Gustave Eiffel utawi jangkepipun Alexandre Gustave Eiffel inggih punika insinyur saking Prancis ingkang ngrancang lan ngawasi yasanipun menara Eiffel ing taun 1889.[3] Gustave Eiffel yasa menara Eiffel kanggé Paris World's Fair.[4] Kanggé mèngeti 100 taun Révolusi Prancis.[4] World's Fair utawi Universal Exposition ing taun 1889 (Exposition Universelle de 1889) dados paméran internasional ingkang suksès sanget lan salah satunggaling paméran ing donya ingkang bathinipun kathah.[4] Ing pamèran punika ingkang paling misuwur inggih punika menara Eiffel, yasan logam ingkang ngantos 300 mèter déning Gustave Eiffel.[4] Taun 1855, sasampunipun lulus saking College of Art lan Manufaktur, Eiffel miwiti nyinaoni babagan konstruksi logam, ingkang mligi babagan kreteg.[3]

Gustave Eiffel
Eiffel ing taun 1888, potografi déning Félix Nadar
LairAlexandre Gustave Bönickhausen
(1832-12-15)15 Dhésèmber 1832
Dijon, Prancis[1]
Pati27 Dhésèmber 1923(1923-12-27) (umur 91)[1]
Paris, Prancis[1]
BangsaPrancis[1]
BojoMarie Gaudelet (18621877)[1]
Anak3 putra èstri (Claire, Laure, Valentine), 2 putra jaler (Edouard, Albert)[1]
Wong tuwaAlexandre lan Catherine Eiffel[1]
Tandha tangan

Wiwitan pagesanganipun

besut

Alexandre Gustave Eiffel miyos ing Dijon, Prancis surya kaping 15 Désèmber 1832 lan séda surya kaping 27 Désèmber 1923.[3][5] Gustave Eiffel putra kaping satunggal déning Alexandre Eiffel lan Catherine.[1] Piyambakipun trahipun Jean-Rene Bönickhausen, ingkang émigrasi saking Jerman kutha Marmagen,[5] lan mapan ing Paris nalika wiwitan abad 18.[6] Kulawarga ngginakaken asma Eiffel saking nama gunung Eifel ingkang wonten ing laladan punika.[5] Sanajan kulawarga nganggé asma Eiffel, nanging nalika miyos Gustave dipundaftaraken minangka Bönickhausen,[7] lan dipun-gantos dados Eiffel ngantos 15 Désembèr 1880,[8][9] amargi nalika samanten boten angsal nganggé asma Bönickhausen.[8]

Bapakipun Gustave Eiffel ingkang naté dados bala, minangka administrator bala Prancis,[8] nanging boten dangu sasampunipun miyosipun Gustave Eiffel, Ibunipun gadhah bisnis areng. Dipunlajengaken déning Gustave Eiffel dados distribusi batubara, sasampunipun bapakipun pinsiyun lan mbiyantu Eiffel. Amargi bisnisipun, Gustave gesang boten gesang kaliyan ibunipun nanging kaliyan simbahipun, jalaran saking punika taksih saged caket kaliyan ibunipun ngantos ibunipun séda ing taun 1878. Bisnis punika saged suksès kanggé Caterine Eiffel.[10]

Nalika taksih alit, Eiffel boten kalebet laré ingkang sregep sinau.[5] Rumaosipun, kelasipun ing Lycée Royal, Dijon mboseni lan mbuwang-mbuwang wekdal.[5] Wiwitanipun sregep sinau, amargi angsal panyurung saking guru sujarah lan sastra, piyambakipun pikantuk ijasah humanities lan science.[5] Ingkang gadhah prabawa ing pendhidhikanipun Eiffel inggih punika pamanipun, Jean-Baptiste Mollerat.[5] Ingkang gadhah pamanggih prosès penyulingan cuka lan gadhah karya kimia ingkang ageng ing laladan ingkang caket Dijon.[5] lan salah satunggaling kanca pamanipun, ingkang Ahli Kimia, Michel Perret.[5] Nalika Eiffel taksih alit, kekalihipun maringi wekdal ingkang kathah kanggé Eiffel.[5] Nyinaoni sadaya ngenani manéka warna babagan kimia lan pertambangan lan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan téyologi lan filsafat.[5]

