi, kang judhulé La Conversione di un Giavanese (Patobatan Sawijining Wong Jawa); buku mau diterbitaké ing basa Italia, Walanda lan Spanyol.[6]
Cathetan sikil
besut- ↑ Gonggong 2012, kc. 138.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m Biografi Soegijapranata Archived 2012-08-25 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e f g h i Kanisius Media Archived 2015-09-24 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Sejarah Kompasiana Archived 2012-08-16 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q Romo Kanjeng MGR Soegijapranata Archived 2012-06-24 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Kanjeng Romo dari Solo Archived 2012-06-14 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)