Eiffel ngrawuhi adiacara ing pawiyatan luhur Sainte-Barbe, kanggé nyiapaken nggarap tes ingkang awrat déning pawiyatan luhur tèhnik ingkang paling misuwur ing Prancis.[5] Eiffel gadhah pangajeng-ajeng supados saged mlebet ing École Polytechnique, nanging miturut ara-araipun Eiffel langkung saé manawi mlebet ing École Centrale des Arts et Manufactures ing Paris.[5] Mlebet taun kaping kalih, piyambakipun mendhet jurusan ingkang langkung mligi inggih punika kimia.[5] lan lulus wonten ing rangking 13 saking 80 tiyang, nalika taun 1855.[5] Ing taun punika uga, ing Paris wonten World's Fair ingkang kaping satunggal, lan Eiffel dipunpundhutaken tikèt semusim déning ibunipun.[5]

Padamelan ing Babagan Teknik

besut

Wiwitan Padamelanipun

besut
 
Kreteg Bordeaux, karya agengipun Eiffel ingkang kaping satunggal.

Saksampunipun lulus, Eiffel gadhah pangajeng-ngajeng supados saged nyambut damel kaliyan paklékipun ing Dijon, nanging boten saged amargi wonten masalah ing kulawarganipun.[4] Saksampunipun nyambut damel dados asisten ipenipun piyambak ingkang mandhégani ngecor wesi, Eiffel boten dipunparingi opah.[11] Lajeng Eiffel ndhèrèk Charles Nepveu inggih punika insyinyur margi sepur, ingkang maringi opah ingkang kaping satunggal minangka sekretaris pribadi.[5] Boten dangu, persahaanipun Charles Nepveu bangkrut. Nanging Eiffel dipunpadosaken padamelan énggal inggih punika ndhèrèk Chemins de Fer de l'Ouest. Kaliyan pabrik punika Eiffel ndamel rancangan kreteg ingkang kaping satunggal.[5] Inggih punika kreteg wesi kanggé stasiun Germaine ingkang ambanipun 22 mèter. Perusahaanipun Nepveu lajeng dipunopèni déning Compagnie Belge de Matériels de Chemin de Fer. Nepveu dados direktur kalih kumpeni ing Paris lan Eiffel dipuntaweni padamelan mandégani departemen babagan panalitèn. Taun 1857, Nepveu nyetujoni kontrak yasa kreteg ing nginggil kali Garonne,Bordeaux, ingkang nyambungaken Paris-Bordeaux lan Sète-Bayonne, ingkang diyasa kreteg wesi 500 mèter, kaliyan 6 pasang watu dermaga ing dhasar kali. Proyèk punika diyasa kanthi tèhnik inovatif ing mangsa riyin inggih punika diyasa kanthi tèhnik compressed air caissons lan hydraulic rams. Eiffel wiwitanipun angsal tanggel jawab ngrakit wesi, nanging sasampunipun Nepveu medal saking padamelanipun ing Maret 1860,[5][12] Eiffel tanggel jawab sadaya proyek ingkang dipunasta déning Nepveu.[5] Saksampunipun ngrampungaken proyèk miturut jadwal ingkang sampun dipunrancang, Eiffel dados insinyur utama ing Belge Compagnie. Padamelanipun angsal kawigatosan saking tiyang ingkang salajengipun maringi pandamelan kangem piyambakipun inggih punika Stanslas de la Roche Toulay, ingkang nyiyapaken rancangan kanggé proyèk Bordeax, Jean Baptiste Krantz lan Wilhelm Nordling. Eiffel sampun ndhèrèk promosi saking kumpeni nanging kumpeninipun sampun wiwitan katingal bangkrut. Ing taun 1865, Eiffel mirsani manawi wonten mrika boten wonten pangajeng-ajeng salajengipun. Lajeng Eiffel medal saking padamelan lan nyobi dados insinyur konsultan pribadi. Piyambakipun sampun nyambut damel piyambak, inggih punika ing proyek yasa kalih stasiun, ing Toulouse lan Agen. Ing taun 1866 piyambakipun angsal kontrak ngawasi pembangunan 33 lokomotif kanggé Mesir. Ing wekdal ingkang sami Eiffel ugi nyambut damel dados asistenipun Jean-Baptiste Kranz nalika ngrancang ndamel ruwang pameran kanggé Exposition Universelle ing taun 1867. Padamelanipun Eiffel ingkang pokok inggih punika ndamel balok-balok lengkung Galerie des Machines. Kanggé nglajengaken padamelan punika Eiffel lan Henri Treca, direktur saking Conservatoire des Arts et Metiers nglampahi panalitèn ngenani kaanan struktural logam.

Eiffel Co

besut
 
Stasiun ing Budapest

Ing wekasaning taun 1866 Eiffel kasil ngampil arta ingkang cekap kanggé ndamel ruwang nyambut damel piyambak ing Rue Fouquet 48, Levallois-Perret.[13] Proyek ingkang sepindah kanggé ndamel kalih kreteg margi sepur antawisipun Lyons lan Bordeaux lan kumpeninipun ugi nglampahi pakaryan kanggé nagara sanès, kados ta gerèja San Marcos ing Arica, Chili. Inggih punika yasan logam ingkang siyap dipuntata, dipundamel ing Prancis dipunkintun tumuju Amérika Kidul lajeng disusun ing papanipun.

Tanggal 6 Oktober 1868 piyambakipun gabung kaliyan Theophile Seyrig. Theophile Seyrig ugi lulusan saking École Centrale, sami kaliyan Eiffel lan ndamel kumpeni ingkang dipunwastani Eiffel Co. Taun 1875 Eiffel Co pikantuk kontrak ingkang wigati, ingkang satunggal ndamel margi sepur saking Wina dumugi Budapest lan ingkang satunggal ndamel kreteg nginggil lèpèn Douro ing Portugal.[14] Stasiun ing Budapest kalebu rancangan inovatif. Pola ingkang sepindah kanggé terminal paling ujung inggih punika ndelikaken struktur baja ing wingking fasad ingkang dipunpirsakaken. Desain Budapest Eiffel ngginakaken struktur baja minangka kerangka tengah yasan, saben sisih dipunapit kaliyan watu ingkang padatan lan kantor administratif ingkang dipundamel saking struktur bata.

 
Kreteg Maria Pia

Kreteg ing nginggil lepèn Doure inggih punika asil saking kompetisi ingkang dipunwontenaken déning Royal Portuguese Railroad Compani. Saben anggota pikantuk jejibahan: amargi lèpènipun santer, lebetipun 22 mèter (kinten-kinten 66 kaki), lan tanggul ingkang bentukipun kados lapisan lebet kanthi struktur kerikil ingkang mokal manawi konstruksi dermaga ing nginggil lèpèn, lan ugi kreteg kedah gadhah rentang tengah kinten-kinten 160 mèter (520 kaki), punika rentang kreteg ingkang paling dawa ing jaman rumiyin.[15] Proposal Eiffel inggih punika nawèkaken kreteg ingkang landasanipun dipunsangga déning gangsal dermaga wesi, pangkal kreteg ganda ing pinggir lèpèn ugi kalebet saka panyangga utama. Kinten-kinten reginipun Eiffel inggih punika FF 965.000, tebih sanet kaliyan sainganipun ingkang paling caket, lan awit punika piyambakipun pikantuk jejibahan mau, ewasemanten awit kumpeninipun kaanggep kirang pengalaman tinimbang pesaing ingkang sanès, pamaréntah Portugal nunjuk komite supados nglaporaken manawi sampun skéca nyambut damel kaliyan kumpeni Eiffel Co. Anggotanipun kados ta Jean-Baptiste Krantz, Henri Dion lan Leon Molinos, tiyang ingkang sampun ngertos lan tepang Eiffel: laporanipun jumbuh, lan Eiffel resmi pikantuk jejibahan punika. Pakaryan ingkang sepindah dipunwiwiti Januari 1876 lan saged dipunrampungaken ing wekasaning Oktober 1877: kreteg punika dipunbikak kanthi seremonial déning Raja Luis I lan Ratu Maria Pia, lajeng asma kekalihipun dados nama ktreteg mau ing tanggal 4 November.

Jalaran pameran Universelle taun 1878, reputasinipun Eiffel misuwur minangka insinyur. Sarta kumpeninipun mameraken model lan gambar asil kriyanipun Eiffel, lan tanggeljawapipun Eiffel ngrancang gedhong-gedhong pameran.[16] Salah satunggaling inggih punika paviliun kanggé Paris Gas Company, inggih punika kolaborasi Eiffel ingkang sepindah kaliyan Stephen Sauvestre, ing salajengipun dados kepala utawi ingkang mandhégani kantor arsitèktur kumpeni.

Tun 1879 kekancanan kaliyan Seyrig rusak, lan nama kumpeni dipun-gantos minangka Compagnie des Etablissements Eiffel.[17] Ing taun ingkang sami, kumpeni dipunparingi jejibahan kanggé ndamel Garabit viaduct, kreteg kanggé margi caket kaliyan Ruynes en Margeride ing departemèn Cantal. Eiffel pikantuk jejibahan punika tanpa wonten kompetisi menapa-manapa, amargi sampun kasil ig jejibahan ing Deuro.[18]

Perusahaan Eiffel Co sapunika sampun boten aktif. Proyek-proyekipun inggih punika [19]:

  • Beira Alta Railroad Line (1881)
  • Briare Canal Bridge (1896)
  • Casa de Fierro (1890)
  • Chézeau Bridge (1879)
  • Cris Bridge
  • Cubzac Bridge (1883)
  • Dao Bridge
  • Eiffel Tower (1889)
  • Galerie des machines (1889)
  • Galliera Museum (1894)
  • Garabit Viaduct (1884)
  • Giza Zoo Suspension Bridge
  • Kalpaka Bridge (1906)
  • Maria Pia Bridge (1877)
  • Meligioso Bridge
  • Mortagua Bridge
  • Neuvial Viaduct (1868)
  • Nice Observatory (1886)
  • Passerelle dans le Parc des Buttes-Chaumont (1867)
  • Passerelle de Bry (1894)
  • Pedestrian Truss Bridge at Girona (1877)
  • Pont sur le Roubian à Montélimar (1887)
  • Rouzat Viaduct (1869)
  • Souleuvre Viaduct (1889)
  • Szegedin Road Bridge (1883)
  • Tardes Viaduct (1884)
  • Thouars Viaduct (1873)
  • Trezoi Bridge (1881)
  • Venaco-Vivario Viaduct (1894)
  • Verzeas Bridge
  • Viana do Castelo Bridge (1878)
  • Western Railway Station (1877)

Menara Eiffel

besut
 
Dipungambar déning Koechlin kanggé Menara Eiffel

Salah satunggaling proyek menara Eiffel ingkang kaping satunggal inggih punika ing taun 1858, nalika piyambakipun ngawasi ndamel kretek wesi ing Bordeaux, lan ing taun 1866 Eiffel gadhah kumpeni piyambak.[3] Nalika piyambakipun ngrancang Gallery of Machines utawa Gladri melengkung, kanggé Paris Exhibition utawa Pameran Paris ing taun 1867 reputasinipun dipunpadetaken.[3]

Menara Eiffel inggih punika menara wesi ingkang wonten ing Champ de Mars' ing piggir lèpèn Seine, Paris.[20] Menara punika sampun dados 'ikon global' Prancis lan salah satunggaling struktur misuwur ing donya.[20] Menara kang inggilipun 300 mèter punika jumeneng ing taun 1889 kanggé International Exposition, simbul kitha Paris.[20]

Menara Eiffel, dipunparingi nama déning insinyur Prancis Alexandre Gustave Eiffel.[21] Inggih punika salah satunggaling yasan kang misuwur ing Prancis.[21] Menara Eiffel digambar déning Maurice Koechlin lan Emile Nouguier, ingkang ngrembug ide kang utami kanggé Exposition Universelle ing taun 1889.[3]

 
Caricature of Eiffel, published in 1887 at the time of "The Artist's Protest"

Mèi 1884 Koechlin, nyambut damel wonten griya. Ndamel sketsanipun, dipungambaraken déning Koechlin kados ta, tonggak ingkang ageng, wonten tigang balok ingkang nyangga kisi ingkang ngadeg mencar, lajeng gabung dados satunggal ing tengah ngantos inggil, dipundadosaken satunggal kaliyan baja ingkang jarakipun sampun diatur. Wiwitanipun, Eiffel gadhah antusiasme, sanajan piyambakipun nglampahi studi salajengipun kanggé proyek punika, lan kalih teknisi lajeng nyuwun Stephen Sauvestre nambahaken sisih arsitèktur. Sauvestre nambahaken lengkung-lengkung dekoratif ing pérangan dhasar, pavilyun kaca ing tingkat ingkang kaping satunggal lan kubah ing puncakipun. Ide ingkang sampun ngrembaka punika njalari Eiffel angsal panjurung ingkang kathah kanggé ngrampungaken proyek punika, lan Eiffel mundhut hak paten gambar rancanganipun Koechlin, Nougier lan Sauvestre. Desain dipunpamerake ing Pameran Seni Dekorasi ing mangsa palastra taun 1884, tanggal 30 Maret 1885 Eiffel maos makalah ngenani proyek kanggé Société des Ingénieurs Civils. Saksampunipun ngrembug babagan masalah teknisipun lan paedah praktisipun menara, piyambakipun ngrampungaken ngendikan kanthi ngendika manawi menara punika minangka pratanda. Mekaten pangandhikanipun:

"not only the art of the modhèren engineer, but also the century of Industry and Science in which we are living, and for which the way was prepared by the great scientific movement of the eighteenth century and by the Revolution of 1789, to which this monument will be built as an expression of France's gratitude."

Ingkang tegesipun, "Boten namung seni tèhnik modhèren, nanging ugi abad indhustri lan Ngelmu minangka piranti kita sadaya saged lan ingkang dipunsiyapaken déning obahan ngèlmu ingkang misuwur ing abad 18 lan Revolusi 1789, awit punika monumen punika badhé dipunyasa minangka raos agunging panuwunipun Prancis"

Skandal Panama

besut
 
Illustration of Eiffel's lock design from a contemporary magazine

Ing taun 1887, Eiffel ndhèrèk Prancis ngadegaken kanal ing Tanah Genting Panama. Perusahaan Kanal Panama Prancis dipunpandegani déning Ferdinand de Lesseps. Rencananipun badhé dipunyasa terusan Panama, nanging boten kalampahan. Rencananipun owah dados satunggal kaliyan Lock, Eiffel wonten ing jejibahan ngrancang lan yasa. Locks dipuntambahi ngantos 11 mèter.[22] Eiffel nyambut damel boten ngantos satunggal taun ngantos kumpeni boten medalaken opah ngantos 14 December 1888,[23] lan boten dangu kalebet ing likuidasi. Reputasi Eiffel rusak amargi wonten ing jejibahan punika, katingal ndhèrèk kesandung ing polahing arta lan pulitik. Sanajan namung kontraktor, piyambakipun didakwa minangka nylewengaken dana kaliyan direktur. Ing 9 Fèbruari 1893 Eiffel kabukti salah, dipundenda 20,000 francs lan mlebet kunjara kalih taun,[24] sanajan bébas saking dakwaan.[25] Boten dangu sadèrèngipun sidang, Eiffel ngumumaken niyatipun medal saking Dewan Direksi Compagnie des Établissements Eiffel, dan ngumumaken ing Rapat Umum tanggal 14 Fèbruari, ngendikanipun:

"I have absolutely decided to abstain from any participation in any manufacturing business from now on, and so that no one can be misled and to make it most evident that I intend to remain absolutely uninvolved with the management of the establishments which bear my name, I wish to that my name should disappear from the name of the company." [26]

Perusahaan nggantos namanipun dados La Société Constructions Levallois-Perret, Maurice Koechlin minangka directoripun. Taun 1937 owah malih dados Anciens Établissements Eiffel.[27]

Karyanipun

besut

Wangunan lan Strukturipun

besut
 
Cathedral of San Pedro de Tacna, Peru.
Barkas:Grand Hotèl Traian31.jpg
The "Grand Hotèl Traian" from Iaşi, is Gustave Eiffel's link to Romania
 
The Konak Pier ing İzmir
 
Patung Liberty lan Pulo Liberty
 
Observatorium Nice ing Nice, Prancis
 
La Paz Bus Station

Kreteg

besut
 
Eiffel bridge in Caminha
 
Eiffel Bridge in Ungheni

Ingkang boten Disetujoni

besut

Proyek Ingkang Boten Dados (Boten Terealisasi)

besut
  • Kreteg Trinity, Saint Petersburg, Eiffel nglebetaken proyek ing kontès, nanging proyek boten siyos dados, utawa boten terealisasi.[5]

Warisan Eiffel ingkang kedah dipunlestantunaken

besut

Karya Gustave Eiffel sapunika wonten ingkang sampun badhé musna. Pinten-pinten wonten ingkang sampun rusak, kados ta ing Vietnam. Proposal kanggé mbongkar kreteg ing Bordeaux (utawi passerelle St Jean), Asil karya agengipun Gustave Eiffel, pikantuk panyaruwe ingkang kathah saking babrayan. Nglestantunaken kreteg punika katindakaken awit wiwitanipun taun 2002 déning Association of the Descendants of Gustave Eiffel,[33] Taun 2005 asosiasi Sauvons la Passerelle Eiffel (Save the Eiffel Bridge) ndhèrèk gabung. ing 2010 kekalihipun mandhégani, ngantos ngasilaken putusan manawi kretekipun Eiffel, inggih punika kreteg Bordeaux mlebet salah satunggaling Monumen Sajarah Prancis.[34]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h Gustave Eiffel (dipunundhuh tanggal 24 April 2013)
  2. Harvie 2006 p.124
  3. a b c d e f Gustave Eiffel biography Archived 2013-04-04 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 31 Maret 2013)
  4. a b c d e Gustave Eiffel[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 5 April 2013)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao Alexandre Gustave Eiffel (dipunundhuh tanggal 15 April 2013)
  6. Loyrette 1985, p.21
  7. État-civil de la Côte-d'Or, Dijon, Registres d'état civil 1832, p. 249
  8. a b c Menara Eiffel “La Tour Eiffel” Paris Archived 2013-06-08 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 24 April 2013)
  9. Harvie 2006 p.1
  10. Harvie 2006, p.3
  11. Loyrette 1985, p.30
  12. Loyrette 1985, p.33
  13. Loyrette 1985, p. 37
  14. Loyrette 1985, p.57
  15. Loyrette 1985, p.60
  16. Loyrette 1985, p.71
  17. Loyrette 1985, p.42
  18. Loyrette 1985, p.77
  19. Eiffel et Cie (dipunundhuh tanggal 23 April 2013)
  20. a b c Sang Arsitek Wangunan pencakar langit "Tour Eiffel"[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 18 April 2013)
  21. a b Menara Eiffel (dipunundhuh tanggal 18 April 2013)
  22. Loyrette 1985, p. 193
  23. "The Panama Canal Company". The Times (32570): 7. 15 Dhésèmber 1888. {{cite journal}}: |access-date= requires |url= (pitulung)
  24. "Heavy Sentences On The Panama Defendants". The Times (33871): 5. 10 Fèbruari 1893. {{cite journal}}: |access-date= requires |url= (pitulung)
  25. Gustave Eiffel, dipunundhuh tanggal 24 April 2013.
  26. "Historique des Établissements Eiffel" . Association des Descendants de Gustave Eiffel – gustaveeiffel. Diarsip saka sing asli ing 2008-04-11. Dibukak ing 24 Maret 2012. Je suis absolument décidé de m'abstenir désormais d'une participation quelconque dans une affaire industrielle, et afin que personne ne puisse s'y tromper et pour marquer de la façon la plus manifeste que j'entends rester désormais absolument étranger à la gestion des établissements qui portent mon nom, je tiens expressément à ce que mon nom disparaisse de la désignation de la société.
  27. Harvie 2006, p.40
  28. a b Alexandre Gustave Eiffel (1832-1923) by Jim Down Archived 2016-01-09 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 April 2013)
  29. Notre Dame Cathedral (Notre Dame de Paris) — Photo Collection Archived 2013-05-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 17 April 2013)
  30. Garabit_Viaduct (dipunundhuh tanggal 16 April 2013)
  31. Munchenstein rail disaster, 1891 (dipunundhuh tanggal 16 April 2013)
  32. Souleuvre Viaduct (dipunundhuh tanggal 16 April 2013)
  33. http://www.gustaveeiffel.com
  34. site Archived 2013-05-25 at the Wayback Machine. ADGE news bulletin (in French)

Pranala njawi

besut